RSS

dewa

Namaning Dewa

Sang Hyang. Têgêsipun amadhangi, awit ing ngajêng têmbungipun syang, têgêsipun padhang, amêndhêt saking padhanging srêngenge awan, sawênèhing sarjana, têmbung sang hyang, dipun wrêdèni angidini, kapêndhêt saking têmbung anuswara sahyan purba saking sahiya, têgêsipun angèstokakên, sarèhning pamanggih kalih wau têpang suraosipun, inggih prayogi sami kangge wêwaton, awit têmbung angidini, tuwin angèstokakên, saèstu gadhah kajêng amadhangakên, tandhanipun dewa kawasa sipat mirah sipat asih, anjurungi sakajating titah sadaya.

Sang Hwang. Têgêsipun sêsotyaning manusa, wijangipun, sang, sotya, adi, hwa, manusa, saking têmbung, wong, dene wong punika jarwanipun piyambak paklowongan, inggih raga, inggih awak, inggih sarira, satêngahing sarjana têmbung sang hwang, dipun wardèni pêpijèning sêsotya, wijangipun sang, sotya, dene hwang gadhah jarwa ingsun, saking têmbung ingwang, dene têgêsipun sun wau, andhewe, piniji, witipun saking têmbung suhun, têgêsipun sumêmi, inggih punika gêsang, inggih gêsang inggih wiji, dene têmbung sun, gadhah parerehan ingwang, têmbung ingwang, gadhah parerehan têmbung sumêmi, saking sumêmi wau.

Absara. Têgêsipun waskitha, punika ngajêng saking têmbung aibsara, wijangipun aib, elok, samar, sara, landhêp, alus, lêpas, dados pikajêngipun ingkang lêpas botên kasamaran, dene sumêrêp sadèrèngipun winarah, ingkang gaib ingkang elok ingkang samar sampun kacakra wontên siring budi sadaya.

Dene têmbung Sangsêkrita wontên ingkang mirib suraosing têmbung absara, inggih punika absra, têgêsipun êrèh alus, bokmanawi pamêndhêtipun ngajêng saking têmbung absra wau, awit alus lêpas punika bangsaning samar, punapadene rèh saèstu inggih saking elok, sabab absara punika taksih badan alus, jisim rohkani, mila bôngsa absara punika kala samantên botên mêsthi ingkang mutrakakên, nanging inggih bangsaning jawata sadaya.

Jiwata. Têgêsipun paugêraning gêsang, wijangipun jiwa, nyawa, ta: paugêran, sawênèhing sarjana, têmbung jiwata, jinarwan jêjêring wiji, wijangipun ji: rahsa, inggih wiji, saking parji, wata: jêjêr, saking wat.

Gana. Têgêsipun wujud kawasa, sawênèhing sarjana têmbung gana, kajarwanan luhur, dados saking wancahaning têmbung gêgana, kabêkta bangsaning para dewa sagêd angambah ing awang-awang.

Mahanasa. Têgêsipun langkung kawasa, wijangipun maha: luwih, agêng, nasa: kawasa.

Dewa. Kabêkta saking namaning panggenan, sawênèhing sarjana têmbung dewa, dipun têgêsi karsa ingkang linangkung, wijangipun, de kajêng, wa linangkung.

Dewata. Têgêsipun paugêraning pulo dewata.

Jawata. Têgêsipun guruning tanah Jawi.

Suksmanasa. Têgêsipun kawasa kang samar, wijangipun suksma: samar, nasa: kawasa.

Amara. Têgêsipun samar, amor.

Bathara. Têgêsipun agêng, jêmbar rèhipun.

Widadara. Têgêsipun roh ingkang langgêng, wijangipun widada: slamêt, inggih slamêt inggih langgêng, ra: roh, sawênèhing sarjana têmbung widadara dipun têgêsi gônda kang rakêt, wijangipun kadamêl dados ngalih wanda, wida: gônda, borèh, dara: rakêt.

Sura. Têgêsipun wani, roh, dene saking kabêkta badan alus.

Sidhya. Têgêsipun têrang, dene wêruh sadurunging winarah.

Hong. Têgêsipun kinajrihan.

Rêsi. Têgêsipun suci.

Wiku. Têgêsipun pitêdah kawruh.

Namaning Widadari

Absari. Têgêsipun sêsotyaning èstri, wijangipun ab: gaib, sêsotya, sari: sêkar, nanging kangge wandaning èstri, utawi minôngka jodho kêmbaraning dewa kang nama absara.

Dewati. Têgêsipun rahsa ingkang ayu, wijangipun de: kajêng, ayu. Wati: rahsa, saking wat, utawi minôngka dados kêmbaraning dewata.

Dèwi. Têgêsipun langkung ayu, wijangipun de: kajêng, ayu. Wi: luwih, utawi minôngka kêmbaraning dewa.

Bathari. Têgêsipun pangagênging pawèstri, utawi kêmbaraning bathara.

Waranggana. Lêrêsipun wara anggana, têgêsipun piniji para agêng, wijangipun wara: agêng, anggana: dhewe, piniji.

Surawadu. Têgêsipun dewa wadon, wijangipun sura: dewa, wadu: wadon.

Suraduita. Têgêsipun inggih dewaning wadon, wijangipun sura: dewa, duita: wadon.

Widadari. Têgêsipun tuking gônda, wijangipun wida:gônda, dari: tuk.

Surarêtna. Têgêsipun dewaning wanodya, wijangipun sura: dewa, rêtna: candraning wadon.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: