RSS

Watak 3-4

Watak Tiga

Bahni: Gêni pandhe, | gêni, (Skr. wahni) = bahning.
Pawaka: Gêni pucuking gunung, | gêni (Skr. Pawaka, kacêkak: waka).
Siking: Gêni upêt, têkên, | upêt, têkên.
Guna: Gêni agaran, kasagêdan, | gêni agaran, pintêr, paeka, sugih, faedah, sêkti, istiyar, pênthol cêmêthi, gana gini, tikêl, ping. (Skr. guna = kalakuan, linuwih, khasil, inggih atêgês: têlu). – Gunakaya = pamêtu, khasil.
Dahana: Gêni tanpa sangkan, | gêni, (Skr. Dahana).
Triningrana: Gêni tunon, gêni paprangan, | (kalih têmbung: trining, saking: tri + rana. Kalih pisan kenging kangge sangkalan watak tiga. Ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kasêrat dados kalih larik). | Tri = tiga (Skr. Tri), rame (atri). Rana = paprangan, têngahing paprangan, (Skr. lan Jawi Kina: Rana. Rananggana, ranagana, ranangga, utawi: ranongga Skr. lan Jawi Kina: Ranaanggana), rata (binatarana), wadon, aling-aling (cêkakanipun: warana).
Uta: Lintah, | lintah,
Ujêl: Wêlut, | wêlut.
Anauti: Cacing, | R. Kasêrat: nauti = cacing. | W. kasêrat: nautti = cacing, nyautti.
Jatha: Gêni winadhahan, siyung, | R. gimbal, siyung, bôngsa buta, (Skr. jathaa = gimbal). Jathasura = namaning ratu buta. Parijatha = namaning wit (Skr. Paarijaata). Parisajatha = pantun sawuli. | W. siyung, wadhah.
Weddha: Gêni pawon, Sêrat Pêpakêm, namaning môngsa katiga, kasêrat: weda = ngelmi, pêpakêm, wulang, dhawuh, sidhêkah, beda, lai (meda). (Skr. Weda = kagunan, kawruh).
Analagni:[11]
Gêni panas ing ati, | (kalih têmbung: anala + gni, kalih pisan kangge sangkalan watak tiga. Ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kasêrat dados kalih larik). | Anala (kacêkak: nala) = gêni (Skr. Anala), namaning punggawanipun Prabu Sugriwa. | Dene: nala = ati, (Skr. naala = kêkêtêg). Cêkakanipun: anala, têlêng. | Gni utawi agni = gêni, (Skr. Agni = gêni, jêjulukipun dewaning latu).
Utawaka: Gêni wong manggang, | gêni, (Skr. Utawaha).
Kayalena: Gêni blubukan, | (kalih têmbung: kaya + lena, ananging ingkang kangge sangkalan watak tiga namung kaya. Lena, manawi kangge sangkalan watak das). | Kaya = kados, kuwat, kakuwatan, pituwas, khasil, rosa, sugih, kauntungan, rêjêki, nipkah. –
Gunakaya = pamêdal, khasil. Lena utawi lina = supe, pêjah, ical, sêrap, (Skr. Lingna). – Pralena = pêjah, (Skr. Pralingna).
Puyika: Gêni dilah, | R. botên pinanggih. | W. latu.
Tiga: Têlu, | têlu.
Uninga: Gêni obor, | R. wêruh, sumêrêp, priksa, … sasaminipun. Candrasêngkala kangge 3 = obor. | W. sumêrêp, rêksa.
Katrangan: 1. Bahni, 2. Pawaka, 3. Siking, 4. Guna, 5. Dahana, 6. Anala, 7. Gni, utawi: agni, 8. Utawaka, 9. Puyika,[12] punika sadaya sababipun gadhah watak tiga amargi sami atêgês latu. Karimbag saking têmbung Skr. Guna, ingkang ugi atêgês wicalan tiga. Ananging têmbung Skr. guna wau malah botên atêgês latu. Dene ingkang atêgês gêni agaran punika: guna: têmbung Kawi.
Miturut katrangan punika, dados pangrimbagipun makatên: têmbung Skr. Guna, atêgês tiga, dipun rimbag guru sastra dados: guna: têmbung Kawi, ugi kaangge watak tiga. Sarèhning guna têmbung Kawi wau atêgês gêni agaran, lajêng karimbag guru dasanama dados bahni, pawaka, siking, sapanunggilanipun.
Sawênèh ing kaol, sababipun latu punika gadhah watak tiga, makatên: nalika dèrèng wontên punapa-punapa, taksih suwung wangwung sonya ruri, ing ngriku wontên cahyaning Pangeran awujud latu tanpa sangkan, nama Sang Hyang Dahanan utawi Dahana, warninipun jêne abrit biru, inggih punika luluhuripun ijajil, para dewa lan manungsa, (mirsanana: Jitabsara, lan: Pramanasidhi). Jalaran sorotipun warni tiga punika, milanipun latu dipun angge watak tiga.
Wontên kaol malih kasêbut Pusaka Jawi 1925 ôngka 11 kaca 178 noot: latu punika para brahmana nganggêp wontên warni tiga, inggih punika: 1. Latuning gêgriya, 2. Latuning blêdhèg (kodrat), 3. Latuning sêsaji. Wusana kula sumanggakakên para marsudi basa, katrangan ingkang pundi ingkang dipun galih langkung lêrês. Mênggah tumrapipun sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut ingkang têgêsipun sanès, kados ta: guna: dipun sambut atêgês kasagêdan. Nala: dipun sambut atêgês manah, makatên sasaminipun. Dene têmbung sanès-sanèsipun, milanipun sami kaangge watak tiga, makatên katranganipun.
Trining rana dipun têgêsi gêni tunon utawi gêni paprangan, nanging ing Bausastra botên wontên, wontênipun kalih têmbung: tri + panambang: e, utawi: ning + rana, utawi sagêd ugi karsanipun ingkang nganggit Côndrasangkala: tigang têmbung: tri + ning, cêkakanipun: bahning + rana. Sadaya sami kangge sangkalan watak tiga.
Têmbung: tri sampun têrang atêgês tiga. Dene têmbung: rana ing Bausastra botên pinanggih têgês latu. Sababipun têmbung: rana: wau watak tiga, amargi gadhah têgês wadon = èstri, istri, sêtri, Skr. stri, kapirit saking: tri (Skr. tri) atêgês tiga. Miturut Kawi Dasanama Jarwa, têmbung: èstri: punika pancèn saking: tri.
Uta têgêsipun lintah, punika rimbagan guru wanda saking: utawaka, ingkang atêgês latu.
Ujêl = wêlut, lan: anauti, utawi: nauti = cacing, punika sami rimbagan guru warna saking: uta.
Jatha dipun têgêsi gêni winadhahan utawi siyung, ing Bausastra R. botên pinanggih têgês ingkang kakintên nyababakên têmbung wau gadhah watak tiga. Ing Bausastra W. wontên têgês wadhah, ananging: wadhah botên sagêd gadhah watak tiga. Pinanggih ing pambudi, sababipun têmbung jatha wau kangge watak tiga, kapirit saking: Trijatha, ingkang kocap ing padhalangan putranipun putri Arya Wibisana, dados angsal dening: tri.[13]
Wedha, utawi weda, sababipun watak tiga botên saking atêgês gêni pawon saking Skr. weda, têgêsipun: kawruh, utawi: kagunan, dados rimbagag[14] guru jarwa saking têmbung: guna.
Kayalena, ing sêrat Côndrasangkala dipun têgêsi gêni blubukan, nanging ing Bausastra botên wontên, wontênipun kalih têmbung: kaya + lena.
Têmbung: kaya têgêsipun tunggil misah kemawon kalihan têmbung: guna, kados ta sami gadhah têgês khasil, sugih, lan sanès-sanèsipun, punapa malih têmbung kakalih wau sagêd dipun gandhèng ingkang lajêng namung atêgês satunggal, inggih punika: gunakaya, atêgês pamêdal utawi khasil, dados sampun têrang, têmbung kaya punika rimbagan guru jarwa saking guna.[15] Dene têmbung lena, tumrap jaman sapunika têrang botên kenging dipun angge sangkalan watak tiga, awit têgêsipun: supe, pêjah, ical, sêrap, sami watak das. Punapa sababipun têmbung wau sumêla wontên ing ngriku, kula botên andungkap, bokmanawi kemawon têmbung lena ing ngriku saking: lèn = lan, liyan, namung kangge anjangkêpakên guru wicalan.
Tiga sampun têrang atêgês tiga.
Uninga ing Sêrat Côndrasangkala dipun têgêsi gêni obor, nanging punapa kenging dipun pitados dèrèng kantênan. Ing Bausastra W., botên wontên têgês makatên sarta ing Bausastra R., anggènipun nêgêsi obor ampang kemawon, sajak namung kêpêksa nêrangakên dening têmbung uninga wau sampun kêlimrah dipun angge sangkalan watak tiga. Adatipun manawi nêgêsi têmbung, têgês-têgêsipun rumiyin, lajêng Côndrasangkala dhawah wingking, dados pamêndhêtipun watak wicalan saking têgês-têgês wau. Beda kalihan anggènipun nêgêsi obor ing têmbung uninga punika, sajakipun têgês susulan. Dene manawi têmbung uninga punika têrang atêgês obor, saking pamanggih kula: sababipun têmbung wau kangge watak tiga karimbag guru jarwa saking: guna. Guna, utawi kagunan = kawruh. Wruh, utawi wêruh = uninga.
Wêwahan: kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil kangge sangkalan watak tiga punika kenging dipun wêwahi malih rimbaganipun têmbung-têmbung sadaya wau, kados ta:
Gêni, dados panas, murub, kobar, gêsêng, ujwala, sapanunggilanipun, nanging malêtik = 0.
Rana, dados ranangga, payudan, sasaminipun.
Tri, dados èstri, putri, mantri.
Nauti, dados anaut, sinaut.
Kaya, dados lir[16] makatên sasaminipun.
Pangrimbagipun têmbung uninga, mirsanana bab pangrêmbag ing wingking.

Watak Sêkawan

Wedang: Banyu panas, | toya bêntèr saking dipun latoni (saking: we lan dang).
Sêgara: Banyu ngidêri jagad, | sêgantên (Skr. Saagara).
Karti: Banyu sumur, | damêl, pandamêl (Skr. Krêtti).
Suci: Banyu padasan, | rêsik (Skr. Suci).
Jaladri: Banyu rawa, sêgantên, | sêgantên (Skr. Jaladhi).
Nadi: Banyu kali, | lèpèn (Skr. lan Jawi Kina: Nading), sêgantên, toya ingkang wontên salêbêting wowohan, banyu (Skr. Naadhi). Langkung (saking: adi). Kêbon liring.
Hèr: Banyu pucuking gunung, | toya, musthika, ngantos, ngêntosi (Mal. Ajêr).
Nawa: Banyu adhêm, | sanga (Skr. nawa), padhang, mancorong, lan saking: tawa. | Tawa = wantah (Jawi Kina: tawaa, tawar), tawi (kosok wangsulipun: ngêndêmi). Tawar (kosok wangsulipun: mandi), toya tawa (kosok wangsulipun: wedang), tawi (nawèni). Cêkakanipun: utawa.
Samudra: Banyu têlêng, | sêgantên (Skr. samudra).
Jalanidhi: Banyu angêdhung, | kasêrat: jalanidi = sêgantên (Skr. jalanidhi).
Warna: Banyu sawangan, | sungging, pulas, warni, intên, ucap, rumpaka, anggit (Skr. Wanar = warni, bôngsa, kabagusan). Toya (Skr. Waruna).
Toyadi: Banyu jêmbangan, | (kalih têmbung: toya + di, cêkakanipun: adi utawi: dadi. Manawi: di, saking: adi: namung kangge anjangkêpakên guru wicalan kemawon. Nanging sagêd ugi karsanipun ingkang nganggit: di, saking: dadi, ingkang ugi gadhah watak sêkawan, cêkakanipun: waudadi). | Toya: sampun jarwa K = banyu N.
Wwahana:[17] Banyu udan, | ing Bausastra: wahana utawi: wahhana = tumpakan, wêdhar, babar. (Skr. wahana = tumpakan. Waahana = wêdhar, babar). | (Mirsanana ing ngandhap).
Waudadi: Banyu dèrèsan, pancuran, | sêgantên,
Sindu: Banyu susu, | toya, (Skr. sindhu = lèpèn),
Warih: Banyu krambil, | toya, (Skr. waari).
Dik: Padon sêkawan, | hèh, sangêt, awang-awang, kahyangan. (Skr. dik, nominatiêf saking: Dis = awang-awang). Mirsanana ing ngandhap.
Tasik: Banyu oyod, sêgantên, | sêgantên, pupur.
Catur yuga: Keblat papat, namaning môngsa sêkawan, | (kalih têmbung: catur + yuga, kalih-kalihipun kangge sangkalan watak sêkawan. Ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kasêrat dados kalih larik). | Catur = sêkawan, (Skr. catur), namaning dolanan, (schaakspêl) cantên. | Yuga ugi kasêrat, yoga = anak, sae, jaman, môngsa, lan mirsanana: yoga. | Yoga = patut, sae, prayogi, (Skr. poga, lan: yogya), damêl, titah, anak, nitahakên, puja, sêmèdi. (Skr. yoga. Ugi atêgês = bêbathèn, sarana, sêmèdi, panunggal).
Pat: Sêkawan, | papat, N. sêkawan, K.
Katrangan: 1. Wedang, 2. Sêgara, 3. Jaladri, 4. Nadi, 5. Hèr, 6. Samudra, 7. Jalanidhi, 8. Warna, 9. Toya, 10. Waudadi, 11. Sindu, 12. Warih, 13. Tasik, punika sadaya sami gadhah têgês toya utawi wujud toya, dene sababipun toya kangge watak sêkawan, karimbag saking têmbung: warna, Skr. Wannar, atêgês bôngsa, (kastê), catuwarnnar = sêkawan bôngsa[18] inggih punika: Braahmana, Ksatriya, Weisya, Sudra. Inggih catur warna punika ingkang nyababakên têmbung: warna: punika kaangge watak sêkawan. Sarèhning: warna: wau inggih atêgês toya, saking Skr. Waruna, lajêng dipun rimbag guru jarwa, sadaya ingkang atêgês toya utawi wujud toya, kaanggêp watak sêkawan.
Wontên kaol sanès: sababipun toya kangge watak sêkawan punika amargi toya punika wontên kawan warni, inggih punika: toya saking bumi, toya saking langit, toya saking cêcukulan, sarta toya saking ingkang asipat nyawa. Wusana kula sumanggakakên para nupiksa. Dene mênggahing sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut ingkang têgêsipun sanès, kados ta: warna, dipun sambut ingkang atêgês warni, anggit, rumpaka, makatên sasaminipun.
Wondene têmbung sanès-sanèsipun, sababipun kaangge sangkalan watak sêkawan, makatên katranganipun:
Karti ing sêrat Côndrasangkala dipun têgêsi banyu sumur, nanging ing Bausastra botên pinanggih têgês ingkang makatên. Dene sababipun kaangge watak sêkawan, ing pangintên karimbag guru jarwa saking têmbung: yoga. Yoga: gadhah têgês gawe, karti: têgêsipun inggih gawe. Dene sababipun têmbung yoga kaangge watak sêkawan mirsanana ing ngandhap.
Suci sababipun watak sêkawan, kapirit saking têmbung aran: banyu suci, inggih punika ingkang dipun padosi Aryasena, ing Bausastra R. anggènipun nêgêsi: namaning kawruh kabatosan, ingkang gêgayutan kalihan kamulyaning gêsang ing akirat.
Nawa punika saking lingga: tawa, namaning toya, milanipun kaangge watak sêkawan. Nanging: nawa: têmbung lingga, ingkang atêgês wicalan sanga, manawi kangge sangkalan inggih watak sanga.
Wwahana dipun têgêsi banyu udan, ing Bausastra botên pinanggih, ingkang wontên: wahana, utawi: wahhana, sarta têgêsipun botên ngèmpêri gadhah watak sêkawan. Saking pangintên kula, wwahana punika saking: wwah + ana. Wwah, utawi: wah, (Jawi Kina: wwah), ing sapunika: woh, uwoh, atêgês uwoh ing wit-witan utawi namaning udan = udan woh, utawi: udan salju. Têmbung: jawah, punika saking: ja = wêdal + wah = uwoh, utawi: udan woh.[19] Malah têmbung: jawoh, inggih taksih tumindak, inggih punika tumrap ing têmbang (Mirsanana: tatabasa. Karangan P. Ant. Jansz.).
Dik, dipun têgêsi padon sêkawan, nanging têgês ing Bausastra botên makatên, sarta botên wontên têgês ingkang nyababakên gadhah watak sêkawan. Wusana pinanggih ing sanès kaca, katranganipun saking Skr. widik, têgêsipun keblat = watak sêkawan, saking keblat papat. Ananging dadosipun têmbung Kawi, dik, widik, widik-widik, punika sami atêgês awang-awang = watak 0. Mila layak kemawon têmbung: dik, punika kula dèrèng nate mrangguli kangge sangkalan watak sêkawan, plaur ngangge têmbungipun jarwa (Arab): keblat. Awit kajawi ngangge têmbung dik awis ingkang mangrêtos, ingkang dipun kawekani manawi cawuh kalihan têgês awang-awang watak 0 punika wau. Punika prayogi sangêt.
Caturyuga ing sêrat Côndrasangkala dipun têgêsi keblat papat, utawi namaning môngsa sêkawan, nanging katranganipun kalih têmbung: catur + yuga.
Têmbung: catur sampun têrang atêgês sêkawan, sarta inggih kenging kangge sangkalan. Dene têmbung: yuga, utawi: yoga, sababipun kaangge watak sêkawan amargi atêgês jaman. Kasêbut ing Sêrat Nitisastra, jaman punika wontên sêkawan, inggih punika: krêtayuga, tirtayuga, dwaparayuga, kaliyuga. Dene jaman samangke punika kalêbêt ing kaliyuga, wontên ingkang mastani sampun wangsul krêtayuga malih. Nanging tumrapipun sangkalan, têmbung yoga wau inggih kenging dipun sambut ingkang botên atêgês jaman, kados ta: atêgês prayogi, utawi sanès-sanèsipun.
Pat, utawi: papat, sampun têrang watak sêkawan.
Wêwahan: kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak sakawan punika kenging dipun wêwahi malih kados ing ngandhap punika:

I. Rimbaganipun têmbung-têmbung wau, kados ta: Karti, dados: karta, karya, kinarya, sapiturutipun. | Warna, dados: marna, winarna. Sasaminipun. | Waudadi, dados: dadi, dadya, dados. | Yuga, utawi: yoga, dados: sayoga, sayogya. | Makatên sapanunggilanipun.
II. Ingkang atêgês toya, ingkang awujud toya, sarta ingkang karimbag saking toya, kados ta: udaka, udaya, tlaga, sumbêr, mancur, winasuh, marta, sapanunggilanipun.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: