RSS

Crita Gancaran

A. Kyai Ageng Pandhanarang

         (Ingkang Ngimpun SOEWIGNJA)

I. PASAREYAN ING TÊMBAYAT

Ing wêwêngkonipun dhusun Têmbayat, dumunung ing sakidulipun kitha Klathèn, udakawis 8 pal wontên makamipun, ingkang dumuginipun dintên punika taksih dipun dhatêngi tiyang saking pundi-pundi prêlu ngalap brêkah dhatêng ingkang sumare ing ngriku.

Miturut cariyosipun ngakathah. makam wau pasareyanipun wali mukmin ingkang kasêbut nama Sunan Têmbayat. Nitik kawontênanipun, mèmpêr yèn dados papan pasareyanipun bangsa luhur utawi pêpundhèn. Dunungipun wontên ing gêgumuk sêmpalaning parêdèn Kidul. Saking bakuning dhusun Têmbayat kintên-kintên wontên lampahan satêngah jam. Ing sukuning gêgumuk wau wontên masjidipun sarta inggih wontên pêkênipun. Marginipun minggah dhatêng makam inggih saking pêkên wau. Sakawit lampahipun nglangkungi gapura sela, nama gapura Sêgaramuncar. Gapura wau ing sisih têngên (sisih kilèn) wontên sêratanipun, aksaranipun sampun wontên ingkang ical jalaran gêmpal. Miturut pratelanipun juru kunci, sêratanipun wau ungêlipun:Murti sarira … jlêking ratu. Nitik dunung sarta suraosipun, ungêl-ungêlan punika mêsthinipun kapacak kangge nyangkalani adêgipun gapura wau, manawi botên lêpat inggih punika ing taun 1488.

Sasampunipun nglangkungi gapura Sêgaramuncar, marginipun dhatêng makam lajêng minggah, ngantos dumugi ing bangsal ingkang kasêbut nama bangsal jawi, inggih punika bangsal papan pakèndêlanipun tiyang jalêr. Ing sacêlakipun bangsal jawi wontên gapuranipun malih, kawastanan gapura Pangrantungan.Sajawining gapura Pangrantungan wontên padasanipun kangge nyadhiyani tiyang-tiyang ingkang badhe mlêbêt dhatêng pasareyan. Manawi sampun wisuh, sawêg mlêbêt nglangkungi gapura Pangrantungan. Ing salêbêtipun gapura Pangrantungan wontên palataranipun dipun dêgi bangsal, kawastanan bangsal nglêbêt, inggih punika bangsal papan pakèndêlanipun tiyang èstri. Marginipun dhatêng pasareyan salajêngipun taksih nglangkungi gapura tiga, inggih punika gapura Panemut, gapura Pamêncar lan gapura Balekêncur. Saking gapura Balekêncur marginipun anjog ing wêwangunan ingkang maujud kadosdene pandhapi, wiyaripun namung sawatawis mètêr pêsagi, inggih punika prabayêksa (bangsal naga?). Ing ngriku wontên padasanipun, ingkang anèh rupinipun, kawastanan gênthong Kyai Naga. Saking prabayêksa wontên undhak-undhakanipun minggah dhatêng pagêr banon ingkang ngubêngi pasareyan. Manawi sampun nglangkungi gapura ing pagêr wau sarta nglangkungi kontên kalih, sawêg dumugi ing makam. Pasareyanipun Sunan Têmbayat dumunung ing têngah. Salèr wetanipun wontên pasareyanipun kalih, inggih punika pasareyanipun garwanipun Sunan Têmbayat: Nyai Agêng Kaliwungu lan Nyai Agêng Krakitan. Ing sisih kidul wetan wontên pasareyan sanèsipun. Miturut gotèk, pasareyanipun Nyai Agêng Madalêm, Pangeran Jiwa tuwin para sakabat: Kyai Sèh Sabuk Janur, Kali Dhatuk, Pangeran Winang, Kyai Malanggati, Kyai Banyubiru, Panêmbahan Kabul, Kyai Panêmbahan Masjid Wetan lan Kyai Panêmbahan Sumigit Wetan.

Sadaya kawontênan ingkang pinanggih utawi katingal ing salêbêting wêwêngkon sarta ing sakiwa têngênipun makam, ingkang awujud yêyasan tuwin pêpasrèn, salajêngipun wontêning pangrêksa dhatêng yêyasan lan malih kathahing tiyang ingkang sami mrêlokakên dhatêng prêlu ngalap brêkah, lumintu ngantos dumugi ing dintên punika, punika sadaya ambuktèkakên bilih tumraping ngakathah ingkang sumare ing ngriku punika dipun anggêp lêluhur ingkang linangkung cundhuk kalihan wontêning gotèk ingkang nyariyosakên asli tuwin lêlampahanipun Sunan Bayat.

B. DONGENG SATO KEWAN (Winter, 1923)

1. Juru amèk iwak lan iwak cilik

Ana juru amèk iwak mancing ing pinggir kali. Barêng anibakake pancinge, ora antara suwe ana iwak cilik, saka kurang wiweka anyarap pancing, banjur kêna. Saka gêtêre marang gêgantunganing pêpasthèn, awit wus dicêkêl marang kang mancing, arêp dilêbokakê ing kêpis, anuli mêtu akale. Calathu angasih-asih marang kang mancing: dhuh kyai sanak, kula mugi sampeyan êculakên malih, awit taksih alit sapele ingatasipun sampeyan. Sampeyan mancing malih môngsa ngantosa dangu amasthi pikantuk sadasa, ingkang agêngipun ngungkuli kula. Kajêngipun kula agêng rumiyin benjing sampeyan wangsul, kula sampeyan pancing. Juru amèk iwak amangsuli: hèh kônca cilik, rungoknacalathuku. Kowe nêdya ambalilu aku, luput ciptamu. Yèn kowe saiki dak culna, kaya-kaya salawase ora kêna dak pancing manèh. Kowe ing mêngko wus kacêkêl dening aku, iku wus masthi katêkêm ana ing tanganku. Mulane kowe gêntho cilik mêngko bakal malêbu ing wajan, banjur rampung.

Êliding dongèng mangkene: samubarang kang wus masthi, yèn kolirokake karo kang durung masthi, tartamtu kowe bakal kalorop.

2. Kuwuk lan macan tutul

Ana kuwuk lumaku kambi amikir-mikir, kurang wiweka ngingêtake kiwa têngên, sanalika pêngrasane lêmahe anjêmblong, kuwuk kalêbu ing luwêng, jêrone watara wolung kaki. Banjur mêncolot sarosane, ananging oramôntra têkan ing dhuwur, anuli êntèk atine anyêkukruk. Saking gêtêre marang pêpasthèn kang bakal anêkani, kawêtu pasambate akèh-akèh. Anuli ana macan tutul ngrungu pasambate, enggal amarani luwêng arêp wêruh. Kuwuk anjaluk tulung, têmbunge: aku tulungana. Yèn ora mêngkono, amasthi mati. Ing saiki ketokna gawemu marang mitra lawas.

Macan tutul banjur ngerang-erang, têmbunge: E, e, bêcik têmên dhapurmu ana ing kono, ama pitik. Aku pasajanana, kapriye olèhmu kongsi kêcêmplung kaya mêngkono. Ora jamak langkane manuk kang kaya kowe ana ing kurungan. Kuwuk amangsuli: kowe iku ora wêruh ing isin, ujarmu ora prayoga. Angur kowe enggala têtulung, yèn uwis ngerang-eranga, iku ana uga bêcike.

Êliding dongèng mangkene: sing sapa angerang-erang marang kasusahaning liyan iku anelakake alaning atine.

3. Asu ajag lan manuk gagak

Ana asu ajag lumaku urut pinggiring kali, sarta angambus-ambus kêpengin mangan kang enak-enak, banjur wêruh manuk gagak mencok ing êpang, anggondol daging, olèhe nyolong, nêdya dipangan ana ing kono. Ciptane asu ajag: lahdalah, daging iku duwèkku. Ora-orane gagak dadi isèn-isèning têlihmu. Yèn luput kêna ing aku, dudu asu ajag aranku. Asu ajag ambêk julig banjur marani uwit, têmbunge: adi têmên manuk iku, wulune bêcik, irênge mêlês, gumunku ngudubillahi. Sajêg aku duringtumon manuk kang bêcike ngungkuli iku. Saupama aku luntasa tuwin pinunjula ing swara, têmên-têmên dak sêbut ratuning manuk. Manuk gagak mongkog angrungu têmbung kaya mêngkono, sumêdya mamèrake swarane. Barêng muni daginge runtuh, banjur diplayokake ing asu ajag.

Êliding dongèng mangkene: aja pracaya marang wong kang nandukake pangonggrong, ora wurung andadèkake kasusahanamu.

4. Asu ajag, cêmpe, lan wêdhus lanang

Ana asu ajag siji, mèh sabên-sabên golèk mêmangsan amrangguli cêmpe bêcik rupane. Ananging cuwaning ati, dene sabên kêpranggul abêbarêngan wêdhus lanang berok siji tur rosa. Ciptane: sapa kang nêdya mênang, kudu nekad. Ing nalikane  asu ajag mau katêmu manèh karo cêmpe lan kanthine, mêtu kawanène, atakon marang cêmpe mungguh ing kaslamêtane, sarta ambagèkake marang wêdhus lanang, têmbunge marang cêmpe: hèh, cêmpe kang manis ing rupa, aku jatènana, ya gene gêntho kang ulate ala, kewan kiwa dhapure iku têka tansah kêkinthil ing kowe. Angur kowe lêlungana kanthi biyungmu, ambok aja pracaya diêmong kewan tanpa tatakrama kaya iku. Ngandêla ing aku, kanthimu iku ora prayoga, ayo tut buria aku mênyang ênggone biyungmu. Cêmpe amangsuli: wruhanamu asu ajag, kalane aku nêmbe ngambah ara-ara, si biyung nganthèni wêdhus lanang kuwe, saking tisnane marang aku, supaya dadia pamomong sarta rumêksaa ing awakku. Wêdhus lanang kuwe tansah têmên-têmên êgone ngamping-ampingi aku, orapêgat amratikêli bêcik. Kowe kang nandukake têmbung manis marang aku, lan angala-ala marang wêdhus lanang, masthi anduweni cipta ala, tangèh yèn nêdyaa bêcik.

Êliding dongèng mangkene: aja kèlu marang têmbung manis, cêmpe iku têtuladhane. Aja sah amituhu ing ujare wong tuwa-tuwamu, pamituhu iku wajib kang ginawe dhuwur dhewe.

5. Lalêr lan kareta cilik

Ana kareta cilik apangirid jaran loro, cêcongklangan ngambah dalan rata karikilan. Tumuli ana lalêr siji, kalêbu wêwilanganing gêdhe, kapapag lan kareta mau, banjur mencok ing burine. Ciptaning lalêr: lahdalah, saiki abot momotane. Sanyatane, barêng lalêr mau mencok, lakune jaran loro sangsaya kêndho. Sanajan panggèrède ngatogake karosan, tuwin dipêcuti sarosane dening kang nglakokake, iya ora migunani. Rindhiking laku ora ngeram-eramake, awit kareta mau ing samêngko ngambah dalan wêdhèn akandhêl tur panase wus saengga mawa bathok. Galindhingane têrkadhang amblês mèh têkan ing indhêne. Ananging lalêr mau saka kumlungkunge anyipta yèn aboting awakte kang angêndhokake lakuning kareta, bangêt bungahe. Calathune: lah iki arane abot, aku wani totohan ora ana kang madhani abotku.

Êliding dongèng mangkene: ciptane kang maca layang iki, lalêr mau angguyokake. Ananing yèn diwaspadakake têmênan amasthi ana kawanuhane sawiji kang kumlungkunge angguyokake luwih dening lalêr mau.

ENTUK KALUWIHAN

Ana wong duwe anak lanang papat dikon padha lelana sakarepe, prelu dikon golek kaluwihan, lungane diwangeni setaun. Jaka papat nuli padha mangkat, kang siji mengalor, siji mengetan, siji mengidul, kang wuragil mengulon. Bareng wis ganep setaun bocah papat mau padha mulih sarta padha entuk kaluwihan dhewe-dhewe.
Sing mbarep duwe aji pengrawangan, barang kang disimpen primpen, bisa katon gawang-gawangan. Sing penggulu bisa njupuk samubarang kang angel panjupuke. Sing pendhadha petitis banget yen njemparing. Sing wuragil duwe katyasan bisa mulihake apa-apa kang rusak. Wong tuwane marem banget dene anake padha duwe katyasan dhewe-dhewe.
Kocap ratu ing negara kono putrane mung siji putri ilang digondhol ing garuda. Sang Prabu wis nyebar wadyabala nggoleki sang putri, nanging ora ketemu, nuli ngundangake sayembara sapa sing bisa nemokane sang putri yen lanang bakal didhaupake lan diangkat dadi pangeran adipati anom.
Jaka papat mau bareng krungu undang-undang nuli padha sowan sang nata, ngleboni sayembara. Sing pembarep ajine, sang putri katon disingidake ing pucaking gunung kang rumpil banget dumunung ing satengahing pulo sarta tansah ditunggu ing garuda. Bocah papat mau didhawuhi nggoleki sing nganti ketemu, dikantheni wadyabala asikep gegaman. Bareng tekan ing pulo kang gawat mau, si penggulu banjar nyolong sang putri. Sedulur papat geganjangan bali menyang ing prau, nuli lelayaran mulih, nanging ditututi ing garuda, sedyane arep ngrebut sang putri. Sing pendhadha trengginas nyandak panah, garuda dilepasi jemparing mati kapisanan, nanging tibane si garuda nibani praune bocah papat mau remuk dadi sawalang-walang. Si wuragil enggal mesu budi, sanalika iku uga praune pulih maneh kaya mau-maune. Bablas anggone lelayaran, slamet tekan ing negarane, nuli padha sowan sang nata. Si pembarep didhaupake karo sang putri, dene sedulur liyane diparingi kaluhuran dhewe-dhewe.

SEDULUR WADON

Mbok randha Dhadhapan anake lanang mung siji, rupane ala banget, wetenge mlenti kaya kendhil, mulane diparabi Jaka Kendhil.
Bareng Jaka Kendhil wis diwasa njaluk rabi putri Mesir. Abote ditangisi ing anak, Mbok Randha uga mangkat. Bareng wis marak ing sang nata, Mbok Randha ngaturake apa sedyane. Sang Nata nari putrane kang pambarep aran Dewi Kenanga. Ature nyerik-nyerikake, wose ora saguh nglakoni, Sang Prabu nuli nari putra kang panggulu aran dewi Menur, ature ya padha bae karo mbokayune. Sang Nata nuli nari putrane kang wuragil aran Dewi Mlati, jebul ature sendika.
Sang Nata dhawuh marang nyai randha, pangandikane: “Nyai, anakku Dewi Mlati iya wis saguh takdhaupake oleh anakmu, nanging aku duwe kudangan, besuk ketemuning penganten supaya diarak ing gamelan Lokananta kang nabuh para dewa, gagarmayang kayu dewandaru, waringin kang awoh brondong, gedang emas apupus cinde, ati tengu gedhene sawungkal. Yen kowe ora bisa nekani panjalukku kuwi mau, anakmu iya ora sida dhaup karo nini putri.”
Bok Randha mundur saka ngarsane Sang Nata, sadalan-dalan tansah nangis bae. Tekan ngomah kandha menyang anake ngandhakake apa pundutane Sang Nata. Jaka Kendhil banjur muja samadi sidakep sluku tunggal nutupi babahan nawa sanga. Ketrima samadine dirawuhi ing Sang Hyang Nerada sarta disaguhi arep diparingi apa panuwune.
Bareng tumeka titi mangsa pengaraking panganten, si Kendhil nunggang jaran diarak ing para dewa. Sasrahan dilakokake ing ngarep. Dhauping penganten mawa pahargian gedhen.
Kocap Dewi Mlati tansah dipoyoki dening mbakyu-mbakyune dene dhaup oleh kendhil.
Nuju mbeneri dina Setu ing alun-alun ana watangan. Sang Nata karo Prameswari mirsani saka ing pepanggungan, para putri padha nderek. Ana satria anyar katon bagus rupane nunggang jaran melu watangan, gawe cingake para putri. Dewi Kenanga mbebeda kang rayi: “Diajeng Mlati, lah rak ngana kae satria bagus! Ora kaya garwamu, rupane kaya kendhil.”
Dewi Menur uga melu mbebeda.
Dewi Mlati dibebeda mau rumangsa isin, nuli mbolos ndhisiki kondur. Tekan ing dalem njujug ing kamar pasarean, jebul nemu kendhil kothong. Kendhil dicandhak binanting. Bareng satria anyar mau kondur, njujug ing kamar pasarean, arep ngrasuk busana agem-agemane kendhil, wis ora ana. Jaka Kendhil kamanungsan babar dadi satria bagus anom, sarta lestari dadi garwane Dewi Mlati.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: