RSS

kembang

Namaning Tunjung

Pakaja. Têgêsipun yèn mêkar satêngahing banyu.

Kumuda. Têgêsipun yèn mêkar jroning banyu.

Sarasidya. Têgêsipun yèn mèdêm.

Saroja. Têgêsipun yèn dumunung anèng dharat.

Saroparuka. Têgêsipun yèn wigar.

Kamuda. Têgêsipun yèn kasatan toya.

Samawih. Têgêsipun yèn tumuwuh ing watu.

Tunjung. Têgêsipun manawi sampun wujud witipun.

Têrate. Têgêsipun mênawi mêgar wontên ing bale kambang.

Singli. Têgêsipun yèn sêkar badhe wigar.

Midhêmah. Têgêsipun yèn mêgar dalu.

Namaning Sêkar

Sêkar. Têgêsipun kang anêdhêng mêkar.

Kêmbang. Têgêsipun manawi kaingsêp madunipun dening kombang.

Kusuma. Têgêsipun kang sumêdhêng gandanipun.

Padma. Têgêsipun sêkar kang sawêg mèdêm, gandanipun taksih anunggil madunipun.

Puspa. Têgêsipun kaanggit, atharik-tharik, punapadene kasêling-sêling panggenanipun.

Puspita. Têgêsipun sêkar kang anêdhêng warni jêne, inggih punika badhe mêgar.

Sari. Têgêsipun sarwa sae, inggih punika anêdhêng sumêkar gandanya arum.

Namaning Godhong

Godhong. Têgêsipun kang kanggo edhum, inggih punika kangge edhum dhatêng witipun, dados minôngka agêdhong dhatêng wit.

Ron. Têgêsipun damêl rêrompyoh dhatêng wit.

Rondhaon. Têgêsipun godhong ngrêmbaka.

Dhaon. Têgêsipun godhong sumêdhêng.

Patra. Têgêsipun pahantara, dene godhong dados antara gêsanging wit, tandhanipun lêma kêra saking godhong.

Ujungan. Têmbung krama dhusun, kajêngipun ambasakakên, ijo, ijon, saking wujuding godhong kang ijêm, lajêng jêprah.

Namaning Kali

Kali. Têgêsipun kaili, dene kailenan toya.

Lèpèn. Têmbungipun ngajêng lèpwèn, kajêngipun lèp, wèn, têgêsipun ilèn-ilèn, wèn, panggenan toya.

Narmada. Lêrêsipun têmbung, naharmada, têgêsipun pangêmotaning banyu.

Bangawan. Lêrêsing têmbung ngajêng, banawan wijangipun, ban: banyu, awan: dalan, dados dalaning banyu.

Banawi. Banawe, têgêsipun kumpulaning banyu.

Ci. Têgêsipun gèn pasucèn.

Namaning Jurang

Jurang. Têgêsipun jêro.

Singgrong. Têgêsipun sing gêrong.

Rèjèng. Têgêsing rèjèng jarèh-jarèh.

Trêjung. Têgêsipun menggak-menggok.

Siluk. Têgêsipun inggih menggak-menggok.

Sungil. Têgêsipun langkung rumpil, dene sarwa makèwêdi.

Gahana. Lêrêsipun guhan tuwin gwahan, têgêsing guhan pajêgongan, têgêsing gwahan cêgowahan.

Prajongan. Têgêsipun pajorongan, kabêkta ingkang dèrèng kulina ningali jorongên.

Namaning Guwa

Guwa. Têgêsipun lêmah ngêsong.

Guha. Têgêsipun goh, inggih punika siti anggêrong.

Rago. Têgêsipun siti ronggoh, dene gêrong.

Song. Têgêsipun rong kang ngêsuk.

Gothaka. Têgêsipun guthitan tuwin godhagan.

Gotaka. Têgêsipun ênggèn pêlowongan, inggih godhagan.

Susupan. Têgêsipun panglendhungan, dene asring kadamêl palendhunganing sato galak.

Padhuhan. Têgêsipun panggogosan, dene anggêrong angêsong.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: