RSS

Serat Jawi Kina Enem

III. SÊRAT-SÊRAT JAWI KINA INGKANG GOLONGAN ÊNÈM

Ingkang badhe kula têrangakên ing ngandhap punika sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan ênèm. Mênggah titikanipun sami kemawon kaliyan ingkang golongan sêpuh. Inggih punika:

1. Namaning ratu ingkang kasêbut, gandhèngipun kaliyan sêratan sanèsipun; kados ta sêratan sela.

2. Titimangsa utawi angka taun.

3. Lêlewaning basa.

4. Babonipun sêrat Jawi kina ingkang langkung sêpuh, wontên.

5. Nyariyosakên bab kawontênan ing tanah Jawi.

Tumrapipun sêrat-sêrat ingkang golongan sêpuh, angka 4 kaliyan 5 punika grêbanipun, botên wontên.

Sêrat Jawi kina nèm, ingkang wontên babonipun sêrat Jawi kina langkung sêpuh, punika sêrat.

27. Brahmandhapurana, mawi sêkar

Sêrat punika inggih sêrat Brahmandhapurana ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng (No. 4) nanging dipun wangun mawi sêkar saha dipun cêkak. Dados ing bab cariyosipun inggih nama dede barang enggal. Mênggah lêlewaning basanipun ugi anêdahakên bilih sêrat wau ênèm.

Ing salêbêting sêrat Brahmandhapurana mawi sêkar, punika wontên ratu èstri kasêbut namanipun: Sang Sri Prakrêtiwirya, sampun sawatawis sêpuh. Sarèhne botên wontên prabot sanès-sanèsipun, ingkang kenging kangge nyumêrêpi Sang Sri Prakrêtiwirya punika sintên, utawi kala jaman punapa, dados inggih sampun botên sagêd nêrangakên malih.

Sêrat Bramandhapurana mawi sêkar, punika ugi sampun kacithakakên mawi aksara latin dening PROF. J. GONDA, nunggil kaliyan sêrat Brahmandhapurana ingkang basa gancar.

28. Kunjarakarna, mawi sêkar

Makatên ugi sêrat punika, inggih sêrat Kunjarakarna ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng (No. 16) Kawangun mawi sêkar. Nanging kawuningana, sanadyan ing bab cariyosipun ugi nama dede barang enggal, nanging panataning têmbung-têmbung ing sêrat punika sae sangêt. Kula maos ngantos gadhah raos kados tiyang ngingêtakên oncèn-oncèn sêsotya; tur inggih namung têmbung limrah punika kemawon. Emanipun dene sêrat punika dèrèng kacithakakên.[1]

Ing samangke kula badhe ngaturakên sêrat ingkang wêkdal punika sawêg dados kêmbang lambe, inggih punika sêrat.

29. Nagarakrêtagama, mawi sêkar

Sêrat punika ingkang dipun cariyosakên kawontênan ing karaton Majapait, nalika jumênêngipun Prabu Hayam Wuruk, ratu binathara ing tanah Jawi, jumênêng wiwit taun 1272 dumugi 1311 Çaka (1350 dumugi 1389 taun Masehi). Sabageyan agêng, sêrat wau ngêmot pratelan nalika sang prabu têdhak pêpara dhatêng tanah Balambangan, lajêng kondur mampir dhatêng Singasari (Tumapêl). Kajawi punika ugi ngêmot bab babad sawatawis, bab wilujêngan, pasamuwan, tatananing nagari lan sanès-sanèsipun.

Ing sadèrèngipun sêrat NAGARAKRÊTAGAMA kasumêrêpan, cariyos Majapait punika namung mligi alêlandhêsan sêrat-sêrat babad Jawi. Sarêng sêrat NAGARAKRÊTAGAMA sampun dipun sinau, angsal-angsalanipun katandhing kaliyan sêratan sela tuwin têmbagi saha pawartos saking bangsa Tiong Hoa, kawontênan ing karaton Tumapêl saha dumadosipun karaton Majapait, sagêd kasumêrêpan sawatawis gamblang. Namung pratelan ing sêrat-sêrat babad wau mèh sadaya lajêng pinanggih botên kenging dipun pitados.

Sêrat NAGARAKRÊTAGAMA punika kêkidunganipun sae, basanipun ugi sae. Dene ingkang andamêl nama Sang PRAPANCA kala ing taun 1287 Çaka (1365 taun Masehi). Sang Prapanca nalika ing wêkdal punika dèrèng angsal sêsêbutan êmpu, awit taksih dados candidaat bujangga. Ramanipun nama Êmpu Nadendra, dados DHARMADHYAKSA RING KASOGATAN = Superintendent ing babagan Kabudan.

Ing samangke sêrat wau sampun kacithakakên, ing sakawit mawi aksara Bali[2] lajêng kacithak malih mawi aksara latin, dipun prêtal dening PROF. KERN ing basa Walandi, mawi katrangan sawatawis kathah saking PROF. DR. KROM.[3]

Ing salêbêting jumênêngipun Prabu Hayam Wuruk taksih wontên malih sêrat ingkang dumados, inggih punika sêrat.

30. Arjunawijaya, mawi sêkar

Cariyosipun sêrat punika pêndhêtan saking sêrat Uttarakandha ingkang sampun kaaturakên ing nginggil (No. 6) nanging inggih kawangun mawi sêkar. Wosing cariyosipun namung mêndhêt prangipun Prabu Dasamuka kaliyan kakangipun, Prabu Waisrawana utawi Prabu Dhanaraja. Lajêng prangipun Prabu Dasamuka mêngsah Sri Arjuna Sasrabahu, ratu ing Mahismati, ngantos kapikutipun Sang Dasamuka.

Cariyos punika tumrap ing jaman samangke ugi nama sampun kasumêrêpan ing akathah, amila ing ngriki inggih cêkap dipun cêkak samantên kemawon.

Ingkang andamêl sêrat punika nama Êmpu TANTULAR; pandamêlipun nalika Prabu Hayam Wuruk sampun sawatawis sêpuh; têgêsipun, sêpuh sêrat Nagarakrêtagama katimbang kaliyan sêrat Arjunawijaya.

Damêlanipun Êmpu TANTULAR sêrat satunggalipun malih nama sêrat:

31. Sutasoma utawi Purusadasanta, mawi sêkar

Gancaring cariyos makatên: Sang Hyang Buddha nitis dhatêng putranipun Prabu Mahakètu, ratu ing Ngastina, nama Radèn Sutasoma. Sang radèn, sarêng sampun agêng, ngibadah sangêt, rêmên dhatêng agami Buddha (Mahayana). Badhe dipun kramakakên saha dipun jumênêngakên ratu, botên karsa. Ing wanci dalu sang radèn lolos saking nagari; kontên-kontên ingkang dipun kancingi, sami mênga piyambak-piyambak kangge langkung sang radèn. Sarêng lolosipun sang radèn kasumêrêpan, ing kêdhaton gègèr, sang prabu saha sang paramèswari sami susah, dipun rêrapu ing akathah.

Dumugi ing wana sang radèn mêmuja wontên salêbêting candhi; Bathari Widyutkarali rawuh, pratela bilih sêmbahhyangipun sang radèn sampun katarimah. Ing salajêngipun sang radèn minggah dhatêng ing rêdi Himalaya, kadhèrèkakên para pandhita sawatawis. Dumugi satunggaling patapan, sang radèn dipun caritani sajarahing patapan wau, saha dipun aturi uninga yèn wontên ratu, titising ratu danawa, damêlipun nêdha tiyang, nama Prabu Purusada utawi Kalmasapada. Cariyosipun ratu punika makatên: Ing satunggaling wêkdal, ulam sadhiyan badhe dhaharipun sang prabu, ical dipun têdha ing sagawon saha babi. Juru masak bingung, kêsêsa pados ulam kangge lintunipun, botên angsal, lajêng dhatêng pasetran ngiris ulam pupuning tiyang pêjah ingkang taksih enggalan, lajêng dipun masak. Sang prabu dhahar kraos eca sangêt, labêt titising danawa wau; andangu dhatêng juru mangsak, ulam punapa ingkang dipun aturakên punika wau. Aturipun juru mangsak, ulam tiyang, sabab pun juru masak dipun agar-agari badhe kapêjahan yèn botên matur salêrêsipun. Sang prabu tuman dhahar ulam tiyang; tiyang ing nagari têlas, saking sampun sami dipun dhahar utawi ngungsi kesah dhatêng sanès nagari. Sang prabu lajêng dilalah gêrah tatu sukunipun, botên sagêd mantun; malah lajêng dados danawa, dêdunung wontên ing wana dados pangagênging wana.

Ing satunggaling wêkdal sang prabu kaul, bilih sagêd mantun gêrahipun, badhe nyaosi dhahar dhatêng Bathara Kala, ratu satus. Sang Sutasoma dipun aturi dening para pandhita supados  mêjahi ratu punika, nanging botên karsa. Bathari Prêtiwi mêdal saking dhasaring siti, tumut ngaturi sang radèn supados mêjahi sang Kalmasa-pada, nanging sang radèn mêksa botên karsa. Malah anglajêngakên tindakipun badhe tapa. Wontên ing margi kêpanggih danawa asirah gajah, damêlipun ugi nêdha tiyang. Sang radèn badhe dipun têdha; sarêng kagêlut, danawa dhumawah ing ngandhap, kêtindhihan sang radèn, awratipun kados katindhihan ing rêdi. Danawa sirah gajah kawon, lajêng dipun wulang agami Budha; botên kenging amêmêjahi; danawa sirah gajah miturut lajêng dados murid. Salêbêtipun anglajêngakên lampah, kêpanggih naga, ingkang badhe ngancap dhatêng sang radèn. Danawa sirah gajah ngadhangakên badanipun, kapulêt ing naga; sarêng sampun, naga lajêng ngalumpruk dhawah ing siti, sêbab kenging prabawanipun sang radèn. Sang naga inggih lajêng dados murid. Dumugi satunggaling jurang sang radèn kêpanggih sima èstri badhe nêdha anakipun. Sang radèn ngêndhak kajêngipun; sima biyung wangsulanipun, luwe sangêt sampun botên sagêd angsal kidang mênjangan, amila badhe nêdha anakipun piyambak. Sang radèn lajêng ngandika: “aku wae panganên, anakmu mêsakake”. Sima èstri lajêng anggêmprong sang radèn katubruk, dipun cakot jajanipun, kasêsêp rahipun, kraos mak clês kados ngombe toya panggêsangan, wasana pun sima èstri kèngêtan dhatêng pandamêlipun awon, manahipun gêtun sangêt, nangis wontên daganing layonipun sang radèn, namung badhe sumêdya pêjah thok.

Bathara Indra rawuh, sang radèn dipun gêsangakên malih. Sang radèn nutuh dhatêng Bathara Indra, dene sampun sêkeca têka dipun gêsangakên malih. Wangsulanipun Bathara Indra, yèn sang radèn botên sugêng malih, mangka pun sima èstri kalajêng pêjah, punika anggènipun sang radên wêlas mitulungi dhatêng anak sima wau botên wontên têgêsipun, awit sima alit inggih botên wande pêjah dipun tilar biyungipun, botên wontên ingkang nêsêpi. Bathara Indra muksa, sang radèn lajêng paring piwulang.

Ing sasampunipun punika sang radèn lajêng tapa piyambak wontên ing guwa, kagodha (ngêblak Arjunawiwaha), botên kengguh Bathara Indra tindak piyambak mindha-mindha putri ayu, mêksa botên kengguh, malah sang radèn badhar dados Bathara Budha Wairocana. Para dewa nyungga-nyungga. Sarêng sampun awujud Sang Sutasoma malih, lajêng kondur.

Sang Prabu Dasabahu, nak-sanakipun sang radèn, pêrang kaliyan danawa balanipun Prabu Kalmasapada. Danawa kawon lumajêng ngungsi dhatêng sang radèn. Prabu Dasabahu nututi, ngancap dhatêng sang radèn, wasana uninga bilih nak-sanakipun piyambak, lajêng dipun jak kondur dhatêng nagarinipun Sang Dasabahu, kapêndhêt ipe. Bibar têmu sang radèn kondur dhatêng nagari Ngastina; sarêng sampun kagungan putra sang radèn lajêng kajumênêngakên ratu nama Prabu Sutasoma. Kocapa, Sang Prabu Purusada (Kalmasapada), anggènipun pados ratu satus sampun angsal 99 sami dipun kunjara. Namung kirang satunggal; Sang Kalmasapada nglurug dhatêng Ngalêngka, nanging ratunipun botên kacêpêng sabab seda wontên ing paprangan.

Prabu Purusada lajêng mindha-mindha pandhita, ngêmis dhatêng Ratu Widarba (nyengkok nalika Sang Dasamuka mindha-mindha pandhita badhe ambradhat Dèwi Sitta). Ratu Widarba kenging kapikut. Sarêng sampun jangkêp satus, para ratu lajêng dipun caosakên dhatêng Bathara Kala, nanging sang bathara botên karsa dhahar, sabab, kirang miraos; kêpengin dhahar Ratu Ngastina, Prabu Sutasoma. Sang Purusada nglurug dhatêng Ngastina; para putranipun ratu ingkang sami ngungsi dhatêng Ngastina, sami prang kaliyan balanipun Prabu Purusada. Wasana Sang Sutasoma prang tandhing kaliyan Sang Purusada. Dangu-dangu, rèhne namung dipun tandhingi sabar, Ratu Ngastina kenging kabêkta dhatêng ngarsanipun Bathara Kala. Sarêng badhe dipun dhahar, aturipun sandika, anggêripun para ratu 100 sanèsipun sami dipun luwari. Mirêng ingkang makatên punika, Bathara Kala rêna sangêt panggalihipun; Sang Purusada trênyuh manahipun dening lila-lêgawanipun Prabu Sutasoma, lajêng tobat, mantun nêdha ulam tiyang, tur para ratu ingkang 100 sami dipun luwari sadaya.

Sêrat Sutasoma punika ugi kadamêl kala salêbêting jumênêngipun Prabu Hayam Wuruk ing Majapait. Kaliyan sêrat Nagarakrêtagama inggih sêpuh sêrat Nagarakrêtagama.

Mênggh babonipun sêrat Sutasoma punika wontên ing tanah Indhu misuwur sangêt. Ing salêbêting sêrat Ramayana saha Mahabharata inggih wontên cariyos punika. Makatên ugi ing salêbêting kapustakan agami Budha.[4]

32. Parthayadnya, mawi sêkar

Sêrat punika, sanadyan botên mawi titimasa utawi botên nyêbut namanipun satunggaling ratu, nanging kêdah dipun papanakên wontên ing ngriki; awit têtêmbunganipun kêtawis bilih barakan kaliyan sêrat Arjunawijaya saha sêrat Sutasoma.

Makatên ugi filosofie-nipun inggih têrang manawi sêrat Parthayadnya punika tumut grupipun sêrat jaman Majapait têngahan dumugi akir. Mênggah ingkang dipun cariyosakên, lêlampahanipun para Pandhawa ing sasampunipun kawon main dhadhu; gancaripun makatên:

Sarêng para Pandhawa kawon anggènipun main dhadhu kaliyan para Korawa, para Pandhawa dipun siya-siya dening para Korawa. Sang Dropadi dipun wudani dening Sang Sakuni, dipun jambak kalarak wontên ing ngajêngipun para ratu ingkang sami pasamuwan wontên ing kadhaton Ngastina. Para Pandhawa lajêng kêdah nglampahi ukum bucal wontên satêngahing wana laminipun 12 taun.

Prabu Yudhisthira rêmbagan pundi ingkang badhe dipun dunungi. Sang Bima usul, prayogi ngamuk kemawon; pêjah gêsang sampun kantênan, botên amêmanjang wirang. Kêpanggihing rêmbag, Sang Arjuna kadhawuhan tapa. Sang Arjuna mangkat dhatêng rêdi Indrakila, mampir dhatêng patapanipun Bagawan Mahayani ing wana Wanawati. Sarêng sampun lumampah malih, Sang Arjuna wontên ing wana kêpanggih Dèwi Çri, wahyuning kraton Indraprastha, kesah saking kêdhaton, awit saking tindakipun Prabu Yudhisthira kirang prayogi. Sang Bathari Çri sagah wangsul dhatêng kadhaton anggêripun dipun rêksa ingkang sae. Dèwi Çri sasampunipun maringi pitêdah, lajêng muksa. Sang Arjuna lajêng kêpanggih kaliyan Bathara Kamajaya. Sang Arjuna dipun paringi wulang saha dipun ngandikani bilih badhe manggih pakèwêd saking danawa nama pun Nalamala, sirahipun tiga; satunggal sirah gajah, satunggal sirah danawa, ingkang satunggal malih sirah garudha. Sang Kamajaya sasampunipun dhawuh lajêng musna.

Dumugi sapinggiring talaga agêng Sang Arjuna saèstu kêpanggih danawa pun Nalamala. Danawa ngancap, Sang Arjuna samadi, lajêng katingal asarira bathara, danawa ajrih, lumajêng, nanging mawi ngancam bilih badhe mêdal malih mbenjing yèn sampun jaman Kaliyuga.

Sang Arjuna nglajêngakên lampah dumugi patapanipun Bagawan Wyasa (Abiyasa); ing sasampunipun matur yèn kautus ingkang raka Prabu Yudhisthira tapa dhatêng Indrakila, Bagawan Wyasa maringi piwulang saha pitêdah prênahipun rêdi Indrakila. Sang Arjuna lajêng tapa wontên ing ngriku.[5]

Mênggah ingkang andamêl sêrat Parthayadnya punika botên kasumêrêpan. Nanging ing wiwitipun wontên têmbung ingkang sajak nama, inggih punika Sang Widnyatmaka; ungêl-ungêlanipun makatên:

Sang Widnyatmaka ring langö kawi wênang tuladana saguritnirèng sabha, têgêsipun: sang putus ing langêning kidung kêna ditiru kêkidungane dening wong akèh. Dados Widnyatmaka ing ngriki dede nama, namung têmbung wantah kemawon.

Kados ingkang sampun cêtha kasêbut ing cêkakaning cariyos, sêrat Parthayadnya punika prasasat botên wontên lampahanipun; namung lugu nyariyosakên Sang Arjuna mangkat tapa. Ingkang makatên punika kados sampun dados dhasaripun sêrat barakanipun. Kados ta: sêrat Arjunawijaya saha Sutasoma punika ingkang dipun dèkèkakên ing ngajêng piwulangipun, mawi dipun jèjèri lêlungid saha ngês-ngêsan. Amila lampahipun ing raos dhatêng ingkang maos inggih sajak kole-kole, nglèwèr.

Têmtunipun ing sêrat ingkang langkung sêpuh inggih wontên utawi kathah piwulangipun; nanging mêksa katingal bilih caritanipun punika taksih dados wos. Piwulangipun botên angglêbêg kados sêrat ingkang nèm-nèm. Wontên ugi panggenan ing salêbêting sêrat ingkang sêpuh ingkang karaos nglèwèr, kole-kole saking pajangging lêlungid, rêrênggan utawi piwulang; nanging panggenan wau sabageyan agêng katitik bilih punika sêsêlan utawi wêwahan enggal. Beda kaliyan sêrat-sêrat ingkang badhe kaaturakên ing ngandhap, punika pancèn mligi isi piwulang, dados botên mawi lakon. Inggih punika sêrat:

33. Nitiçastra, mawi sêkar

Piwulang ing sêrat punika kêthok-kêthok; ingkang kêrêp satunggal bab kamot ing satunggal pada, kados ta bab wisa:

Panyinauning kawruh iku wisa tumrap wong kang kêsèd, kêndho, ora dhêmên sinau.

Pangan kang ora ajur (ana ing jêro wêtêng) iku wisa, sabab anjalari lêlara.

Pakumpulan iku wisa tumrape wong mlarat, sauni-unine (ora ana sing nganggêp tur mung) ngrusêk-ngrusêki kuping.

Prawan ayu iku wisa tumrape wong tuwa jêmpo tur bodho; awit sapolah-tingkahe wong tuwa iku mung dadi gêthinging prawan mau.

Bab isi

Jun iku yên ora kêbak, (diindhit) banyune kocak-kacik; nanging yèn kêbak, antêng.

Sapi iku yèn swarane gêdhe, sêru, landhung, prêsane sêthithik.

Wong iku yèn rupane ala, akèh polahe, akèh rekane, akèh wicarane (supaya katona brêgas). Wong iku yèn kurang pangajaran, wicarane sora, kêncêng, ora ngenaki ati.

Bab kasagêdan

Emane wong sugih iku yèn dumadakan ora duwe kapintêran; isih ênom, rupane bêcik, waras, cêkake sarwa samêkta; nanging sarèhne ora duwe kawruh, ulate surêm ora gumêbyar, kaya kêmbang randhu alas, abang ambaranang ora ana ambune.

Ingkang sampun kalimrah, makatên salajêngipun. Ing Bali tuwin ing tanah Jawi, sêrat Nitiçastra punika namung wontên 10 pupuh isi 83 pada. Nanging ing Museum Jakarta wontên sêrat Nitiçastra ingkang isi 15 pupuh gunggung 120 pada.

Sêrat Nitiçastra punika sampun kêrêp kacithakakên mawi titêl: Nitiçastra kawi utawi Paniti çastra kawi. Ingkang sapisan kacithakakên dening P.P. ROORDA VAN EYSINGA mawi aksara Jawi mangsi abrit; jarwanipun mangsi cêmêng. Nitiçastra-Roorda van Eysinga punika ungêl-ungêlanipun risak sangêt; makatên ugi jarwanipun inggih babar pisan botên kenging dipun angge.

Nalika taun 1871 sêrat Nitiçastara Kawi kacithak malih saking dhawuhing Pamarentah Walandi. Dhapukanipun sêrat punika beda kaliyan sêratipun R. v. Eysinga. Nitiçastra 1871 punika mawi jarwa, surasa. Dene risaking ungêl-ungêlanipun botên kawon kaliyan Nitiçastra R.v.E. Wah malih Nitiçastra 1871 punika, wontên sêsêlanipun enggal. Inggih punika pupuh 1 pada 4, ingkang mungêl: ri wahyaning masa-kala enz. Pada 10 bcd, ingkang mungêl: yyan tapa subrata enz. Wontên malih ungêl-ungêlan sêsêlan enggal, ingkang misuwur sangêt wontên ing jaman klênik Jawi, inggih punika: sura sudira jayanikang rat syuh brastha têkaping ulah darmastuti; wontên ing pawicantênan saha wontên ing sêrat Witaradya pupuh 29 pada 3 saking wingking,[6] dados: sura dira jayaningrat lêbur dening pangastuti. Tunggilipun sêsêlan taksih kathah.

Sêrat Nitiçastra cithakan 1871 punika babonipun cêtha: sêrat Nitiçastra COHEN STUART No 8. Sêrat punika kadhapuk kolom 3: kawi, jarwa, surasa. Dene sêratanipun, bilih kula botên kêlintu, tapak astanipun swargi R. NG. RANGGAWARSITA. Dados sêsêlan wau ugi kenging kakintên, Ranggawarsitan.

Wontên malih sêrat Nitiçastra cithakan ing Mardimulya, Ngayogyakarta, botên mawi taun. Ing tapihipun mungêl: Sêrat Nitiçastra, kabangun awit saking karsanipun prabu Surya Anyakrakusuma. Nanging punika sajatosipun sêrat Nitiçastra 1871 kacithak malih botên mawi dipun ewahi sakêdhik-kêdhika. Kaliyan malih: sasumêrêp kula, Prabu Surya Anyakrakusuma punika namanipun Sinuhun Sultan Agung ing Mataram. Punapa inggih Sinuhun Sultan Agung nyithakakên sêrat dhatêng Mardimulya. Yèn botên makatén, ingkang nyithakakên punika sumêrêpipun yèn punika bangunan Sultan Agung, kadospundi lan alandhêsan punapa. Bab punika kasumanggakakên dhatêng para maos.

Mênggah ingkang andamêl sêrat Nitiçastra punika, sajatosipun botên kasumêrêpan. Nanging bilih wujuding ungêl-ungêlan ingkang samangke taksih punika, damêlan kala jaman Majapait akir, kêtingal cêtha saking lêlewaning basanipun.

Ing sêrat Saridin nyariyosakên bilih sêrat Nitiçastra punika yasanipun Êmpu Widayaka aliyas Aji Saka. Pratelan punika mbotên pêrlu dipun galih; punika inggih namung omong-kosong kemawon. Ing samangke sêrat Nitiçastra isi 15 pupuh gunggung 120 pada sampun kacithakakên mawi aksara latin, saha pêrtalan ing basa Walandi lan katrangan sawatawis.[7]

Radi kêpanjangên anggèn kula ngaturakên bab sêrat Nitiçastra, awit sêrat punika wontên ing jaman Jawi, misuwur sangêt. Kala dèrèng wontên sêkolahan, wontên ing nagari Surakarta, dados ular-ularing agêsang Jawi, ingkang kaanggêp sae.

Ing samangke kula badhe ngaturakên sêrat sanèsipun, inggih punika sêrat.

34. Nirarthaprakrêta, mawi sêkar

Sêrat punika isi piwulang ngèlmu sêpuh utawi kasampurnan. Yèn ing basa Walandi dipun wastani mystiek. Kangge ngicipi isinipun, kula pêthikakên sakêdhik, têrus kasantunan ing basa Jawi jaman samangke, kados ing ngandhap punika. Sasampunipun nyariyosakên tiyang sae, lajêng nyariyosakên tiyang awon, makatên;

Ora mêngkono watêking wong lumrah; kang didokok ngarêp mung kang dadi sênênging atine dhewe. Watêke gêthing marang kapintêrane wong liya; kandhane: kapintêrane dhewe wis ora ana kang ngungkuli. Dosane dhewe gêdhe didhêlikake, diumpêt-umpêtake aja nganti kawruhan (ing liyan); nanging yèn wong liya sing luput, sanadyan mung sathithik diuthik-uthik, dikobrak-kobrakake. Lan manèh, sênêng atine yèn ngingêtake wong liya kataman ing susah. Mèri marang wong kang nêmu kabungahan, digolèk-golèkake luput supaya tiba ing kasangsaran. Moyoki wong ngibadah kang luhur budine, ditrêka-trêka gawe kapialan. Nêsu bangêt yèn dicacat, bungahe ngêntèk yèn dialêm.

Warna-warna ênggone nyamah marang wong; wong sing wis kasêbut bêcik atine dinyana-nyana (ala); ora nganggo taha-taha ênggone nacad marang wong kang dhêmên nindakake kautaman. Unine karo gêdhag-gêdhik lan angrèmèhake mêngkene; “Wong sing nggolèki Gusti Allah, kalayan niba tangi, mubang-mubêng (pikire), iku wong bingung, bodho; sangsalane dene durung wêruh ing sajatine”.

Punika sakêdhik pêthikan saking sêrat Nirarthaprakrêta. Dene ingkang bab mystiek, cêkakipun sae sangêt, cêtha, gampil dipun ngrêtosi (ungêl-ungêlanipun).

Sêrat Nirarthaprakrêta punika kadamêl kala ing taun Çaka 1381 (1459 taun Masehi), wontên ing dhusun pradikan Kancana, sakidul Surabaya cakêt. Ingkang andamêl namanipun mbotên kasumêrêpan. Samangke sampun kacithakakên, mawi sêsorah saha prêtalan ing basa Walandi wontên ing Jubileum nummer 100-taun KON. INST. V.D.T.L. EN VKK. (1951).

35. Dharmaçunya, mawi sêkar

Sêrat punika ugi ngêmot piwulang filosofie saha mystiek, nanging ingkang andamêl sampun

mbotên baud dhatêng basa Jawi kina, amila basanipun inggih sampun kathah ingkang risak. Têmbung-têmbungipun ugi sampun kathah ingkang wangun enggal (wangun basa Jawi jaman samangke); guru-laguning sêkar kêrêp dipun tunjang kemawon.

Wosing myistiekipun kenging kula wastani mystiek (gunung) Mèru. Makatên cêkakanipun:

Bathara Siwah = Suwung

Sipatipun ingkang kasar awujud donya, kaanggêp wangun rêdi. / Yèn karingkês dados Mèru (rêdi Himalaya). / Yèn karingkês malih dados mèru (kados ing tanah Bali). / Yèn karingkês malih dados tiyang. //

Ing nginggil punika kasaripun.

Alusipun:

Bathara Siwah = Suwung

Sipatipun ingkang alus, inggih punika alusing donya. / Yèn karingkês, dados alusing rêdi Mèru. / Yèn karingkês malih dados alusing mèru / Yèn karingkês malih dados alusing manungsa. //

Racikan kalih ing nginggil punika nêdahakên bilih manusa punika sajatosipun jagat alit, sami kêrasukan ing alusing Bathara Siwah, kados dene jagat agêng.

Wontên ungêl-ungêlanipun ingkang sae. Jawinipun kados ing ngandhap punika:

Kapas iku dadi barang suwèk warna-warna. Ênggone seje-seje iku sabab saka digawe ing wong, banjur diarani cita, lurik, sêmbagi, katun, sapanunggalane. Wujud siji-sijine iku kang banjur dialêm: tanahe apik, wujude bêcik. Ora wêruh yèn iku mau sajatine kapas, kang digawe warna-warna dening wong.

Ingkang andamêl sêrat Dharmaçunya punika botên kasumêrêpan têrang. Nanging nyêbut nama Sang Malinatha (nama Indhu tulèn) sajakipun guru ingkang amêncarakên wêjangan punika.

Ing pungkasanipun wontên angkanipun taun (candrasangkala), saking moncèripun ngantos botên cêtha. Angkanipun 1000 cêtha, tiga (atusan) inggih cêtha, lajêng wontên têmbung Çruti = 4; punika punapa dasan punapa ekan, botên cêtha. Cêkakipun sêrat Dharmaçunya punika mawi angka taun, yèn botên 1304 inggih 1340 Çaka (1382 saha 1418 taun Masehi). Kangge pungkasanipun pangrêmbag bab sêrat-sêrat Jawi wiwit kina dumugi jaman Majapait, ing ngriki badhe kula aturakên sêrat.

36. Hariçraya, mawi sêkar

Sêrat punika dede piwulang kadosdene Nitiçastra, Nirarthaprakrêta saha Dharmaçunya; isinipun kados ingkang kathah-kathah sampun kaaturakên ing ngajêng, cariyos, lakon, pêndhêtan saking sêrat Uttarakandha. Gancaring cariyos makatên. Sang Mali, Sang Sumali, Sang Malyawan (danawa), sadhèrèk tiga, sami jumênêng ratu, sakalangkung kawasa. Kados adatipun, balanipun sami ngrisak patapan. Dangu-dangu Sang Mali sasadhèrèk badhe ngêndhih kaendran.

Bathara Indra saha para dewa bingung badhe nyuwun tulung dhatêng Bathara Siwah; Sang Hyang Siwah botên sagêd mitulungi; para dewa kadhawuhan nyuwun tulung dhatêng Bathara Wisnu; Bathara Wisnu tindak pêrang, Sang Mali kaliyan Sang Malyawan pêjah wontên ing paprangan; namung kantun Sang Sumali, lumajêng andhêlik dhatêng dhasaring sagantên.

Anggèn kula nutup bab sêrat Jawi kina ngangge sêrat Hariçraya punika sabab sêrat wau mawi titimasa sêngkalan mungêl: sad sanganjala candra = 1496 Çaka (1574 taun Masehi). Dene ingkang andamêl botên kasumêrêpan.

  1. § Sarêng sampun kula jingglêng sayêktos, jêbul kathah panggenan ingkang sêsêlan, ingkang anggladrah, tur pêtêng suraosipun. 
  2.  § VERHAND. BAT. GEN., babak LIV. 
  3.  § VERSPR. GESCHR., babak VII, kaca 231 dsl
  4. § Mariksanana KERN, VERSPREIDE GESCHRIFTEN, babak III, kaca 121 saha babak IV kaca 149. 
  5.  § Cêkakaning cariyos ing basa Walandi wontên ing TIJDSCHR. BAT. GEN., babak LVIII. 
  6.  § Manuscript BAT. GEN. No 649, kaca 95. 
  7.  § BIBLIOTHECA JAVANICA, babak IV, 1933. 

Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 3. Sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan ênèm

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: