RSS

Bimo Suci

bimasuci_ygy

BIMA SUCI (1)

Seratanipun :Lekik Wardoyo‎ ke kawruh jawa
3 November

Pupuk Emas Jejaroting Asem

Sangking mandrawa kawuryan ngegla pasang rakiting bale wisma kang kadhapuk asrama ana imbanging ardi Arga Kelasa ya Arga Kaelasa. Arga tegese gunung, kaelasa papan kaendahan. Pranyata ing kono kahyangane Sang Hyang Kuwera dewatane kasugihan. Pertapan gawat kaliwat-liwat angker kepati-pati apa ta tandhane, aja ta ingkang janma ditya sato peksi, sanadyan ta mega mendhung ngungkuli luhuring asrama padha pyak hanganan hangering. Saenggon-enggon wahyu ndharu pating pancorong, teja pating pancurat, maweh sengsem kang samya tumingal. Hawa nikmat wus kinodrat, hawa adhem akarya jenjem, dhasar mangku talaga ingkang toyane wening biru maya-maya. Ora jeneng mokal lamun ing kono ugi winastan giri tirta madya, giri tegese gunung tirta banyu madya tengah. Ing pucuk kaprenahing tengah ana talaga kang toyane wening. Nadyan mili mangandhap mancur kapancuran ingkang ilining toya tinalang talang kinarya angelebi sabin-sabin, parandene tirtaning talaga mboten nate asat, anggung amegung awit saking purbaning Hyang Agung.
Sinten ta ingkang ndaweg angasrama ing kono tetela punika panenggak Pandhawa, satriya ing Ngunggul Pawenang ingkang kekasih Raden Werkudara ya Raden Bimasena, ya sang Bayu Tanaya, Prabancana Putra, Bratasena. Aglar pandhita peparab Begawan Bima Sakti ya Begawan Bima Suci ya sang Bima Paksa. Akeh siswane sang maha wiku ora ngemungake kang asipat manungsa, sanadyan sato wana bebasan kutu-kutu walang ataga padha konjem satemah sengsem rumaos marem denya nampi wewangsoning sang maha pandhita anenggih sang Bima Suci. Dene ri kalenggahan punika ingkang kepareng nangkil cecaketan namung pandhita ing Kendhalisada peparab Begawan Anoman ya Anjani Putra. Watawis sampun pitung dinten pitung ndalu denya abawa raos tan ana pedhot-pedhote;
Anoman:
“Yayi panembahan Bima Suci”
Bima Suci:
“Apa Anoman kakangku”
Anoman:
“Mungguh saka petunge pun kakang, kurang luwih anggone padha bawa rasa wus ndungkap pitung dina pitung bengi. Jroning pitung dina pitung wengi pun kakang lan si adhi nyata wus sembada hanacak tri ratya kang tegese, sumingkir saka kanikmatane turu, adoh saka kanikmatane amboga, nyirik ngrasakake segering warih. Ora ana kang padha digunem nggone si adhi duwe gegayuhan kepengin memayu hayuningrat murih katentremaning sagung dumadi ingkang wus padha urip tumumpang bumi. Hanut sabdane si adhi gegayuhan mau kanggo sadhengah, ora ngemungake manungsa, kalebu uriping sato wana sarta thethukulan apadene urip kang bisa ginelar sarta kang maksih kinengker”
Bima Suci:
“Bener kabeh kandhamu ora ana kang kliru”
Anoman:
“Mung ngene yayi, pun kakang rumangsa luwih tuwa, sebabe umure luwih akeh laire luwih dhisik, nanging tuwane pun kakang iki yen pun kakang dhewe kang anganggep tuwa tuwas tanpa pituwas, keladuk piyangkuh krana kurang pituduh, ngasorake dhiri sabab keladuk wedi. Mula ibarate wong nyawang, dohe panyawang pun kakang amung sakpendelenge gajah. Nanging lamun pandulune si adhi bebasan wus kawawa, wikan wengkoning samodra, tegese kaya dene wus bisa nyumurupi sakubenging jagad raya. Kayadene wus kederan den ideri, kabeh wus kinemot lan kinemat sakjroning ndriya, ngibarate wus bisa rinegem sagegem. Ya sabab kang mangkono ora jeneng mokal manawa si adhi ora kewran saliring reh saniskara ya ingkang agal ya ingkang lembut, ya gumelaring kawruh ya gegebenganing ngelmu”
Bima Suci:
“Banjur karepmu kepriye, Anoman kakangku?”
Anoman:
“Mula yayi, mumpung sapejagong catur netra, pun kakang lilanana anungkap sejatining si adhi, kanthi dhasar pitakon kasurung rasa panalangsa labet nggone kepengin idhep marang sawiji-wiji kang maksih kineker ana jroning panggalihing si adhi, magepokan kalawan anggon-anggon kang wus dianggo bebarengan. Si adhi lan pun kakang yen nyawang penganggon ibarate kaya dene wong kang ngadeg ana sakngareping kaca wirangin, nyawang gatra gantha kang sarta wewayangane jebles sarambut tan ana kang geseh. Sabab saka iki yayi Bima Suci, waleh-waleh apa pun kakang kapeksa amiyak warana kang maksih siningit, prasajan wae pun kakang durung ngawruhi werdine kang padha dianggo, anggon-anggone pun kakang lan anggon-anggone si adhi wiwit saka gegelung nganti tekan gegelang. Yayi, mara enggal werdekna mungguh kepiye karepe sing peparing dhek semana!”
Bima Suci:
“Iya, yen pancena anut pranatan wong kang tinemu enom trep yen kudu meguru marang ingkang luwih tuwa, nanging ing kene tinemune kosok balen. Apa kakang Anoman ora lingsem yen ta diarani kebo nusu gudel?”
Anoman:
“Weladalah adhiku dhi adhiku, jiwa ragane pun kakang sakwutuhe tak pasrahake marang si adhi. Ngibarate wujud rampadan si adhi kang wenang angolah, mateng lan mentahe pun kakang iki mengko gumantung purba wasesane si adhi”
Bima Suci:
“Mara gage wiwitana apa kang kok takokake?”
Anoman:
“Kaya dene kang mapan ana palarapan, si adhi lan pun kakang nganggo pupuk emas iki biyen padha-padha mung derma nampa paringan. Nanging jeneng kang sarta werdine apa dene daya pigunane pun kakang rumangsa isih kurang pertitis yen tan ngocapa. Bisane adoh saka ringa-ringa, mbok ya si adhi tumuli tutur hanatar marang pun kakang!”
Bima Suci:
“Pupuk kang padha dianggo bebarengan, pupuk emas kang rineka jejaroting asem saktemene minangka pratandha wong kang nduweni pupuk iki, nadyan ing tata gelar wujude agal nanging bebudening rawit tanpa beda kaya jejaroting asem
Anoman:
“Babar pisan mara jlentrehna!. Beda bedaning bebuden kang agal karo kang rawit mau wates-watese ana ngendi?”
Bima Suci:
“Agal lan rawiting bebuden dititik saka solah bawa kang sarta budayaning kang sumandhing”
Anoman:
“Sing kok karepake budaya iku apa?”
Bima Suci:
“Budaya iku angen-angen kang mbabar kaendahan”
Anoman:
“Sing kok sebut endah iku apa?”
Bima Suci:
“Endah mono saktemene ana pirang-pirang bab. Endah ana ing srawung kudu genti angajeni, endah ana panganggon kudu anut cara kang isih lumaku, endah ngrumangsani dadi kawula kudu ngerti treping panembah. Pirang-pirang kaendahan kang lumadi ana manungsane saktemene dadi teken umpamane lumaku lunyu, dadi obor yen lumaku peteng”
Anoman:
“Banjur kaendahan kang dianggep agal?”
Bima Suci:
“Kaendahan kang dianggep agal iku dititik saka obahing raga. Raga mono wis kinodrat endah, nanging yen polahing raga mau ana cak-cakan kang kurang prayoga disawang, upamane nglungguhake ragane yen pinuju lungguh dhewe ana ing omah lan pinuju lungguh ana tengahing bebrayan, yen pinuju lungguh netepi wajib ngawula ing ratu lan yen pinuju anglenggahake rasane manembahing Gusti, kabeh mau kudu bisa mbedak-mbedakake anut carane panembah kang wus dadi kapiandele sapa wae kang sanyata ora dadi larangane jagad. Bisa dititik endah sarta ora endahing raga ya sabab saka bisa milah-milahake palenggahaning raga, umpane yen pinuju ngeblatake panembah saknyatane wis ana cara-cara kang tinemtokake dening pranataning panembah awaton kapiandelaning dhewe-dhewe kang ora dadi laranganing jagad. Yen ta obahing raga nalika matrapake panembah mau adoh saka rasa susila saktemene ing kono bakal nampa bebendune widhi, tumraping dewa keluputan tumraping bebrayan ora bakal dianggep, luwih-luwin yen dheweke ngaku sawijining satriya kang banget piguna tumraping bangsa lan negara yen cak-cakane mangkono tan wurunga sakenggon-enggon anyebar wisa mandi. Kamangka yen wis bisa ngumpulake kaendahan lair batin yaiku kang sinebut manunggaling kawula gusti, loro-lorone atunggal tegese nadyan loro pisah papane ning rasane nyawiji”
**) Wonten candhakipun (“sumping pudhak sinumpet”)
LW 031115

BIMA SUCI (2)

Seratanipun : Lekik Wardoyo‎ ke kawruh jawa
4 November

Sumping Pudhak Sinumpet

Dupi sampun anampi wedharan werdining pupuk emas jejaroting asem saking sang Bima Suci, mangkana pangandikane sang Begawan Anoman:
“Ya jagad dewa bathara, gamblang pun kakang nggone nampa wedharanmu yayi. Sakbanjure, sumpinge si adhi ora beda karo sumpinge pun kakang kang sinebut sumping pudhak sinumpet. Iku werdine apa yayi?”
Bima Suci:
“Sumping pudhak sinumpet mengku kawruh panunggalane Sang Hwang Otipati, tegese nadyan tinitah dadi titah, nadyan dumadi dadi manungsa, nanging wong kang wis sesumping pudhak sinumpet mau kadunungan beda lan liya-liyane mengku kawruh tan prabeda panunggalane Sang Hwang Otipati. manungsa diwenangake ngawruhi dalaning gaib, manungsa diwenangake ngawruhi kahanan kang ora sakmesthine, manungsa bisa nyumurupi samubarang kang maksih aling-aling, manungsa diwenangake jagading asura, manungsa diwenangake ngawruhi jagading gandarwa, mangkono sakpepadhane. Mula paningale duwe panguwasa tanpa Beda kaya Sang Hwang Otipati”
Anoman:
“Oo ngono. Lha terus Sang Hwang Otipati iku sapa?”
Bima Suci:
“Yen diarani dudu, yen didumuk kliru. Lumrahe kang sinebut Sang Hwang Otipati iku Bethara Guru, nanging saktemene Sang Hwang Otipati iku ora gatra, ora gantha, ora wujud, ora cetha, gumelare dadi panguwasa gaib, yaiku kang sinebut Sang Hwang Otipat”
Anoman:
“Yen ngono kang kok karepake sinebut mengku kawruh panunggaling Sang Hwang Otipati mau duwe panguwasa kaya Sang Hwang Otipati wenang yasa jagad?”
Bima Suci:
“Dudu mangkono kang tak karepake. Mengku kawruh panunggaling Sang Hwan Otipati tegese wis bisa ngrasakake pirang-pirang kang cinipta dening Sang Hwang Otipati. Manungsa kudu percaya marang panguwasa gaib, panguwasa agung, kudu keblat panembahe marang kang anyipta jagad, Hyang Maha Agung kang tetela sifate adil”
Anoman:
“Dititik saka apa?”
Bima Suci:
“Adile, sifat kang wis bisa dirasakake dening manungsa sadhengah. Yen ta kakang Anoman krasa sapa sing ngedhepake netramu, sapa sing nglakokake getihmu, sapa kang nglakokake napasmu, kabeh panguwasane Sang Hwang Otipati”
Anoman:
“Nek ngono apa iku makhluk kang dhuwur dhewe?”
Bima Suci:
“Yen kakang Anoman takon makhluk kang dhuwur dhewe ora bisa didumuk sarana cetha”
Anoman:
“Lha kok si adhi bisa angocap lamun iku kang anypta jagad?”
Bima Suci:
“Sing tak karepake anyipta jagad mau dudu kang yasa jagad kang gumelar iki, kang anyipta jagad mau kang wenang angiseni jagad”
Anoman:
“Umpamane wujud apa?”
Bima Suci:
“Wujude yaiku uripmu, uripku, uripe sadhengah”
Anoman:
“Weladalah jagaaad dewa bathara. Mangkono ta werdine sumping pudhak sinumpet”
**) Wonten candhakipun (“anting-anting panunggul maniking toya”)
LW 041115

BIMA SUCI (3)

Seratanipun : Lekik Wardoyo‎ ke kawruh jawa
5 November

Anting-anting panunggul maniking banyu
Kalung nagabanda
Kelat bahu balebar manggis
Gelang candra kirana

Sakwusnya sang Bima Suci amedhar punapa ta menggah surasane sumping pudhak sinumpet, sang Anoman nglajengaken pitaken dhumateng san Bima Suci:
“Si adhi ngagem anting-anting panunggul maniking banyu, dayane apa lan mengku surasa kepiye?”
Bima Suci:
“Anting-anting panunggul maniking banyu aweh daya perbawa, perbawa iku tegese padhang. Sapa ingkang kedunungan anting-anting panunggul maniking banyu ora kasamaran nyawang sawiji-wiji, nadyan ingkang agal, ingkang lembut saniskara wus kecakup”
Anoman:
“Hmmmm mangkono yayi. Lha saiki, bedane apa yen si adhi kalung nagabanda yen pun kakang kok ora?. Kekalungmu kang rineka wujuding nagabanda tegese ula gedhe, iku biyen sing maringi sapa lan piye mungguh dayane?”
Bima Suci:
“Ora bisa tak kawruhi jer aku linahirake saka bungkus wis nganggo iki, dene dayane anyembuh rasa kewanen adhedhasar jujur. Watake yen wis jumangkah ing payudan ora watak kalah, kalah-kalahe yen wis tumekeng pati. Yen pinuju mangruwah mungsuh pangamuke tan prabeda kaya pangamuking naga banda”
Anoman:
“Woo ngono, ya pancen kepiye wae meksa ana geseh antarane pun kakang lan si adhi. Banjur kelat bahu rineka balebar manggis binelah tekan kendhagane, iku lire kepiye?”
Bima Suci:
“Kelat bahu tetalining bahu, rineka balebar manggis kaya blebare manggis kang isih enom, binelah tekan kendhagane sigar dadi loro tekan njerone. Surasane mengku watak bawa leksana tegese yen iya ya iya, yen ora ya ora. Bebasane yen kaku kena kinarya pikulan, yen lemes kena ginawe tali”
Anoman:
“Lha yen gelang candra kirana, surasane kepiye?”
Bima Suci:
“Candra tegese wujud, kirana wulan. Duwe sorot kang tan prabeda kaya padhange sang hyang wulan. Sorot ing kene dudu sorot kang bisa kadulu ing netra nanging soroting budaya kang mapan jroning rasa lan rahsa”
Anoman:
“Bedane apa rasa lan rahsa?”
Bima Suci:
“Rasa iku warata saindhenging badan, rahsa iku amung nyawiji mapan ana memaniking karep”
Anoman:
“Jagad dewa bathara… pancen dhuwur temen bocah iki. Dadi umpamane nempuh bebasan kebo nusu gudel ora jeneng mokal, nyatane isen-isen kang kok anggo, si adhi bisa anggelarake sarana pratitis”
**) Wonten candhakipun (“paningset cindhe bara”)
LW 051115

BIMA SUCI (4)

Searanipun : Lekik Wardoyo‎ ke kawruh jawa
6 November

Paningset cindhe bara
Kampuh bang bintulu

Mangkana sang Bima Suci sampun amedhar dhumateng sang Anoman menggah punapa ta werdine pangagem ingkang wujud pupuk emas jejaroting asem, sumping pudhak sinumpet, anting-anting panunggul maniking banyu, kalung nagabanda, kelat bahu balebar manggis saha gelang candra kirana.
Nanging pranyata taksih wonten malih ingkang badhe disuwunaken dhumateng sang Bima Suci, punapa ta suraosing pangagem saklajengipun. Mangkana pangandikane sang Begawan Anoman:
“Ana maneh dhi, pun kakang lan si adhi padha-padha ngagem paningset cindhe bara anumpang wentis kanan kering, apa ta werdine?”
Bima Suci:
“Paningset tegese sabuk, sabuk iku tetali. Bara iku papan kang kinarya ambah-ambahan yaiku pasaban”
Anoman:
“Terus sambung rapete utawa gandheng cenenge piye antarane tali karo pasaban mau?”
Bima Suci:
“Manungsa adoh njajah desa milang kori anjalak paningal, nanging uriping manungsa ditaleni dening kodrate kahanan. Mula manungsa yen wis ngawruhi bab kaya kang wus tak kandhakake mesthi ora lali klawan asale. Manungsa kudu ngawruhi marang asale, asale tinitahake kudu bali marang kang nitahake. Manungsa kinodrat lair, urip lan mati, mati mono wus dadi pasangane ngaurip. Rehning PATINING MANUNGSA IKU AMUNG KANGGEG ANA ING RAGA, SUKSMANE KUDU NGADHEP MANEH ANA NGARSANE KANG AKARYA JAGAD. Mula sadurunge tekaning pati manungsa kudu wajib tata-tata aja nganti kenger keblating manembah, aja keblasuk ana ing jagading angkara murka, nanging meleng ing tekad sawiji tumuju marang karahayoning urip, wiwit saka tata trapsila nganti tekan panembahe, nganti mbesuk ndungkap kamuksane, saengga bisa mbedakake dununge kawula lan gusti”
Anoman:
“Kok disebut kawula lan gusti mau, sing disebut kawula iku sapa lan gustine sapa?”
Bima Suci:
“Saktemene iku amung wujude saloka, saloka iku bebasan. Dene kawula iku ingkang gumelar bisa kasat netra, gusti iku ingkang kineker ingkang wajib sinembah. AJA PISAN-PISAN KLERU PANEMBAH, MULA AJA NYEMBAH MARANG KANG SEJATINE DUDU SESEMBAHAN”
Anoman:
“Oo… ngono. Siji maneh dhi, banjur kampuh bang bintulu kang wujude abang, ireng, kuning, putih. Warna papat mau mengku surasa kang kepiye?”
Bima Suci:
“Abang dununge kanepson, ireng dununge kasantosan, kuning marang kabiraen, putih marang kasucen”
Anoman:
“Kok putih keri dhewe?”
Bima Suci:
“Iya, amarga putih iku dhasar. Dhasar kang putih mono saktemene bisa didadekake apa wae miturut kang arep ndadekake, dene maknane yaiku wijining manungsa. Wijining manungsa sakdurunge kumrembyah wis urip luwih dhisik, bakal ala becike tumindak, nistha utamaning pakarti, gumantung ana panuntune lan gumantung ana panggulawenthahe, gumantung ana karepe”
Anoman:
“Lha apa ora kawasesa dening kodrat?. Kodrat iku kalawan uripe dhisik ngendi?”
Bima Suci:
“Kodrat mono saktemene ana loro. Siji kodrating kawasa, tegese linahirake wis kudu mengkono, upamane kayadene wong kang nandhang sukerta. Loro, kodrat amarga ketarik ing wewengkon, upamane nadyan wong mau suci nanging yen kengguh saliring panggodha bebasan mau wong ora dadi suci amerga kasempyok dening pirang-pirang durangkara kang anggung sumandhing”
Anoman:
“Jagad dewa bathara, yen mangoko nglakoni urip iku kudu ngati-ati. Dhuh yayi Bima Suci, ora bosen-bosen anggonku ngrungokake wejangane si adhi, lega rasaning tyas pun kakang, nadyan saktemene isih akeh kang bakal ingsun takokake. Nanging yayi, yen ta mung aku dhewe mengko liyane ora keduman wanci”
**) Wonten candhakipun
LW 061115

 

Komentar ditutup.

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: