RSS

Geguritan

UNDUH POWER POINT GEGURITAN 1

Lepasna jemparingmu Sri Kandhi
Kareben pucuking nyigar lan nyucup getihku
Aja rangu-rangu
Marga kowe dudu wanita kang tuna gumelare emansipasi

Pangrasane Sri Kandhi kesilep pedhut
Elingku ngiris brambang ajur sawalang-walang
Aku kudu mundur ora kepenak
Ayo Sri Kandhi,……..
Kowe lan aku madeg senapati ,
Adhepana Bisma …….
Wong tuwa kurang pakra kang njalari pletheking Baratayuda
Kurusetra malih kumenclang
Bisma terus ngrangsag
Rikmane putih,
Jubahe putih
Atine putih……..
mega-mega ing langit wus kebag langes
Sri Kandhi kekes menthang gendhewa
Kapanjingan Dewi Amba:
“Bisma jaman kawurimu bakal dadi mala”
Bisma gumebrug rikmane putih abang getih
Ati putih kebak getih
Bisma bisane mung njerit lirih : Ibu, aku mung netepi janji lan ngurmati ajining dhiri

Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale saka tembung gurita , tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita. Tembung gerita linggane Gita, tegese tembang utawa syair.  Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang warna-warna wujuding dhapukane (Subalidinata, 1994 : 45) Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangrakiting tembung, werna-werna araning geguritan, kaya ing ngisor iki:
Syair rong gatra sapada = gita dwigatra

Pangajab
Atimu kang wingit mara selehna ing dhadhaku,
atimu kang wengis mara tumpangna ing tanganku.
Priya kang tansah ngulandara mara nyedhaka,
ing tanganku tumetes anyesing banyu sih sutresna.
Angin bengi angining pangayoman,
mara nyedhaka ing samubarang tumandukmu.
Priya kang tansah ngulandara,
ing kene ana halte pungkasan.
(Napsiah Sastrasiswaja, Djaja Baja: XVIII No. 28, 16)

Syair telung gatra sapada = gita trigatra

Anak
Kemandhange kaluwarga
kang ngasri bawana
klawan warna rupa bedhekan.
Iya berkah paringe pangeran
tali-talining karep lan katresnan
kang nyancang marang alam kasunyatan.
(St. Iesmaniasita, Mekarsari: XI No. 16, 1967)

Syair patang gatra sapada = gita catur gatra

Wengi
nganti adoh parane kasepen nggilet donya,
dikembangi sunare rembulan tanggal tuwa,
dumelung nglangut asu mbaung,
wengine sangsaya liwung.
(Eddy D.D., Djaja Baja XVIII, 1964:16)

Syair limang gatra sapada = gita panca gatra

Lintang-lintang
lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu
lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan
(Suharmono, Jaya Baya. XXXI, 1977:26)

Syair nem gatra sapada = gita sadgatra

Tresnaku marang Dasih
Sanadyan kaya ngapa kerut samirana
kabuncang ing pangumbara
semine pucuk-pucuk mlathi
tansah dakanti awan bengi
kanthi donga panyuwun
marang rama ibu lan Gusti
(Trilaksita, Djaja Baja. XIX No. 42:24)

Syair pitung gatra sapada = gita sapta gatra

Tapel Wates
Apa bakal kokpasrahake jembaring dhadhamu,
pinangka wedaling tresna,
urip rak mung sak mampir ngombe,
ana janji-janji sing durung tinebus bali,
putihing mlathi lan wengi
biruning tresna lan ati,
sarta kijinging nini-nini
(Trim Sutidjo, Djaja Baja. XIX No 4:24)

Syair wolung gatra sapada = gita hastha gatra

Ing Sihing Gusti
Mitra aja uwas atimu,
nadyan neng tepining jurang,
weteng-wetyeng sing muntir ora dipikir,
ati ngedhap ngelingi urip sesuk,
lan saya badhege jaman edan,
sokna atimu mitra!
ing sihing Gusti
ing sihing Gusti
(Soejono, Djaja Baja. XIX No. 27, 1965:24)

Syair sangang gatra sapada = gita nawa gatra

Jakathole
Aku iki pangumbara saka sabrang kidul,
ing Madura ngupaya lurung agung,
tumuju marang jangka sejarah,
klawan jangkah angarah candhi madu repolusi,
aku iki turunmu tunggal bumi
o, Jakathole pecutmu nggugah semangat,
siniram amis getih papa anjerit kataman duhkita,
Jakathole, aku antuk waris teguhing jiwamu,
arep dakbektekake marang nusa bangsa.
(Anie Soemarno, Djaja Baja. XIX No. 4:24)

Syair dhapur sonata

Supitan Bali
Ombak kocak kimplak-kimplak
prau layer milir alon alesu
nangkodha gita agiyak-giyak
lelagon lagu seru keprungu
Plampung kampul kompal-kampul
pindha anak lunjak-lunjak
suka surak girang gumuyu
weruh bapak mbopong iwak
Lampu-lampu menara kelap-kelip
Netrane Raden Bantrang Dewi Surati
Laut iki supitan Bali
Watese tanah Jawa Bali
Laut iki supitan Bali
patemone kabudayan Jawa Bali
(Prijanggana, Djaja Baja. XVIII No. 18: 15)

Syair bebas

Cobaning Urip
Jroning urip aku nate ngalami
lelakon kang gawe ngunguning ati
Ana sawijining paraga
temene aku ora nate kandha
uga ora nulak sihing sapadha-padha
nanging ya gene ora kuwawa nampa
Isining ati kawedharake marang aku sawiji
apa aku ora andarbeni
rasa nyawiji
aku ora ngerti . . . .
Apa dadine
kanyatan ora marengake
lan aku tansah percaya
yen kuwi mung sawenehing coba
Urip kuwi mung saderma
dadi pelaku ing madyapada.
(Cece Atmaja, Panjebar Semangat. XLIII No 34:14)

GEGURITAN GAGRAG LAWAS – GEGURITAN GAGRAG ANYAR

Kapirid saka wujud lan isine, geguritan iku bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas utawa geguritan tradhisional lan geguritan gagrag anyar utawa geguritan modern.
Geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional) iku darbe paugeran mangkene:
Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.
Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda.
Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara (kaya syair ing  Kasusastram Indinesia.
Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit.
Geguritan gagrag lawas lumrahe isi piwulang : Upamane bab tatakrama

Tuladha Geguritan Gagrag Lawas

Sun Gegurit
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati

Yen manut wasiteng kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wasanane tibeng papa

Dene geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya paugerane geguritan gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing kasusastran Indonesia , mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”. Ananging owah-owahan saka geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku R.Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra.Mula yen dititi kanthi premati geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren nduweni titikan:
a.    Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.
b.    Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.
c.    Sajak pungkasan mardika/bebas
d.    Isine mentes.
e.    Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa .
Babagan kang abot saka geguritan, yakuwi: tema, pamilihe tembung utawa diksi, sarana retorika, lan amanat utawa pesen kanggo pepeling marang wong kang maca. Tema yaiku idhe baku utawa pikiran baku kang dadi dhasare geguritan iku. Diksi iku dudu mung pamilihe tembung kang dianggo ing geguritan iku, nanging uga perkara frasaologi lan gaya bahasa. Frasaologi nyakup perkara tembung-tembung ana ing tatanane. Dene gaya bahasa iku bagean saka diksi kang duwe nilai artistik. Gaya bahasa iku perkara kepriye nulis lan nggunakake tembung-tembung kanthi endah lan merkaraake cocok orane tembung, frasa, lan klausa kanggo nggambarake kaanan tartamtu. Dene sarana retorika yaiku alat kanggo ngungkapake kanga arep diandharake ana ing geguritan iku..
Geguritan akeh kang ngemot surasa luhur, kanthi mangkono bisa diarani sastra adiluhung. Ing ngelmu kasusastran Yunani, bab iki bisa nduweni fungsi dulce (kaendahan) lan fungsi utile (kagunan/paedah). Salah sawijining wohing kasusastran kasebut endah lan becik yen fungsi kekarone mau bisa nyawiji, yaiku endah yen diwaca lan migunani tumrap budi pekertining wong kang maca utawa ngrungokake

Maca Geguritan
Kang kudu digatekake nalika maca geguritan 4 W, yaiku:
a.    Wicara  = pocapan/lafal
Nalika maca geguritan pocapan kudu cetha, ora groyok, blero utawa mangu-mangu.
Kudu bisa  ngucapake aksara kanthi bener tuladhane mbedakake aksara a/o, t/th, d/dh,
e taling (tempe)/ e  pepet (seger) utawa e ing tembung krempeng, lsp.
b.     Wirama = irama/lagu
Iramaning wong maca geguritan  bisa pinangka pandudut (daya tarik) wong kang
ngrungokake.
sora utawa lirih iramane kalarasake karo isining geguritan. Geguritan kanthi tema
perjuanga mesthi wae beda karo maca geguritan kang isi kasmaran utawa kasusahan.
c.    Wiraga = solah/gerak, pasemon/raut muka
Obahing badan lan pasuryan (rai) kudu digatekake kudu luwes (ora kaku) lan aja
nganti katon  digawe-gawe.
d.     Wirasa = penjiwaan
Wirasa kajumbuhake karo isining geguritan umpamane : nesu, gumbira, susah,
kejem, wibawa, Getun, lsp.

Carane ngagancarake geguritan :
1. Ukara-ukarane tembang utawa geguritan kang mawa tembung baliswara kudu
diudhari, dhapukane ukara kawolak-walik.
2. Menawa ana tembung kawi (tembung Jawa kuna) kudu diowahi dadi tembung
Jawa anyar kang lumrah dianggo utawa dirungokake sabendinane.
3. Menawa ana tembung garba (tembung sandi) kudu diudhari.
4. Kanggo nglarasake ukara supaya ora kaku bisa mbuwang utawa ngilangi
tembung sawetara. Mangkana uga tumrap ater-ater lan panambang.
5. Pada/bait kang sakawit wujud bait-bait, kaewahana dadi paragraf kanthi
ejaan kang bener. Nggatekake titik, koma, tandha pitakon, tandha prentah,
lan sapanunggalane.
 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: