RSS

pandhita

Namaning Pandhita

Pandhita. Têgêsipun pêpundhèn, dene pinundhi-pundhi sarerehan wêwêngkonipun.

Dwija. Têgêsipun angèsthi têrus lair batos.

Dwijawara. Têgêsipun muruk sêja kalih prakawis, sapisan: angastuti dewa, kaping kalih: amrih karahayon.

Suyati. Têgêsipun amêsu cipta. Wijangipun: suya: amêsu, ti: cipta.

Rêsi. Têgêsipun suci, dene anêtêpi panggalih asuci.

Wasistha. Têgêsipun: langkung awas, kados ta: sumêrêp sadèrèngipun winarah.

Ajar. Têgêsipun: wajib mêmulang.

Rèhing Pandhita

Saking ngandhap anama Indhung-indhung. Têgêsipun: tiyang karerehan ingkang sawêg mondhok, damêlipun babad-babad wana saubêngipun ing ardi.

Inggahipun malih anama Gêluntung. Têgêsipun: tiyang sampun gêgriya nyagak sakawan, damêlipun angrêrêmbat, usung-usung, mêndhêt kajêng tuwin toya.

Inggahipun malih nama Uluguntung. Têgêsipun: lurah kampung, inggih kabêbahan amranata sadaya padamêlan.

Inggahipun malih anama Cantrik. Têgêsipun: ingkang kabêbahan angladosi samukawis, utawi jagi kengkenan.

Inggahipun malih anama Cèkèl. Têgêsipun: juru tanêman, utawi jagi rumêksa patêgilan, awon sae wontên tanggêlaning Cèkèl.

Inggahipun malih anama Puthut. Têgêsipun: ingkang rumêksa sanggar palanggatan, utawi kabêbahan masang pirantosing sêsaji pamujan.

Inggahipun malih anama Mamanguyu. Têgêsipun: ingkang kabêbahan anabuh gêntha kêkêlèng salêbêtipun pamujan.

Inggahipun malih anama Janggan. Têgêsipun: ingkang dados juru sêrat, utawi anganggit-anggit.

Inggahipun malih anama Wasi. Têgêsipun: ingkang dados juru pangadilan, angrampungi prakawis.

Inggahipun malih anama Ajar. Têgêsipun: juru mêmulang, kawajibaning para ulah arja.

Inggahipun malih anama Pandhita. Têgêsipun: guru agêng ingkang sarwa putus, wajib sinêbut Panêmbahan.

Rèh Pandhita Èstri

Saking ngandhap anama Obatan. Têgêsipun tiyang èsyri[6]brêgajagan, jagi sêsadean utawi têtumbas dhatêng pêkên.

Inggahipun anama Abêt-abêt. Têgêsipun: jagi mangangsu utawi ramban.

Inggahipun malih anama Abon-abon. Têgêsipun: jagi panyapu utawi mêmasuh, sêsuci sapanunggilanipun.

Inggahipun malih anama Kaka-kaka. Têgêsipun: tiyang èstri jagi olah-olah.

Inggahipun malih anama Endhang. Têgêsipun: jagi kengkenan utawi ngladosi.

Inggahipun malih anama Bidhang. Têgêsipun: jagi dados inya, anêsêpi putra wayahipun kiyai ajar.

Inggahipun malih anama Dhayang. Têgêsipun: jagi têtêbah, utawi anyêbari sêkar ing sanggar palanggatan.

Inggahipun malih anama Sontrang. Têgêsipun: dados dhukun, amulasara sukêr sakit, utawi anggulawênthah anggadarèn putra wayahipun ki ajar.

Inggahipun malih anama Mêntrik. Têgêsipun: pinitados juru rêrawat sumakawis[7] bangsaning busana, punapadene dhêdhaharan sapanunggilanipun.

Inggahipun malih anama Dungik. Têgêsipun: pêpingitan badhe dados garwanipun kyai ajar, padamêlanipun cariyos lêlampahan jaman kina, ingkang dados têpa palupinipun para pawèstri, kalanturipun dipun wastani Kôndhadongèng.

Namaning Warni 4

Abang (rêta). Têgêsipun abanging godhong. | Rêtawi. Têgêsipun abanging gêtih. | Rêtaga. Têgêsipun abanging sêkar. | Rêktadu. Têgêsipun abanging kewan. | Rêktama. Têgêsipun abanging galuga. | Rêktasa. Têgêsipun abanging apu.

Irêng (krêsna). Têgêsipun irênging uwong. |

Dumani. Têgêsipun irênging nila. | Tanu. Têgêsipun irênging mangsi. | Grêdhawa. Têgêsipun irênging kayu | Sêkêri. Têgêsipun irênging angus. | Asthaka. Têgêsipun irênging kewan | Nilaba. Têgêsipun irênging rêtna. | Umani. Têgêsipun irênging mega.

Kuning (jênar). Têgêsipun kuning sêmu ijo. | Dinar. Têgêsipun kuninging mas. | Kunar. Têgêsipun kuninging kunir. | Jêne. Têgêsipun kuninging mas. | Kuning. Têgêsipun kuninging wong. | Pita. Têgêsipun kuninging sandhangan. | Kapurônta. Têgêsipun kuninging jarit. | Jêning. Têgêsipun kuninging sorot. | Blêngah. kuninging bêngle.

Putih (putih). Têgêsipun putihing siyung, inggih putihing untu. | Wênês. Têgêsipun putihing wong. | Pinge. Têgêsipun putihing sêkar. | Dênta. Têgêsipun putihing gadhing. |

Pêthak. Têgêsipun putihing waspa, luh. | Kapas. Têgêsipun putihling[8] kapuk. | Seta. Têgêsipun putihing ulêr. | Mina. Têgêsipun putihing iwak. | Pik. Têgêsipun putihing minyak. | Icana. Têgêsipun putihing sungging | Lawon. Têgêsipun putihing jarit. | Suci. Têgêsipun putihing ati.

Tamat.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: