RSS

BUKU

Ing ngisor iki araning wit-witan sawatara kang wit godhonge, utawa kêmbang, pêntil wohe, apadene klika oyode duwe aran dhewe-dhewe, kaya ta: Injên-injênan, godhonge yèn ginawe tômba aran: dingkik

Arèn, kêmbange: dangu. Kêmbang arèn tumangkul anèng padurèn, sadangune kula. wohe kolang-kaling. Bungkusing wit: duk, kang agal aran: suwa, kang gêdhe kêna ginawe kalam, lugute: kawul, kêna ginawe piranti êmpan-êmpaning gêni panithikan.

Asêm, wohe kang isih nom aran: cêmpaluk, godhonge aran: sinom, Nipah, kêmbange: dongong. Kêmbang nipah sumêbar têngahing sawah, dongong bae ing pacake.

Nôngka, kêmbange babal, babal matêng aran: madu kucing. Wohe kang isih cilik: tèwèl (= katèwèl) kang wis rada gêdhe: gori.

Cipir (= kacipir) godhonge yèn ginawe tômba aran: cêthèthèt . Cêguk, godhonge yèn ginawe tômba aran: sriwadani.

Randhu, godhonge yèn ginawe tômba aran: sêmarakandhi. Sawênèh ana kang ngarani baladewa. Kêmbange: karuk.

Kunci, êbunge: boros. Êbung kunci cinacah anggung pinrinci, boros bae.

Kêncur, kêmbange: sèdhêt. Kêmbang kêncur kacaryan agung cinatur, sèdhêt kang sarira

Krambil (Ngoko). klapa (Krama) . Wite: galugu, godhonge: blarak, pupuse: janur, kêmbange: manggar, yèn durung anjêbrol aran: patrêm, angkuping patrêm: mancung, gagange: dolèr, pêntile: bluluk, yèn wis isi banyu: cêngkir, yèn wis wiwit isi lamat-lamat aran: kêmringêt, banjur: kêmêruk buntut, banjur: dêgan, dawêgan, banjur kêmendho utawa gêmobor, banjur kiring utawa garing, tutuping gantilan krambil aran: kêcèr, kulite: sêpêt, cangkoke ing jêro: bathok, bungkusing wit: tapas, pange: papah, yèn wis ana ngisor sarta wis dikêthoki aran: bongkok, cringihing papah: sada, iya iku kang katuwuhan godhong: blarak.

Kuwèni, pêntile aran:gêndheyo.

Kelor, godhonge yèn ginawe jamu aran: limaran

Kluwih, kêmbange: ontèl, utawa: onthèl, wijine utawa bêtone aran: bêthêm.

Kopi, kêmbange: blanggrèng.

Kapas, kêmbange kapi. Kêmbang kapas pinêpês anggung pinapas, kapidêrêng kula.

Kimpul, godhonge: lumbu, kêmbange: pancal

Asmarandana:

Sêkar lumbu kula yayi / êgong alit wêwayangan / pancalên bojomu anggèr / payo kumpul dhêdhewekan / dika kalawan kula / dika ganggêng kula lumut / awèta dhèncèng-dhencengan //

Durèn, kêmbange: dlongop. Kêmbang durèn sinawang sinambi lèrèn, dalongop kang warna

Turi, godhonge yèn ginawe tômba aran: pêthuk.

Timun, pêntile aran: sêrit.

Têbu, kêmbange ? pupuse aran: glêgês. Pupus têbu dèn udud kukuse mambu: glêgas glêgês pangrimuke

So, kêmbange: ucêng, pêntile: kroto, wohe: mlinjo, klikane: bago, godhong lan wite padha aran: so, utawa: mlinjo.

Suruh, kêmbange: drèngès. Kêmbang suruh balasah saengga uwuh, drengas-drèngès pangucape

 Salak, kêmbange: kêthêkêr. Kêmbang salak sinêbar anèng bêbulak, kathêkêran pangarahe

Sêmôngka, yèn isih nom aran: plonco.

Wuni, godhonge yèn ginawe tômba aran: mojar

Widara putih, godhonge: trawas, kêmbange: rêjasa, wohe: anyang, wite kinêrok kêna ginawe: pilis lan borèh, godhonge ginawe mamah-mamah wong wadon kang mêntas duwe anak, wohe ginawe jamu wong lara nguyuh, mung kêmbange kang ora kanggo.

Laos, êbunge aran: gêdrug. Êbung laos ginuwang ginawe saos, gêdrag-gêdrug tênagane

Lombok, godhonge yèn ginawe tômba aran: sabrang

Pandhan, kêmbange aran: pudhak. Kêmbang pandhan mawur sumêbar nèng jogan, tumêdhak paduka, wohe: pandhoga.

Pace, kêmbange: cêrwètèh, oyode: kudhu.

Pucung, wohe kang isih nom: menje, yèn wis tuwa: kluwak.

Pare, godhonge yèn ginawe tômba aran: tundhung.

Pakèl, pêntile: gêndheyo = kuwèni.

Pête, kêmbange: pêndul . Kêmbang pête sinambung rinante-rante, kongsi pêndul panangise

Pête lanang aran: pêtêt.

Puyang, pupuse: lirih. Pupus puyang rinajang dadi sadhulang, ngirih-irih panyêdhake .

Jarak, godhonge yèn ginawe tômba aran: blêdhèg.

Jati, jati nom aran: dholog, kêmbange: jangglêng. Kembang jati sinebar ngubengi panti, anjanggleng kawula.

Jambu, kêmbange: karuk.

Jambe, wite: pucang, pupuse: dêdêl, kêmbange: mayang, pêntile: blêbêr, wohe: jambe, yèn wis tuwa: jêbug (dêdêl) mayang

Jagung, wite: têbon, wohe kang isih nom: mênir, yèn wis tuwa: jagung, siwilane: jantenan.

Jengkol, kêmbange jêring (bangun jring), kêmbange: cuwis. Kêmbang jêring pinêthik ambune manjing, angêcuwis mring tanggane

Manggis, kang isih nom: blibar.

Gêdhang, wite: gadêbog, kêmbange: tuntut. Kêmbang kang ana sapucuking gêdhang aran: paran, anake = trubusane: pokal, pupuse kang isih luminting ana sing ngarani: dêdêl = jambe.

Bêsusu, wohe kang dhuwur: bêngkowang, yèn pinangan matèni, dhangkèle kang aran bêsusu.

Blimbing, kêmbange: maya . Kêmbang blimbing pinêthik bali ing têmbing, maya-maya sira.

Araning wit maya ing alas = kayu taun, saka palapurane abdi dalêm Mantri Narawrêksa Ngabèi Wrêksakadoya sarta Ngabèi Wrêksakaroya kaya ing ngisor iki:

Asêm krandhi, rupane kaya kayu trêmbêsi, wohe kaya kara, nanging rasane pait, ora kalap gawene.

Nagasari, wite aran: naga, kêmbange: sari, wohe: gandhèk cebol.

Randhu alas, kêmbange kaya kêmbang waru, wijine aran: klênthêng.

Kêndhal, kêmbang wijine ora kasumurupan jênênge.

Grasak, rupane mèmpêr rêmpêlas, mung beda rêmpêlas, godhonge kasab, grasak: alus.

Kadoya rupane mèmpêr surèn, mung beda kadoya godhonge ciyut, wohe cilik.

Kusambi, wite kaya wit jengkol, wijine aran: kêcacil, kêna pinahat dadi lênga damar, yèn ginawe anggêgorèng: ngêndêmi.

Kusambi wadhak, rupane iya kaya kusambi kacèk godhonge rada ômba,  wohe nganggo ri, rasane lêgi tuntung langu.

Klampok, araning kêmbang woh sarta wijine durung kasumurupan.

Klampis, wite abang sêmu kuning, wohe aran: gontang, wijine: ale.

Kêpoh, wohe utawa wijine aran: jangkang, kêmbange abang durung kasumurupan arane.

Kudhu kêras, kêmbang woh sarta wijine kaya pace, arane durung kasumurupan.

Kêmlaka, araning kêmbang woh sarta wijine durung kasumurupan.

Dinding, mèmpêr kaya kayu têkik, mung kacèk godhonge rada ômba, wohe gèpèng kaya kêmlandhingan.

Dlingsên, araning kêmbang woh sarta wijine durung kasumurupan.

Tutup, mèmpêr sênu, mung kacèk godhonge kang bongkot buntu, kaya godhong trate.

Talok, kêmbang sarta wohe kaya gandri.

Tangkil = so alas, têgêse: so tuwuh ing alas, nanging godhonge ora enak kinêla dening ora tau diundhuh, rasane langu.

Siwalan, kêmbange kaya manggar, wijine aran: kêling.

Sêmpu, araning kêmbang woh sarta wijine durung kasumurupan.

Sêgawe, kêmbange kaya kêmbang waru, ora duwe woh.

Sengon, kêmbang woh sarta wijine kaya kêmlandhingan, nanging luwih cilik, sanadyan wite gêdhe.

Wuni, kang akèh tuwuh ing alas, dadi wuni iku kalêbu kayu alas.

Wêru, mèmpêr kaya têkik, mung kacèk godhonge ômba, wohe gèpèng kaya kêmlandhingan.

Wringin, pancèn kayu alas dawa umure.

Walikukun, kêmbange kaya kêmbang tanjung.

Wungu, kêmbange wungu, diarani wit wungu.

Lanang, godhonge aran: tangan kêmbange kaya kêmbang kêcubung, wohe kaya kara loke, nanging kacèk irêng sêmu abang.

Lanji, mèmpêr kaya Walikukun, nanging wite abang sarta lêncêng.

Laban, araning kêmbang, woh sarta wijine durung kasumurupan.

Prèh, ora ana bedane pisan-pisan karo waringin, nanging ora duwe sulur.

Pring alas, cilik-cilik, kêmbange aran: krêsêg.

Plasa, kêmbange abang, aran kêmbang: jalak.

Pilang, kêmbang woh sarta wijine kaya klampis, mung beda kayu pilang putih, kayu klampis abang sêmu kuning.

Dhunung, araning kêmbang woh sarta wijine durung kasumurupan.

Dhadhap ri, kalêbu kayu alas, kêmbange aran: kêcèlung, wijine aran: kledhung.

Jaha, ora duwe kêmbang, banjur katon woh bae, iya aran: jaha.

Jênar, rupane mèmpêr kêmuning, nanging wite abang, kêmbange kuning.

Jaran, mèmpêr kaya blimbing wuluh mung beda wite putih sarta godhonge rada ômba.

Janglot, mèmpêr kaya walikukun, nanging wite putih.

Gandri, araning kêmbang woh sarta wijine durung kasumurupan.

Gêmpol, araning kêmbang wohe durung kasumurupan, wijine aran: kêpil.

Gambiran, rupane mèmpêr wit bulu, wite putih sêmu abang, kasap sarta nganggo sulur.

Bêndha iku kalêbu wit alas, kêmbang woh sarta wijine padha kaya kluwih mung kacèk sêmu abang.

Bulu, araning kêmbang woh wijine durung kasumurupan.

Baga, mèmpêr kaya kayu sêrut, nanging wit pange padha mawa ri.

Sumber : http://www.sastra.org/bahasa-dan-budaya/62-adat-dan-tradisi/596-bauwarna-padmasusastra-1898-205-jilid-24-wa-

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: