RSS

Watak 5-6

Watak Gangsal

 

Buta: Buta lanang kang siyung, | agêng, galak, rosa, danawa, (Skr. Buta = nêpsu), picak, ina.
Pandhawa: Putraning Pandhu, | Skr. Paandhawa = gangsal putraning Pandhu.
Tata: Gêtih otot, | gêlar, tap, linggih, dandos (Jawi Kina: tataa), angin, (Skr.)
Gati: Kêkêtêg, pramana, namaning môngsa gangsal, | sayêktos, têmên, tingkah, tata, ulah, sêngsêm, sacumbana, gita, prêlu, (Skr. gati = margi, kawontênan, ugi atêgês: sarana).
Wisaya:[20] Panggawe, pirantos, | wisa, awon, pandamêl awon, duraka, karêm, pakarêman, paeka, paekan, pirantos. (Skr. wisaya = samukawis ingkang katuju ing pancadriya utawi kajangka. Wisaya = angin).
Indri: Bayuning mata, | angin silir-silir.
Yaksa: Buta wadon kang siyung, | buta, jêjulukipun ratu buta. (Skr. yaksa = namaning bôngsa satêngah dewa, juru gêdhongipun Hyang Kuwera. Ugi jêjulukipun Hyang Kuwera piyambak).
Sara: Lêlandhêp, | jêmparing, lêlandhêp, dêdamêl, lungid, pamalês, putus. (Skr. Sara = jêmparing).
Maruta: Angin angirid gandaning sêkar, | angin (Skr. maruta).
Pawana: Angin adrês, | angin, (Skr. pawana).
Bana: Alas agêng, | wana, lintang ing langit, murih, sanjata, jêmparing. (Skr. Baana = jêmparing).
Margana: Angin nèng dalan, | jêmparing, (Skr. Maaggarna). Ugi jêjulukipun Radèn Arjuna.
Samirana: Angin ngilangakên kringêt, | angin sumilir, (Skr. Samingrana = hawa, angin).
Warayang: Sanjata, | jêmparing, gênthong, bengkoking jara, peranganing bêdhil, bangsaning cacing.
Panca: Gangsal, | gangsal, Pandhawa, (Skr. panca).
Bayu: Angin kang manjing mêdal, | angin, jêjulukipun satunggiling dewa, (Skr. waayu = angin. Ugi: dewa).
Wisikan: Wuruking bapa, | lingganipun: wisik = ulah, wangsit, warah, guling, kusi.
Gulingan:[21] Angin mêdal paturon, | lingganipun: guling = tilêm, glintir, glundhung, gumingsir, namaning wangunipun kêcik, bantal gilig, gêmbung.
Lima: Gangsal, | sampun jarwa N = gangsal, K.
Katrangan: têmbung: pandhawa, panca, sarta lima, punika sampun têrang atêgês gangsal, sarta inggih limrah kangge sangkalan. Dene têmbung sanès-sanèsipun, sababipun kaangge watak gangsal, makatên:
Buta sarta yaksa, sami atêgês danawa, milanipun sami kaangge watak gangsal, kapanggih ing pambudi: amargi danawa punika kalêbêt golonganing pancabaya, langkung malih tumrap satriya lêlampah (mirsanana: lakon wayang). Dene ingkang dipun wastani pancabaya utawi pakèwêd gangsal punika kasêbut ing Bausastra R. inggih punika: bêbaya saking dewa, saking manungsa, saking kewan, saking jin, saking setan.
Wontên kaol sanès: milanipun danawa punika watak gangsal amargi manawi pêrang solahipun warni gangsal. Wusana sumangga para nupiksa. Ing sadèrèngipun angsal katrangan ingkang langkung sampurna, kados-kados katrangan ing nginggil punika salah satunggal kenging kangge garan pangèngêt-èngêt.
Têmbung sanès-sanèsipun, anggènipun nêgêsi ing Sêrat Côndrasangkala kathah ingkang pinanggih sulaya kalihan têgês ingkang kawrat ing Bausastra. Ing mangke ingkang kula angge garan ngupadosi sababipun kaangge watak gangsal, miturut têgês saking Bausastra, kados ing ngandhap punika:
1. Tata, 2. Wisaya, 3. Indri, 4. Maruta, 5. Pawana, 6. Samirana, 7. Bayu,[22]
punika sadaya sami atêgês angin, sarta kangge sangkalan watak gangsal. Têmbung-têmbung wau ugi kenging dipun sambut atêgês sanès, kados ta: tata, dipun sambut atêgês: trap. Wisaya = piranti, makatên sasaminipun. Dene sababipun angin punika kaangge watak gangsal, amargi gadhah nama ingkang mawi: panca, inggih punika: pancawara, pancaroba, ugi: pancaruba, Mal: pantjaroba, sadaya wau atêgês angin agêng utawi prahara. Dene anggènipun mawi: panca: wau tamtu kemawon wontên gangsalipun. Ing Sêrat Kawi Dasanama Jarwa anggènipun nêgêsi: pancawara = angin pakêmpalan gangsal, saking têngah, inggih punika ngandhap nginggil, kalihan saking keblat sêkawan. Manawi kaudhal têmbungipun, panca = gangsal. Wara = wor. Lan: roba = rob. Dados: gangsal panggènan awor, utawi gangsal panggènan ngêrobi.
Têmbung: gati, gadhah têgês tata, milanipun watak gangsal ingkang tamtu inggih karimbag guru jarwa saking: tata: ingkang atêtês[23] angin wau.
1. Sara, 2. Bana, 3. Margana, 4. Warayang, punika sami atêgês panah N. jêmparing K., lêlandhêp, utawi dêdamêl. Milanipun lêlandhêp utawi dêdamêl punika sami kaangge watak gangsal, amargi dêdamêl punika pirantosing kêrêngan utawi pôncakara, punika rimbagan guru sarana. Dene têmbung pôncakara punika manawi dipun udhal saking: pônca + kara. Skr. panca = gangsal + kara, utawi: kaara = nindakakên. Dados: nindakakên gangsal bab. Miturut cathêtanipun swargi Radèn Panji Puspawilaga, guru Kwik Sêkhul ing Surakarta: pôncakara = mara cangkêm, mara tangan, mara suku, mara bandhêm, mara dêdamêl.
Wisikan, lingganipun: wisik, gadhah têgês ulah. Sababipun kangge watak gangsal ingkang tamtu karimbag guru jarwa saking: gati, ingkang ugi anggadhahi têgês ulah.
Gulingan, ing Sêrat Côndrasangkala dipun têgêsi angin mêdal paturon, ing Sêrat Kawi Dasanama Jarwa inggih kasêbut gulingan têgêsipun angin andhasar nyakecakakên sare. Nanging ing Bausastra botên pinanggih têgês makatên wau. Dene sababipun kaangge watak gangsal, ingkang tamtu karimbag guru jarwa saking: wisik, ingkang ugi anggadhahi têgês guling.
Wêwahan: kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak gangsal punika kenging dipun wêwahi malih rimbaganipun têmbung-têmbung sadaya wau, kados ta:
Bangsanipun lêlandhêp, dados: sayaka, sutiksna, lungid, cakra, manah, saking: panah, sapanunggilanipun.
Danawa, dasanamanipun: rasêksa, rasêksi, diyu, wil, sapanunggilanipun, lan: galak.
Angin, dados: sumilir, sumribit. Lan, dasanamanipun: sindhung, prahara, barat, sapanunggilanipun.
Tata, dados: tinata, nata.
Margana, dados: marga, margi.
Wisik, dados: winisik, wuruk, (nanging: wulang, wêling, wangsit = 7, mirsanana bab pangrêmbag ing wingking).
Guling, dados: sare, sumare, turu, turon.
Makatên sasaminipun.

Watak Nênêm

Masa: Môngsa nênêm, | masa utawi môngsa = wêktu, peranganing wêktu, (Skr. maasa = wulan, saprakalih wêlasipun sataun). Panêdhanipun kewan galak utawi danawa (Skr. mangpa = daging). Têmbung pamaibên. Cêkapan, (?Skr. masa = ukuran).
Sadrasa: Rasa nênêm, | (kalih têmbung: sad + rasa, kalih-kalihipun kangge sangkalan watak nênêm. Ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kasêrat dados kalih larik). | Sad = nênêm, (Skr. sath). Sadpada utawi satpada = kombang, kinjêng, tawon, (Skr. sathpada = tawon, namanipun ingkang asuku nênêm). Sadrasa = raos nênêm. Rasa = pindha, upami, kados, pasêmon, wadhah, raos. Rasaning binukti: lêgi kêcut, pêdhês gêtir pait, sêpêt langu, aor asin sêngir amis gurih lêtèh. (Skr. rasa = ungêl, têmbung, ugi: banyurasa. Rahasya = rahsa, wados).
Winaya: Anggang-anggang, namaning môngsa nênêm, | ing Bausastra R.: winaya = nyolong. Ing Bausastra W.: botên pinanggih, dene: | naya R.: = ulat, ulah, pasêmon, (Skr. naya), kathah. Môngsanaya ? (Paramayoga – Rônggawarsitan). W.: idêm + paningal.
Nggana: Tawon, | gana = mega, awang-awang, piyambak, jalêr, dewa, gatra, calon, ungkêr, tawon, kawasa, sagêd, langkung, kosok wangsulipun gini, namaning dewa ingkang ngratoni wana lan kewan galak, wujud. (Skr. Gana = mega. Gana = pangiringipun siwah).
Rêtu: Kawor, uyêk-uyêkan, | pait, ebah, botên têntrêm, rêsah, dauru, gègèr, gara-gara. (Skr. rtu = etangan taun = 6 taun).
Anggas: Kayu glinggang, ibêr-ibêran, | walang, glinggang, tangsul anggas, namaning mêmêdi, anggras.
Oyag: Obah, | hoyag, utawi: hoyog (Jawi Kina: oyag) = ebah, goyang. Moyag-mayig = ebah-ebah.
Karêngya:[24] Karungu, rinêngga, kaupakara, | lingga: rêngya = rêngu, rêngwa, rungu, sêdhih, êru, nêpsu.
Pangrarasing
nêm: Pangrarasing watak nênêm, | (kalih têmbung: pangrarasing saking: raras + nêm. Kalih-kalihipun kangge sangkalan watak nênêm. Ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kasêrat dados kalih larik). | Raras, R.: rêrês, riris, rurus. Mirsanana: laras, rês, liris, lurus. | W.: asri, endah, langên, wêdal, raos, sêngsêm, brôngta, ayu, ngranta, cipta. | Nêm: sampun jarwa K.N. = wicalan ênêm, nênêm.
Tahên: Kayu taun, tahan, têtêp, pêgêng, bêtah, tawêkal, tanggon, kayu. Nahên = mêgêng, mênggak, ngampêt, nandhang.
Wrêksa: Kayu tinêgor, | wrêksa, utawi: wraksa = uwit agêng, kayu. (Skr. wrêksa = sadhengah wit-witan).
Prabatang: Kayu rubuh malang nèng dalan, | uwit rêbah, uwit gumlethak ing siti, ugi: wangke tiyang gumlethak ing sadhengah panggènan = bathang. (Mal.: batang = lajêr).
Kilating kanêm: Lêlidhah ing môngsa kanêm, | (kalih têmbung: kilating, saking: kilat + kanêm, saking: nêm. Kalih-kalihipun kenging kangge sangkalan watak nênêm. Ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kadadosakên kalih larik). | Kilat = kirat, clèrèt, gêlap, blêdhèg, ilat.
Kanêm = ka + nêm, kang kaping nêm.
Lona: Pêdhês, | pêdhês. (Skr. Lawana = asin).
Mla: Kêcut, | ing Bausastra: amla = kêcut (Skr. Amla), amlapala = woh asêm, (Skr. Amlapala).
Tikta: Pait, | pait, ampêru. (Skr. tikta = pait).
Kyasa: Gurih, | ing Bausastra: kayasa = sêpêt. (Skr. kasaaya = sêpêt).
Dura: Asin, | dura utawi dora = têbih, nglêngkara. (Skr. dura = têbih), dene: madura = lêgi. (Skr. Madhura).
Sarkara: Lêgi, | gêndhis, lêgi. (Skr. Sakaraa = gêndhis).
Katrangan: sad, nêm, kanêm, punika sampun têrang atêgês wicalan nênêm sarta inggih kenging kangge sangkalan. Dene têmbung sanès-sanèsipun, sababipun kangge sangkalan watak nênêm, makatên:
Masa utawi: môngsa, miturut têgês saking Bausastra botên wontên ingkang nyababakên gadhah watak nênêm. Têgês saking Sêrat Côndrasangkala: botên marêmakên manah. Wusana kêpanggihipun wontên ing têmbung madumôngsa (Skr. madhumaasa) têgêsipun: lentemaand (mirsanana Bausastra R.: Madu). Sababipun watak nênêm, amargi: madu: punika têgêsipun lêgi, sadaya ingkang atêgês lêgi: watak nênêm. Bokmanawi ingkang têgês lentemaand punika ingkang anjalari ing Sêrat Côndrasangkala nêgêsi môngsa nênêm.
Rasa, ingkang gadhah watak nênêm punika ingkang têgêsipun kraos, ngraosakên, katranganipun makatên:
Ing Sêrat Côndrasangkala ugi ngêwrat têmbung-têmbung: 1. Lona, 2. Mla, 3. Tikta, 4. Kyasa, 5. Dura, 6. Sarkara, punika sadaya namanipun raosing ilat, sarta satunggal-satunggalipun manawi kangge sangkalan inggih watak nênêm. Ananging punapa ingkang nyababakên têmbung rasa watak nênêm punika saking raosing ilat warni nênêm wau. Kintên kula dede, amargi raosing ilat punika sayêktosipun kathah: 1. Lêgi, 2. Kêcut, 3. Pêdhês, 4. Gêtir, 5. Pait, 6. Sêpêt, 7. Langu, 8. Aor, 9. Asin, 10. Sêngir, 11. Amis, 12. Gurih, 13. Lêteh (mirsanana Bausastra R.: rasa), lan: 14. Anyir, 15. Adhêm, 16. Anglêk, 17. Cêmplang, 18. Kêmêtèp, utawi kêmêtès, 19. Tawa, 20. Tumêk, 21. Sêpa, 22. Sêngak, 23. Nyêthak, 24. Gêrok, 25. Gêtar, 26. Ngudhêl-udhêl (mirsanana Bêllêtriê lan, pathibasa: rasa).
Dene ingkang asring kasêbut wontên ing sêrat-sêrat Jawi, kados ta: Nitisastra, Darmasonya, kabasakakên sadrasa, utawi: sad rasa = rasa nênêm, punika kintên kula raosing pôncadriya: 1. Raosing pangambêt utawi grana: wangi, sêdhêp, pêsing, sapanunggilanipun, 2. Raosing pamirêng utawi talingan: ngrangin, brêbêg, sapanunggilanipun, 3. Raosing paningal utawi mripat: asri, blêrêng, sapanunggilanipun, 4. Raosing pangênyam utawi ilat: lêgi, gurih, asin, sapanunggilanipun, 5. Raosing panggêpok utawi badan: kasab, kêri, gatêl, sapanunggilanipun. Kawêwahan: 6. Raos sajati utawi raosing manah: bingah, susah, trênyuh, sapanunggilanipun. Inggih raos nêm warni punika ingkang nyababakên têmbung: rasa: gadhah watak nênêm, sarta satunggal-tunggalipun namaning rasa, manawi kangge sangkalan inggih watak nênêm.
Nama-namaning raos dalah têgêsipun ingkang kasêbut ing Sêrat Côndrasangkala sami pinanggih gèsèh kalihan ing Bausastra, punika botên karêmbag ing ngriki. Dene nama-namaning raos wau ingkang limrah dipun angge sangkalan namung satunggal: sarkara, dalah dasanamanipun: lêgi, madu, manis: sapanunggilanipun.
Winaya, ing sêrat Côndrasangkala dipun têgêsi anggang-anggang utawi namaning môngsa nênêm, nanging ing Bausastra R. têmbung wau têgêsipun: nyolong, ing Bausastra W. botên pinanggih. Nene[25] têmbung: naya, Bausastra kalih-kalihipun wontên, nanging botên wontên têgês-têgês kados ing Sêrat Côndrasangkala punika, namung ing Bausastra R. wontên sêratanipun: môngsanaya, ananging dipun sukani tôndha pitakèn (?) kapratelakakên kasêbut ing sêrat Paramayoga karangan Rônggawarsitan.
Katranganipun pancèn sêratan: winaya, punika lêpat, lêrêsipun: winayang (winayanggana), nanging aksaranipun: nga, ingkang dipun sigêg ing aksara: ya, kêcaruk ngandhapipun, katut dhatêng têmbung: gana.
Ing Sêrat Ariwara, kaca 24, amratelakakên namaning môngsa kanêm = naya = winayang. Nanging manawi têmbung: winayang: wau sababipun watak nênêm namung miturut waton saking sêrat Ariwara, dèrèng sagêd marêmakên manah, amargi botên angsal pasaksèn ing Bausastra. Dene saking pamanggih kula, sababipun têmbung: winayang: punika watak nênêm amargi gadhah têgês dipun ebahakên. Mayangi = sêkarat ingkang ngrêkaos, utawi kathah polahipun, limrahipun jalaran pêjah kêdadak. Uyang, uyang, wiyang, wuyung, poyang, moyang = susah, utawi obah atine, ora jênjêm. Wayang-wuyungan, poyang-payingan = bilulungan, atine lan badane tansah obah, ora jênjêm. Ugi: goyang = obah, Mal.: gojang. Dene sababipun têgês ebah punika watak nênêm, mirsanana katrangan ing ngandhap.[26]
Gana, sababipun watak nênêm amargi atêgês tawon. Makatên ugi: anggas, sababipun watak nênêm dening atêgês walang. Sadaya wau kaewokakên bangsaning sadpada (asuku nênêm). Ananging tumrapipun sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut ingkang têgêsipun sanès.
Rêtu, miturut Bausastra R. ugi atêgês etangan taun 1 rêtu = 6 taun. Ing Bausastra ngriku sajakipun malah nêrangakên sababipun têmbung: rêtu: gadhah watak nênêm punika inggih saking têgês nêm taun wau, katrangan wau têrang lêrêsipun. Kajawi saking makatên, têmbung: rêtu: punika ugi gadhah têgês pait, môngka pait punika watak nênêm, amargi namaning raos. Katrangan punika kalih-kalihipun kados kenging dipun angge sadaya. Wusana nyumanggakakên para nupiksa.
Hoyag, têgêsipun obah, punika rimbagan guru jarwa saking: rêtu, amargi têmbung: rêtu: ugi anggadhahi têgês obah, botên têntrêm, sasaminipun.
Karêngya, têgês ing Côndrasangkala kirang lêrês. Dene sababipun watak nênêm amargi atêgês sêdhih (= raosing manah). Ananging tumrapipun sangkalan, têmbung: karêngya: wau inggih kenging dipun sambut atêgês karungu.
Raras, miturut Bausastra W. ugi anggadhahi têgês raos, sêngsêm, brôngta, sampun têrang gadhah watak nênêm. Dene têgês ing Bausastra R. ugi nunggil misah kemawon kalihan: raos, kados ta: rês, rêrês, ngêrês, angrês, ngrês-rêsi. Rurus, lurus, kamirurus, kamilurus, kamilurusên, kêmlurusên. Punika sadaya raosing manah.
1. Tahên, 2. Wrêksa, 3. Prabatang, sababipun gadhah watak nênêm amargi atêgês kajêng (kayu), punika rimbagan guru jarwa saking têmbung: anggas, ingkang ugi gadhah têgês: glinggang = têgoran wit-witan utawi kajêng. Dene têmbung tahên wau tumrapipun sangkalan inggih kenging dipun sambut ingkang têgêsipun sanès.
Kilat, sababipun kaangge watak nênêm, awit kajawi pakêcapanipun mèh sami kalihan: ilat, têgêsipun ugi nunggil misah kalihan ilat. Têmbung: lidhah, kawi: atêgês kilat. Lidhah K.I. atêgês ilat. Dene: lidhah, ilat, punika sababipun gadhah watak nênêm karimbag guru sarana saking: rasa, amargi lidhah punika pirantos angraosakên.
Wêwahan: kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak nênêm punika kenging dipun wêwahi malih rimbaganipun têmbung-têmbung wau, kados ta:
Rasa, dados: karasa, carêm,[27] sapanunggilanipun.
Gana, dados: anggana.
Raras, dados: rinaras, angraras.
Tahên, dados: nahên.
Kilat, dados: kumilat. Makatên sasaminipun, lan:
Hoyag, dados: hoyig, obah[28] osik[29] lan sanès-sanèsipun.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: