RSS

Samba Juwing

SOMBA – GUNADEWA

bomanarakasura

Kang wus dangu ngrenas jroning penggalih………. “Ketawang Pangkur Ngrenas”

Mingkar-mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
Kang tumrap neng tanah Jawa,
Agama ageming aji.

JANTURAN

“Pundi ta kang mangka sesambunging carita lah punika ingkang wonten Astana Gadamadana. Astana Gadamadana tetela ing kono papan candhining para leluhur Mandura. Ora jeneng mokal lamun, mawa praba angenguwung rebut sorot lan sirating Sang Hyang Pratanggapati. Katingal gawat kliwat-liwat angker kepati-pati tan sadhengah janma, bisa minggah ing kono yen ta dudu tedhak turun Mandura. Parandene ana satriya ingkang wus dangu tetruka ing kono lah punika raja putra ing Dwarawati. Putra Prabu bathara Kresna ingkang mijil saking Dewi Jembawati, ingkang akekasih Raden Gunadewa. Raden Gunadewa wiwit dewasane boten mapan salebeting kadhaton, nanging amung mider-mider angulari papan kang sepi denya mahas ing asamun tanana kang cinipta muhung , ruwate denya anandhang sukerta. Nadyan pekik ing warna nanging kadunungan cacad, wuluning sarira adhiwut-dhiwut, tan prabeda kaya wuluning wanara. Lingsem lamun kadulu ingakathah , amila lega lila , tilar kamuktening praja amilalu minggah ing wukir , jejagi wonten ing Astana Gadamadan, ngiras pantes nyuwun wenganing jawata mugi-mugi, antuka srana denya arsa nyirnakake kuciwaning raga. Nuju ri sajuga nedhenge angobong dupa makendheng-kendheng, dipunkagetaken awit saking praptane kang rayi satriya ing Paranggarudha kekasih Raden Samba, ya Raden Wisnu Brata, ya Raden Kusuma Kilatmaka. Katitik saking petenging pasemon tepunging wimba kang sarta sluntruting pepolatan. Katandha lamun nedheng anandhang dhuhkita. Galarapan jroning tyas Sang Gunadewa mulat praptane kang rayi doh ingawe , wusnya cecaketan rinangkul ngulayane pinangkul-pangkul wadanane. Mula ta mangkono panglucitaning driya ………..”

Pituture Gunadewa marang Raden Samba :
Jembaring jagat iki kebegan pirang-pirang eden-eden
kang dumadi saka purbaning pasthi
ora ngemungake wujute candra, surya, kartika
kalebu ingkang tumumpang bumi
akeh kang sarwa edi lan endah, kalebu manungsane
ya marga saka iku, mara gage keplasna pandulumu
aja nganti kasangsaya kang sarta kengguh
marang apa wae kang sarwa gumebyar kang sejatine iku lelamisan
ing atase urip, panggodha iku anggung sumandhing
nanging sirnaning panggodha mau amung sarana panaliti ingkang permati
sapa wonge kang ora kengguh, wekasan dadi gidhuh, tinemune worsuh
yen nyumurupi kahanan -kahanan kang dianggep endah sarta edi
mung wae petungmu aja buntung
aja nganti ngrusak pager ayu
ngogak-ogak turus ijo
ngubak-ubak banyu bening

Samba Ngengleng – Kinanthi

PARAN NIR LULUT MANGARAN RAHINA WENGI SANITYA NENG SATMATA JRO SETYANING DRIYA, SETYAN PUTRA DWARAWATI

1. Hagnyanawati kang tuhu,
    mung sira kang karya rujid,
     ambabar rara asmara,
    lowung baya tekeng lalis,
    yen tan kongsi kasembadan,
   dhaup lan Hagnyanawati.
2. Dhuh dewa bathara luhung,
    tumingala marang dasih,
    kang kasandhang lara branta,
    kasmaran Hagnyanawati,
    dhuh yayi nuli nyaketa,
    dak boyong mring Dwarawati.

DEDUKANE PRABU KRESNA MARANG SAMBA – HAGNYANAWATI

Kresna :
Kulup Samba, ora ngira yen diwasamu mung arep nyebar wirang. Kowe nduwe tingkah laku kang nyimpang saka adeg-adege kasatriyanmu. Ora mantra-mantra yen ta sira putraningsun. Ora mantra-mantra yen ta kowe Putra Nata Dwarawati. Watak pambekanmu tan prabeda kaya trahing ngaceplik. Upamane loro amung saudhon, yen telu amung saurupan pengajimu. Srenggala, kang watake galak, budine nistha, ambege siya, nanging isih kalah karo asore bebudenmu! Ora kira yen ta kowe mrucut saka embanan luput saka kudangan. Nyenggol maneh yen nyenggola klawan kudanganku, lha kok jebul mirip sethithik wae ora. Hayo mara gage sira matura endi tingkah lakumu kang kok-anggep bener kuwi endi? Lan sarawidekna marang manungsa ing jagad iki , yen ta wong-wong mau isih waras pancahindriyane ora bakal mbenerake marang lakumu kang nyimpang iki! Ana ngendi dununge panembahmu. Ana ngendi dununge kabangsanmu. Ana ngendi dununge peri kamanungsanmu . Ana ngendi dununge panunggalmu. Lan ana ngendi dununge rasa kukulawarganmu?
Samba :
Dhuh rama, kula nyuwun pangapunten rama. Mapan sampun kelajeng-lajeng, nadyan nampi deduka ingkang samanten agengipun, kula dhadha kalepatan kula. Rama kula nyuwun pangapunten……
Kresna :
Kowe wis telas tilasing janma ya. Nganti wus koncatan rasa manungsa , bebudenmu tan prabeda kaya kang sato wana nduwe sikil papat. Kowe ngerti sona, hem? Sona kae gaweyane anjegog. Ewadene sona mau bisa lulut satemah anjilma. Yen nyawang manungsa kang nate menehi kabecikan luwih-luwih yen isih ana tabet-tabete waris. Lha kok kowe jebul ora ngono, Samba…..! Who lha kepiye?…… Hagnyanawati…………
Hagnyanawati :
Kula rama prabu, wonten ingadhawuh
Kresna :
Kowe ngerti macan? Macan kae wisane ana siyung. Yen ula wisane ana upas. Yen ketonggeng wisane ana entup, nanging yen kowe….hem. Ayumu ora mengku rahayu. Liringing netra, kejeming lathimu, lekering wadana kabeh mawa wisa. Ora jeneng mokal yen bakale akeh para satriya kang kok-jorogake marang juranging kabilahen. Bakale akeh para satriya ingkang kok-jongkongake ana genine angkara murka. Bakale akeh para satriya kang bakal thethel kasatriyane. Bakal akeh para satriya kang kelangan kawibawane . Akeh para satriya kang ludhes kadarmane , lan akeh para satriya kang padha nistha ambege. Amarga kasempyok dening pakartimu kang dadi leletheking jagad gelah-gelahing bumi panuksmaning jajalanat! Aku sepet nyawang kowe! Netraku sepet nyawang kowe , manjinga ing pepungkuran . Aja ngadhep yen ora tak-timbali…………………….”

VERSI GOJALI SUTA

Kresna :
“Jagad dewa bathara, ya jagad pangestungkara, Saglugute kolang-kaling, sarikma pinara sapta ora ngira, yen ta anggonku nandur kembang cepaka mulya ana puraya gung Dwarawati thukul wisa kang bakale nyempyok marang karaharjane kulawarga gedhe ing Dwarawati. Wus tetela murucut saka embanan, luput saka kudangan. Destun temen wis sirna rasa kamanungsane, bot-bote satriya ora kaya sipate satriya. Bot-bote wong kang sinung pangerten ngungkuli wong kang bodho. Samba,…….!!”
Samba :
“Dhuh rama, dosa kula menapa, lepat kula wonten ing pundi, sumengkane manah daya-daya tumunten sumungkeme pada paduka. Wekasan paduka kawistingal bilih malengos kaladuk ewa, esmu paring deduka. Kapireng wiyosing pangandika ingkang tansah angundhamana dhateng ingkang putra pun Samba. Dhuh rama nadyan botena paring dhawuh sadaya kalepatan sampun kula dhadha, jer inggih makaten menika lelampahan kula. Sinten malih ingkang kedah kula suwuni pangayoman kejawi namung paduka kanjeng rama dewaji, jer paduka ingkang nitisaken ing kula rama……”
Hagnyanawati:
“Rama Prabu, …..kula boten kepengin pejah awit saking kasurung raos ngenes. Nanging ingkang putra pun Hagnyanawati, mulya sangsara kepengin sumandhing ingkang putra Kakangmas Samba, rama………!”
Kresna :
“Samba…….Ora mung sagodhong kelor jembare jagad. Sira kinodrat darbe panca driya kang ganep iki jupuken daya gunane. Paningal, anggonen nyawang kanthi cetha aja gampang kaling-kalingan sawiji-wiji kang bakale amung gawe kecelik. Talingan, anggonen ngrungokke aja nganti keprungu swara-swara kang wekasane anjorogake marang jurange kabilahen. Pangganda, bisa milahake endi kang banger lan endi kang wangi. Pangucap, muniya kang bener aja amung adhedhasar kesurung rasa angkara puwa-puwa nanging gunakna ucapan-ucapan kang ngliwati dalane kawicaksanan sarta gunakna petung kang ganep. Luwih-luwih ing bab pangrasa, Samba, ……!! Ing jagad kae ana tetembungan kang unine “Kembang tepus kaki” gumelare dadi “tepa salira” Yen rumangsa perih lamun kajiwit gunane apa sira anjiwit. Yen ta rumangsa serik diasorake drajade, gunane apa ngasorake marang liyan. Luwih-luwih, Samba ……!! Mara gage jembarna wawasanmu, sapa Boma iku?”
Samba :
“Inggih rama, kula kedah kados pundi rama?”
Kresna :
“Aja maneh ta ingkang wong embuh kanane. Aja maneh ta nyawang marang drajad loro saudhon telu saurupan, senadyan wong kang kinodrat dadi putrane narendra gung binathara. Kang mesthine wiwit saka pangucap nganti tumindak, jumangkahe sikil kedhepe netra gregete prana kumrembyahe asta kudu patut sinudarsana kena kanggo tuladha, parandene Samba, …….arume negara Dwarawati kuwi kok jejembeg sabab nggonmu wani ngidak-idak marang prenatan, sabab nggonmu wani ngrusak angger-angger, sabab nggonmu ora tepung ing kasusilan, sarta nggonmu ora tansah ngrungokake pitutur kang becik. Kepriye iki mengko dadine Samba?”
Hagnyanawati :
“Rama Prabu……kula ingkang nyuwunaken pangapunpen kalepatanipun ingkang putra kakang mas Samba…..”
Kresna :
“Hagnyanawati…… aku ora ngira jebul biyen ana dedongengane wanita kang duwe watak leletheking jagad gelah-gelahing bumi, kuwi manggon ana raja putri ing Ngalengka Diraja, putra Resi Wisrawa kang aran Sarpa kenaka, nanging tinemune wuse jaman Ngalengka kapungkur, Dwarawati kacondhokan Sarpa Kenaka kang kaping pindho. Yen ta lekas-lekasmu kang pating jlempah iki mengko tumular marang para wanita kang ora nduweni dedosan bakal kaya ngapa rusaking kasusilan para wanita. Jer sira kang tansah pinindeng-pindeng, jer sira kang tansah sinawang-sawang. Destun temen ratu Dwarawati ora bisa tutur marang anak. Samba …..Hagnyanawati, ……rada sepet paningalku nyawang wujudmu sakloron kang ngeneg-enegi, kanggo ngresiki dedosa, bocah loro dak-parengake manjing pepungkuran , padha seirama her mawar, mbok menawa kang mangkono dadi srana ngurangi dosa. Nanging dosa tetep dosa ……………..”

Sumber Video :

Bram Palgunadi : https://www.youtube.com/channel/UC-3ze-fzz_qf1-cLu1BTOPA

Javanese Art Culture: https://www.youtube.com/channel/UCsBPPd0ZHPX-M-GyVXq8vvg

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: