RSS

Pandhawa Ngenger

PAMILUTE PARA WIDODARI DHATENG SANG ARJUNA

arjuna-wiwaha

Foto : http://viracahya.wordpress.com/category/uncategorized/

JANTUR …….(Ayak-ayakan Pelog)

Sumarebak gandannya  arum sanggya para waranggana widadara widadari. Denya samya angrerantih beksa lenggot bawa. Dhasare pinter angadi sarira ngadi busana panganggone kabeh sarwa adi luhung dumadi saka memanik, mutyara, jumerut, barleyan, mencorong lamun cinandra kaya kartika silih pernah. Dhasar nalika semana ingkang mangka  pambacaking pambeksan anenggih mancasaning para hapsari ing Kaindran bebisik Bathari  Supraba kembang sepasang lan ingkang rayi Bathari Prabasini. Ingkang minangka cucuking lampah denyarsa  ambegsa anenggih menika putra Sang Hyang narada abebisik Bathari Wilutama. Gonas-ganes sarwa mantesi, pasemon branyak netra anjlalat kaduk angujiwat. Waneh-waneh kang pinandeng pati-pati ambentusi. Tembene kang amulat lamun tan kiyat angampah derenging raos keh para jawata kang padha ebah jejantunge.

Wauta, dereng ngantos purna kang ambegsa pyak sagung para wadya durandara sung pambagya pakurmatan dhateng kundure Sang Hyang Indra  kadherekake Risang Parta.  Jelih-jelih sanggya  para widadari. Kagyat esmu kagawokan bingahing manah bebasan tumpak punjen. Ingkang sepisan mulat ratu gustine kang wus ruwat saka kancitrakan katitik  kapareng kondur ing Kaindran anenggih Sang Hyang Sakra. Dene ndungkap kaping kalihipun mapan punika anggung rinangu rinten dalu mustikengrat Risang Dananjaya. Lumampah lon-lonan lampah dhadhap anoraga ngeka pada  angembat irama ……………

GINEM

Bathari Supraba : “Memper banget raden,  yen sariramu katon anggagra kusika,  marga rolas taun lawase nggone raden mapan ana ing  alas Kamiaka , kadohan lan rasa sengsem lan ora tau sumandhing  kang seger-seger mula mangkene raden, nadyan mung sakebake nyamplung aku nyedhiakke tirta kamandanu , minangka pangunjukan jengandika Raden Arjuna, ora ketang amung dikedhapi bakal mulya waluya rasane atiku, nadyan amung dicecep saya amemanjang yuswaku, sukur bage kepareng angedhapi wekasan kaunjuk sawutuhe aku suka lila masrahake jiwa ragaku marang Raden Arjuna!”

Bathari Wilutama : “Adhiku dhi,  kadangipun kakang Arjuna, pun kakang sawetara ora turu nanging kok ngimpi rumangsaku jroning aku lenggah ing sangisore wit nagasari,  ana tepining tirta kamandanu aku supena yen ta pangkonku ketiban daru. Darune tak grayang ora ana wekasan katon  wujudmu , mangka kabeh dewa wis paring dhawuh yen ana widadari kang ngimpi kudu kadora dasih tegese kudu dileksanani , rehna aku mangku ndaru wekasan sing ketok si adhi, mula si adhi aja ngowahi prentahe dewa impen mau leksananana Arjuna!”

Bathari Prabosini : “Raden, aku Bathari Prabasini, dening Sang Hyang Jagad Giri Pati pinasrahan kudu nandur woh  Jambu Dipa Nirmala. Mula ingaran Jambu Dipa Nirmala . Jambu arane wowohan , Dipa ,tegese  agung , nir ilang , mala lelara, sapa kang amboga Jambu Dipa Nirmala  kinalisake saliring lelara,  kang ana amung suka lan basuki. Mangka wasitaning jawata ingkang dakpundhi samanga jambu mau awoh aku mung diwenangake amboga separo rehne ana turahan kang  separo sapa ingkang  kudu dakcaosi kajaba amung jengandika raden, raden keparenga dhahar jambu raden…..!”

Arjuna : “Endi ingkang kudu takdhisikake para widadari werna-warna cak-cakane, pirang-pirang  slaga lan cara pamrihe amung mamet prana supaya aku keduga minangkani apa  pamundhutmu kabeh, nanging tumrape Arjuna bakal dosa gedhe yen ta gawe cuwaning liyan mung apa sajake bisa  nyukupi wanci ingkang kudu daksandhang ing dina iki?”

SUPATANE BATHARI URUWASI DHATENG ARJUNA

Bathari Uruwasi :

“Raden, para winasis sampun kulina paring dhawuh, bilih aluhur-luhuring  drajad manungsa menika, menawi kepareng suka tetulung dhumateng sesamining dumados, ingkang sepi ing pamrih.  Miwah raden,  pinten-pinten sesakit ing madyapada menika boten kados menawi kapanduking rasa asmara bebasan sewu sesakit dados setunggal boten saged ngraosaken tuwuking anadhah,  segering anginum, sakecaning nendra,  ingkang wonten namung raos galarapan, ketir-ketir kaworan kuwatos, sakedhap-sakedhap  kula kaget sakedhap-sakedhap kula lingsem menawi angengeti dhateng patrap kula piyambak.  Inggih satunggaling makhluk ingkang ndaweg  kataman wuyung wau badhe saged tumunten  kabendung menawi tansah cinaketing wong agung, lumahing bumi tan jangkep kalih inggih namung paduka raden,  ingkang kadunungan cahya malengkung pindha kekuwung, inggih namung paduka ingkang kula anggep pepayung,  widagda anenuntun gesang kula benjang manggen suwarga agung,  raden ”.

Arjuna :

 “ Bathari, sampun ngasoraken dhiri,  ingkang dhasaripun anyeri-nyeri dhateng tiyang ingkang dipun anggep anyunari,  kados wujude  sang hyang sitaresmi, nanging kawuningana dhuh Bathari, kula menika namung titah limrah, sampun trep bilih gesang kula tumumpang lemah, sarira kula lesu lesah kados glagah kapidaking gajah, dene wontenipun kula kinodrat gesang awit saking dayaning  pepadhang,  antuk pangayomaning hyang ingkang wekasan  rinten dalu kula cecadhang, murih para kadang saged anggung kinasihing dewa,  sinungga brahmana,  netepi makarya anyangkul jejibahan salebeting gesang wonten  bawana . Menawi paduka bathari paripaksa,  nedya mamet prana,  sengseming raos kepengin sumandhing Arjuna,  punapa boten wekasan manggih papa. Waleh-waleh menapa dhuh bathari, serenging penggalih paduka ingkang boten saged kaampah, pancenipun kula raos bingah, nanging labet dinten menika  anandhang latah mila kula kepeksa namung pasrah boten saged minangkani derenging penggalih paduka ingkang angah-angah”.

Bathari Uruwasi :

“Raden, kumlawene tangan kula tengen, tetepa dados jampi kangen , anggen kula tansah ngengen-engen,  kula rencangi rinten dalu  jinem lan tajem pamrihipun kula supados carem lan marem. Nanging menapa sababipun dene kula  tinampik, menapa dupeh kula dipunanggep picik, wekasan  anginten paduka Raden, bilih saranduning badan kula sadaya bucik”. Raden,  boten ketang setunggal setengah taun kula aturi pinarak,  Raden boten ketan setunggal setengah taun tetepa dados jampining kayungyun , kula kang ndaweg nandhang wulangun wanci sonten prapteng bangun , boten sampun-sampun anggen kula ngentosi raden,  ingkang pindha sang hyang wangun”.

Arjuna :

 “Bathari, sewu-sewu genging kalepatan kula  diagung pangaksama paduka, nadyan kadospundi deranging cipta paduka angangkah sarta  angungkih supados kula minangkanana pamundhut paduka bathari, paripaksa kula dereng saged minangkani, awit ing mangsa kalenggahan punika  waleh-waleh  punapa  kula sakadang ndaweg nampi  pacobining lelampahan kathah pakaryan ingkang kula sangkul dereng mantra-mantra paripurna. Menawi wanci  gesang  kula namung kula ginakaken  kangge angungak jejagading asmara tresna punapa boten badhe  kacipuhan gesang kula  sakadang ing tembe samangsa tumapaking  perang bharatayuda jayabinangun. Sepisan malih bathari kula nyuwun pangapunten, tinebihna  ing bebendu , linepatna ing siku sikaraning Bathara Luhung

……….Ridhu mawur-mangawur–awur wurahan………..(Suluk)

Bathari Uruwasi :

“Blismalaningrat gelah-gelahing bumi panuksmaning jajalanat, ora kurang nggonku ngrerepa manuhara mamet prana parandene ora tumiyung rasane amung mbegegeg kaya wujude tugu sinukarta gorohe kinarya teteken , liyane dilanggati bareng aku cinuthat kaya wrejid cacing, banget  runtik  lan serik atiku Arjuna, muga kaiden dening jagad saisine, nggonmu nampik marang Bathari Uruwasi, wiwit dina iki saranduning badanmu kalebet sang bayu wara bakal ngalumpruk tan bisa ebah”

…………………sampak……………………

Maweh swara jumeglug ing antariksa, sote Bathari Uruwasi dhateng Risang Dananjaya, otot bebayune ngalumpruk kaya kapuk, prapteng bayuwara wus,  kelangan greget tan ana tetangining raos ,  amupus pepasthening kodrat, nagging waneh-waneh kang ginagas Risang Dananjaya, wauta Sang Indra anggung  mulat marang dhuhkitaning tyas Risang Parta, kapang-kapang denya amrepegi

……………………sampak …………………

 

Tinggalkan komentar

 
felgawidyahnita

life living love and loving

Nasa Satriya

Be myself

forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

WayangPrabu - IndonesiaWayang

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskurblog

Kembali Ke Mode Gratis

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog