RSS

Kresna Duta

 karno

KARNA/BASUKARNA (1)

Seratanipun : Lekik Wardoyo‎ ke kawruh jawa
24 November pukul 16:54

Wauta nata Dwarawati Sri Bathara Kresna ingkang minangka dhuta pangawakaning Pandhawa sampun madal pasilan saking pasewakan agung negari Ngastina sigra nglajengaken lampah. Nenging ndriya arsa manggihi ingkang rayi nata Ngawangga Narpati Basukarna ingkang mboten ketingal jroning pasewakan.
Rata titihan nata Dwarawati ingkang kinusiran dening Raden Setyaki sigra ginelak lampahe dupi sang nata nyumurupi bilih ing ngayun ketingal rata ingkang tinitihan Narpati Basukarna. Dupi sampun caket rata jinajaran, kagyat nata Ngangga pirsa ingkang raka nata Dwarawati mrepegi lampahipun, mila sigra lon-lonan lampahnya rata kekalih kandheg tepining marga;
Karna:
“Nadyan namung kepanggih wonten ing margi kaka prabu, ri paduka ing Ngawangga ngaturaken sumungkeming pangabekti kula mawantu-wantu kunjuk pada paduka kaka prabu ing Dwarawati”
Kresna:
“Adhiku dhi adhiku kadange pun kakang, iya yayi si adhi atur pangabekti marang pun kakang tak tampa gawe gedhening atiku. Pangestune pun kakang mara si adhi tampanana!”
Karna:
“Kula cadhong ing tangan kula kekalih paring pangestu paduka, kula pundhi ing mustaka mugi miwahana kayuwanan kula. Kejawi saking punika estunipun kaget raosing manah kula dupi rata tumpakan kula jinajaran dening rata titihan paduka, lajeng paduka mrepegi lampah kula. Mengku wigatos ingkang pundi tumunten kababara ingkang sejati kula nedya nganglungaken jangga nelingaken karna”
Kresna:
“Yayi, persajan wae pun kakang iki mau saka negara Ngastina. Dene praptane pun kakang marang negara Ngastina kuwi dudu keperluanku pribadi, nanging pun kakang derma ngembani wajib dadi dhuta pangawakane kadangmu Pandhawa. Mungguhing wigati ambudidaya sarta angudi baline negara Ngastina lan Indraprastha sakjajahane saka regemaning Prabu Duryudana marang wewengkon panguwasaning Pandhawa. Nanging tinemune gagar wigar datan antuk karya, katitik negara Ngastina kang dicukengi sarta digegegi dening Prabu Duryudana, kang mangkono kapracena yen ta kodrating jagad tan bisa sinayudan maneh, dadining bratayuda.
Yayi, rehning bakale bratayuda dadi, pun kakang kepengin takon mbesuk bratayuda kuwi si adhi melu ngendi?”
Karna:
“Punapa ta sababipun dene paduka kanjeng kaka prabu dahat katambuhan dhateng greget osiking manah kula?”
Kresna:
“Pitakon iku adile mung diwangsuli. Bratayuda mesthi klakon, bakale mbesuk si adhi melu ngendi?”
Karna:
Inggih kaka prabu, persajan kemawon mboten ndadak mawi tedheng aling-aling mbenjang bratayuda kula tetep nyenopateni para Kurawa mengsah kalyan adhi-adhi kula para Pandhawa”
Kresna:
“Yayi mengko dhisik ta. Olak-aliken nalarmu, limbang-limbangen rasamu, unggahna udhunna. Dhestun temen nggonmu bebela marang Kurawa, dhestun temen nggonmu setya marang yayi Prabu Duryudana, si adhi parikedah nandhingi kridhaning Pandhawa. Apa calone si adhi bakal mantala mungsuh lan para Pandhawa yen ta si adhi eling padha-padha putrane bibi Kunthi?. Si adhi lan Pandhawa iku padha-padha atmajane Dewi Kunthi”
Karna:
“Kaka prabu, inggih waleh-waleh menapa kula mboten saged pisah lan yayi Prabu Duryudana ingkang sampun kalajeng peparing kamukten dhateng ri paduka kula, tuwin kula mboten saged kempal lan Pandhawa ingkang wiwit timur dipun pisahaken awit saking pakartining ibu. Dados inggih sebab makaten wau sampun tetela nadyan geger walik watu kula tetep tumut Kurawa”
Kresna:
“Yayi, apa ucapmu kang mankono mau kok anggep wus pratitis?. Si adhi iku putra kang tinemu pembayun dening bibi Kunthi, krana apa kang mesthine kudu momong kadang mudha lan kudu misungsung karahayon marang ibu, tinemune si adhi gelem ora gelem kudu dadi mungsuh. Yen mangkono si adhi kuwi tak anggep ingkang gawe dhedheraning pasulayan”
Karna:
“Kaka prabu wungsal-wangsul paring dhawuh dhateng kula manawi kula punika putranipun ibu Kunthi, menapa mboten lepat?”
Kresna:
“Sajake wis bener yayi”
Karna:
“Manawi saking pamanggih kula, kula punika sanes putranipun kanjeng ibu Kunthi. Kula punika putranipun bibi Nadha garwanipun Prabu Adirata nalendra ing Ngangga”
Kresna:
“Kuwi saktemene mung putra pupon, kang bener si adhi kuwi putrane bibi Kunthi”
Karna:
“Menapa kaka prabu saged paring ular-ular kang sarta katrangan supados cumeplong raosing manah kula, saged kinarya pathokan bilih kula punika atmajaning Dewi Kunthi”
Kresna:
“Rada sawetara nyaketa lungguhmu yayi, pun kakang nedya suka katrangan!”

KARNA/BASUKARNA (2)

Seartanipun : Lekik Wardoyo‎ ke kawruh jawa
27 November pukul 15:26

Sakwusnya Adipati Karna satata lenggah caket lan nata Dwarawati, sigra sang Sri Kresna anjarwani bilih ingkang rayi punika satuhu atmajaning Dewi Kunthi.
Mangkana pangandikane:
“Pun kakang nedya miwiti carita, dongeng wantah muga tan mboseni”
Karna:
“Inggih kaka prabu”
Kresna:
“Nanging datan kinidung ing basa tanggung, dongenge pun kakang iki mengko amung gancaran. Kang bakal tak dongengake mungguh lelakone kang ibu bibi Kunthi nalika peputra si adhi”
Karna:
“Keparenga paring dhawuh, kaka prabu”
Kresna:
“Mengkene mungguh larah-larahe yayi.
Nalika ingkang ibu bibi Kunthi maksih kenya nate meguru marang pandhita ing Ngatasangin ingkang peparab Begawan Druwasa. Jroning bibi Kunthi dadi siswane Begawan Druwasa banget kinasih nganti ora mantra-mantra kaya sipate guru lan murid, bebasane bibi Kunthi kaya dianggep anake dhewe dene Begawan Druwasa.
Pancen mangkono, jalaran bibi Kunthi kuwi sawijining siswa ingkang tansah tegen lan tumemen, sawijining siswa ingkang sawega lan sambegana. Tegese, idheping tekad ora gampang kasangsaya dhasare elingan.
Nalika meguru marang Begawan Druwasa nampa wejangan wujude Aji Kunta Wekasing Rasa Sabda Tunggal Tanpa Lawan, daya panguwasane kena kanggo ngrawuhake dewa. Dadi yen aji mau dicakake mesthi ana sawijining dewa ingkang ngejawantah.
Mula sirikane rong perkara, siji aji mau ora kena winateg yen bibi Kunthi nedhengi sare, loro aji mau ora wenang dicakake yen bibi Kunthi nedhengi siram.
Nanging nalika semana bibi Kunthi kelepyan, nedheng-nedhengi siram aji mau winateg, saengga ing kahyangan geger. Bareng ing kahyangan geger, nalika semana dewa kang pinuju nganggur yakuwi dewaning rahina Bathara Surya ngejawantah mrepegi bibi Kunthi.
Wise sapejagong catur netra, Bathara Surya ndangu: titah ulun Kunthi wigatine apa dene kowe ngrawuhake marang ulun. Ature bibi Kunthi: kula menika mateg aji-aji kula piyambak. Dewane sing ora trima, pangandikane: Kunthi, dewa mudhun kuwi mesthi lan kudu entu gawe.
Ringkesing rembug, jroning peteng kang ana amung lali, jroning lali nganti tan kadulu sipate, jroning tan bisa andulu sipate nganti…………. “ora perlu tak kandhakake” (ngapunten mboten saged nyariosaken, menapa ingkang kedadosan dipun kinten-kinten piyambak kemawon).
Tinemune ingkang ibu ya bibi Kunthi temah hanggarbini, ngancik lahiring jabang bayi si adhi uwal saka gua garba.
Kanggo nyerung bakal kawirangane ing negara Mandura, dhek semana si adhi diwadhahi aneng kendhaga wreksa dikentirake ing bengawan Gangga banjur ditemu dening paman Adirata.
Mula nganti seprene si adhi isih angrasuk kalung kang ceploke sinung tetenger jenenge si adhi Karna Basusena. Karna ing kene tegese sorot, basu iku srengenge, sena kuwi anak, dadi si adhi iku putrane Bathara Surya ingkang mijil saka bibi Kunthi.
Dening Pandhawa kowe kuwi sedulur tenan, mula prayoga ngumpula wae marang para Pandhawa”
Karna:
“Kaka prabu, dados sampun cetha bilih kula punika kadang sepuh dening Pandhawa”
Kresna:
“Mapan mengkono yayi”
Karna:
“Manawi makaten kula tetep tumut Kurawa”
Kresna:
“Lho lho mengko dhisik ta, kok ngono. Sekawit si adhi minta andharan, wus klakon tak gancarake, ora melung rasamu marang para Pandhawa kok tetep melu Kurawa kuwi dhasarmu apa?”
Karna:
“Kaka prabu, anggen kula mbegegeg makaten wau estonipun sepindhah, rumeksa asmanipun kanjeng ibu Kunthi ingkang asmanipun sampun malembar ngebeki bawana, sampun ngantos banger kasempyok dening pakartining putra ingkang wola-wali saha mencla-mencle rembagipun.
Kaping kalih, kula mangertos bilih ing mbenjang perang baratayuda jayabinangun punika Kurawa ingkang kawon Pandhawa ingkang menang lan kula wantun tanggel samangsa tumapaking baratayuda jayabinangun, yayi Prabu Duryudana mesthi mboten langkung rumiyin wantun dados senopati. Manawi tanpa kula lan Patih Sengkuni baratayuda punika mboten badhe dados”
Kresna:
“Kosik kosik mengko dhisik, durung cetha olehku ngrungokake. Kowe njagakake mbesuk Kurawa piye?”
Karna:
“Kuarwa ingkang kawon, Pandhawa ingkang menang. Nanging menapa ta sebabipun dene kula tansah ngojok-ojoki yayi Prabu Duryudana supados wani baratayuda. Inggih sabab makaten wau katresnan kula dhumateng adhi-adhi kula para Pandhawa badhe kula totohi sarana bandha kula ingkang awis piyambak inggih punika wujuding jiwa raga.
Anggen kula tansah damel urub-urub, anggen kula tansah angojok-ojoki dhateng yayi Prabu Duryudana supados wani baratayuda punika kula sampun ngertos bilih Kurawa badhe kawon.
Manawi mboten mawi srana maten mbenjang menapa sirnaning angkara mura”
Dupi midhanget aturipun ingkang rayi Narpati Ngawangga ingkang merteteh, nata Dwarawati sigra angrangkul Sang Basukarna, jroning wardaya anggung denya tansah angalembana dhateng ingkang rayi nalendra Ngangga ingkang kadunungan lekas ingkang luhur jagad datanpa timbang, saged remit denya nyimpen sanditama piningit. Saklimah mboten kewiyos pangandikane nata Dwarawati lamun arsa angandika amung magep-magep kanggeg ing tenggak, mila lon-lonan denya anglolos astanipun saking widanganipun ingkang rayi, tanpa pepoyan wangsul malembar ing rata titihanipun malih.

KARNA/BASUKARNA (3/Pungkasan)

Seratanipun : Lekik Wardoyo‎ ke kawruh jawa

Sang Karna Basusena sakwusnya tinilar tanpa pepoyan dening ingkang raka nata Dwarawati enggal-enggal anitih rata malih nglajengaken lampah. Ginelak lampahing rata nanging mboten nedya kondur ing Ngawangga, ing cipta amung nedya sumungkem pepadane keng ibu Dewi Kunthi Talibrata ingkang taksih lerem ing Kasatriyan Panggombakan.
Sinigeg ingkang ndaweg wahana rata, nenga kawuwusa ingkang wonten ing Kasatriyan Panggombakan. Ingkang ngrenggani kasatriyan inggih punika kekasih Raden Yamawidura, satriya mahambeg pandhita rumeksa jejeging adil.
Nuju ri sajuga lenggah ing pendhapi kaadhep Dewi Kunthi Talibrata inggih Dewi Prita. Mangkana wawan pangandikane:
Yamawidura:
“Kakang mbok ratu, kula sampun mboten badhe kekilapan menggah rentenging penggalih paduka anggenipun gagar wigar tanpa karya rawuh paduka ing negari Ngastina minangka dhuta pangawakaning purunan kula para Pandhawa. Nanging bab menika sampun andamel rudahing penggalih miwah mboten perlu kagalih langkung lebet, ngemutana bilih paduka sipating wanodya. Manawi ngantos kadlarung-dlarung mboten wurung inggih namung paduka piyambak ingkang tansah kenging panandhang”
Kunthi:
“Kadange pun kakang yayi Yamawidura, aku ya mung keranta-ranta yen ngelingi patrape para Kurawa kang tan weruh ing kasusilan, apa aku dianggep manungsa papa liman. Bakal nemoni apa Kurawa ing tembe dene mangkono patrape”
Yamawidura:
“Kakang mbok ratu, dangu-dangu saya cetha angkaramurkaning anak prabu Duryudana, mboten ngertosa bilih samukawis tumitah sadaya kapurba kawasesa dening panguwaosipun ingkang akarya jagad.
Murih saya ngentheng-ngenthengi raos paduka keparenga langkung rumiyin lerem wonten Panggombakan sampun sumengka kondur ing negari Wiratha, lan kula nyuwun pamit badhe manjing wonten ing Kadipaten Gajahoya. Perkawis punika badhe kula unjukaken uninga wonten ngarsanipun kakang Dipati Drestarastra”
Kunthi:
“Iya yayi aja kesuwen mundhak tumlawung rasaning atimu tumuli budhala”
Yamawidura:
“Nyuwun pangestu kakang mbok”
Sajengkaripun Raden Yamawidura, sumuking raos Dewi Kunthi merbawani sumuking salira, dres wijiling riwe sangking sarira yayah dineres. Mijil sangking dalem agung medal munggwing palataran lenggah sangandhaping wit nagasari.
Dadya kedhep tesmak denya mulat uninga bilih ana wong agung ingkang mandhap saking rata, waspaos paningale Dewi Kunthi bilih punika ingkang anggung kasranti anenggih ingkang putra nalendra Ngawangga Prabu Karna. Esmu anjelih wiyosing pangandika:
“Karnaaa…….. kowe anakku renea ya nggeeerr….!”
Kunthi:
“Karna… kowe anakku tenan Karna… banget tak arep-arep, temah kedara dasih durung nganti aku rerasan sira kang prapta”
Karna:
“Kanjeng ibu, kula ngaturaken sumungkeming pangabekti kula mawantu-wantu kunjuka pada paduka kanjeng ibu”
Kunthi:
“Iya kulup tak tampa, pangestuku marang sira kulup”
Karna:
“Inggih ibu, kula cadhong tangan kula kekalih paring pangestu paduka, kula pundhi ing mustaka mimbuhana bagya kayuwanan kula, kanjeng ibu. Kejawi saking punika, inggih sepinten gunging kalepatan kula mugi diagung pangaksama paduka kanjeng ibu, dene kula wantun anjarag nyupekaken dhateng paduka ingkang nglairaken kula.
Saben-saben kula pinanggih paduka kanjeng ibu wonten ing pasamuan kula mboten purun anyaketi, kula mboten purun nyabawa. Manawi kanjeng ibu mriksani kula, kula tansah katingal malengos, dhasar kula ewa. Mboten sebab anggen kula tumambuh, nanging nalika ing uni mangsakala dereng dumugi, mangsakala dereng ndhatengi.
Samangke sampun mboten saged dipun bendung malih mangsakala kedah kula sumungkeming pepada paduka kanjeng ibu Dewi Kunthi, ingkang wiwit brol kula linairaken saking gua garbanipun kanjeng ibu inggih ndaweg ing dinten punika kelampahan kula sesenggolan tangan lan paduka kanjeng ibu Dewi Kunthi”
Kunthi:
“Destun temen nggonmu tansah ngadohake rasa putra lan ibu, kowe nyebut pun ibu ndadak nganggo tembung dewi”
Karna:
“Inggih, amargi limrahipun tiyang sami mboten ngakeni bilih kula punika putra paduka nadyan punika prakawis pribadi kula”
Kunthi:
“Prayoga kowe nyebuta ibu wae kulup mapan sira anakku tenan, Karna”
Karna:
“Inggih kanjeng ibu, ngaturaken gunging panuwun tanpa upami dene raos katresnan paduka dhumateng putra paduka pun Karna.
Kejawi saking punika ibu, inggih waleh-waleh menapa dene kula mboten tinimbalan sowan kula anglimpe sajengkaripun paman Yamawidura kula nembe ngabyantara. Punika sebab wonten wigatos ingkang badhe kula aturaken ngarsa paduka kanjeng ibu, inggih ing dinten kalenggahan punika kula ngaturaken sembah mawantu-wantu ingkang pungkasan miwah kula nyuwun pamit saha kula nyuwun pangestu badhe netepi jejibahaning senopati lumawan mengsah”
Kunthi:
“Karna, tak pangestoni muga-muga unggul juritmu nanging luwih dhisik pun ibu nedya pitakon, sapa bakal mungsuhmu, Karna?”
Karna:
“Kanjeng ibu mboten perlu uninga, jer samukawis mangke kula ingkang nandhang, namung pangestu paduka ingkang kula suwun”
Kunthi:
“Karna, tumuli prasajaa sapa bakal mungsuhmu?”
Karna:
“Inggih, manawi kula pineksa kedah ngaken mbokmenawi mboten wonten awonipun manawi satunggaling satriya mrasajakaken lelampahanipun ingkang sejati tur ta mboten wonten ginanipun manawi kula ngumpetaken satunggaling lelampahan ingkang nyata.
Persajan kemawon badhe mengsah kula ing tembe mboten sanes kejawi namung putra paduka kadang-kadang kula para Pandhawa”
Kagyat Dewi Kunthi midhanget aturipun keng putra Basukarna, makaten aturipun:
“Jagad dewa bathara, Karna apa bakale sira mentala nyumurupi gumlethaking kwandhane adhi-adhimu yen ta kowe eling padha-padha anakku, Karna?”
Karna:
“Kanjeng ibu, keparenging penggalih kados pundi?”
Kunthi:
“Prayoga kowe ngumpula marang para Pandhawa dhasarmu andedawa umuring wong tuwa, Karna”
Karna:
“Ibu, nuwun sewu kanjeng ibu. Lelampahan ingkang ganjilipun makaten wau estonipun ingkang lepat kula menapa paduka?. Lelampahan ingkang kisruhipun makaten wau sinten ingkang lepat, kula menapa paduka?.
Manawi kanjeng ibu kengetan, lumahing bumi kureping langit mulya-mulyaning raos ibu menika manawi peputra sepisanan, dhasaripun mijil kakung. Nanging kenging menapa ta sebabipun nalika kula linairaken saking gua garbanipun ibu, ingkang mesthinipun jabang bayi ingkang dereng kelepetan dedosan punika kedah gesang wonten pangkoning ibu, kedah gesang dipun gulawenthah dening ibu, miwah kedah gesang dipun sesepi dening ibu. Parandene kanjeng ibu mentala ngendhangaken kula lare ingkang dereng gadhah dosa parikedah nglampahi panandhang kentir dening benawi Gangga.
Manawi wiwit timur mula kula menika dipun kempalaken kalian adhi-adhi kula para Pandhawa, mbokmenawi mboten wonten lelampahan kados mekaten, kanjeng ibu.
Inggih nyuwun pangapunten kanjeng ibu, kaladuking pangocap kula dene kula wantun nglepataken paduka. Jer kedah makaten leganing manah kula menawi sampun kelampahan angungkap kejatening raos kula.
Purunipun kanjeng ibu mboten kagungan raos ringa-ringa dhateng lampahipun keng putra ing Ngawangga.
Dipun menapak-menapakaken kula tetep mboten saged ngempal lan Pandhawa. Kula satunggaling satriya kedah setya dhateng ocap kula sekawit, dhasaring manah kula ngengeti bilih kula punika putranipun kanjeng ibu Kunthi. Asma paduka ingkang sampun arum malembar ngebaki jagad punika sampun ngantos banger kasempyok dening pakartining putra ingkang mencla-mencle ing sesanggeman. Kanjeng ibu Kunthi sampun ngantos kelepetan dosa amargi kasempyok dosaning anak ingkang singular ing kewajiban.
Dipun menapakna kula tetep tumut Kurawa dados mengsahing Pandhawa”
Nggrantes manahipun Dewi Kunthi midhanget aturipun keng putra Basukarna, muwun jroning nggalih, mangkana pangandikanipun:
“Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nangkula lan Sadewa, ora ngira yen ta mbesuk patimu dening sedulurmu tuwa. Tak rewangi ngrerepa supaya kadangmu kang kudu dadi pengayomanmu ngumpul marang sira kabeh, tinemune pangawak waja wis ora bisa diluk atine parikudu mungsuh kowe kabeh. Lamun sira ing tembe tekaning pati, pun ibu ora gelem keri nedya sumusul lampus…….”
Karna:
“Kanjeng ibu, sampun ngantos namung dumugi semanten petanganipun kanjeng ibu, mbenjing baratayuda punika kula kawon ibu. Mugi-mugi dipun sekseni dening jagad saisinipun mbenjing baratayuda menika kula sagah pejah dening adhi kula pun Janaka, kanjeng ibu”
Kunthi:
” Dhuh Janaka Janakaaa…. dhestun temen wong tuwa kang kakehan dosa kaya ibumu, ing atase sira satriya, prakara menang wae nganti tak jaluk-jalukake Arjunaaa….”
Karna:
“Kanjeng ibu, manawi kadlarung-dlarung kula raos tanpa guna. Ing mangke minangka pangleburing dedosan kula, kula nyuwun pamit badhe mangkat tapa. Mboten badhe nedya wudhar anggen kula samadi manawi ing Kurusetra dereng banjir getih ingkang sadhengkul lebetipun, sarah kwandha, ganggeng rambut, krikil untu. Sepindhah malih kula nyuwun pamit saha nyuwun pengestu………”
Myat Sang Karna Basusena jengkar nilar keng ibu Dewi Kunthi………
(Kapunggel cekap semanten)
***) Kapethik saking sanggitipun sang maestro swargi KI NARTO SABDO

Kacetha wonten ing Serat Tripama, Karna minangka salah setunggaling satriya sumbaga wiratama, gedhe jiwa kesatriyane, luhur sedyane;

Wonten malih kinarya palupi
Suryaputra narpati Ngawangga
Lan Pandhawa tur kadange
Len yayah tunggil ibu
Suwita mring Sri Kurupati
Aneng nagri Ngastina
Kinarya gul-agul
Manggala golonganing prang
Bratayuda ingadeken senopati
Ngalaga ing Kurawa

Den mungsuhken kadange pribadi
Aprang tandhing lan Sang Dhananjaya
Sri Karna suka manahe
Dene nggenira pikantuk
Marga denya arsa males sih
Ira Sang Duryudana
Marmanta kalangkung
Denya ngetog kasudiran
Aprang rame Karna mati jinemparing
Sumbaga wiratama

*) Para kadang kula ingkang dhahat kinurmatan, makaten mungguhing sejatosipun Karna.
Lajeng manawi Dewi Kunthi, kadospundi miturut pamanggih panjenengan?
Nuwun
LW 271115

 

Komentar ditutup.

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: