RSS

Watak 1-2

Sêkar Agêng Kusumawicitra, lampah: 12

Watak Satunggal

Rupa: Rupa têmên, | warni, (Skr. rupa).
Côndra:[6] Wulan purnama, | praceka, | Côndra utawi Candra = rêmbulan, warni, wulan. (Skr. candra = rêmbulan).
Sasi: Wulan Jangkêp, | rêmbulan (Skr. nomin Sasi), wulan.
Nabi: Wudêl, | Nabiyullah (Arab: Nabii), wudêl (Skr. Naabi).
Sasa: Lintang, | bantêr, kêkah, lintang, singa. (Skr. Sasa = truwèlu, ingkang katingal cêmêng ing rêmbulan). Sasadara = lintang agêng, rêmbulan (Skr. Sasadhara = rêmbulan).
Dhara: Wêtêng, | ririh, sarèh, nyêmbah, lintang agêng, babondhara, lan mirsanana: dara. | Dara = wêtêng (Skr. udara), paksi dara, bumbung dara, cêkakanipun: bandara. | Dara utawi dhara = asor (Skr. Adhara), prawan.
Bumi: Lêmah, | siti, (Skr. Bumi = ksiti).
Buddha: Luwih, namaning môngsa satunggal, | buda = budi, wuda. | Buda utawi buddha = dintên Rêbo (Skr. Budha = lintang merkoriyus). Sang Buddha (Skr. Buddha).
Roning: Godhong, | lingga: ron = godhong (Jawi Kina: rwan). Ngronake = ngèwêdakên.
Mèdi: Jubur, | luwih (saking: èdi), silit.
Iku: Buntut, | punika, buntut, (Jawi Kina: Iku).
Dara: Paksi dara, | mirsanasa[7] nginggil: dhara.
Janma: Uwong, | janma utawi jalma = tiyang. Anjalma = nitis. (Skr. janma = lahir).
Eka: Satunggal, wiji, tuduh, | satunggal, tunggil, (Skr. Eka). Saeka = sawiji. Ngeka = miji. Ngeka-eka = damêl-damêl.
Wak: Badan sapata, | awak, (kacêkak: wak) = badan, sarira utawi salira, (Arab: badan. Skr. Saringra).
Suta: Anak, | anak, (Skr. suta = anak jalêr. Sutaa = anak èstri).
Siti: Lêmah wêdhèn, | siti, bumi (Skr. ksiti), kuwajiban. Sitija (Skr. ksitija = anakipun jalêr siti. Bauma = anakipun jalêr bumi, inggih punika lintang Marês. Ing padhalangan Dèwi Pratiwi pêputra Sitija utawi Bomanrakasura).
Awani: Kêndêl, srêngenge, | lingga: wani (Jawi Kina: waani) = kawasa, purun, kêndêl.
Wungkulan: Wutuhan, bundêran, | lingga: wungkul = wêtah ingatasipun barang bundêr utawi cacah, intên ingkang dèrèng dipun pêcah.
Wulan: Rêmbulan, | rêmbulan, sasi, tanggal, namaning pisang.
Niyata: Yêkti, | (Skr. Niyata) = nyata, èstu utawi saèstu, yêktos, utawi sayêktos. Jati, yêkti.
Tunggal kabèh: Watak satunggal sadaya. | (Saking: tunggal + kabèh. Têmbung kabèh ing ngriki namung kangge anjangkêpakên guru wicalan. Ingkang kangge sangkalan namung têmbung: tunggal). | Tunggal = tunggil, satunggal, sami, awor.
Katrangan: 1. Candra ingkang atêgês rêmbulan. 2. Sasi = rêmbulan. 3. Nabi = wudêl. 4. Bumi = inggih bumi. 5. Mèdi = silit. 6. Iku = buntut. 7. Dara = wêtêng. 8. Eka = satunggal. 9. Wak, utawi awak = badan. 10. Siti = inggih siti, 11. Wulan = rêmbulan. 12. Tunggal = satunggal. Punika sadaya sampun têrang watak satunggal, amargi atêgês satunggal utawi cacahipun namung satunggal. Ananging tumrapipun sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut ingkang têgêsipun sanès, kados ta: candra, dipun sambut ingkang têgêsipun praceka. Nabi = tiyang suci. Mèdi = sêmèdi. Iku = punika. Sasaminipun. Dene têmbung sanès-sanèsipun, milanipun kangge watak satunggal, makatên katranganipun:
Rupa, gadhah têgês warna, môngka têmbung condra utawi candra inggih gadhah têgês warna, punika rimbag guru jarwa.
Sasa, karimbag guru wanda saking: sasadara, têgêsipun rêmbulan. Utawi: sasa, punika atêgês lintang, inggih punika bangsanipun rêmbulan utawi bumi (planit), dados karimbag guru warga.
Dhara, ewah ing pakêcapanipun: dara (Skr. Udara) ‘ = wêtêng. Ing Bausastra W. dhara: inggih dipun têgêsi: wêtêng. Punika inggih kalêbêt rimbag guru wanda.
Buddha, sagêd saking budi utawi angên-angên, manungsa namung gadhah satunggal. Sagêd ugi saking Skr. budha = lintang merkoriyus, (mirsanana: sasa). Ugi sagêd saking Sang Buddha, awit Sang Buddha inggih namung satunggal.
Ron, dèrèng kêpanggih sababipun. Nanging ing Bausastra R. ugi sampun nganggêp watak 1.
Janma, sababipun watak satunggal, bokmanawi mêndhêt pêpiridan saking têmbung nabi ingkang ugi gadhah têgês tiyang.
Suta, bokmanawi saking Skr. janma, atêgês: lahir. Anjanma, têgêsipun: nitis. Lahir, nitis: punika ngwontênakên anak (suta). Nanging kula piyambak dèrèng marêm dhatêng katrangan punika.
Awani, utawi wani, ing Bausastra botên wontên têgês srêngenge, dados punapa sababipun kaanggêp watak satunggal dèrèng kasumêrêpan, nanging ing Bausastra R. sampun kasêbut kangge sangkalan watak satunggal.[8]
Wungkulan, saking: wungkul, têgêsipun wêtah: ingatasing bundêr. Bundêr punika pêpêthaning bumi utawi rêmbulan, milanipun kaanggêp watak satunggal, makatên ugi sadaya barang ingkang bundêr inggih kangge watak satunggal.
Niyata, têgêsipun nyata utawi yêkti. Ing pamanah: ingkang yêkti punika namung satunggal, manawi ingkang botên yêkti: langkung saking satunggal.
Wêwahan: kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak satunggal punika kenging dipun wêwahi malih kados ing ngandhap punika:
I. Rimbagan saking têmbung-têmbung sadaya wau, kados ta:
Janma, dados: ratu, sadasa namanipun. Punggawa. Tuwin sadaya ingkang blêgêr tiyang.
Bumi, dados: êndhut, lêbu, sapanunggilanipun.
Rêmbulan, dados: lèk.
Suta, dados: sadaya dasanamanipun.
Wungkul, dados: bundêr, buwêng, jêbug, golong, tuwin sadaya ingkang bundêr.
Wani, dados: purun, sura, sudira, panggah, prajurit, sapanunggilanipun. Ugi dados: wanita.
Mèdi, dados: sêmèdi, manêkung.
Sawiji, dados: wiji, tuwuh. Makatên sasaminipun.
II. Ingkang têrang namung satunggal utawi kaanggêp satunggal, kados ta: jagad, rat, rahayu, arja, ati, urip, (nanging: mati = 0), sapanunggilanipun.

Watak Kalih

Netra: Paningal, | mripat (Skr. netra).
Caksu:[9] Pasuluhan, | urênging mripat (Skr. caksus = mripat. Jawi Kina: caksuh).
Nayana: Ulat, | ulat, (Skr. nayana = mripat).
Sikara: Tangan, | lambung, tangan, bau (lêngên buta), arubiru. Nikara (Skr. nikaara) = nyikara, aniaya.
Buja: Bau, namaning môngsa kalih, | bau, tangan (Skr. buja). Sang Hyang Caturbuja = abau sêkawan, Bathara Guru, (Skr. Catuburja = Wisnu). Buja ugi sami kalihan boja = pangan.
Paksa: Uwang, | R: kudu, nyaru, sêja, pêksa, (Skr. paksa = sisih, pinggir). | W.: pêksa, kêdah, bau, sêdya, palajêng.
Drasthi: Alis, | R.: drasthi, botên pinanggih, ingkang wontên: drêsthi = alis, cidra (= dhêsthi). | W.: drasthi, lan: drêsthi, sami wontênipun = alis, cidra.
Ama: Pêpasu = wêwêri, | R.: pasu, wêri. | W.: pasu, mêksa.
Locana: Urang-uranging mata, | mripat (Skr. locana), pasuluhan, êluh.
Carana: Athi-athi, | rêrênggan, athi-athi, urang-urang mripat, wadhah (ingkang rinêngga). (Skr.
‘ = rêrênggan, utawi: curanaa = trètès, patik). – Nyarana, macarana = ngrêngga, ngukir.
Karna: Kuping, | kuping, singat, jêjulukipun Suryaputra. (Skr. kannar = kuping, utawi Suryaputra).
Karni: Ambaning kuping, sungu, | kuping, singat.
Anêbah: Tlapukan, anêbak, | lingga: têbah = têbak, cêngkah, têbih, gangsal nyari, tampèl, kêlud.
Talingan: Pangrunguning kuping, | kuping (= talinga). Sandhangan taling.
Mata: Ambaning mata, | mripat, tingal, paningal, sotya.
Lentangana: Lawan tangan loro | (kalih têmbung: lèn + tangana saking: tangan. Ingkang kangge sangkalan namung: tangan, sanèsipun namung anjangkêpakên guru wicalan). | Tangan, sampun jarwa = asta K.I.
Lar: Wulu suwiwi,[10] | lar utawi êlar = wulu, suwiwi, undhak (mêlar).
Anêmbah: Ngabêkti, | lingga: sêmbah sampun jarwa K.N. Nêmbah = nyêmbah.
Suku loro: Sikil karo, | (kalih têmbung: suku + loro, kalih pisan kenging kangge sangkalan watak kalih. Dados ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kasêrat dados kalih larik). | Suku (Jawi Kina suku) = sikil, sandhangan suku, sèkêt sèn, cagak. | Loro utawi: roro, saking: ro (Jawi Kina: rwa) = kalih.
Katrangan:
1. Netra atêgês mripat, 2. Caksu ‘ = urênging mripat, 3. Sikara = tangan, 4. Buja = bau, 5. Drasthi utawi drêsthi = alis, 6. Locana = mripat, 7. Carana = athi-athi, 8. Karna = kuping utawi singat, 9. Karni = kuping utawi singat, 10. Talingan = kuping, 11. Mata = inggih mata, 12. Tangan = inggih tangan, 13. Lar = suwiwi, 14. Suku = sikil, 15. Loro = kalih. Punika sadaya sampun têrang watak kalih, amargi atêgês kalih utawi cacahipun kalih. Mênggahing sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut ingkang têgêsipun sanès, kados ta: sikara, dipun sambut ingkang gadhah têgês arubiru. Buja = pangan, drêsthi = cidra, sapanunggilanipun, dene têmbung sanès-sanèsipun milanipun sami kangge watak kalih, makatên katranganipun:
Nayana, atêgês ulat, saking Skr. nayana, têgêsipun mripat, inggih punika sababipun kangge watak kalih. Nunggil misahipun têmbung wau inggih taksih cêtha: ulat = wulat = dêlêng. Mulat = andêlêng: mawi mripat.
Paksa, dipun têgêsi: uwang, ananging ing Bausastra R. sarta W. botên wontên têgês makatên, namung ing Bausastra W. wontên têgês: bau, sampun tamtu inggih punika sababipun dipun angge watak kalih.
Ama, ing Côndrasangkala sarta Bausastra R. botên pinanggih têgês ingkang nyababakên watak kalih, nanging ing Bausastra W. wontên, inggih punika têgês: mêksa, kapirid saking: paksa, utawi: pêksa, kasêbut ing nginggil, inggih punika sababipun têmbung: ama: wau kaangge watak kalih.
Anêbah, utawi nêbah, sababipun watak kalih, amargi gadhah têgês pakartining tangan, punika rimbagan guru karya.
Anêmbah, utawi nêmbah, inggih rimbagan guru karya saking tangan.
Wêwahan: kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak kalih punika kenging dipun wêwahi malih kados ing ngandhap punika:
I. Rimbagan saking têmbung-têmbung sadaya wau, kados ta:
Mata, dados: mandêng, sapanunggilanipun. Nanging: uninga = 3, mirsanana pangrêmbag ing wingking.
Tangan, dados: ngasta.
Talingan, dados: pêrung, myarsa, sapanunggilanipun. Nanging: karungu = 6, mirsanana pangrêmbag ing wingking.
Carana, dados: rêngga, dalah andhahanipun têmbung rêngga.
Buja, dados: bujana. Karna, dados: karnan.
Loro, dados: karo, karoya. Lar dados: manglar. Caksu, dados: caksuh, makatên sasaminipun.
II. Ingkang têrang wujud kalih utawi kaanggêp wujud kalih, kados ta: pangantèn, kêmbar, gandhèng, kanthi, sapanunggilanipun.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: