RSS

Basa Jawi Tengahan

 IV. THUKULIPUN BASA JAWI TÊNGAHAN

Sadèrèngipun kula ngaturakên sêrat-sêrat ingkang ngangge basa Jawi têngahan, kula badhe nêrangakên sakêdhik bab thukulipun basa Jawi têngahan wau. Ingkang dipun wastani basa Jawi têngahan punika grêbanipun basa Jawi ingkang wontên antawising basa Jawi kina lan basa Jawi ing jaman samangke; thukulipun kala mumbul-mumbulipun kraton Majapait.

Wondene sêrat-sêrat gancaran ingkang ngangge basa Jawi têngahan inggih punika:

37. Tantu Panggêlaran

Sêrat punika basanipun gancar. Sanadyan taksih sawatawis sêpuh, nanging mirid isinipun kenging kagolongakên dhatêng sêrat basa Jawi têngahan.

Mênggah ingkang dipun cariyosakên: Bathara Guru nitahakên manungsa wontên ing tanah Jawi, sajodho lajêng abêbranahan. Nanging taksih sami wuda, dèrèng sagêd wicantênan, dèrèng sagêd andamêl griya. Para dewa sami kadhawuhan tumurun dhatêng tanah Jawi, mulang dhatêng tiyang, supados sagêd wicantênan, ngangge sandhangan, damêl griya, prabot-prabot, sasaminipun.

Nalika samantên pulo Jawi dipun cariyosakên taksih gonjang-ganjing, dèrèng têtêp trêpipun. Bathara Guru lajêng dhawuh dhatêng para dewa ngusung rêdi Sêmèru saking tanah Indhu dhatêng pulo Jawi. Rêdi kapogog pucakipun lajêng kausung dhatêng tanah Jawi, dhumawah ing kilèn, tanah Jawi anjomplang, ingkang sisih wetan minggah. Rêdi lajêng kausung mangetan, samargi-margi cuwil dhawah dados rêdi Katong (Lawu), rêdi Wilis, rêdi Kampud (Kêlud), rêdi Kawi, rêdi Arjuna, rêdi Kumukus: pucakipun dados rêdi Sêmèru. Wiwit punika tanah Jawi sawêg têtêp trêpipun, botên menggang-menggung.

Wontênipun grahana ugi kacariyosakên. Mênggah cariyos ing nginggil punika sadaya ewah-ewahanipun cariyos ngêbur sagantên prêsan ing sêrat ADIPARWA (No 7) kasêbut ing nginggil.

Cariyosipun Bathara Wisnu tumurun dados ratu tanah Jawi sapisan, nama Sang Kandhiawan, lajêng pêputra: Sang Mangukuhan, Sang Sandhanggarba, Sang Katungmalaras, Sang Karungkala, Sang Wrêtikandhayun, ugi sampun kapratelakakên. Cariyos punika tumurun dhatêng sêrat-sêrat babad. Mèh sabên sêrat babad ingkang kintên-kintên nyariyosakên jaman punika, mêsthi mratelakakên Sang Kandhiawan saputranipun.

Anggènipun sêrat Tantu Panggêlaran kêtingal saya cêlak kaliyan sêrat babad, punika dene sampun nyêbut Mêdhang Kamulan, Mêdhang Tantu, Mêdhang Panataran saha Mêdhang Gana.

Wontên malih titikan bilih panganggêp ing Tantu Panggêlaran punika sampun mèh sami kaliyan panganggêpipun tiyang Jawi jaman samangke, dene Bathara Guru sampun dados ramanipun para dewa: Bathara Brahma, Wisnu, Içwara, Mahadewa, Çiwah sampun kaanggêp putranipun Bathara Guru.

Taksih kathah bab-bab ingkang kacariyosakên ing sêrat Tantu Panggêlaran, kêkathahên upami kapratelakna sadaya. Ing ngriki kula namung badhe mêthik cariyos ingkang sawatawis lucu. Jawinipun makatên:

Kocapa Êmpu Tapawangkêng kaliyan Êmpu Tapapalèt[1] ing satunggaling wêkdal sami wontên ing Daha. Êmpu Tapawankêng[2] nama Samêgêt Baganjing, nyambut (utang) laksa,[3] samados nyaur bilih sampun lingsir surya, nanging botên gadhah arta kangge nyaur. Srêngenge lajêng dipun ndhêg lampahipun, lajêng têrus manjêr botên lingsir-lingsir.

Ing dintên punika sang prabu sawêg pinuju siyam, botên dhahar yèn dèrèng lingsir, mangka botên lingsir-lingsir, sang prabu luwe sangêt, lajêng ngandika: “Apa sababe têka srêngenge ora lingsir-lingsir, aku luwe bangêt”; sang prabu utusan andangu: wangsulanipun Êmpu Baganjing “Aku isin mangsuli. Aku utang laksa, sêmaya yèn wis lingsir, nanging aku ora duwe dhuwit, mula srêngenge tak ndhêg “lakune”. Sang prabu lajêng maringi arta kangge nyaur, srêngenge lajêng sêrap.[4]

Cariyos ngêndhêg srêngenge punika ing tanah Tibèt inggih wontên, sarta mèmpêr sangêt kaliyan cariyos ing Tantu Panggêlaran; Jawinipun makatên.[5]

Ing satunggaling dintên Sang Wiku Padmasambhawa[6] ngêlak sangêt, lumêbêt ing warung anggur lajêng ngunjuk sakatogipun kaliyan rencangipun. Sarêng kèngêtan bilih botên ambêkta arta, lajêng nêdha inah dhatêng ingkang sade, anggènipun ambayar mangke manawi srêngenge sampun lingsir. Ingkang sade suka, malah anglilani ngombe sakajênipun,[7] dalah sakancanipun. Nanging sang wiku lajêng ngêndhêg lampahing srêngenge ngantos pitung dintên pitung dalu têrus manjêr. Tiyang nagari sami bingung; ingkang sade anggur lajêng trimah botên dipun bayari, srêngenge angslup, tiyang-tiyang sami bingah, sabab sampun ngantuk sangêt, badhe sami tilêm.

Ingkang andamêl sêrat Tantu Panggêlaran punika sajakipun pandhita ing dhusun. Ingkang dipun cariyosakên namung alêlandhêsan dongèng-dongèng kala jaman samantên ingkang dipun mirêngi, amila kathah ingkang botên tumanja.

Sêrat Tantu Panggêlaran sampun kacithakakên mawi aksara latin, saha dipun prêtal ing basa Walandi, mawi katrangan moncèr sangêt dening DR TH PIGEAUD (Proefschrift, Leiden taun 1924).

38. Calonarang

Sêrat punika basanipun ugi gancar. Ingkang dipun cariyosakên:

Wontên satunggaling pandhita nama Êmpu Baradhah, gadhah anak èstri, nama Wedawati, wanci umur 11 taun, dipun tilar pêjah biyungipun. Sang Baradhah rabi malih, gadhah anak jalêr. Sang Wedawati botên bêtah tumut biyung kawalon, lajêng kesah dhatêng kuburanipun biyungipun, dipun jak mantuk botên purun. Ing kuburan lajêng dipun dêgi griya kangge Sang Wedawati kaliyan Sang Baradhah, sami dêdunung ing ngriku.

Nalika punika ingkang jumênêng ratu wontên ing tanah Jawi Prabu Airlangga. Wontên randha, nama Calonarang gêgriya ing dhusun Girah, gadhah anak prawan ayu, nama Ratna Manggali. Nanging botên wontên tiyang purun nakèkakên, awit sang randha misuwur yèn pandamêlipun awon rêmên nêluh tiyang. Sang randha manasi manahipun dene anakipun botên pajêng, lajêng masang têluh. Tiyang sanagari kenging sêsakit, sakit enjing, sontên pêjah, sakit sontên enjing pêjah.

Sang prabu nimbali para nujum, kadhawuhan mriksa punapa sababing sêsakit wau. Para nujum matur yèn saking pandamêlipun randha ing Girah. Sang prabu utusan punggawa ngrabasa dhatêng Girah, nanging prajurit kawon sadaya, kathah ingkang tiwas. Sêsakit saya andados. Êmpu Baradhah dipun pundhuti tulung sang prabu supados nyirnakakên sang randha. Êmpu Bahula, muridipun Sang Baradhah, kapurih nakèkakên Ratna Manggali, saèstu dados bojonipun. Salêbêtipun Êmpu Bahula wontên ing Girah, nyêpiyun marasêpuhipun; wasana kitabipun sang randha kenging kabêkta dening Êmpu Bahula, kaaturakên dhatêng Êmpu Baradhah. Êmpu Baradhah lajêng tindak dhatêng Girah, sang randha dipun lèh-lèhakên ing pandamêlipun awon, têmahan sang randha dipun pêjahi dening Êmpu Baradhah; sêsakit lajêng sirêp, ical babarpisan.

Prabu Airlangga karsa badhe amandhita, putranipun kalih badhe kajumênêngakên ratu sadaya; satunggal wontên ing tanah Jawi, satunggilipun wontên ing pulo Bali. Sang Baradhah kautus dhatêng Bali mundhut lilah dhatêng pandhita ing Bali, nama Êmpu Kuturan. Êmpu Kuturan botên nyukani lilah, wasana tanah Jawi lajêng kapalih. Ingkang sapalih dipun paringakên putra sêpuh, ingkang sapalih kaparingakên putra ingkang nèm. Sang prabu sêpuh lajêng amandhita, ajêjuluk Sang Jatiningrat. Nalika Êmpu Baradhah tindak dhatêng Bali, punika anggènipun nyabrang supitan Banyuwangi numpak ron kluwih satunggal. Sarêng wangsulipun ugi badhe makatên malih, nanging ron kluwih dipun tumpaki pijêr kêlêm-kêlêm kemawon; Sang Baradhah kala waunipun kêsupèn botên pamitan dhatêng Êmpu Kuturan; sarêng wangsul pamitan, lajêng sagêd nyabrang mangilèn, numpak ron kluwih malih. Dangu-dangu putranipun Prabu Airlangga kalih punika pêrang rêbatan watês. Êmpu Baradhah kadhawuhan misah, lan nêtêpakên watês ing karajan kalih wau.

Dongèng pandhita nyabrang sagantên numpak ron, punika ing Tibèt ugi wontên. Sang Nagarjuna, pandhita ingkang ngêdêgakên agami Budha Mahayana, punika nyabrang sagantên dhatêng pulo têbih saking tanah Indhu ugi numpak ron. Wangsulipun dhatêng tanah Indhu inggih numpak ron malih.[8]

Anggènipun Êmpu Baradhah malih tanah Jawi saha dhatêng ing Bali napak toyaning sagantên punika ugi kasêbut wontên ing sêrat Nagarakrêtagama pupuh 68 pada 1, 2 lan 3.

Sêrat Pararaton ugi nyariyosakên bilih Dhanghyang Lohgawe punika dhatêngipun ing tanah Jawi saking tanah Indhu numpak roning kêkatang têlung tugêl.[9]

Mênggah ingkang andamêl sêrat Calonarang punika botên kasumêrêpan, sarta malih kadamêl kala punapa inggih botên cêtha; namung bilih damêlan kala jaman basa Jawi têngahan, punika kenging dipun têmtokakên.

Cariyos Calonarang sampun kacithakakên mawi aksara latin saha prêtalan ing basa Walandi wontên ing BIJDRAGEN KON. INST. V. NED. IND. taun 1926 ingkang basa Jawi jaman samangke kacithak ing Balai Pustaka.

39. Tantri Kamandaka

Sêrat punika nyariyosakên dongèng kewan, kadosdene sêrat Kancil. Mênggah babonipun sêrat wau nama sêrat Pancatantra, basa Sanskêrta asli saking tanah Indhu. Nanging anggènipun dumugi ing tanah Jawi sampun wiwit kina.

Wontên bedanipun sakêdhik kaliyan sêrat Pancatantra, inggih punika wiwitanipun. Yèn sêrat Pancatantra punika ingkang kangge wiwitan nyariyosakên satunggaling ratu ingkang kagungan putra bodho-bodho sangêt, lajêng kadhawuhan mulang dening satunggaling pandhita, sarana dipun caritakakên dongèng kewan-kewan wau. Yèn sêrat Tantri Kamandaka punika wiwitanipun kados cariyos 1001 dalu: Wontên ratu ingkang sabên dalu krama angsal prawan tulèn. Satunggaling wêkdal, prawan ing nagari sampun têlas, kantun putranipun sang patih, nama Dyah Tantri; punika sadèrèngipun kadhawuhan ngladosi sang prabu nyuwun lilah badhe carita rumiyin. Sang prabu nglilani. Sarêng cariyosipun sampun têlas, saking saenipun, sang prabu mundhut dipun caritakakên malih, makatên salajêngipun, sang putri botên saèstu ngladosi; malah sang prabu lajêng mantun anggènipun kagungan karsa krama sabên dalu. Kathah sangêt cariyosipun ing sêrat Tantri Kamandaka wau. Ing ngriki namung kula pêndhêtakên cariyos ingkang pungkasan, makatên:

Wontên satunggaling ratu binathara ajêjuluk Prabu Aridarma. Ing satunggaling dintên sang prabu tindak ambêbêdhag dhatêng wana, uninga wontên putri naga sawêg untêl-untêlan kaliyan sawêr rucah. Sang prabu ngandika ing salêbêting panggalih: “Êlo, dene ala tênan lakumu. Nagini, kowe iku rak putri naga, têka ora gênah karo ula rucah. Iku jênênge ngrusak tataning kawangsan; kang mangkono iku laku kang ora pantês. Aku ora bisa nyelaki kawajibanku, awit aku kang dadi ratuning kawula. Apa ta têgêse? Laku kang mangkono iku kliru”. Makatên pangandikanipun sang prabu, sawêr rucah lajêng dipun pêjahi, putri naga dipun gitik dening sang prabu. Putri naga mantuk, sakit manahipun, matur dhatêng ingkang rama sang naga raja, anggènipun matur kaliyan muwun.

Sang naga raja andangu: “Ana apa nggèr kok nangis?”

Sang putri naga mangsuli: “Ana ratu, rama, jênênge Maharaja Aridarma, iku ambêbêdhag mênyag[10] alas. Barêng wêruh aku, mandêng wae, aku banjur dibujuk, nanging aku ora gêlêm. Saking dêrênge, aku arêp digrêjêg, aku mlayu, banjur dioyak, aku digêbug, dilarani, mulane aku nangis”.

“Wis mênênga nggèr, êntènana wae sêdhela, Prabu Aridarma tak patènane, wis aja bingung atimu”.

Botên dangu sang naga raja mangkat dhatêng kadhatonipun Prabu Aridarma, mindha-mindha brahmana. Sarêng sampun dumugi salêbêting kadhaton lajêng malih naga malih, sarta sariranipun kadamêl alit sangêt, lajêng andhêlik wontên sangandhaping pasareyan.

Ing nalika punika sang ratu sawêg sasarean kaliyan ingkang garwa nama Dèwi Mayawati, sang prabu katingal sajak èmêng ing panggalih; Dèwi Mayawati matur: “Sinuwun, kadingarèn sang prabu têka botên kados sabênipun”.

Sang prabu mangsuli dhatêng garwa: “Dhèk mau, dhèk aku ambêbedhag mênyang alas mau, aku wêruh putri naga, lakune ora gênah. Apa ana, untêl-untêlan karo ula rucah. Polah mangkono iku rak ora pantês. Kayadene brahmana wadon laki karo wong sudra, iku rak gawe rusaking bumi. Ngrusak tataning kawangsan, iku jênênge. Bênêre rak iya laki antuk brahmana. Upama putri naga mau dudu putrane naga raja, polahe mau iya ora dadi ngapa. Barêng awake putri naga, laki olèh ula rucah, iku ora pantês. Mulane si ula rucah banjur tak patèni, dene si putri naga, tak gitik, dhèk mau”. Makatên pangandikanipun sang prabu.

Sang naga raja, ingkang wontên ing ngandhap pasareyan, mirêng lajêng anggalih: “Êlo, jêbul anakku dhewe, sing ora gênah tingkahe, e la ala bangêt, Si Nagini. Dadi sang prabu iku pancèn ratu utama, têmên-têmên ênggone dadi ratu, ngilangi rêrêgêding jagat, nyirnakake kang ala watêke”. Makatên panggalihipun sang naga raja, lajêng mêdal saking ngandhap pasareyan, wangsul awujud brahmana malih.

Sang pandhita dipun bagèkakên dening sang prabu, mangsuli atur mrak-ati: “Kula punika bapakipun naga èstri, ingkang paduka gêbag kala wau, saking anggènipun atindak awon. Pancèn sang prabu wajib ngukum, bilih wontên ingkang lampah kirang prayogi. Saking lêganing manah kula, sang prabu kula aturi mundhut dhatêng kula, punapa ingkang dados kaparêng paduka”.

Sang prabu mangsuli: “Kula kêpengin sumêrêp pawicantênaning kewan sadaya, sagêda mangrêtos”.

Sang naga raja ngandika: “Prayogi sinuwun, sampun sumêlang, badhe kula caosi; nanging janji kula, kawruh wau botên kenging kasukakakên dhatêng tiyang sanès. Sang prabu tamtu seda, bilih nyukakakên kawruh wau dhatêng tiyang sanès”. Sang prabu lajêng dipun wêjang; ing sasampunipun, sang naga raja wangsul kondur dhatêng dhasaring bumi.

Prabu Aridarma kantun wontên ing kadhaton. Ing satunggaling dintên sang prabu sêsareyan malih kaliyan ingkang garwa, Dèwi Mayawati. Wontên cêcak èstri wontên ing nginggilipun sareyan sang prabu, angunandika: “Adhuh kêpengin têmên aku iki dingungrum kaya pangungrume sang prabu marang garwane; ora kayaa têmên awakku dikèwèr ing bojo, ora didhêmêni tur ora ditunggoni. E, tobat rêmên têmên sang prabu, kuwi marang garwane”. Makatên pangunandikaning cêcak èstri.

Sang prabu mirêng, gumujêng mèsêm, sang dèwi matur; “Dhuh sinuwun, kok radi sumêlang manah kula. Ingkang paduka gêgujêng wau punapa?”

“Ora yayi, iya mung angguyu bae”. Makatên wangsulanipun sang prabu botên karsa ngandikakakên sayêktosipun.

Dèwi Mayawati matur malih: “Botên sinuwun, kula nyuwun sumêrêp”.

“Aja yayi, aku mati yèn kandha mênyang kowe”.

Sang dèwi mangsuli: “Inggih sampun, sinuwun, kula aluwung pêjah piyambak, yèn botên paduka ngandikani sajatosipun”.

“Iya ta yayi, yèn kowe kudu njaluk tak kandhani, kon gawe tumangan dhisik, tak nggone obong. Wis akona gawe tumangan, panggungan sapirantine sajèn-sajèn. Para punggawa konên”.

Sarêng tumangan sampun rampung, Sang Prabu Aridarma lajêng paring sidhêkah dhatêng para pandhita, para brahmana saha para rêsi. Donya raja brahmana sakadhaton dipun kuras, kaparingakên kangge sidhêkah. Ing salêbêtipun latu tumangan murub mubal-mubal, sang prabu sakalian garwa, Dèwi Mayawati, minggah panggungan akanthèn asta. Ing salêbêtipun sang prabu sakalian wontên ing nginggil panggungan wontên menda kalih, jalêr èstri, mêdal saking grumbul. Ingkang èstri nama Wiwitan, ingkang jalêr Banggali. Menda sami nyêlak dhatêng tumangan, ingkang èstri wicantên: “Pakne thole, aku mbok ya kok jukukake janur kuning sandhing tumangan kae, arêp tak pangan, bèn sêgêr ênggonku nyidham. Wis ta gage jupukna”.

Menda jalêr mangsuli: “Kowe ki piye ta, apa ora ngêrti yèn angèl. Galo kae ta ingêtna, sing padha jaga, padha ngubêngi pangobongan, padha nggawa gêgaman, ana towok, pêdhang lan tumbak. Arêp dadi apa kowe”.

Menda èstri mangsuli: “Elo, dadi yèn ngono kowe ki ora dhêmên nyang aku. Iya wis luwung matiya aku yèn ora kêtêkan sing dadi karêpku”.

Menda jalêr wicantên: “Mati ya matiya kono, susah-susah apa aku; yèn kowe mati ya rabi manèh ta! Ora sudi aku kaya Prabu Aridarma nuruti kandhane garwane. Ora gêlêm aku kaya ngono. Kaya ngono kuwi rak dudu wong lanang prawira. Yèn wong lanang utama, bojone, dhêmên, sokur, ora ya wis. Gilo aku ki lo, sing sipat kewan wae, ora gêlêm kaya ngono kuwi, sirmu aku rak kok kon nurut karêpmu ta?”

Makatên wicantênipun pun Banggali, anggènipun ngungêl-ungêlakên èstrinipun. Prabu Aridarma mirêng lajêng, dhat, èngêt, ngandika salêbêting panggalih: “E bênêr bangêt kandhane wêdhus lanang kuwi; aku ki asor yèn kaya ngene iki; karo wêdhus wae kalah mangêrti. Wong pancèn ora patut, kandhane wêdhus wadon iku”. Sang prabu lajêng rumaos: “Sing sipat kewan wae ora gage-gage nuruti unine sing wadon; mangka aku iki ratu gêdhe; yèn aku kalah karo wong wadon, gèk sing arêp ngajèni nyang aku wae sapa. Si Banggali iku wêdhus èlèk wae ora gêlêm nuruti karêpe sing wadon”. Makatên pangunandikanipun sang prabu.

Sasampunipun makatên sang prabu lajêng tumêdhak saking panggungan, anggêga dhatêng wicantêning menda pun Banggali, botên saèstu seda obong. Dene dana ingkang sampun kaparingakên, inggih saèstu lajêng kaparingakên, minangka wilujênganing sariranipun sang prabu, saha têtêping kaprabonipun. Sang Dèwi Mayawati saèstu ambyur ing latu, menda èstri ugi lumêbêt ing latu.

Wontênipun kula mêthik cariyos ingkang radi panjang, punika anggampilakên anggèn kula badhe ngaturakên sêrat sanèsipun, mangke ing wingking.

Ing salêbêting sêrat Tantri Kamandaka, punika wontên sawatawis sêsêlanipun ungêl-ungêlan Sanskêrta, salong taksih kenging kalêrêsakên, salong botên. Mirid punika sêrat wau kaanggêp kalêbêt sêrat Jawi kina gancar ingkang golongan sêpuh. Nanging mênggah wujudipun ing samangke, namung sagêd kagolonganakên[11] dhatêng sêrat-sêrat, ingkang ngangge basa Jawi têngahan.

Sêrat Tantri Kamandaka sampun kacithah dados buku: BIBLIOTHECA JAVANICA babak 2, mawi prêtalan ing basa Walandi, dening DR C. HOOYKAAS.

40. Korawaçrama

Sêrat punika basanipun ugi gancar. Dhapukanipun kareka kados sêrat-sêrat gancar ingkang sampun kaaturakên ing nginggil; Adiparwa, Wirathaparwa, sasaminipun. Nanging kenging dipun têtêpakên bilih sêrat punika barakanipun sêrat Tantu Panggêlaran, malah radi ênèm malih. Tandhanipun, kajawi lêlewaning basa, kathah bab-bab ingkang pêndhêtan saking sêrat Bharatayuddha. Tantu Panggêlaran lan sanès-sanèsipun; anggènipun mêndhêt wau sajak namung saking pamirêng kemawon.

Wontên malih ingkang cêtha dados tandha bilih sêrat Korawaçrama langkung ênèm tinimbang sêrat Tantu Panggêlaran, inggih punika sêrat Korawaçrama nyêbut Sang Hyang Taya, sampun kadèkèkakên sanginggilipun Sang Hyang Paramèswara (Bathara Guru). Nama taya punika têmbung Jawi lugu, têgêsipun ora ana, ing basa Sundha teu aya. Inggih punika nama ingkang kanggê ngancêr-ancêri Gusti Allahipun tiyang Jawi tulèn. Saminipun Sang Hyang Wênang, Sang Hyang Tunggal; punika inggih têmbung Jawi lugu, ingkang têgêsipun sampun cêtha, tur pantês sangêt kangge namanipun ingkang Kawasa.

Kenging dipun kintên-kintên, nalika mumbul-mumbulipun jaman Jawi Indhu, Gusti Allahipun tiyang Jawi tulèn kadhêsêk dening Gusti Allahipun tiyang Indhu, inggih punika Bathara Mahadewa. Paramèçwara utawi nama sanèsipun, ingkang lajêng dados Bathara Guru. Sarêng daya Indhu dangu-dangu saya suda, Gusti Allahipun tiyang Jawi tulèn muncul malih kadèkèk wontên sanginggilipun Bathara Guru. Mangke yèn sampun jaman Sêlam, Bathara Guru, Sang Hyang Tunggal utawi Sang Hyang Wênang wau kadèkèk wontên sangandhapipun Nabi Adam. Punika lampahipun bab panganggêpipun tiyang Jawi jaman samangke dhatêng dewa-dewa wayang saha Sang Hyang Wênang, Tunggal, Taya, lan namanipun ingkang sanès.

Wontên malih tandhanipun bilih sêrat Korawaçrama punika ênèm; ukara-ukara Sanskrêta ingkang dipun sêsêlakên wontên ing ungêl-ungêlan Jawi kina, punika namung ethok-ethokipun kemawon basa Sanskrêta. Sajatosipun basa Sanskrêta damêlan Jawi, mawi kacampuran basa Jawi lugu. Kados ta wontên bageyan ingkang nama Wyasa Lawada, têgêsipun, Bagawan Abiyasa tuwi; têmbung lawada punika têmbung Jawi tulèn; lawad = tilik dipun Sanskrêtakên dados lawada. Taksih wontên malih tunggilipun ingkang kados makatên punika.

Mênggah isinipun sêrat Korawaçrama punika warni-warni sangêt, rekanipun bab filosofie tuwin sanès-sanèsipun. Nanging wosipun para Korawa badhe kadamêl malês ukum dhatêng para Pandhawa. Bagawan Abiyasa dipun aturi anggêsangakên para korawa sakancanipun, sampun sami gêsang malih; nanging dèrèng ngantos malês ukum, sêratipun sampun têlas.

Sêrat Korawaçrama ing samangke sampun kacithakakên mawi aksara latin, dipun rêmbag sawatawis moncèr saha dipun prêtal ing basa Walandi dening DR J. L. SWELLENGREBEL (Proefschrift, Leiden 1936).

41. Sêrat Pararaton

Sêrat punika basanipun ugi gancar. Ingkang sapalih ngajêng wosipun nyariyosakên lêlampahanipun Kèn Angrok lair ngantos dumugi ajalipun. Dipun cariyosakên, Kèn Angrok punika wiwit dèrèng lair sampun nama lare anèh. Sarêng sampun agêng, dados tiyang awon sangêt, wasana lajêng sagêd jumênêng ratu wontên ing Tumapêl, ingkang lajêng nama Singasari; jêjulukipun, Prabu Ranggahrajasa, mawi kadosdene sêsêbutan makatên: Sri Girindratanayaja.

Kèn Angrok punika kenging dipun wastani ingkang cikal bakal para ratu ing Majapait. Amila sêrat Pararaton ingkang sapalih wingking inggih anggêlarakên kawontênanipun kraton Majapait wiwit dumados ngantos mèh risakipun. Ingkang dipun pratelakakên sawatawis panjang, kajawi Kèn Angrok inggih punika Radèn Wijaya, wiwit kasangsara ngantos dumugi jumênêng Ratu Majapait ingkang kapisan. Sanadyan pratelan ing sêrat Pararaton kathah ingkang kenging dipun pitados, nanging manawi katandhing kaliyan sêrat Nagarakrêtagama, sêratan sela utawi têmbagi ing jaman Majapait, kathah ingkang botên mitadosi. Amila ing samangke aosipun inggih suda sangêt katimbang kaliyan kala sawêg dipun dalakên enggal-enggalan.

Sêrat Pararaton punika sampun kacithak kaping kalih, mawi aksara latin saha prêtalan ing basa Walandi lan pangrêmbag moncèr sangêt dening DR BRANDES. Ingkang sapisan wontên ing VERHANDELINGEN BAT. GEN. babak 49, ingkang kaping kalih wontên idem deel 62, mawi ewah-ewahan saha wêwahan dening PROF. DR KROM.

Prêtalan ing basa Jawi jaman samangke inggih sampun wontên kadamêl dening R. M. MANGKUDIMEDJA, nanging namung prêtalan sangêrtosipun; saha kawêdalakên dening Balai Pustaka.

  1. § Dados Palèt ing wayang gêdhog. 
  2.  Tapawangkêng 
  3. § Kaprêtal dening DR PIGEAUD: 1000: kajêngipun laksa ing ngriki têtêdhan utawi inuman. Ing Jakarta taksih wontên têtêdhan nama laksa, kados kare. 
  4.  § DR. TH. PIGEAUD (Proefschrift, Leiden, taun 1924), kaca 118. 
  5.  § THE BUDDHISM OF TIBET OR LAMAISM WITH MYSTIC ETC CULT, SYMBOLISM AND MYTHOLOGY dening L. AUSTINE WADDELL, M. B. London 1895 kaca 382
  6. § Sang Wiku Padmasambhawa punika agaminipun Budha Mahayana, ingkang wiwitan nglêbêtakên agami wau dhatêng tanah Tibèt. 
  7.  sakajêngipun 
  8. § MYTHOLOGIE DES BUDDHISMUS IN TIBET UND DER MONGOLEI, VON ALBERT GRUNWEDEL, Leipzig 1900 kaca 31. 
  9.  § PARARATON, cithakan ingkang kaping kalih, kaca 12. 
  10.  mênyang 
  11. kagolongakên 

Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 4. Thukulipun basa Jawi têngahan

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: