RSS

GAGASAN

27 Mar

LEADERSHIP ASTHABRATA

krisna18

Kepemimpinan (leadership) minangka perangan wigati kanggo mujudake peradabane bangsa supaya bisa luwih maju. Sarat baku kanggo maujudake kepemimpinan sing becik kanthi cara weruh lan mangerteni etika kepemimpinan. Indonesia nganti jaman saiki isih diadhepake krisis maneka bidhang, wiwit ekonomi, politik, budaya,kasarasan , lan kamanungsan sing tumekane gilir-gumanti. Salah sawijine krisis sing paling katon yaiku krisis kepemimpinan. Kahanan kepemimpinan ing Indonesia saya suwe saya mirisake. Watak, wantu, lagu, lan lageyan para pemimpin ing jaman modern iki akeh sing kurang prayoga malah nuwun sewu padha darbe sipat “Sengkuni”. Ingatase padha-padha nduweni kalungguhan utawa kepengin nggayuh kalungguhan, nanging kanthi cara-cara kang nalisir saka etika lan padha ngrusak saka buri.
Para kawula ing wektu iki kliwat angel menawa nggoleki pemimpin sing wicaksana, ngabdi marang rakyat sarta merakyat lan trep klawan budayane bangsa Indonesia malah yen bisa kaya kekidungane para dhalang yaiku pemimpin kang “adil paramarta, berbudi bawa leksana, memayu hayuning bawana”. Mula saka kuwi, weruh lan mangerteni konsep kepemimpinan tradisional Jawa sing ngandhut piwulang moralistik dirasa dibutuhake. Piwulang moralistik ngenani prinsip kepemimpinan sajrone tradisi Jawa diandharake ing maneka reriptan kasusastran, salah sawijine yaiku ana ing piwulang Asthabrata.
Piwulang Asthabrata iku ana ing siklus carita Ramayana tinemu nalika Ramawijaya paring pitutur marang Bharata nalika ngganti jumeneng nata ing Ayodya lan Wibisana nalika dadi nata ing Alengka utawa Singgela sawise surude Prabu Dasamuka. Dene ing siklus Bharatayuda tinemu ing Lakon Wahyu Makutharama, yaiku nalika Begawan Kesawasidi (Kresna) mejang Arjuna ngenani sesanggeman sarta kwajibane ratu (pemimpin) marang kawulane. Piwulang iki bisa minangka pandom,  dene wosing piwulang  pemimpin kudu mengkoni lan nuhoni watake dewa  8 sarta 8 sipat unsur alam. Tembung Asthabrata saka tembung “astha” kang  tegese wolu, lan “brata” tegese laku. Dene jlentrehe mangkene:
1. Surya utawa srengenge
Srengenge iku ora pilih kasih, kabeh sing ana ing alam donya diwenehi cahyane, diwenehi panguripan. Srengenge ora molah-malih tansah jumedhul ing sisih wetan lan angslup ing sisih kulon. Ateges dadi pemimpin kudu adil, ora pilih kasih, ora mbau kapi, aja emban cindhe emban siladan, aja gampang molah-malih panemune, esuk dhele sore wis dadi tempe, tansah teteg lan nuhoni marang sakabehing ucape, supaya andhahane ora dadi bingung. Ora gampang cidra ing janji kaya nuhoni sabda pandhita ratu, sakabehing parentah lan ucap tan kena wola-wali.
2. Candra utawa rembulan
Rembulan mono maweh pepadhang jroning ratri. Padhang jingglang sorote maweh daya adhem lan jinem nanging uga dadi cecoloking laku. Aja mriksani para kawula amung sarana swasana kang padhang, nanging jroning peteng uga gagapana, endi sing marakake dadi pepeteng sirnakna sarana sengseming rasa adhedhasar gelem kurban kang sepi ing pamrih, rame ing gawe. Kanthi mangkono , pemimpin iku kudu paring pepadhang marang kawula sing nandhang peteng (susah atine), kaya rembulan madhangi jagad ing wayah wengi.
3. Sudama utawa lintang
Lintang pinangka rerengganing akasa ing wanci ratri . Lintang bisa kanggo pandom tumrap para among tani sarta misaya mina, sunare pating galebyar. Kabeh mau menehi pralambang manawa pemimpin dadia lintang sing tansah menehi sesuluh marang andhahane, bisa membat mentul pamikire trep karo kahanan, alus budi pakartine landhep panggraitane, njunjung sesanti Ing ngarsa sung tuladha, bisa kanggo patuladhan para andhahane, ora seneng pamer, lelemeran, ngumbar tetembungan sing bisa nuwuhake congkrah wong siji lan sijine.
4. Himanda , mega utawa mendhung
Mendhung bakal nuwuhake udan ing ngendi wae, ora milih papan sing dhuwur lan sing cendhek, sing subur utawa sing bawera. Pemimpin kudu bisa paring dalan tumujuning kamulyan lan katentreman para kawulane, adil paramarta, kersa paring ganjaran marang sapa wae sing bisa gawe tentrem lan pinunjul ing samubarang karya, uga paring paukuman marang sapa wae sing pancen luput, tanpa pilih sanak kadang, wong cinaket lan kudu bisa mbedakake wong sing api-api tresna lan wong sing pancen gelem bela lair lan batine. Aja gampang kegiwang dening tetembungan becik ing laire, sebab kabeh mau bisa dadi racun.
5. Bumi utawa lemah
Lemah iku tansah dedana lan gawe bungahing manungsa. Sanajan diidak-idak sawenehing titah, dipaculi malah kadhang kala dirusak, lemah ora tau serik, ora sambat nanging malah dadi sumbering panguripaning titah ing ngalam donya iki. Tegese pemimpin iku ora gampang nesu, menawa diwenehi panyaruwe utawa kritik lan pamrayoga/saran, nanging pemimpin kudu sabar kaya dene lemah. Kajaba iku pemimpin kudu seneng weweh marang sok sapaa wae, marang wong sing diayomi, ora cethil, ora owelan, kudu ikhlas lair lan batine. Saengga wong sing ana sakiwa tengene rumangsa antuk panguripan saengga dadi tentrem uripe. Uripe bisa migunani wong liya. Sabecik-becike wong urip, yen bisa migunani uripe kanggo wong liya.
6. Dahana utawa geni
Watak iki ana sambung rapete karo kawibawan. Pemimpin kudu bisa aweh pepadhang marang andhahane utawa sapa wae sing lagi nemu reruwet kanthi ati sing sareh lan pangarah-arah. Yen ana sing kemeren saengga ndadekae kaduk wani kurang deduga, drengki srei, jegal-jegalan ing antarane siji lan sijine, pemimpin kudu bisa ngrampungake nganggo kawibawane, ndandani tumindak kang nistha, njejegake bebener. Ora mung bisa ngluputake nanging kudu bisa menehi tuladha sing bener lan utama.
7. Tirta utawa banyu (samodra/segara)
Watake banyu iku tansah adhem, mili mangisor uga dadi sumbering panguripan. Tegese dadi pemimpin kudu bisa ngayomi andhahane, satemah andhahane rumangsa ayem, adhem, lan tentrem. Kajaba iku solah bawa, muna-muni tansah angenaki ati, kudu duwe ati segara ora gampang nesu yen kacenthok tembung sing ora cocog karo kekarepane, ora gampang srengan marang andhahane, bisa momot lan kamot. Menawa ana prekara kudu ditlusur luwih dhisik, aja gampang nibakake pangancam marang wong sing dianggep luput. Kudu bisa milahake tumindak nistha, madya lan utama kanthi pikiran kang wening.

8. Maruta utawa angin
Kaya wataking angin alon-alon rinasa sumilir. Ora kawistara tansah ngawat-awati sakabehing tumindake andhahane. Nanging yen bisa aja nganti andhahane rumangsa yen diawat-awati, yen cubriya ya aja dikaton-katonake saengga andhahane dadi ora jenjem anggone nindakake pakaryan. Pemimpin kudu bisa manjing ajur-ajer. Aja mung ngawasi andhahane sing tumindak luput ( miturut dheweke ) ngelingana menawa manungsa iku tansah kanggonan luput lan lali . Yen ana andhahan sing parawadulan, kudu ditlesih lan dititi priksa luwih dhisik. Manawa ana sing kaanggep luput wenehana pangapura kanthi legawa, bebasan sing jembar segarane.

(Saka maneka warna sumber ; Foto Ilustrasi : Bagawan Kesawasidi memberi wejangan Hastabrata kepada Arjuna yang merupakan perwujudan dari Wahyu Makutharama (karya Herjaka HS 2008) Wayang Indonesia Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity)

 

UPACARA NGABEKTEN ING KRATON NGAYOGJAKARTA

travel.tempo.coreadnews

                                                              Foto :travel.tempo.co/read/news/
Upacara Ngabekten ing Kraton Ngayogjakarta mujudake salah sijining tradhisi kang ditindakake setaun sepisan ing tanggal 1 sawal. Ngabekten minangka ngungkap rasa bekti antarane kawula marang ratu gustine, utawa abdi dalem marang Ngarsa Dalem, ing sajroning sasi Sawal, kanthi ngaras jengku (ngambung dhengkul.
Wektu upacara Ngabekten ing Kraton ngayogjakarta kapilah dadi rong perangan, yaiku jam wolu esuk tumeka jam sewelas awan, tumrap abdi dalem asipat bupati. Dene wanci jam siji awan tumeka rampung, tumrap abdi dalem kang pangkat wedana. Kang kalebu abdi dalem sipat bupati, yaiku abdi dalem kang pangkat kalungguhane pangeran sentana kang sesebutane kangjeng Pangeran Harya (KPH), bupati nayaka kang sesebutane Kangjeng Raden Tumenggung (KRT), bupati sepuh utawa bupati kliwon kang sesebutane Kangjeng Raden Tumenggung (KRT), bupati sesebutane uga Kangjeng Raden Tumenggung (KRT), bupati anom sesebutane uga Kangjeng Raden Tumenggung (KRT), lan riya bupati anom sesebutane raden riya utawa mas riya. Dene abdi dalem Kraton Ngayogjakarta ana rong perangan, yaiku abdi dalem punakawan lan abdi dalem kaprajan. Upacara ngabekten mapan ing Bangsal kencana kraton Ngayogjakarta.
Busana kang diagem Ngarsa Dalem utawa Sultan wektu upacara Ngabekten yaiku busana kejawen mataraman. Dene para abdi dalem ngagem atela putih, utawa beskap putih mawa tandha pangkat miturut kalungguhane. Tandha pangkat kasebut mapan ana ing perangan ugel-ugel lengen atela sisih kiwa lan sisih tengen, wujud ukelan kang disebut “Ters”
Lakuning upacara Ngabekten kawiwitan kanthi miyose Ngarsa Dalem saka Praba Yeksa kairing gendhing Prabu Mataram laras slendro lan ladrang Raja Manggala laras pelog kang katabuh bebarengan kanthi wirama soran. Gendhing Ladrang Prabu Mataram lan Ladrang Raja Manggala iku mujudake gendhing pakurmatan tumrap miyose Ngarsa dalem ing sajroning upacara. Sawuse Ngarsa Dalem lenggah, upacara Ngabekten tumuli kawiwitan. Para abdi dalem banjur maju kanthi urut saka abdi dalem kang pangkat lan kalungguhane paling sepuh, yaiku pangeran Sepuh (KGPH) kasusul dening para pangeran lan kasambung dening pangeran sentana, bupati nayaka, bupati kliwon, bupati anom, lan riya bupati anom.
Para abdi dalem kang bakal ngabekti iku kawiwitan kanthi nyembah banjur nyopot dhuwung kang disengkelit ditinggal ing papan palungguhane. Dene sawuse tekan Bangsal Kencana kanthi lampah pocong utawa nglasut. Sawise tekan ing sangarepe Ngarsa Dalem banjur nyembah lan ngaras jengku. Sabubare ngaras jengku banjur nyembah lan mundur watara telung jangkah, nyembah maneh tumuli bali tumuju papan palungguhane sekawit kanthi lampah pocong lan lampah dhodhok kaya nalika maju sekawit. Satekaning papan palungguhan sekawit tumuli nyengkelit dhuwung kang sabanjure mapan lungguh maneh. Dhuwung, utawa keris tumrap abdi dalem Kraton Ngayogjakarta mujudake tandha pangkat kalungguhan, awit ana abdi dalem kang durung wenang ngagem dhuwung utawa keris.
Abdi dalem kraton Ngayogjakarta kang wus dikeparengake ndherek Ngabekten, yaiku abdi dalem kang duwe pangkat kalungguhan paling cendhek utawa wedana. Dene sangisore wedana isih akeh abdi dalem Kraton Ngayogjakarta kang duwe pangkat kalungguhan, yaiku panewu, lurah, ngabei, bekel, lan abdi dalem kang durung duwe pangkat kalungguhan yaiku jajar. Para abdi dalem kasebut senajan durung dikeparengake ndherek Ngabekten, nanging dikeparengake ndherek sowan palataran, kanthi ageman klambi kurung utawa pranakan lurik warna biru tuwa.
Upacara Ngabekten ing Kraton Ngayogjakarta nganti saiki isih katindakake, nanging ora ateges kraton Ngayogjakarta iku nglestarekake faham feodalistik, nanging kanggo nguri-uri adat kabudayan Jawa kang adiluhung warisaning para leluhur kang mujudake kapribadening bangsa. Jalaran adeging Kraton Ngayogjakarta ing jaman saiki wus ora mujudake punjering paprentahan negara, ewa semana isih dadi punjering kabudayan Jawa kang prelu dipepetri. Mula adeging Kraton Ngayogjakarta kang dumadi saka Ngarsa Dalem, para sentana dalem, abdi dalem iku mujudake saka guru, pilar-pilar lan tonggak tumrap kabudayan Jawa. Dene anane abdi dalem kraton Ngayogjakarta ing jaman saiki ora ateges ngabdi marang ratu, nanging ngabdi marang kabudayan Jawa
SUMBER WACAN
Sempulur, No. 04/1/2002
Mas Fredy Heryanto. 2005. Mengenal Kraton Ngayogjakarta Hadiningrat. Yogyakarta: Warna Grafika.

KERIS NGEMU SURASA CEKELANE URIP

Parung Sari Gajah Singo Mataram 1

Ana ing kabudayan Jawa, keris nduweni kalungguhan kang kinurmat, dudu gegaman rucah, remeh, utawa wantah. Sanjata tusuk iki nduweni wangun lan kaendahan pamor kang ngedab-edabi. Keris uga dadi sarana ganepe budaya spiritual. Ing jaman kawuri, ing madyaning bebrayan Jawa tradisional malah ana penganggep kalamun sawijining priyayi Jawa durung diarani sampurna menawa durung nduweni limang perkara yaiku : Curiga, Turangga, Wisma, Wanita, Kukila.
Curiga, tegese keris tembunge liya dhuwung, wangkingan yen basa kawi katga. Turangga, tegese kuda, titihan utawa jaran yen ing jaman saiki kendharaan. Wisma, tegese omah; wanita maknane garwa utawa bojo. Kukila tegese lugu manuk oceh-ocehan, manawa jaman biyen manuk perkutut, mula ora aneh banjur ana gendhing “Perkutut Manggung”. Maksud tembung simbolik “manuk” mono satemene tumrap priya Jawa tradhisional kudu bisa nangkep sarta ngrasakake kaendahane olah seni utawa nduweni sikep apresiasi marang seni.
Curiga, utawa keris, mujudake lambange priya kang dewasa sarta sentosa amarga uwis landhep lan lantip panggrahitane. Priya Jawa tradhisional kudu : tanggap, tangguh, tanggon, tanggung jawab lan kuwawa ngayomi dhiri pribadhine, kulawarga, nusa lan bangsane.
Ing jaman krajan kawuri, tandha mata kang dhuwur dhewe pengajine iya keris. Bebungah kang banget diantu-antu tumrap para prajurit, perwira sarta abdi dalem iya keris. Awit keris bisa kanggo nitik tataran pangkat lan drajate para prajurit, perwira sarta abdi dalem. Keris kang diagem dening para sentananing ratu mesthi wae beda karo sing diaanggo dening para prajurit, abdi dalem, perwira. Sing beda ora ngemungna wilahane nanging uga ricikane keris, rerengganing keris nganti jejangkepe keris, malah anggone nganggo wae iya beda.
Tataran kepangkatan kang nduweni keris uga bisa dititik saka warangka keris. Warangka keris kang diagem ratu, mesthi wae beda karo warangka kang dienggo tumrap tataran sangisore. Tumrape satriya, kang kalumrah nganggo warangka gagrag kasatriyan. Para punggawaning praja biyasane uga yasa warangka kadipaten. Ana kurang luwih 25 wujuding warangka ing jaman kawuri. Lan warangka iku uga kena kanggo titikan tataraning pangkat kang kagungan. Kepara wewengkon asale keris uga bisa katitik saka warangkane, apa sing kagungan saka Ngayogyakarta, Surakarta, banyumas, Jawa Timur, Madura utawa Bali.
Salah sawijining “keunikan” keris dumunung ana ing ricikane kang ngremit. Awit kabeh gegambaran utawa pralambang ana ing keris (wilahane, warangka, utawa prabote kabeh ngemu pralampita utawa teges dhewe-dhewe).
Saka ukiran utawa deder utawa gagange keris, wus bisa kawruhan tataran pangkat kang kagungan. Tumrap bebrayan Jawa Ana rong gagrag ukiran keris kang manjila yaiku gagrag Surakarta lan gagrag Ngayogyakarta. Saliyane iku uga ana gagrag warangka utawa ukiran njaban rangkah Jawa, kayata Madura, bali, Lombok, sulawesi lan Melayu.
Ing wewengkon Kraton surakarta ing kaman kawuri ana ukiran tungggak semi gagrag paku Buwono utawa Yudowinatan kang mligi diagem dening Ingkang Sinuwun. Pendhok utawa sarunge wilah kanthi werna kemalo abang, ijo soklat lan ireng uga kena kanggo nitik tataran pepangkatane kang ngagem. Kemalo werna abang mligi kagem Ingkang Sinuwun lan sentana utawa saora-orane nayaka praja pangkat bupati. Kemalo werna ijo kanggo para nayaka mantri. Kemalo werna soklat kanggo para bekel utawa administatur madya sapengisor. Dene pendhok ireng diagem para abdi dalem, utawa para kawula cilik.
Ana uga tuladha sawene abdi dalem utawa kawula cilik kang entuk ganjaran utawa paringan saka raja amarga saka labuh labete kang gedhe tumrap negara awujud keris kanthi tinatah mligi. Sawijing tuladha keris kanthi ganja kinatah emas mawa “Kinatah Gajah Singa”, iku paringan Ingkang Sinuwun Sultan Agung Hanyakra Kusuma marang para perwira kang wus kasil numpes Pemberontakan Pragola saka tlatah Pati Pasantenan.

Cara-membawa-Keris

GAMELAN, DHALANG, WAYANG

gamelan

Gamelan

Kapan anane gamelan? Wangsulane para sedulur warna-warna. Ana sing ngendika, gamelan tuwuhe jaman Demak. Ana maneh sing ngendika gamelan lan seni nggamel iku tuwuh jaman Majapahit, jamane Patih Gajah Mada lan rajane. Yen nlusur sarana nitipriksa gamelan kang ana saiki lan sing kalebu gamelan tuwa. Kaya-kaya gamelan sing diarani tuwa dhewe iku, jebule isih kalebu enom , jalaran jaman kuna uga wis ana gamelan. Yen macani prasasti cathetan kuna, candhi-candhi sing umure atusan taun, ing kono bisa katitik anane jeneng-jeneng ricikan gamelan saiki. Uga kalebu buku-buku utawa layang-layang kuna karanBalitung, raja Mataram Kuna, tinulis istilah “padahi”, kang dikarepake tabuhan kang aran “kendhang, tambur, terbang gedhe” . Ing layang kang isi crita tokoh-tokoh Mahabarata sing karacik nganggo basa Jawa kuna, uga tinemu araning tetabuhan kang saiki klebu ewoning gamelan. Crita Mahabarata Jawa kuna ditulis nalika sugenge Prabu Darmawangsa (taun 990 – 1007), raja kedhiri uga akeh tembung araning gamelan kang tinemu ing layang kang ditulis jamane Prabu Erlangga (1019-1042), Prabu Warsajaya (1104), Prabu Jayabaya (taun 1130 – 1160), raja Kadhiri, jeneng unen-unen utawa gamelan iki kayata: beri, curing (klinthing, lonceng cilik), garantung (gambang), gong, gubar (kempul), kangsi (rebab), kemanak, kendhang, ronji(angklung), salukat (saron peking), salunding (gender), suling, tudhung (suling gedhe).

Istilah gamelan asale saka tembung “gamel” (Jawa kuna), tegese “cekel”. Mbokmenawa amarga sawise ditabuh (dithuthuk) banjur dicekel (dipekak) kaya yen nuthuk saron utawa slenthem, barang iku suwe-suwe katelah “gamelan”. Istilah Jawa kuna-ne “tabeh-tabehan”, lan ana manes istilah “tamara”. Tembung “tamara, tamra”, Jawa kunan-ne ateges “tembaga”. Gamelan iku biyen-biyene kagawe saka “tamra” (tembaga). Ana maneh gamelan kang digawe saka kuningan, basa Sansekerta-ne “kamsa” owah dadai “gangsa”, kang sabanjure dadi tembung kramane (dasanamane) tembung “gamelan”. Ana maneh istilah “pradangga” tumrap gamelan. Basa Jawa Kuna-ne “mredangga”, yaiku araning tabuh-tabuhan kang memper kendhang gedhe, tambur.

Wayang

wayang

Ora biyen ora saiki, gamelan ana gandhenge karo kesenian wayang, karawitan, niyaga, sindhen, lsp. Tembung “wayang, ringgit” wis ana wiwit jaman kabudayan kuna. Ing layang Ramayana ing kono ana istilah “mawayang, angringgit”, tegese “mayang”. Sing sok mayang sebutane “widu”. Kajaba mayang widu uga bisa nggamel lan ngidung (nembang). Sing gawene mayang saiki diarani dhalang. Istilah dhalang wis tinemu, apese wiwit jaman Kedhiri, kamot ing layang Kresnayana, katulis jamane Prabu Warsajaya. Istilah “dhalang” iku jenenge abdine Bima, kasebut ing layang Nawaruci (jaman Majapahit). Abdine Bima ana loro, yaiku Semar lan Dhalang. Abdi iku kuwajibane momong Bima lan nyathet piwulange para resi gurune Bima.

Ing layang Arjunawiwaha, karangane Empu Kanwa, jamane Airlangga (1019 – 1042), tinemu syair Jawa kuna kang diarani “kakawin”. Ing sajroning kakawin sapada ngandharake mangkene : “Ana wong padha nonton wayang (ringgit), padha nangis lan sedhih. Wong-wong iku ora ngerti (rumangsa), manawa wayang iku mung wujud lulang diukir, bisa obah lan guneman. Ora ngerti obah lan gunemane iku mung semu”. Ing layang Sumanasantaka karangane Mpu Monaguna, nalika jamane Prabu Warsajaya, raja Kadhiri, nyaritakake nalika Pangeran Aja (putra raja Ayodya, bapakne Dasarata, embahne Rama) kawisudha, wong-wong kang padha rawuh ing panggung jumeneng kaya wayang dijejer (disimping).

Pangripta layang Jawa kuna kang mawa irah-irahan Partayadnya, isine nyaritakake Arjuna mangkat lumaku menyang pertapan ing guwa kang dumunung ing gunung Indrakila, nyritakake pasawangan ing alas: Wit-witan jejer-jejer, sinawang kaya gelaring wayang, langit minangka kelir, srengenge minangka blencong, angin sing ngobah-obahake.

Niyaga, Karawitan, Sindhen

yaga

Istilah “niyaga” sakawit ateges “panggamel”, wong sing nabuh gamelan. Tembung “niyaga” utawa “nyaga”, tegese “panuntut laku”, “panganjur” (L. Mardiwasita), “sing main gamelan” (Prof.Dr. P.J. Zoetmulder). Tembung “niyaga” saiki owah dadi tembung “wiyaga”, sing tegese “panabuh gamelan”

Tembung “karawitan” Jawa kuna asale saka tembung “rawita”. Tembung “rawita” asale saka wod “raw”, tegese “ywara, muni”. Dadine tembung “rawita” tegese nyawa utawa muni uga. Saiki dadi istilah “karawitan” Jawa anyar, kang karepe ngemu teges “samubarang kang magepokan karo seni swara”, mligine swaraning gamelan.

Istilah “gending utawa ganding” (diwaca: “gendhing”), uga wis tinemu ing prasasti kuna, lan buku-buku Jawa kuna. Dene “gending” iku sawijining piranti (instrumen) kang muni sarana dijimpit driji utawa dimainake dening tangan. Mula ana istilah “ganding rawanahastha” , “tegese gendhing muni karana tangan” Lan Gendhing Rajaswala. Saiki akeh banget araning gendhing kang sesambungan karo unining gamelan.

Tembung “sindhen”, Jawa kuna “sindhen”, asale saka tembung “sindhi” oleh panambang –an. Tembung “sindhi”, tegese “pasemon”, Indonesiane “sindiran”. Sindhen Jawa kuna cakepane isi pasemon lan dhapur kakawin utawa saloka (seloka/sloka) isine memper karo paribasan, bebasan, saloka, lsp.

Ing basa Jawa kuna uga ana istilah “uyu, manguyu”, tegese “muni sing ora ana lerene”. Upamane swaraning kombang, mbrengengeng ora ana pedhote. Ing jaman saiki ana pahargyan manten uga asring keprungu “gendhing manguyu-uyu” kanggo ngurmati rawuhe para tamu.

Kanthi landhesan kang kabeber ing ngarep, bisa dijupuk dudutan : Ing kabudayan Jawa kuna wis dikenal anane piranti (instrumen) kang saiki diarani “gamelan” Budaya pawayangan uga wis ana, lan pakelirane. Saperangan istilah kuna teka saiki isih urip.

ETIMOLOGI TEMBUNG MANTEN

man

Aja maneh kok wong umum, wong sing ora pati dhong ketha-kethune wong mantenan. Klebu tamu-tamu sing mung rawuh jagong, absen, kithing-kithing ngasta kadho, dhahar, terus kondur. Bubar salaman karo mantene, njur byur-nyebar menyang daleme dhewe-dhewe. Apa hikmahe jagong manten, ora dibundheli. Ora ana sing nyanthel babar pisan. Paling mung kelingan mantene mau jian ….. uayu, lan baguse uleng-ulengan. Wis! Mgono iku lumrah, selagine kang duwe gawe mantu bae durung karuwan menawa damang surasane “manten”

Malah kepara tukang ular-ular manten, sa-MC-ne pisandurung mesthi bisa ngudhari kanthi gamblang tegese “manten”. Akibate ora mokal yen mantene dhewe uga “Jas bukak iket blangkon, sama juga sami mawon, alias babar blas ora dhong”. Kaladuking panemu, lha wong sing tau dadi manten wae ora ngerti maknane istilah “manten”, apamaneh wong kang durung dadi manten. Tembung “manten” ana sing negesi kanthi jarwa dhosok “teman (kanca) sing dienteni. Teman mono karepe kanca urip. Urip bebrayan sing tansah dianti-anti. Kanca urip bebrayan durung dianggep sah yen durung dadi manten. Mula wis samesthine yen manten antuk kalungguhan istimewa ing jagading urip bebrayan, omah-omah. Malah swargi Mukidi Adisumarto dhosen Basa Jawa IKIP Yogyakarta (saiki UNY) paring pratelan menawa manten kuwi klebu salah sijine prastawa urip kang wigati. Amarga klebu prastawa kang “aji”, banjurana kang duwe panemu manten mono minangka “galenganing urip” (watesing urip/batas hidup). Dadi lantaran manungsa anggone bakal mlangkah marang donya sabanjure.

Van Gennep ing buku “Les Rites de Passage” (Jaya Baya nomer 20, 1990) mratelakake : Ing urip bebrayan kuwi ana lelakon kang diarani “rites de aggregation”, ”Upacara miwiti urip anyar”, kayata manten. Dadi bisa dipahami manawa urip sadurunge dadi manten, kalebu tataran urip lawas. Lire urip sing isih gumantung marang wong liya, yaiku wong tuwa. Dene urip sawise dadi manten klebu urip anyar, lire kudu bebadra dhewe, urip mandireng pribadi, urip anyar kang kebak tantangan abot.

Manten uga kena diarani “srana mlangkah urip kang kukuh bakuh” Urip sentosa, ora gampang katrejang angin, bebasane. Jalaran madeging bale wisma dilambari pangiket talining katresnan. Bab iki laras karo firman Allah SWT ing Surat Adz Dzaariyaat ayat 58 :

q Innallaha huwar razzaku zul kuwwatil matin(matinu). Satemene Allah SWT iku dzat kang paring rejeki sing duwe kekuwatan pengkuh bakuh, santosa [QS. ADZ DZARIYAT 51:58] Landhesan ayat ing dhuwur, bisa dinuga yen tembung “manten” iku ingsetan saka basa Arab “matiin”. Kajaba iku, S. Prawiroatmodjo ing Kamus Kawi Jawa, mratelakake tegese tembung “anti” (diarep-arep/ dienteni) lan tembung “antya” (kaluwih-luwih/banget). Manawa istilah “manten kuwi kapirid saka tembung “anti” lan “antya” kirakku ya ora adoh banget. Amarga jejering manten iku tansah banget dienteni, diantu-antu dening sapa bae.

Prof. S. Wojowasito ing Kamus Kawi – Indonesia negesi tembung kang memper karo “manten” yaiku “mantwa, mantya, mantyan” sing tegese: “sateruse”, karepe manten kuwi kanggo urip salawase, yaiku urip ing donya tekan akherat, kaya yen ana ing jagading pakeliran prasapane Dewi Setyawati marang Prabu Salya ya Narasoma anggone nglabuhi tresna saka donya prapteng delahan. Tembung telu mau uga cedhak karo seratane WJS Poerwadarminto ing Bausastra Jawa, kaca 183 yaiku tembung : “kamantyan, kang mingsed dadi “kemanten”. Tembung “kamantyan” mono dumadi saka tembung “kama + antya + an. “Kama”, tegese tresna (love), “antya”, tegese pungkasan utawa kaluwih-luwih. Gerbane “kamantyan” duwe surasa “tresna kang pungkasan, tresna kang kaluwih-luwih”

Wong kang mantenan asring disebut duwe gawe “mantu”. Durung ana alesan sing pas bab hubungane istilah “manten lan matu”. “Mantu” bisa ditegesi kanthi jarwo dhosok: sing dieman-eman wis metu. Lire ing jaman biyen bocah wadon iku disengker utawa dipingit, bareng uwis dadi manten lagi oleh metu. Manawa tembung mantu lan manten digathukake, katone ngemu surasa menawa manten kuwi pinangka sarana ngluwari sengkeran kanggo nempuh brayat anyar, nempuh urip salawase, sateruse. Mung wae teges ngono mau isih dhapur gagap-gagap. Kiraku isih ana surasa kang luwih trep lan mathis. Sapa kang bisa ngudhari? Perlu lho, kareben calon manten, mantan manten, tukang ular-ular, lan MC dhong tenan. Wasana, “Dadi manten iku seneng, nanging aja seneng dadi manten”

NGLELURI LESTARINING BUDAYA JAWI

 Amrih kabudayan Jawi tansah ngrembaka lan lestari tuwin saged paring sumbangsih ing jagading pariwisata kaajab sedaya warga masyarakat kadosta: paguyuban seni budaya saking tataran dhusun, desa, kalurahan, lan kecamatan, kalebet bebadan ingkang tansah nggilut ing jagade seni kabudayan Jawi, lan pawiyatan-pawiyatan saking tataran SD, SMP, SMA punapa dene PT ing saindhenging laladan Propinsi DIY kedah cancut taliwanda, gumregah ndherek nyengkuyung pembangunan seni kabudayan.

Para panggilut kabudayan Jawi  rumaos prihatos, menawi ing titi wanci punika sakperangan warga, mliginipun para kaneman lan siswa SD, SMP, SMA  punapa dene mahasiswa sampun boten saged ngginakaken basa Jawi alus, ingkang linandhesan unggah-ungguh lan subasita. Sejatosipun boten namung basa Jawi kemawon ingkang tansaya susut masyarakat panyengkuyungipun, nanging ugi basa dhaerah-basa dhaerah sanesipun nasibipun ugi sami.

Manut asiling panaliten UNESCO, saben tahunipun wonten 10 basa ing donya ingkang cures jalaran kecalan masyarakat panyengkuyungipun. Dene basa Jawi yektosipun taksih kalebet aman awit tumeka ing titi wekdal sapunika basa Jawi taksih dipunginakaken dening cacah jiwa 77,75  yuta, Madura: 13 yuta, Minangkabau : 6,5 yuta, Bali : 3,8 yuta, Bugis: 3,5 yuta, Aceh: 3 yuta, Betawi: 2,7 yuta, Sasak: 2,1 yuta, Batak Toba: 2 yuta, Makasar: 1,6 yuta, lan Batak Dairi : 1,2 yuta.

Para panggilut kabudayan Jawi nggadhahi idham-idhaman , supados jagading seni kabudayan saged sakalangkung majeng, Dinas Kabudayan DIY enggal-enggal nindakaken paniti priksa wonten ing desa-ngadesa, makarya sesarengan kaliyan Dinas kabudayan Kabupaten  Kota sa DIY saperlu damel rancangan tuwin kegiatan. Punapa dene paring dana beya, pelatihan-pelatihan, kalebet ngadani pagelaran seni budaya. Ngayogyakarta ingkang kaloka pinangka “Kota Budaya”, punjering kabudayan Jawi saestu sugih maneka warni seni tradhisional ingkang saged mimbuhi kuncara pinangka papan plesiran wisatawan dhomestik punapa dene wisatawan manca negari.

Wohing kabudayan Jawi ingkang sampun meh kasilep, kepara kerut kabuncang awit pangaribawanipun globalisasi saged kadhudhuk saha kadhudhah malih pinangka atraksi budaya kangge nyugata para wisatawan,  kadosta kesenian rakyat: Nini Thowok, Kethek Ogleng, Andhe-Andhe Lumut, Dhadhung Awuk, Montro, Kuntulan, Ndolalak, Jathilan, Rodat, Kethoprak, Rinding Gumbreng saking Gunungkidul lan sanes-sanesipun. Kalebet atraksi dolanan tradisional, kadosta Gobag Sodor, Jethungan, Benthik ingkang ngandhut nilai-nilai kearifan lokal.  Upacara-upacara tradhisional ingkang mirunggan kados dene Upacara Cembengan ing Pabrik Gula Madukisma boten namung dipunpriksani warga masyarakat ing sakiwa tengenipun Pabrik Gula, nanging ugi para wisatawan ingkang plesir ing tlatah Ngayogyakarta. Sedaya wau menawi tansah dipunkupiya amrih gesang lan ngrembaka temtu saged mimbuhi kuncara lan ajuning perekonomian rakyat.

Magepokan kaliyan pawartos, seni bathik, Reyog lan Lagu Rasa Sayange ingkang dipundhaku Malaysia, temtunipun para panggilut kabudayan Jawi mliginipun kedah  boten namung dipun-sikepi  rumaos prihatos, ananging kadadosan punika wau malah saged sarana mawas dhiri tumrap bangsa Indonesia. Pramila boten namung nglepataken tiyang sanes, menawi kita ingkang anggadhahi kemawon kirang marsudi lan ngleluri. Nanging rahayunipun ing tahun 2009 bebadan dunia UNESCO sampun netepaken bilih bathik pinangka budaya asli kagunganipun bangsa Indonesia. Malah saderengipun UNESCO ugi sampun ngakeni lan mbiyawarakaken  bilih Dhuwung lan Ringgit wacucal purwa pinangka “Warisan utawi “Pusaka Budaya Dunia”. Kanthi kanyatan punika kedahipun kita jejering tiyang Jawi lan bangsa Indonesia boten namung rumaos mongkog, nanging ugi sengkut gumregut, makarya saeka kapti ndherek nyengkuyung lan mekaraken lestarining kabudayan Jawi.

(Saking maneka sumber)

PELEPASAN SISWA KELAS IXIMGP1281IMGP0241image201205250001monas 1pantai10

Apresiasi Tembang Macapat

Apresiasi Tembang Macapat

 
4 Komentar

Ditulis oleh pada Maret 27, 2012 in Uncategorized

 

4 responses to “GAGASAN

  1. Subandi, S.Pd

    November 2, 2012 at 9:52 am

    sugeng pitepangan Pak, wak blogipun sae menika

     
    • sdwijosusastro

      Januari 18, 2013 at 1:50 pm

      Matur nuwun jempolipun Mas Bandi, Langkung sae kagungan panjenengan Mas Bandi

       
  2. Juni Putra Nugraha

    Januari 21, 2013 at 3:55 pm

    Sugeng pinanggih malih Pak Jarno….. Sampun sawetawis dangu mboten pinanggih

     
    • sdwijosusastro

      Januari 22, 2013 at 12:17 pm

      Sugeng pinanggih Mas Juni, kados pundi kabaripun, taksih wonten Putat?

       

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
%d blogger menyukai ini: