RSS

Sengkalan

I Sêsorah Bab Sangkalan

 

Tiyang Jawi punika kathah ingkang rêmên damêl sangkalan, kados ta kasêrat wontên ing gapuraning pemahan utawi kuburan, sanginggile korining griya utawi cungkup, sapanunggilanipun. Punapadene sêrat-sêrat waosan Jawi, mèh sadaya wontên titi môngsa ing panyêratipun, mawi sangkalan.
Sangkalan ugi kawastanan Côndrasangkala, punika pèngêtan etanging taun mawi ukara utawi ungêl-ungêlan, botên mawi angka. Prêlunipun dipun pèngêti mawi ukara punika supados gampil anggènipun ngèngêt-èngêt, sarta botên sagêd ewah. Awit manawi ewah sakêdhik kemawon, lajêng santun suraos, sarta lajêng kraos nyêngklèngipun, têmah katawis ewahipun wau. Kados ta adêgipun kraton ing Dêmak: gêni mati siniram ing janmi = 1403 (mirsanana Ariwara kaca 36), dados: gêni murub siniram ing wong = 1433 (mirsanana Pakêm Sastra Miruda, Budi Utama, Juli 1923). Punika lajêng kraos kemawon ewahipun têmbung mati dados murub, utawi kosok wangsulipun: murub dados mati. Beda kalihan pèngêtan etanging taun mawi angka, angèl anggènipun ngèngêt-èngêt, sarta manawi ewah botên katawis bilih botên dipun cocokakên.
Sangkalan punika wujud ukara utawi ungêl-ungêlan: kalêmpakipun têmbung-têmbung ingkang anggadhahi watak wicalan, miturut ing kawontênanipun. Manawi kalêrêsan pamilihipun têmbung-têmbung sarta pangêtrapipun: mranani sayêktos. Liripun, suraosing ungêl-ungêlan wau sagêd mencok kalihan ingkang dipun pèngêti. Tarkadhang suraosipun sagêd awarni pangajêng-ajêng, pamuji, pangalêmbana, panggunggung, panalangsa, manuhara, kumingsun, kumaluhur, sapiturutipun, mawi-mawi ingkang dipun pèngêti tuwin kajêngipun ingkang damêl pèngêtan. Ing pangraos ngantos botên badhe kewran ngêdalakên sakrêntêging manah kawrat ing sangkalan wau. Ananging inggih wontên ingkang damêl sangkalan suraosipun botên mencok kalihan ingkang dipun sangkalani, malah wontên ingkang tanpa têgês, liripun, kalêmpaking têmbung-têmbung wau botên mujudakên ukara. Punika bokmanawi saking kirang prigêl sarta kirang tlatos pamilihipun têmbung-têmbung.
Sangkalan ingkang suraosipun sagêd mencok kalihan ingkang dipun sangkalani punika kados ta:
Kaya wulan putri iku = 1313, ingkang pinanggih ing pasareyanipun putri Cêmpa Darawati ing Trawulan. (V.A. Jawi 1920 kaca 390).
Rupa sirna rêtuning bumi = 1601, kacêpêng sarta pêjahipun Trunajaya. (Sajarah Kraton, kapêthik ing Pramanasidhi kaca 45).
Surud sinare magiri tunggil = 1750, surud dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan PB V sarêng sataun kalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan HB IV sami sumare ing Astana Imagiri. (Sajarah Kraton, kapêthik ing Pramanasidhi kaca 48).
Rahsaning maharsi winulang nèng sunu = 1776, titimôngsa sêratipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya M.N. IV dhatêng tuwan Filip, guru Kwik Sêkhul ing Surakarta. (Ibêr-ibêr kaca 33).
Atmaja Hyang Girinata mulang mring pungwaga[1] mantri = 1791, titimôngsa Sêrat Nayakawara anggitan dalêm M.N. IV. (Nayakawara).
Iku Rônggawarsita niyata = 1791, janma trus kaswarèng jagad = 1791, titimôngsa Sêrat Hidayat Jati, anggitanipun wargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita. (Hidayat Jati wêdalan toko buku M. Tanojo).
Sangsaya luhur salira sang Aji = 1805, panêmbramanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya M.N. IV konjuk Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IX. (Panêmbrama kaca 16, wêdalan toko buku Albert Rusche).
Muji dadya angèsthi Sang Prabu = 1847, titimôngsa sêrat atur wangsulanipun Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, konjuk Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. X. (Darmakandha ôngka 42 taun VII). Tuwin sanès-sanèsipun.

 

II Sêrat Ingkang Nêrangakên Bab Sangkalan

 

Sasumêrêp kula, dumugi wêkdal pangarang kula sêrat punika (1927), kathahipun sêrat ingkang nêrangakên bab sangkalan ingkang sampun kaêcap wontên tiga, miturut uruting taun ing pambabaripun kados ing ngandhap punika.
1. Sêrat: Sêkar-sêkaran, utawi: Bloemlezing, anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, kawêdalakên dening: Ki Padmasusastra. (Wêdalan toko buku Albert Rusche – Solo, cap-capan kaping kalih 1919).
2. Sêrat: Côndrasangkala, kawêdalakên dening: Ki Padmasusastra, botên kapratelakakên ingkang nganggit. (Wêdalan toko buku Tan Khoen Swie – Kêdiri, cap-capan kapisan, 1922).
3. Sêrat: Sêngkalan Lamba lan Mêmêt, kacariyosakên asli tilaranipun swargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kawêdalakên dening K.M. Sasrasumarta. (Wêdalan toko buku Mardi-Moelio – Djokja, cap-capan kapisan, 1855 taun Jawi = 1925 taun Walandi).
Miturut katranganipun tuwan Tan Khoen Swie dhatêng kula, Sêrat Côndrasangkala ingkang dipun wêdalakên punika rumiyin ingkang ngêcap firma Vogel van der Heijde – Solo, tuwan Tan Khoen Swie nampèni kupiya saking Ki Padmasusastra sampun awujud sêrat cap-capan, mligi nama Sêrat Côndrasangkala, dados langkung sêpuh punika tinimbang Sêrat Sêkar-sêkaran. Katrangan punika kados inggih lêrês, katitik saking kasusastranipun Sêrat Côndrasangkala wau kina sangêt, sajakipun katêdhak sungging kemawon, dèrèng dipun ewahi Ki Padmasusastra, manawi Sêrat Sêkar-sêkaran, kasusastranipun sampun dipun ewahi.
Dene miturut Sêrat Têmbung Bêcik (Belletrie) anggitanipun Ki Padmasusastra, kaca 37, Sêrat Côndrasangkala punika karanganipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, dede anggitan dalêm M.N. IV, nanging wontên ing Sêrat Sêkar-sêkaran botên kapratelakakên, dados lajêng kakintên karangan dalêm M.N. IV.
Mênggah sêrat warni tiga wau isinipun prasasat sami kemawon, malah botên lêpat manawi kawastanan sêrat ingkang kawêdalakên kantun-kantun punika asli mêthik saking sêrat ingkang sampun kawêdalakên langkung rumiyin. Katawisipun sangêt manawi uwitipun namung satunggal, bab anggènipun nêgêsi têmbung-têmbung, manawi lêpat inggih lêpat sadaya. Kados ta têmbung: margana, sêrat tiga pisan anggènipun nêgêsi: angin nèng dalan. Môngka lêrêsipun: panah N. jêmparing K. (Mirsanana Bausastra Winter kaca 438, Bausastra Roorda 2e kaca 486).
Dene isinipun sêrat warni tiga wau namung pratelan têmbung-têmbung sawatawis ingkang sami anggadhahi watak wicalan 1, 2, 3, sapiturutipun dumugi 0. Dados dumugi samangke dèrèng wontên sêrat ingkang nêrangakên patrapipun damêl sangkalan, kados ta bab lampahing pangetang, bab pamilih sarta pangrimbagipun têmbung-têmbung, sapiturutipun, punapadene katrangan sababipun têmbung-têmbung wau anggadhahi watak wicalan samantên. Môngka manawi dèrèng sumêrêp pathokan utawi katrangan wau, sanajan sampun maos utawi apal sêrat warni tiga punika, ing pangintên inggih mêksa dèrèng sagêd damêl sangkalan ingkang pèni, jalaran kirang prigêl pamilih sarta pangrimbagipun têmbung. Punapadene inggih dèrèng sagêd nêgêsi sangkalan ingkang dakik-dakik, dening têmbung-têmbungipun botên kalêbêt ing sêrat warni tiga wau.
Ing wêkdal samangke ugi wontên ingkang sagêd damêl sangkalan luwês sarta pèni, punika angsalipun kawruh namung saking nênitèni sarta maos sêrat-sêrat ingkang kathah sangkalanipun, kados ta Pustakaraja. Ananging trêkadhang sampun maos sangkalan warni-warni punika namung bathi sugih têmbung kemawon, inggih mêksa dèrèng ngrêtos asalipun têmbung-têmbung ingkang kangge sangkalan wau karimbag saking têmbung punapa, punapadene sababipun têmbung-têmbung wau gadhah watak wicalan samantên kados pundi. Dados namung guru apal, kados lare sêkolah ngapalakên piwulang ngèlmu bumi tanpa: kar. Mila inggih asring klinta-klintu panganggenipun.
Jalaran saking punika, kados wontên prêlunipun kula ngarang sêrat punika: ingkang nêrangakên prakawis wau, inggih namung sagaduging pamanggih kula. Sayêktosipun botên mantra-mantra sampurna, kapara kathah kuciwanipun, namung lowung: kenginga kangge ular-ular tumrap ingkang kaparêng anggatosakên bab sangkalan. Sampurnanipun kula sumanggakakên para nupiksa.

 

III Têgêsipun Têmbung Sangkala Sarta Côndrasangkala

 

Miturut cariyos Jawi, Sangkala (sêngkala) utawi Jaka Sangkala, punika asmanipun Aji Saka kala taksih timur, putranipun Bathara Anggajali inggih Êmpu Anggajali, inggih Prabu Iwaksa, ratu ing nagari Surati, tlatah Hindhu.
Nalika Jaka Sangkala anggêntosi ingkang rama jumênêng ratu ing nagari Surati: jêjuluk Prabu Isaka, inggih Prabu Saka, inggih Aji Saka. Sarêng kaêndhih ing mêngsah, lajêng mrêtapa dhatêng tanah Jawi, sarta jêjuluk Êmpu Sangkala. Wiwitipun ngancik ing tanah Jawi wau dipun pèngêti ing taun etang 1, tinêngêran ing ungêl-ungêlan: kunir awuk tanpa dalu, utawi: jêbug awuk. (Ingkang mengêti mawi ungêl-ungêlan punika kados dede Êmpu Sangkala piyambak, sayêktosipun ingkang nganggit cariyos wau).
Sasampunipun Êmpu Sangkala mêncarakên warni-warni kagunan, punapadene kawruh bab pangetanging taun, dhatêng têtiyang ingkang sami dêdunung ing tanah Jawi, lajêng kondur dhatêng tanah Hindhu.
Aji Saka punika kacariyos yuswanipun panjang, jalaran ngunjuk Tirtamarta Kamandhalu, milanipun sarêng sampun antawis pintên-pintên abad, lajêng ngê-Jawi malih, inggih punika ingkang asêsilih Êmpu Widayaka inggih Prabu Widayaka.
Dene taun iyasanipun Êmpu Sangkala punika ing wusananipun lajêng dados warni kalih, inggih punika taun Surya Sangkala, pangetangipun miturut lampahing surya utawi srêngenge, kalihan taun Côndrasangkala, pangetangipun miturut lampahing candra utawi rêmbulan.
Taun Surya Sangkala punika ingkang kêlimrah sami dipun angge dening têtiyang Jawi ing jaman kina dumugi jaman Majapait akir. Sarêng jaman Dêmak: kathah tiyang Jawi ingkang sami ngangge taun Ngarab etang Hijrah, dene taun Ngarab wau taun rêmbulan. Sarêng jaman Mataram: Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung, karsa angumumakên etangan taun rêmbulan, ananging pangetangipun botên kawiwitan saking Hijrah Nabi, kawiwitan saking pangêjawinipun Êmpu Sangkala sapisan, milanipun dipun wastani taun Côndrasangkala, têgêsipun, taun candra utawi rêmbulan, kaetang wiwit pangêjawinipun Êmpu Sangkala. Taun Côndrasangkala punika inggih taun Jawi samangke punika.
Sarèhning pèngêt-pèngêtan kina punika sadaya sami mawi titi môngsa etangan taun Surya Sangkala, amila lajêng dipun bangunipun rangkêpi etangan taun Côndrasangkala. Kaparênging karsa dalêm ingkang makatên wau nuju taun Surya Sangkala 1509, kaetang mawi etangan taun Côndrasangkala kapanggih ing petang 1555 nuju taun Alip. Sataunipun malih: taun Ehe, ôngka 1556, makatên sapiturutipun, dados angkaning taun Jawi samangke punika. (Cariyos punika pêthikan saking Sêrat Paramayoga sarta Pustakaraja Purwa, karanganipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita)[2]
Mênggah têmbung: Candra: ingkang atêgês rêmbulan punika ing salajêngipun ewah dados: Candra. Taun Côndrasangkala ewah dados Côndrasangkala, môngka têmbung Côndrasangkala punika gadhah têgês sanès. (Mirsanana ing ngandhap).
Dene miturut pamanggihipun para sagêd bôngsa Eropah makatên:
Pamanggihipun Paduka Tuwan Dr. Hazeu, kasêbut ing Sêrat Pararaton Basa Jawi jilid I kaca 14, kula turun kados ing ngandhap punika:
Miturut pangandikanipun Dr. Hazeu, têmbung sangkala utawi sêngkala asalipun saking têmbung Sangsêkrit: Çakakala ingkang ugi taksih kangge ing Jawi kina, têgêsipun petangan môngsa miturut Çaka, inggih punika ingkang dipun wastani dening tiyang Jawi: Aji Saka, wiwitipun kala taun Walandi 78, (taun Jawi angka 1).
Ing Bausastra Roorda anggènipun nêrangakên kados ing ngandhap punika:
Saka, I … Aji Saka = namaning Ratu ingkang kasêbut ing Babad Jawi sarta ingkang kacariyosakên, bilih sadhatêngipun ing tanah Jawi (ing taun Ngisa 78) andamêl tatanipun bôngsa Jawi rumiyin piyambak, punapadene amulangakên etanganing taun. (Skr. Çaka = namaning Ratu ingkang jumênêngipun pinèngêtan mawi taun 1, sarta namanipun petanganing taun punika). II …
Kala, I K. N. = wêktu. Tuwin kramanipun: dhèk. Ugi kramanipun: Kalika. Ugi K.N. tumrap: kala ing jaman kuna = 0 kina. (Skr, kala). Kacundhukna kalihan: nalika … II. III. IV. V … (Lan mirsanana Bausastra R.: kalika. (Bratakesawa). Isaka = taun ingkang dipun wujudi têtêmbungan (Jawi Kina: i = ing, + Skr. Çaka = petangan taunipun Prabu Saka). Kacundhukna kalihan: Sêngkala.
Miturut pamanggihipun Dr. Hazeu sarta katrangan ing Bausastra Roorda ing nginggil punika, dados têmbung: Sangkala, sarta: Isaka, dipun têgêsi nama tiyang (eigennaam) = Jaka Sangkala, Êmpu Sangkala, Prabu Isaka, kados ingkang pinanggih ing sêrat-sêrat Jawi, punika kirang lêrês, utawi ewah saking lugunipun. Awit luguning nama: Saka (Çaka).
Panganggenipun Têmbung Sangkala
Dene panganggenipun têmbung sangkala ingkang kêlimrah samangke punika makatên:
1. Dipun anggêp namaning tiyang (eigennaam) = Jaka Sangkala, Êmpu Sangkala, kasêbut nginggil.
2. (a). Sangkala utawi Sangkalan, têgêsipun:
1. Etanging taun utawi wicalaning taun, ingkang limrah ing panyêratipun mawi angka.
2. Ungêl-ungêlan ingkang anggadhahi têgês: etanging taun utawi wicalaning taun, kados ta:
Ingkang damêl nama Êmpu Ramadi, kala taun Jawi anglêrêsi Sangkala 152, (mirsanana pratelan dhapuring dhuwung, karangan F. L. Winter).
Wondene Sangkalanipun taun Jawi punika, kaetang awit tanah Jawi dipun dunungi manungsa, (mirsanana Pustakaraja Purwa I kaca 1, karangan Radèn Ngabèi Rônggawarsita).
Taun Je Sangkalanira: mangkat lunga ngèsthi siwi = 1800, mirsanana panêmbrama kaca 8, anggitan M.N. IV).
Kula badhe nyuwun pitakèn bab sangkalan malih … . Inggih kados kala kula matur sangkalaning Panggung Sanggabuwana (mirsanana Ariwara kaca 33 karangan Ki Padmasusastra).
Ing salah satunggiling gapura ing karamean wontên ungêl-ungêlan sangkala: ngèsthi tusthaning manggala nata … . Kula nyuwun priksa dhatêng Dr. Hazeu mênggah têgêsipun têmbung tustha, sarta bab suraosipun sangkalan wau. (Mirsanana Pararaton Jawi I kaca 13, dening: Radèn Mas Mangkudimêja). Lan sanès-sanèsipun.
(b). Sinangkalan utawi dipun sangkalani (dèn sangkalani, tumrap ing têmbang), têgêsipun: etanging taun utawi wicalaning taun wau: dipun pengêti utawi dipun têngêri, mawi ôngka utawi mawi ungêl-ungêlan. Kados ta:
Enjingipun tanggal kaping: 1, wulan Dulkangidah, masjid kaadêgakên, sinangkalan: 1428, (mirsanana bab Tanah Jawi I kaca 48, karangan Meinsma).
Taun Alip dèn sangkalani: trus sabda pandhitèng rat = 1779, (mirsanana Salokantara karangan M.N. IV).
Wulan Sapar taun Alip, angkanipun warsa, mawi sinangkalan: satata trus pujinira Pangran Adipati = 1795, (mirsanana Panêmbrama kaca 4, karangan M.N. IV).
Warsa Jimmakir Sancaya, sinêngkalan: nêmbah muluk ngèsthi Aji = 1802 (mirsanana Sopanalaya kaca 4, karangan Radèn Ngabèi Rônggawarsita). Lan sanès-sanèsipun.
Manawi ngengêti pamanggihipun Dr. Hazeu, asalipun têmbung sangkala punika saking Çaka + kala, lêrêsipun, ingkang kenging dipun têmbungakên: sangkalan, sinangkalan, dèn sangkalani, punika kêdah namung tumrap taun Saka (Saka) kemawon. Ananging ing sapunika botên makatên, sanajan ungêl-ungêlan pengêtan etanging taun Hijrah utawi Ngisa, inggih dipun wastani sangkalan, anggènipun nêmbungakên inggih sinêngkalan utawi dèn sangkalani. Ingkang makatên wau sayêktosipun kêlantur, ananging sampun cocog kalihan anggènipun nêgêsi ing Bausastra Roorda, makatên: Sangkala, K.N. 1 = etangan môngsa, etangan taun, etangan taun ingkang dipun wujudakên mawi têtêmbungan. (Skr. sangkala = petangan) … . 2. 3 … . – Sinêngkalan = ing taun …
Ingkang dados pamanahan kula, dene katrangan warni kalih ing nginggil punika wau têka beda. Ingkang lêrês punapa têmbung: sangkala: punika asal saking Skr. çakakala (Hazeu), punapa saking Skr. sangkala (Roorda). Punapa têmbung Skr. çaka + kala wau dadosipun camboran: sangkala. Punapa jangkêpipun: sangkala çakakala. Punika kula botên mangrêtos.
Dene manawi sangkala wau asalipun saking çakakala, anggènipun nêgêsi ing Bausastra wau ingkang tamtu namung miturut têgês ingkang sampun kêlimrah dipun angge, mila botên mawi katrangan kêdah namung tumrap taun Saka (çaka) kemawon. Saminipun anggènipun nêgêsi têmbung katuranggan ing Bausastra wau, ingkang ugi katumrapakên sawung, prêkutut, sapanunggilanipun, botên namung tumrap kapal kemawon. (Mirsanana Bausastra R. Turôngga).
Panganggenipun Têmbung Côndrasangkala
Dene panganggenipun têmbung Côndrasangkala ingkang kalimrah samangke punika makatên:
1. Dados namaning etangan taun, saking ewahing pakêcapan: Côndrasangkala, taun Côndrasangkala = taun Jawi samangke punika, kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng. Ing sêrat Pustakaraja, sadaya titi môngsa mawi taun warni kalih: taun Suryasangkala, kalihan taun Côndrasangkala. Makatên ugi sêrat-sêrat Jawi sanèsipun ingkang nyêbutakên etangan taun, ingkang tamtu mawi katêrangakên: taun Suryasangkala, punapa taun Côndrasangkala, kados ta Sêrat Pakêm Sastra Miruda, sapanunggilanipun.
2. Botên saking ewahing pakêcapanipun Côndrasangkala. Ingkang tamtu saking têmbung: Candra, ingkang atêgês = praceka + sangkala = etangan taun. Côndrasangkala = sangkalan 2(a) No. 2. (mirsanana ing ngajêng), inggih punika atêgês: ungêl-ungêlan ingkang anggadhahi têgês etanging taun utawi wicalaning taun, kados ta:
Kangge namaning sêrat. Sêrat Côndrasangkala (wêdalan toko buku Tan Khoen Swie). Katrangan Côndrasangkala (sêrat punika).
Liman, miturut ing Côndrasangkala anggadhahi watak wolu. Dene têmbung tustha ingkang ing ungêl-ungêlan wau atêgês trustha, botên kalêbêt ing petangan Côndrasangkala. Ingkang kalêbêt ing Côndrasangkala punika … (mirsanana Pararaton Jawi I kaca 14).
Makatên malih damêl Côndrasangkala punika inggih kêdah mawi suraos ingkang kajêngipun cocog kalihan ingkang dipun Côndrasangkalani. (Mirsanana Pathokaning Nyêkarakên, kaca 95). Lan sanès-sanèsipun.
Ing Bausastra anggènipun nêgêsi têmbung Côndrasangkala wau makatên:
Sangkala, I … (kasêbut ing nginggil), Candrasêngkala = panyêrating etangan taun, ingkang dipun wujudi ungêl-ungêlan, sarana têmbung-têmbung ingkang sampun kaprah kanggenipun. – 2. 3 … .
Miturut têgês ing Bausastra punika, dados sanajan ungêl-ungêlan pèngêtan etanging taun Hijrah utawi Ngisa, inggih kenging dipun têmbungakên: Côndrasangkala, nyandrasangkalani, dipun Côndrasangkalani.
Mênggah ingkang dipun têgêsi ing Bausastra punika wau, sampun têtela dede têmbung Côndrasangkala ingkang saking ewahipun Côndrasangkala. Sayêktosipun têmbung Côndrasangkala ingkang asalipun saking: candra = praceka + sangkala = etangan taun, dados: praceka etangan taun, inggih bab punika ingkang badhe kula têrangakên wontên ing sêrat punika.

 

IV. Wiwitipun Wontên Anggitan Côndrasangkala

 

Sintên ingkang nganggit Côndrasangkala sakawit, kula botên sumêrêp babadipun. Ing sêrat kabar Budi Utama wulan Marêt, 1924 ôngka 28, nyariyosakên manawi Côndrasangkala punika anggitanipun Aji Saka, nanging kala taun punapa panganggitipun botên kapratelakakên, sarta katêrangan saking sanèsipun malih kula inggih dèrèng sumêrêp.
Nganggit Côndrasangkala ingkang kula kajêngakên ing ngriki: ganggit kawruh mèngêti etanging taun mawi ungêl-ungêlan, botên mawi tandha warni angka, sarta nganggit paugêran ungêl-ungêlan ingkang sami anggadhahi watak wicalan kenging kangge sangkalan.
Ingkang kenging katamtokakên, kawruh Côndrasangkala punika umuripun sampun atusan taun, nanging ing jaman tiyang Jawi sampun inggil kawruhipun. Awit manawi dèrèng inggil kawruhipun, tamtu dèrèng sagêd ngetang wêkdal sarta mèngêti. Punapadene mèngêti mawi ungêl-ungêlan punika mêngku kajêng: supados botên sagêd ewah sarta gampil anggènipun ngèngêt-èngêt, ngiras kangge pasêmon ingkang din[3] pèngêti. Manawi tiyang dèrèng inggil kawruhipun, môngsa sagêda gadhah pamanggih ingkang makatên.
Dene tandhanipun manawi Côndrasangkala punika umuripun sampun atusan taun, ungêl-ungêlan ingkang kangge sangkalan punika pamêndhêtipun watak wicalan ingkang kathah saking têmbung Sangsêkrit, ingkang tiyang Jawi ing jaman sapunika sampun sami kêsupèn têgêsipun. Dados lajêng kenging dipun dugi-dugi, bilih wiwitipun wontên kawruh Côndrasangkala punika nalika jamanipun tiyang Jawi taksih ngrêtos têmbung Sangsêkrit, utawi malah sawêg berag-beragipun dhatêng têmbung Sangsêkrit, kintên-kintên salêbêtipun taun Saka 700 dumugi 1400. Punapa kawruh wau wulangan saking Hindhu, punapa saking pamanggihipun tiyang Jawi piyambak sasampune pêcah nalaripun, kula botên mangrêtos. Kintên kula ing Hindhu malah botên wontên kawruh mèngêti etanging taun mawi ungêl-ungêlan. Dene aksara Arab lan aksara latin punika inggih sami kenging kangge mèngêti wicalan (ôngka), ananging botên sagêd mujudakên têmbung punapa malih mujudakên ukara ingkang sawarni pasêmon, kados Côndrasangkala punika.
Dene ungêl-ungêlan sangkalan ingkang kangge ing jaman samangke punika sampun awujud têmbung Jawi enggal, ingkang sayêktosipun anggadhahi têgês piyambak. Têmbung-têmbung wau ingkang kathah inggih asli saking têmbung Sangsêkrit, ananging pakêcapanipun sampun kathah ingkang ewah, nanging pamêndhêtipun watak wicalan taksih miturut têmbungipun Sangsêkrit ingkang lugu.
Dumugi jaman ingkang kantun-kantun malih, têmbung-têmbung ingkang sampun gèsèh pakêcapanipun saking luguning Sangsêkrit wau, taksih mawi dipun rimag[4] malih, prêlunipun supados ungêl-ungêlaning sangkalan punika mindhak luwês, sarta suraosipun sagêd angèmpêri ingkang dipun sangkalani, malah wontên ingkang kangge sandiasma: rong sogata warga sinuta = rônggawarsita = 1779. Dene pangrimbagipun wau botên trimah namung sapisan kemawon, wontên ingkang kaping kalih utawi langkung, tur pangrimbagipun wau warni-warni caranipun sarta anèh-anèh, kados ingkang badhe kapratelakakên ing ngandhap.
Jalaran saking punika, mila dados ruwêd sangêt, kathah ungêl-ungêlan sangkalan ingkang botên sagêd pinanggih sababipun dene anggadhahi watak wicalan samantên, jalaran sampun êlêt têbih saking uwitipun. Punapadene kathah têmbung ingkang anggadhahi watak kalih utawi tiga, dening warni-warni caraning pangrimbag wau, satêmah damêl kodhêngipun ingkang nêgêsi. Môngka sêrat ingkang nêrangakên cêtha bab pathok-pathokaning sangkalan utawi côndrasangkala nama dèrèng wontên.

 

V. Pangrimbagipun Têmbung-têmbung ingkang Kangge Sangkalan

 

Pangrimbagipun têmbung-têmbung ingkang kangge sangkalan punika warni-warni, ngantos mèh botên kenging dipun pathoki, tur pangrimbagipun wau mawi cara ingkang anèh-anèh, ingkang umumipun para marsudi basa ing jaman samangke botên nyondhongi. Ananging punapa kula sadaya sagêd ngêmohi, botên nganggêp utawi ambatalakên: botên, awit barang sampun kêlajêng. Manawi botên nyondhongi sagêd-sagêdipun namung botên tumut ngangge rimbagan ingkang sampun, sarta botên yasa malih rimbagan enggal.
Ingkang kula aturakên ngrimbag mawi cara ingkang anèh-anèh punika, kados pangrimbagipun têmbung mataram, dados èksi gônda utawi ngèksi gônda. Dene pangrimbagipun makatên: Mataram, dipun udhal dados: mata + ram. Mata, dipun rimbag guru dasanama, dados: èksi, awit èksi (Skr. Aksi) punika têgêsipun mripat. Utawi dipun rimbag guru karya, dados: ngèksi, awit mata punika dipun angge ningali utawi ngèksi. Ram, dipun rimbag guru wanda, dados: rum. Sasampunipun dados rum lajêng dipun rimbag guru darwa, dados: gônda, awit ingkang kanggenan rum punika gônda. Môngka sayêktosipun têmbung mataram punika botên saking mata + ram, saking têmbung Sangsêkrit: mantara, ingkang têgêsipun: kitha, bètèng, santosa, (mirsanana Bausastra R.).
Pangrimbagipun têmbung mataram dados ngèksi gônda punika, sanajan sami botên nyondhongi (mirsanana Pararaton Jawi II kaca 35) ananging kula botên sagêd nampik utawi ambatalakên, liripun, manawi ing sêrat-sêrat waosan Jawi pinanggih têmbung ngèksi gônda, botên kenging botên, kula kêdah nêgêsi mataram.
Makatên ugi bab pangrimbagipun têmbung-têmbung ingkang kangge Côndrasangkala punika, ugi mawi cara ingkang makatên wau, sarta kula inggih botên nampik utawi ambatalakên, amargi sampun kêlimrah dipun angge, pinanggih wontên ing sêrat-sêrat utawi sanès-sanèsipun. Sawangsulipun malah prêlu nyumêrêpi pathokanipun.
Ingkang sampun kula sumêrêpi, pangrimbagipun têmbung-têmbung ingkang kangge Côndrasangkala punika kados ing ngandhap punika kawontênanipun:
1. Guru Dasanama, têgêsipun: manawi têgêsipun sami utawi mèh sami, inggih kaanggêp sami watakipun wicalan, kados ta: bumi, guru dasanamanipun: siti, êndhut, lêbu, sapanunggilanipun.
2. Guru Sastra, têgêsipun: manawi sêratanipun sami, inggih kaanggêp sami watakipun wicalan, kados ta: èsthi, ingkang gadhah watak wolu, punika: èsthi: ingkang saking Skr. asti = liman. Ananging ingkang limrah kangge sangkalan, èsthi: ingkang saking Skr. Isthi = cipta, sêdya, raos. Makatên sasaminipun.
3. Guru Wanda, têgêsipun: manawi pakêcapanipun mèh sami, inggih kaanggêp sami watakipun wicalan, milanipun kenging ngewahi têmbung sarana dipun suda, dipun wêwahi, utawi dipun sêsêli, kados ta: (Ha): utawaka, dados: uta. Waudadi, dados: dadi. Margana, dados: marga. | (Na): wani, dados: wanita. Buja, dados: bujana. Lèng, dados: cèlèng. | (Ca): tata, dados: tinata. Guling, dados: gumuling. Makatên sasaminipun.
4. Guru Warga, têgêsipun: ingkang kaanggêp tunggil bôngsa inggih kaanggêp sami watakipun wicalan, kados ta: uta = lintah, dados: ujêl = wêlut, lan: nauti = cacing. Makatên sasaminipun.
5. Guru Karya, têgêsipun: tandukipun satunggaling têmbung kaanggêp sami watakipun wicalan kalihan têmbungipun wau, kados ta: mripat, dados: mandêng. Tangan, dados: nêbah. Sapanunggilanipun.
6. Guru Sarana, têgêsipun: namaning pirantos ingkang kangge nindakakên satunggaling têmbung (kriya), kaanggêp sami watakipun wicalan kalihan têmbungipun wau, kados ta: pôncakara, dados: jêmparing, tuwin bangsanipun lêlandhêp, raos, dados: ilat. Sasaminipun.
7. Guru Darwa, têgêsipun: têmbung kahanan, kaanggêp sami watakipun wicalan kalihan têmbung ingkang kadunungan kahanan wau, kados ta: latu, dados: bêntèr, ujwala. Toya, dados: tawa, suci. Danawa, dados: galak. Makatên sapanunggilanipun.
8. Guru Jarwa, têgêsipun: têmbung ingkang gadhah têgês sami utawi mèmpêr: kalihan têmbung ingkang gadhah watak wicalan, kaanggêp sami watakipun wicalan kalihan ingkang dipun èmpêr wau, sanajan nyimpang saking têgêsipun sajati ingkang pancèn gadhah watak, kados ta: raos, dados: raras. Rêtu, dados: obah, wayang. Basu, dados: sawêr. Makatên sapanunggilanipun.
Warni wolu ingkang kapratelakakên ing nginggil punika wau bakuning pangrimbag, ananging kathah têmbung ingkang dipun rimbag ngantos kaping kalih utawi langkung, kados ta:
Utawaka, dipun rimbag guru wanda dados: uta. Lajêng dipun rimbag guru warga dados: ujêl, nauti.
Tri, dipun rimbag guru wanda dados: èstri. Lajêng dipun rimbag guru jarwa dados: rana.
Pôncakara, dipun rimbag guru sarana dados: jêmparing. Lajêng dipun rimbag guru darwa dados: lungid. Makatên sasaminipun.
Pamrayogi: sarèhning pangrimbagipun têmbung-têmbung ingkang kangge sangkalan punika kados makatên ruwêdipun, para ingkang damêl sangkalan prayogi ngèngêti: sampun ngantos ngangge têmbung ingkang dèrèng kêlimrah utawi ingkang sagêdipun suraos rangkêp. Kados ta wontên juru ngarang jaman sapunika ingkang damêl sangkalan: prakara pandhawa bratayuda, dipun têgêsi taun 1852, punika upami botên wontên rangkêpanipun angka, tamtu damêl tidha-tidhanipun ingkang nêgêsi. Awit têmbung: prakara, punika sagêd saking: sikara (watak kalih), sarta inggih sagêd saking: sarkara (watak nênêm).
Têmbung: brata, dipun têgêsi 8 punika kintên kula mirid saking: asthabrata, ananging nama dèrèng kêlimrah. Dene têmbung: yuda, dipun têgêsi 1, punika inggih dèrèng kantênan lêrês, sabab yuda punika têgêsipun warni-warni, têgês ingkang adhakan piyambak = pêrang (watak 3), dêdamêl (watak 5). Makatên pamrayogi kula. Kajawi ta manawi sêdyanipun pancèn damêl anèh-anèhan, nyumanggakakên.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: