RSS

Watak 7-8

Watak Pitu

 

Ardi: Gunung urut pasisir, | ardi utawi adri = rêdi (Skr. Adri).
Prawata: Gunung têpung sami gunung, | prawata utawi parwata = rêdi (Skr. prawata).
Turôngga: Jaran, | jaran, (Skr. turangga).
Giri: Gunung Gêdhe, | rêdi, kalangkung, (Skr. giri). Aja giri = aja dhisik. Giri-giri = mêdèni. Anggirèkake = anggêrêgake = anggiri.
Rêsi: Pandhita suci, | tiyang suci, dewa asal saking pandhita, (Skr. rsi) = arsi.
Ôngsa: Banyak, turun, | angsa utawi ôngsa = banyak, (Skr. angsa), têdhak, (wôngsa). | Dene: ôngsa = andarung, namaning pantun, ngôngsa-ôngsa. Sarta sami kalihan: angsa.
Biksuka: Sapi, namaning môngsa kapitu,[30] lêmbu, (saking klentuning pangrêtos, Skr. lan Jawi Kina: Biksuka = bedelmonnik, tiyang ingkang ambucal kadonyan, pandhita, = biksu).
Cala: Sukuning gunung, | obah, molah, (Skr. cala = cala). Rêdi (lêrêsipun: acala). Nêmaha, cêla (Skr. = cala = chala). Pindha, kêmu. | Dene: acala utawi ancala = rêdi (Skr. Acala = rêdi. Luguning têgês: kang ora obah).
Imawan: Mega pucuking gunung, | namaning rêdi, (Skr. nomin. imawaan = rêrêdèn Himalaya), rêdi.
Sapta: Pitu, | pitu (Skr. sapta). Sêpta, sêta, doyan, (?Skr. sakta).
Pandhita: Putus, | tiyang ingkang mêngkêr ing kadonyan, guru kawruh jiwa, tiyang tapa, (Skr. pandhita).
Swara: Pandhita kalok, | suwantên, mirêngan, ungêl, sabawa, (Skr. swara). Aksara swara utawi sastra swara: a, i, e, u, o + rê + lê, (Wyakarana Jawa).
Gora: Agung,[31] | R.: tawon, (tawon gung), agêng, langkung agêng, (Skr. Gora = ingkang ngêgèt-êgèti, ingkang ngêgèt-êgèti lan anggêgirisi). | W.: agêng, rêdi, tawon gung.
Muni: Pandhita muruk, muni,[32]
| mungêl, (saking: uni), pandhita (Skr. muni). Swakuda: Jaran kabiri, | (kalih têmbung: swa + kuda, kalih-kalihipun kenging kangge sangkalan watak pitu. Ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kasêrat dados kalih larik). | Swa = kapal, (Skr. Aswa), sae, langkung, linangkung (su), aparing, sirah, rai, dangu, aso. | Kuda = kapal, kangge sêbutanipun satriya, namaning wit-witan, namaning blêndok, kuda-kuda, sawiyah-wiyah.
Tungganganing
gunung: Têngahing gunung, | (kalih têmbung: tungganganing saking: tunggang + gunung, kalih-kalihipun kangge sangkalan watak pitu. Ungêl-ungêlan punika prayoginipun kasêrat dados kalih larik). | Tunggang = tumpak, tunggangan = tumpakan, titihan (= turôngga). | Gunung = rêdi.
Wiku: Pandhita ing gunung. | Pandhita, kêdah, (bokmanawi saking têmbung Prâkrêt Bikku, ing têmbung Skr. Biksu = tiyang ingkang mêngkêr ing kadonyan = monnik).
Yapêpitu: Inggih pipitu. | (kalih têmbung: ya + pipitu saking: pitu. Têmbung: ya, ing ngriki punika namung kangge anjangkêpakên guru wicalan kemawon). | Pitu, sampun jarwa K.N. = wicalan pitu.
Katrangan: têmbung: sapta lan pitu punika sampun têrang atêgês wicalan pitu, sarta kenging kangge sangkalan. Dene têmbung sanès-sanèsipun, sababipun kaangge watak pitu, makatên:
1. Ardi, 2. Prawata, 3. Giri, 4. Cala (acala), 5. Imawan, 6. Gunung, punika sami atêgês rêdi. Sababipun rêdi gadhah watak pitu punika ing Bausastra botên pinanggih, pinanggihipun wontên ing sêrat Jawi nama Darmasonya. Sêrat wau kacariyos ing têmbung kawi karanganipun Êmpu Yogiswara, sampun dipun jarwakakên dening Radèn Ngabèi Yasadipura II (Radèn Tumênggung Sastranagara). Ing ngriku nêrangakên manawi ing ngawiyat punika wontên jagad nama Jagad Sapta Prawata, inggih punika panggenanipun para Dewa Rêsi Gana, tuwin danawa ingkang pinandhita. Ing sanginggilipun jagad Sapta Prawata wau jagadipun Bathara Wisnu, nginggilipun malih kahyanganipun Bathara Guru. Bokmanawi inggih Sapta Prawata punika ingkang nyababakên rêdi kangge sangkalan watak pitu.
1. Turôngga, 2. Swa, 3.Kuda, punika sami atêgês kapal. Sababipun kapal kaangge watak pitu botên kacêtha ing têgês-têgês ingkang kasêbut ing nginggil, pinanggihipun wontên ing Bausastra R. wontên ing têmbung: aswa, têgêsipun: kapal lan tumpakan. (Skr. lan Jawi Kina: Aswa = kapal lan: 7, kapirit saking kapal pêpitu kagunganipun dewaning Surya).
Kapal pitu punika bokmanawi pangirite pêdhatinipun Sang Hyang Surya, inggih pêdhati punika ingkang kacriyos ing Pustakaraja kangge matrapi Prabu Watu Gunung, ingkang anjalari ing sedanipun, sasampunipun kawon cangkriman kalihan Bathara Wisnu.
1. Rêsi, 2. Pandhita, 3. Muni, 4. Wiku, punika sami atêgês pandhita. Sababipun pandhita kaangge watak pitu punika botên sagêd pinanggih ing Bausastra, namung pinanggih wontên ing Sêrat-sêrat Jawi, kados ta: ing Pustakarajapurwa II kaca 8: jumênêngipun Nata Binathara Prabu Sri Maha Punggung mawi dipun èstrèni ing jawata sêsanga, brahmana wêwolu, tuwin rêsi pêpitu, lajêng ajêjuluk Sri Maharaja Kano. Nalika jumênêngipun Nata Binathara Prabu Kusumawicitra, inggih mawi dipun èstrèni ing brahmana wolu rêsi pitu (botên mawi jawata sanga), lajêng ajêjuluk Maha Prabu Ajipamasa.
Katrangan ing nginggil punika, sanajan sajakipun namung pangathik-athik susulan, nanging lowung kenging kangge garan pangèngêt-èngêt sababipun pandhita gadhah watak pitu. Sokur manawi ing wingking sagêd angsal katrangan ingkang langkung sampurna.
Ôngsa, sababipun gadhah watak pitu, kula dèrèng manggih katranganipun ingkang marêmakên. Kula inggih dèrèng mrangguli ungêl-ungêlan Côndrasangkala mawi têmbung: ôngsa, sarta ing Bausastra R. inggih botên nyêbutakên manawi têmbung wau kangge sangkalan watak pitu. Bokmanawi mirit saking namaning lintang Jaran Dhawuk kalihan banyak angrêm, (mirsanana Bausastra R.: jaran lan: banyak). Upami yêktos makatên, sayêktosipun inggih anèh sangêt piritan ingkang makatên wau.
Biksuka, sampun têrang sababipun watak pitu manut saking têgêsing têmbung ingkang lêrês, saking Skr. lan Jawi Kina: Biksuka = pandhita, monnik, ugi sami kalihan: Biksu. Dados botên saking atêgês lêmbu.
Swara, ing Bausastra botên pinanggih têgês pandhita kados anggènipun nêgêsi ing Sêrat Côndrasangkala. Dene sababipun têmbung swara punika gadhah watak pitu, amargi gadhah têgês ungêl (uni), dados karimbag saking têmbung: muni, ingkang atêgês pandhita.
Wontên kaol sanès, sababipun têmbung: swara: kangge sangkalan watak pitu punika mirit saking kathahipun aksara swara wontên pitu., inggih punika: a, i, e, u, o, rê, lê. Dene ingkang nêrangakên aksara swara kathahipun pitu punika nama sêrat: Wyakarana Jawa (mirsanana Bausastra R.: swara), sarta miturut Budi Utama, Marêt, 1924 ôngka 28, ingkang nganggit sêrat Wyakarana Jawa wau Ajisaka, inggih ingkang nganggit Côndrasangkala.
Manawi katrangan ingkang kantun punika ingkang lêrês, dados sababipun pandhita kaangge watak pitu punika malah karimbag saking: swara, botên:swara karimbag saking: pandhita. Wusana nyumanggakakên para nupiksa.
Gora, sababipun gadhah watak pitu amargi atêgês rêdi (Bausastra W.), nanging ing Bausastra R. botên wontên têgês wau. Bokmanawi lêrêsipun: namaning rêdi. Rêdi Gora punika rêdi ingkang misuwur ing jaman kina, ing samangke kawastanan rêdi Slamêt ing Têgal, (mirsanana Pustakaraja). Mênggah têmbung: gora: lajêng dipun anggêp atêgês rêdi punika inggih botên anèh, amargi têmbung imawan punika inggih asal saking namaning parêdèn Imalaya, samangke ugi dipun anggêp atêgês rêdi.
Tunggang, sababipun watak pitu sampun têrang asal saking kapal. Skr. aswa = atêgês kapal sarta tumpakan. K. I. titihan = ugi atêgês kapal sarta tumpakan.
Wêwahan: kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak pitu punika kenging dipun wêwahi malih rimbaganipun têmbung-têmbung wau, kados ta:
Dasanamanipun kapal: undhakan, titihan. Sapanunggilanipun.
Dasanamanipun rêdi: arga, prabata, lan sanès-sanèsipun.
Dasanamanipun pandhita: dwija, ajar, maharsi, sogata, suyati, lan sanès-sanèsipun.
Biksuka, dados: suka.
Swara, dados: kaswara, kaswarèng.
Muni, dados: sabda, wêling.
Pandhita, dados: mulang (nanging: misik, lan: muruk = 5).
Makatên sasaminipun.

Watak Wolu

Naga: Ula gêdhe, | sawêr agêng, jêjulukipun Hyang Antaboga (Skr. lan Jawi Kina: naga = sawêr, tiyang malihaning sawêr). Nagaraja (Skr. naagaraaja, Jawi Kina: id., ugi = ratuning liman).
Panagan: Ênggon ula gêdhe, | sampun jarwa, ugi = petangan lampahing naga taun, naga jatingarang, sapanunggilanipun.
Salira: Manyawak, | awak, badan (= sarira). Kawuk, nyambik, manyawak.
Basu: Têkèk, kumaraning naga, namaning môngsa kawolu. | R.: sêgawon, êdus (wasuh), sawêr, têkèk. (Skr. wasu = bangsaning dewa: cacahipun wolu). | W.: warana, êdus, têkèk, sêgawon, sawêr.
Tanu: Bunglon, | bunglon, mangsi, (Skr. tanu = alus). Tanu astra = namaning punggawa jagi kori. Tanuhita = nglalangkungi.
Murti: Cêcak, sangêt, | amor, gumolong, nunggil, sangêt, linangkung, cêcak, nyata. (Skr. murti = badan, wangun, wujud). Arimurti = wujuding Wisnu = Krêsna (Skr. Ari = srêngenge utawi: endra utawi: Wisnu, murti = wujud. Trimurti (Skr. Trimurti) tiganing atunggil = Brahma, Wisnu, Siwah.
Kunjara: Kandhang gajah, gêdhong pasakitan, | liman (Skr. kunjara). Gêdhong pasakitan, (Skr. panjara = kurungan).
Gajah: Gajah nèng wantilan,liman (Skr. gaja). Namaning usuk, namaning ulam, namaning kupu, lan sanès-sanèsipun.
Dipangga: Gajah tinitihan ratu, | gajah, (kawi: dwipaangga = dipa).
Èsthi:[33] Gajah dèn palanani,[34] | yêktos, gajah (Skr. asting). Cipta, sêdya, raos (Skr. Isthi).
Samadya: Gajah nèng têngahing dalan, | W.: samaja = gajah. R.: botên pinanggih. Dene: | Madya = têngah, sêdhêng, lumbung, bale. Ugi, lambung, bangkèkan, (Skr. madhya).
Manggala: Gajah binêkta prang, pangajêng, | wiwitan, pangajêng, pangagêng, prajurit rosa, gajah, urang. (Skr. Manggala = ngalamati kabêgjan = bêgja, sae, tapuking samukawis ingkang mawi upacara).
Dirada: Gajah mêta, | gajah (Skr. Dwirada, luguning têgês = ingkang agadhing kalih).
Bujôngga: Ula lanang, | naga (Skr. Bujangga lan: Bujaga). Pujangga.
Brahmanastha: Pandhita sabrang wêwolu, | garbanipun kalih têmbung: brahmana + astha, kalih-kalihipun kenging kangge sangkalan watak wolu. Sarèhning garban, botên kenging kadadosakên kalih larik. | Brahmana (bramana) = namaning bôngsa ingkang luhur piyambak ing tanah Hindhu, pandhita sabrang, (Skr. Braahmana), jêjuluke putranipun kakung Bathara Brama. | Astha = wolu (Skr. Astha).
Dipara: Gajah binêkta cangkrama, | nyruwètèh, lôngka, mokal, nglêngkara (Skr. Dwaapara). Dene: dipa = padhang, teja, sênên, obor, damar, surya (Skr. dipa = damar).
Ratu (Skr. Adhingpa). Gajah (Skr. Dwipa). Pulo (Skr. Dwingpa).
Liman: Gajah binêkta midhang, | gajah.
Lan ula: Sarta ula,[35] | (kalih têmbung: lan + ula. Têmbung: lan, ing ngriki namung kangge anjangkêpakên guru wicalan, botên katut kenging kangge sangkalan watak wolu). | Ula (Jawi Kina: Ulaa, Mal. oêlar) = sawêr K., wula: Kawi.
Katrangan: mèh sadaya ungêl-ungêlan sangkalan watak wolu ing nginggil punika asal saking rimbaganipun têmbung: basu. Dene sababipun basu kaangge watak wolu puni[36]
saking têmbung Skr. wasu, atêgês bangsaning dewa: cacahipun wolu. Kala para dewa sami pêrang nanggulangi garudha ingkang badhe nyidra Amrêta, astha basu punika inggih kocap tumut pêrang. Kacariyos malih Sang Bisma punika pangejawantahipun Basu wolu, sarêng seda inggih wangsul dados Basu wolu malih, (Mahabarata). Dene têmbung sanès-sanèsipun, sababipun gadhah watak wolu, makatên katranganipun:
1. Naga, 2. Bujôngga, 3. Ula, punika sami atêgês sawêr, sababipun sawêr kaangge watak wolu, karimbag guru jarwa saking têmbung: basu (Kawi) ingkang ugi gadhah têgês sawêr, malah Hyang Basuki (Skr. Waasuki) punika jêjulukipun ratuning sawêr. Ing Pustakaraja: Hyang Basuki punika putranipun Hyang Antaboga. Ananging tumrapipun sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut atêgês sanès, kados ta: bujôngga, dipun sambut atêgês pujôngga (tiyang).
Wontên kaol sanès: sababipun bujôngga kaangge watak wolu punika mirit saking pujôngga tiyang, awit pujôngga punika kadunungan kalimpadan wolung prakawis, inggih punika: paramasastra, paramakawi, awicarita, mardawa lagu, mardibasa, mandraguna, nawung kridha, sambegana. Nanging katrangan punika kathah lêpatipun, awit kalimpadan wolung prakawis punika sajakipun namung rumpakan kemawon.
Panagan, punika andhahanipun têmbung naga, inggih watak wolu.
1. Salira, sababipun watak wolu amargi atêgês manyawak, 2. Tanu, sababipun watak wolu amargi atêgês bunglon, 3. Murti, sababipun watak wolu amargi atêgês cêcak. Punika sadaya karimbag guru warga saking: têkèk, sababipun têkèk gadhah watak wolu amargi: basu (Kawi) punika ugi gadhah têgês têkèk. Dene tumrap kangge sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut ingkang têgêsipun sanès, kados ta: salira, dipun sambut atêgês badan. Murti = linangkung, sasaminipun.
Miturut katrangan ing Bausastra R.: ingkang gadhah watak wolu punika: salira: ingkang têgêsipun badan (sarira), ananging saking pamanggih kula katrangan punika klintu, awit têmbung-têmbung sanèsipun ingkang atêgês badan, kados ta: awak, dhiri, raga, punika sami watak satunggal. Dados têtela manawi: salira: watak wolu, punika sambutan saking: salira: ingkang têgêsipun manyawak.
1.Kunjara, 2. Gajah, 3. Dipôngga, 4. Èsthi, 5. Manggala, 6. Dirada, 7. Liman. Sababipun watak wolu amargi sami atêgês liman. Dene sababipun liman kaangge watak wolu punika bokmanawi kapirit saking Skr. Naagaraaja, ingkang atêgês ratuning sawêr utawi ratuning liman. Dados dipun anggêp liman kalihan sawêr punika katunggil warga.
Wontên kaol sanès, sababipun liman kaangge watak wolu punika amargi ingkang katingal kumlawèr wontên wolu, inggih punika: suku 4, buntut 1, gadhing 2, tlale 1.
Katrangan punika bokmanawi malah ingkang lêrês. Wondene tumrapipun sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut ingkang botên atêgês liman, kados ta: kunjara, dipun sambut atêgês gêdhong pasakitan. Èsthi = cipta. Manggala = pangajêng. Makatên sasaminipun.
Samadya ing Sêrat Côndrasangkala dipun têgêsi gajah nèng têngahing dalan, nanging ing Bausastra kalih pisan botên pinangggih. Dene ing Bausastra W. wontên têmbung: samaja, atêgês liman. Ing Bausastra R. botên wontên têmbung: samaja: wau. Ing Sêrat Kawi Dasanamajarwa inggih wontên têmbung: samaja, dipun têgêsi: gajah binêkta aprang. Dados, sababipun têmbung: samadya: kangge watak wolu punika jalaran atêgês liman. Dene linta-lintunipun: dya, kalihan: ja, punika sampun limrah, kados ta: sêja = sêdya. Majapait = Madyapahit (mirsanana Damarwulan, Labberton. Lan sanès-sanèsipun.##
Brahmanastha, saking: brahmana + astha, sami kangge sangkalan watak wolu. Astha, sampun têrang atêgês wicalan wolu. Dene: Brahmana, sababipun watak wolu, kapirit saking jawata sêsanga, Brahmana wêwolu, rêsi pêpitu, ingkang sami ngèstrèni jumênêngan nata binathara, kados ingkang kapratelakakên ing katrangan sababipun pandhita watak pitu ing nginggil.
Dipara botên atêgês liman kados anggènipun nêgêsi ing Sêrat Côndrasangkala, ingkang tamtu punika rimbagan guru wanda saking: dipa, ingkang atêgês liman, mila inggih kenging kaanggêp gadhah watak wolu, panunggilanipun:wani, kenging karimbag dados, wanita. Karo: karoya. Sasaminipun. Ingkang dipun suda: margana, dados: marga. Biksuka: suka. Sasaminipun.
Wêwahan: kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak wolu punika kenging dipun wêwahi malih rimbaganipun têmbung-têmbung wau, kados ta:
Dasanamanipun sawêr: taksaka, sapanunggilanipun.
Dasanamanipun liman: matêngga, sapanunggilanipun.
Salira, dados: bajul, baya, bêbaya. (Botên kenging dados: badan, raga, dhiri, awak = watak satunggal).
Basu, dados: basuki.
Astha, dados:èstha.
Èsthi, dados: ngèsthi, anggusthi, sapiturutipun.
Biksuka, dados: suka.
Samadya, dados: madya, madyèng.
Makatên sasaminipun.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: