RSS

Watak 9-0

Watak Sanga

 

Trustha: Lèng bêdhil, suka, | trustha utawi tustha = suka, rêna (Skr. tustha).
Trustha utawi trustha = lèng, bolong têrus (Skr. truthi = rêngat, bênthèt).
Trusthi: Lèng tulup, | Skr. truthi, mirsanana: trustha, ing nginggil.
Muka: Rêrai, | rai, sirah, wadana, ngajêng, ngajêngan, pangajêng, cangkêm (Skr. Muka).
Gapura: Lawanging ratu, | kori agung, regol (Skr. gopura). Ugi: lêlancip munggul, inggil, nglayang ing awang-awang.
Wiwara: Lawang sakèngèng,[37] êlèng, têrusan, kori, (Skr. wiwara).
Dwara: Lawanging omah, | kori, gapura, (Skr. dwaara).
Nanda: Lèng kodhok, sêsotya, namaning môngsa kasanga,[38] ngucap, wicantên, nywara (Skr. naada).Dene: anda = sotya, sae, silir-silir. | Anda utawi onda = mêndêm, pêtêng, (Skr. Andha = picak).
Wilasita: Lèng kombang, | pratingkah suka (Skr. id), lèng (Skr. bila), lèng kombang.
Guwa: Lèng patapan, | sampun jarwa = growongan (Skr. guhaa).
Rago: Lèng samun, | guwa, alangan, (Mal.: ragoe = kisruh). Ngragoni = ngalang-alangi. Ludra: Aluraning dewa, | rudra utawi rodra = jêjulukipun Bathara Guru, (Skr. rudra = jêjulukipun Siwah, lan panjalmaning Siwah). | Rudra, rodra, ludra, utawi lodra = galak, srêngên, nêpsu, (Skr. raudra = anggêgirisi, nêpsu).
Gatra: Lèng gangsir, | rupa, awak, pawakan, gambar, gana, (Skr. gaatra = bêbadan, peranganing bêbadan).
Gônda: Ambêt, | ambêt, (Skr. Gandha).
Lèng: Lèng sêmut, | sampun jarwa K.N. = êlèng, bolongan alit.
Rong: Lèng ula, | loro, saking: ro (Jawi Kina: rwa). Bolong, growong, song, lèng, luwêng.
Song: Lèng landhak, | bolongan, êrong, êlèng. ngasongi = ngungkuli, nyoroti.
Têrusan: Lawang butulan, | lingganipun: têrus (utawi: trus), = kabul, tètès, bablas, butul, têmbus.
Yèku ôngka: Inggih punika wêwilangan, | (punika botên gadhah watak wicalan sanga. Wontênipun ing ngriki namung kangge anjangkêpakên guru wicalan).
Babahan: Lèng maling, | lingganipun: babah = bolong, bobok, bobol, babal, bêdhah, Cina pranakan, anjêbabah.
Hawa sêsanga: Bolonganing badan, | (kalih têmbung: hawa + sêsanga saking: sanga. Nanging punika lêpat, lêrêsipun: nawa sanga, utawi nawa sêsanga, botên: hawa. Têmbung sanga ing ngriki minôngka katranganipun têmbung nawa, mirsanana: Bausastra R.: nawa, lan Belletrie: babah. Manawi dipun lintu: nawa + sêsanga, kalih-kalihipun kenging kangge sangkalan watak sanga, sarta prayoginipun kêdah kasêrat dados kalih larik). | Nawa = sanga (Skr. nawa), padhang, mancorong, ugi saking: tawa. | Sanga = gorèng, sangan, wajan, wicalan sanga. Sanga-sanga = putranipun Sêtyaki.
Katrangan: têmbung: nawa lan sanga, punika sampun têrang atêgês wicalan sanga, sarta inggih kenging kaangge sangkalan. Dene têmbung sanès-sanèsipun, sababipun gadhah watak sanga, makatên katranganipun:
1. Trustha, 2. Trusthi, 3. Gapura, 4. Wiwara, 5. Dwara, 6. Wilasita, 7. Guwa, 8. Rago, 9. Lèng, 10. Rong, 11. Song, 12. Têrusan, 13. Babahan, punika sadaya sami atêgês bolongan utawi kawontênan ingkang bolong, dene sababipun bolongan kaangge watak sanga punika kapirit saking bolonganing badan ingkang kawastanan babahan hawa sanga, inggih punika: mripat 2, talingan 2, grana 2, lesan 1, wêwados 2. Ananging tumrapipun sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut ingkang têgêsipun sanès, kados ta: trustha, dipun sambut atêgês bingah, makatên sasaminipun.
Têmbung: muka kalihan, gônda, miturut têgês saking Bausastra kasêbut ing nginggil, kados botên wontên ingkang nyababakên gadhah watak sanga. Wontên ingkang ragi kenging kamanah, dene muka punika ugi gadhah têgês lesan (cangkêm) sarta gônda punika pirantosipun mawi grana. Ananging punapa lesan kalihan grana punika ingkang nyababakên watak sanga, dening punika kalêbêt babahaning badan. Kintên kula botên. Amargi babahaning badan sanès-sanèsipun botên watak sanga. Mripat sarta talingan sami awatak kalih, mèdi watak satunggal.
Dene saking pamanah kula, têmbung kêkalih wau sami rimbagan guru wanda saking: ambuka. Dipun suda wandanipun ing ngajêng dados: mbuka, muka. Dipun suda wandanipun ing wingking dados: ambu = gônda. Caraning pangrimbag ingkang makatên wau sampun kêlimrah sangêt, kados ta: waudadi, dados: dadi, dadya. Margana, dados: marga, margi. Sapanunggilanipun. Dene têmbung: ambuka, punika botên katut kawrat ing Sêrat Côndrasangkala, ananging sampun têrang rimbagan saking: wiwara: sapanunggilanipun ingkang atêgês kori, sarta inggih kêlimrah dipun angge sangkalan watak sanga. Wusana nyumanggakakên para nupiksa, sokur manawi ing wingking sagêd manggih katrangan ingkang langkung sampurna.
Nanda, têgês ing Bausastra sulaya kalihan ingkang kasêbut ing Côndrasangkala. Dene ingkang têgêsipun mèmpêr Côndrasangkala, ing Bausastra kasêrat: anda. Ananging kalih-kalihipun (nanda, lan: anda) botên anggadhahi têgês ingkang kakintên sagêd nyababakên têmbung wau gadhah watak sanga. Dados, sababipun têmbung: nanda: kaangge watak sanga punika inggih namung mirit têgês ingkang kawrat ing Sêrat Côndrasangkala ingkang wingking piyambak, inggih punika: namaning môngsa kasanga, ananging botên angsal pasaksèn ing Bausastra. Ing Sêrat Ariwara kaca 24 ugi kasêbut: nanda = jita = kasanga, ingkang tamtu Ariwara wau mêthik saking Pustakaraja karangan Rônggawarsitan.
Ludra, ingkang dipun kajêngakên ing Côndrasangkala punika lêrêsipun: rudra, utawi rodra = jêjulukipun Bathara Guru, dados atêgês dewa. Milanipun dewa kaangge watak sanga punika mirit saking Jawata nawa sanga, inggih punika dewa pangagêng sanga, salah satunggalipun wontên ingkang jêjuluk Maha Yakti, (mirsanana Bausastra R.: nawa, lan: yati). Ing cariyos Jawi kasêbut: Jawata sanga, Brahmana astha, rêsi pitu, (mirsanana katrangan ing nginggil: pandhita watak pitu, lan: Brahmana watak wolu). Ananging tumrapipun sangkalan, têmbung: rudra: wau inggih kenging dipun rimbag dados: ludra: ingkang atêgês galak.
Gatra, dipun têgêsi lèng gangsir, nanging têgês ing Bausastra botên makatên, sarta têgês ing Bausastra wau botên wontên ingkang kakintên sagêd nyababakên gadhah watak sanga. Manawi têmên atêgês lèng gangsir utawi gangsir, sampun samêsthinipun gadhah watak sanga, amargi lèng punika atêgês bolong, gangsir atêgês babah, inggih bolong. Emanipun botên angsal pasaksèn ing Bausastra. Wusana pinanggih ing pambudi, gatra wau rimbagan guru wanda saking: catra gatra, utawi: citra gotra, kalih-kalihipun jêjulukipun dewa, (mirsanana Bausastra R.: catra, lan: citra). Manawi pamanggih wau lêrês, dados sababipun kaangge watak sanga ugi kapirit saking jawata sanga kadosdene têmbung rudra ing ngajêng wau.
Wêwahan: kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak sanga punika kenging dipun wêwahi malih kados ing ngandhap punika:
I. Ingkang atêgês bolong, kawontênan ingkang bolong, sarta ingkang magêpokan kawontênan wau, kados ta: kori, pintu, butul, ambuka, manjing, mênga, (nanging: nênga lan tumênga = 0), sapanunggilanipun.
II. Ingkang atêgês dewa, kados ta: dewa, jawata, sapanunggilanipun. (Mirsanana bab pangrêmbag ing wingking).
III. Rimbaganipun têmbung-têmbung wau, kados ta:
Rong, dados: angrong.
Lèng, dados: anglèng, cèlèng, (Mirsanana Pustakaraja. Cèlèng mati = 09).
Muka, dados: wadana.
Gônda, dados: wangi, arum,[39] marbuk, sapanunggilanipun.
Makatên sasaminipun.

Watak Das

Boma,: Sukêt mati, awang-awang, namaning môngsa sapuluh.
Boma utawi buma = sukêt mati, jêjulukipun ratu ing Trajutrisna, (Skr. Bauma = anaking bumi, sami kalihan: ksitija = anaking siti), kobongan, (patilêman). Dene: Byoma = awang-awang (Skr. nomin. wyomaa). | Bomantara utawi bomantarala (Skr. nomin. wyomaa = awang-awang + Antara, utawi: Antaraala = antawis).
Sonya: Suwung, | Musna, patapan, suwung, (Skr. Sunya = suwung).
Gêgana: Langit kesisan mega, | awang-awang, langit, (Skr. Gêgana).
Barakan: Tan katon, sêndhalan, | lingganipun: barak = maling kewan. Ambarak = nyolong kewan = ambradhat. Barakan = kewan colongan, kanca, mitra, (lan: pantaran. Bratakesawa).
Adoh: Têbih, | sampun jarwa, wodipun: doh.
Ing langit: Ing langit, | saking: ing + langit. Têmbung: ing, ing ngriki namung kangge anjangkêpakên guru wicalan). | Langit, sampun jarwa = uruh, awang-uwung.
Anatan: Katon tan kagayuh, | (ing Bausastra botên pinanggih, wontênipun kalih têmbung: ana + tan, nanging têmbung: ana, botên kenging kangge sangkalan watak das, ingkang kangge namung têmbung: tan). | Tan, utawi datan = botên. Tanpa = botên ngangge. Tansah = botên pisah, utawi: botên pêdhot.
Windu: Tumbuking taun, | wayu, têpang, langkung, etangan wolung taun, windu sumur, (Skr. windu, bindu = cêcêk), Mindu = anggagas ingkang sampun kalampahan, gumun. Kawindu = kadaluwarsa. Windon = pintên-pintên windu, utawi = pamindon: pirantos ambubut.
Anèng wiyat: Langit kang amor lan mêndhung, | (panggarbaning: ana + ing + wiyat, nanging têmbung anèng ing ngriki punika namung kangge anjangkêpakên guru wicalan, botên kenging kangge sangkalan watak das, ingkang kangge namung têmbung: wiyat). | Wiyat = awang-awang, langit, (Skr. wiyat) lan: wiyar.
Widik-widik: Katon nuli ilang, | pinanggih: widik = tawang, langit, (Skr. nomin. widik = keblat). Widik-widik = awang-awang, ênêr-ênêr, raos-raos, langit, cat katingal cat botên.
Malêtik: Satêngahing langit, manculat. saking: palêtik, utawi plêtik = pêlik, ciprat (tumrap: latu. Entar: budi mlêtik). Mlêthis, (tumrap: mripat). Manculat.
Sirnèng gêgana: Sirna ing langit, | (panggarbaning: sirna + ing + gêgana, sirna lan gêgana kalih-kalihipun kenging kangge sangkalan watak das. Ungêl-ungêlan punika pancènipun inggih prayogi kasêrat dados kalih larik. Nanging têmbung: gêgana: lajêng rangkêp, amargi ing nginggil sampun wontên têmbung gêgana. Milanipun manawi dipun sêrat dados kalih larik, têmbung gêgana ingkang ngandhap prayogi dipun lintoni sanès têmbung, upami: akasa). | Sirna = ical, tingal, botên katingal, risak, sasaminipun, (Skr. Singnar). | Gêgana, mirsanana ing nginggil.
Sagunging das: Sakathahe kang ilang, | (saking: sagunging + das, têmbung: sagunging, botên tumut gadhah watak das, ingkang gadhah watak das namung têmbungipun: das). | Das utawi êdas = ical, sirna, têlas, inggih: das = 0. – Ngêdasi = ngrampungi.
Wwalang:[40] Mêsat, | ing Bausastra: walang = namaning gagrêmêt utawi ibêr-ibêran (walang sangit, walang gambuh, walang kadung, sapanunggilanipun). Sumêlang, utawi: wancak (walang ati, wancak driya). Alangan (walang sangkêr).
Kos: Anggusah, | (botên pinanggih ing Bausastra, wontênipun: kas, kalihan: kasa). | Kas utawi: êkas = têtêp, mantêp, kiyat (Jawi Kina: Akas). Pêthi agêng (Portêgis: caxa utawi caixa?). | Kasa = akasa, awang-awang, langit, (Skr. Akaasa = hawa, awang-awang, saking: Kaas = sumorot, namaning môngsa, (môngsa kasa = srawana).
Watak sapuluh: Watak sadasa, | (punika botên kalêbêt petang kaangge sangkalan, namung minôngka pitêdah manawi têmbung-têmbung ingkang kapratelakakên ing nginggilipun wau sami kaangge sangkalan watak sadasa = watak das).
Katrangan: 1. Sonya, 2. Gêgana, 3. Adoh, 4. Langit, 5. Tan, 6. Wiyat, 7. Widik-widik, 8. Sirna, 9. Das, punika sadaya milanipun sami kaangge sangkalan watak das, amargi sami atêgês: suwung, ical, têlas, botên, botên katingal, sarta awang-awang: ingkang ugi botên balêgêr wujud. Dene têmbung sanès-sanèsipun, sababipun gadhah watak das, makatên katranganipun:
Boma, ingkang dipun kajêngakên ing ngriki ingkang tamtu: byoma, utawi: bomantara, (bomantarala), ingkang sami atêgês awang-awang. Mila inggih kenging kaangge sangkalan watak das, kaanggêpa rimbagan guru wanda saking têmbung wau, sanajan lajêng gadhah têgês sanès inggih kenging.
Barakan, ing Bausastra botên pinanggih têgês: tan katon, kados anggènipun nêgêsi Côndrasangkala. Têgês ing Bausastra botên wontên ingkang kakintên nyababakên gadhah watak das, sarta ing Bausastra R. inggih botên nyêbutakên manawi têmbung wau kangge sangkalan watak das, ananging ing sêrat-sêrat Jawi sampun kêlimrah ngangge têmbung wau kaangge watak das. Wusana pinanggih ing pambudi makatên: barakan = pantarran utawi pantaran. Ingkang gêgayutan kalihan têmbung wau kados ta: tar, tatar, tara, antara, pantara, (mriksanana Bausastra R.) sami gadhah têgês: antawis = watak das, utawi gadhah têgês: botên = inggih watak das. Tan pantara ngèsthi tyas = 1800 (Wedhayatmaka – Rônggawarsitan).
Windu, kula botên andungkap punapa sababipun kaangge sangkalan watak das, têgês-têgês saking Bausastra sarta saking Côndrasangkala botên wontên ingkang kenging kakintên nyababakên gadhah watak das, nanging ing Bausastra R. sampun nganggêp manawi têmbung windu wau kangge sangkalan watak das.
Malêtik, sababipun kaangge watak das, ingkang tamtu amargi gadhah têgês manculat = manginggil utawi: nêbih.[41]
Wwalang, ing Côndrasangkala dipun têgêsi mêsat, ing Bausastra kasêrat: walang, atêgês gagrêmêtan utawi ibêr-ibêran. Sababipun kaangge watak das bokmanawi amargi walang punika manculat utawi malêtik = manginggil = sakêdhap katingal sakêdhap botên. Katrangan punika kalêbêt anèh, amargi manawi kapiritakên walang gagrêmêt, sayêktosipun langkung mèmpêr kangge watak nênêm, dening sukunipun nênêm. Sarta anèhipun, punapa sababipun dene sami kasêrat wwalang.
Upami: wwalang: punika dipun udhal, têgêsipun saya anèh. Wwal + ang. Wwal = wol = cebol. Ang = lêsu, lungkrah, aang. – Upami: wwalang: punika sami kalihan: wolang, têgêsipun inggih botên mèmpêr watak das. Wolang = wêling, utawi: wêkas, malah kalêbêt watak pitu. Mugi ing wingking sagêd manggih katrangan ingkang langkung sampurna.
Kos, ing Bausastra botên pinanggih, dene têmbung: kas, têgêsipun botên mèmpêr gadhah watak das. Ingkang tamtu kos punika saking Skr. Kaas, têgêsipun: sumorot, ewahipun dados Skr. Aakaasa, têgêsipun: hawa, awang-awang, dadosipun têmbung Kawi: akasa, utawi: kasa. Dados, ungêl-ungêlan: kos, wau inggih kenging kaangge watak das, dening atêgês akasa, botên atêgês anggusah kados ing Sêrat Côndrasangkala.
Wêwahan: kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak das punika kenging dipun wêwahi malih kados ing ngandhap punika:
I. Ingkang atêgês suwung, ical, têlas, botên, botên katingal, utawi ingkang kaanggêp makatên, kados ta: nir, wuk, musna, pêjah, muksa, sat, sêmpal, risak, syuh, brastha, tanpa, swarga, lan sanès-sanèsipun.
II. Ingkang atêgês nginggil utawi tumanduk manginggil, kados ta: luhur, tawang, akasa, nênga, tumênga, muluk, mumbul, kombul, mêsat, lan sanès-sanèsipun.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: