RSS

Serat Jawi Kina Kakawin

II. SÊRAT JAWI KINA INGKANG MAWI SÊKAR

Sêrat-sêrat ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, punika kajawi sêrat Ramayana saha sabageyaning sêrat Candakarana ingkang ngêmot piwulang sêkar, sadaya sami basa gancar, têgêsipun botên mawi sêkar. Ingkang kula aturakên sêkar ing ngriki punika ing jaman samangke dipun wastani sêkar agêng. Sêkar agêng ingkang kangge wontên ing sêrat-sêrat kina punika taksih miturut wêwaton cara Indhu. Dununging guru lagu têtêp botên kenging ewah sakêdhik-kêdhika. Nanging upami bab sêkar agêng punika kula aturna wontên ing ngriki, badhe kêkathahên papan, tur mêdhotakên uruting rêmbag. Amila samangke nglajêngakên ngrêmbag sêrat-sêrat kemawon rumiyin. Dene sêrat ingkang badhe kula aturakên ing ngandhap punika, dipun wastani kakawin, têgêsipun: mawi sêkar.

17. Arjunawiwaha, mawi sêkar

Sêrat punika anggancarakên nalika Sang Arjuna tapa, lajêng dipun pinta saraya dening para dewa, mêjahi ratu danawa, nama Niwatakawaca. Punika pêthikan saking cariyos Mahabharata bageyan angka 3 nama Wanaparwa. Sarèhne aluraning cariyos kenging dipun wastani misuwur sangêt, amila ing ngriki botên dipun panjangakên.

Sêrat Arjunawiwaha punika ingkang andamêl Êmpu KANWA, nalika salêbêting jumênêngipun Prabu Airlanggha, ratu ing tanah Jawi wetan wiwit kiwa têngênipun taun 941 dumugi 964 Çaka (1019 dumugi 1042 taun Masehi).

Êmpu Kanwa punika dipun alêm dening PROF. DR. KROM, baud; kêkidunganipun sae, basanipun inggih sae. Pancèn inggih yêktos makatên; nanging sêrat Arjunawiwaha punika manawi kapandhing kaliyan sêrat Ramayana ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, sabarang-barangipun botên dhawah sapalih. Dene anggènipun sêrat Ramayana dèrèng dipun alêm ing tiyang, punika awit dèrèng wontên ingkang sumêrêp têrang dhatêng saening isi saha kêkidunganipun.

Nalika taun 1850 sêrat Arjunawiwaha sampun kacithakakên mawi aksara Jawi dening DR. FRIEDERICH. [1]Kala taun 1926 sampun kacithakakên malih mawi aksara latin; sabageyan agêng ingkang botên pêtêng suraosipun, dipun prêtal ing basa Walandi. [2]

18. Krêsnayana, mawi sêkar

Sêrat punika ingkang dipun cariyosakên wosipun lêlampahanipun Prabu Krêsna nalika ambradhat Dèwi Rukmini. Mênggah gancaring cariyos makatên.

Dèwi Rukmini, putranipun Prabu Bismaka ing nagari Kundina, sampun kapacangakên kaliyan Sang Suniti, ratu ing nagari Cèdi; nanging ingkang ibu, Dèwi Prêtukirti kêpenging [3] kagungan mantu Prabu Krêsna. Malah Sang Rukmini ingkang dipun pilih pancèn inggih Prabu Krêsna. Wasana sarêng sampun mèh têmpuking damêl, Sang Suniti kaliyan Sang Jarasanda, sami dhatêng wontên ing Kundina. Prabu Krêsna botên dipun ulêmi, nanging dipun aturi enggal-enggal rawuh dening Sang Prêtukirti saha pangantèn putri. Sarêng sawêg rame-ramenipun midadarèni, pangantèn putri dhêdhêmitan mêdal saking nglêbêt kadhaton, dhatêng kontên srimanganti kidul, dipun papagakên Sang Krêsna, lajêng kabêkta mlajêng.

Pangantèn kakung saha bala tuwin Radèn Rukma, ingkang rayi pangantèn putri, sami nututi, prang. Radèn Rukma kirang sakêdhik kemawon katut pêjah kaliyan Sang Suniti. Dèwi Rukmini nyuwun gêsangipun ingkang rayi dhatêng Prabu Krêsna. Sang putri lajêng têrus kabêkta kondur dhatêng nagari Dwarawati.

Cariyos ing nginggil punika yèn wontên ing wayang, dados lampahan Krêsna Kêmbang utawi Nayarana Maling; nanging inggih sampun kathah ewahipun. Kados ta: pangantènipun jalêr yèn wontên ing lampahan wayang, pandhita Durna, kapangku Prabu Duryodana. Sang Jarasanda kaliyan Sang Suniti wontên ing wayang sirna tanpa lari.

Sêrat Krêsnayana punika kadamêl kala salêbêting jumênêngipun Prabu Warsajaya, ratu ing Kadhiri kala kiwa têngênipun taun 1026 Çaka (1104 taun Masehi). Ingkang andamêl nama Êmpu TRIGUNA. [4]

19. Sumanasantaka, mawi sêkar

Sêrat punika ingkang dipun cariyosakên wosipun lairipun Prabu Dasarata ing Ngayodya. Gancaripun makatên:

Bagawan Trênawindu tapa; para dewa sami sumêlang bilih mangke ngêndhih kaendran. Widadari nama Dèwi Harini dipun utus Bathara Indra, supados anggodha. Sang Harini dipun sapatani dening Sang Trênawindu tumurun dhatêng marcapada, dados manungsa, lajêng dados putri ing nagari Widarbha, nama Dèwi Indumati, [5]putranipun Prabu Karthakesika.

Sasedanipun Prabu Karthakesika dipun gêntosi ingkang putra kakung, nama Prabu Boja. Sang prabu lajêng andamêl sayêmbaranipun ingkang rayi Dèwi Indumati.

Putranipun Prabu Ragu, nama Sang Aja, badhe ngêdêgi sayêmbara, tindak dhatêng nagari Widarbha. Wontên ing margi Sang Aja mêjahi liman, ingkang badhar dados widadari nama Sang Priyambada, lajêng ngaturakên tandha panrimah awarni panah, nama Wimohanastra.

Kajawi Sang Aja para ratu ingkang badhe ngêdêgi sayêmbara sampun sami dhatêng ing Widarbha; inggih punika ratu Magada, ratu Angga, ratu ing Anwanti saha ratu ing Anupa. Sasampunipun Sang Aja mênang sayêmbara, kapilih dados garwanipun Sang Indumati, lajêng kondur kaliyan garwa. Wontên ing margi Sang Aja dipun begal dening para ratu ingkang sami katampik, lajêng prang; nanging Sang Aja sagêd mênang, awit ngagêm jêmparingipun, Wimohanastra.

Sasedanipun Prabu Ragu, Sang Aja anggêntosi jumênêng nata; botên dangu kagungan putra kakung, kaparingan nama Sang Dasarata. Sarèhne sampun dumugi watêsipun, Sang Indumati inggih kêdah wangsul dhatêng swarga malih. Bagawan Narada andhawahakên sêkar dhatêng Sang Indumati, sang dèwi seda (sumanasa = kêmbang; antaka = pêjah; dados têgêsipun; mati dening kêmbang). Ing sasampunipun Sang Prabu Aja anjumênêngakên nata ingkang putra Sang Dasarata Sang Aja lajêng tindak dhatêng têmpuraning lèpèn Sarayu saha lèpèn Gangga; wontên ing ngriku sang prabu lajêng seda. Dumugi ing swarga kêmpal malih kaliyan ingkang garwa, Sang Indumati = sang widadari Harini.

Sêrat Sumanasantaka ing samangke dèrèng kacithak; punika ugi kadamêl nalika salêbêting jumênêngipun Prabu Warsajaya, nanging bujangganipun ingkang andamêl nama Êmpu Manoguna; bokmanawi taksih akrab kaliyan Êmpu Triguna, ingkang andamêl sêrat Krêsnayana kasêbut ing nginggil. Wondene sêrat Sumanasantaka punika babonipun sêrat basa Sanskêrta nama RAGHUVAMÇA, damêlanipun bujangga agêng ing tanah Indhu kala ing jaman kina, nama Sang KALIDASA.

20. Smaradahana, mawi sekar

Sêrat punika nyariyosakên Bathara Kamajaya kobong. Mênggah gancaripun makatên:

Bathara Siwah sawêg tapa. Ing kaendran badhe kêdhatêngan mêngsah danawa, ratunipun nama Prabu Nilarudraka. Murih Bathara Siwah kondur dhatêng swarga, Bathara Kamajaya kapinta saraya dening para dewa supados anggodha sang Hyang Siwah. Sang Kamajaya murugi dhatêng panggènanipun bathara Siwah; Sang Hyang Siwah dipun jêmparing sêkar kaping-kaping, nanging botên migunani. Wasana Sang Hyang Siwah lajêng dipun jêmparing pancawisaya, inggih punika (kangên dhatêng) pamirêng sakeca, raos eca, raos grayang sakeca, ambêt-ambêtan eca, saha paningal ingkang sae. Bathara Siwah kataman jêmparing punika lajêng kraos kangên dhatêng ingkang garwa Dèwi Uma. Sarêng uninga bilih ingkang andamêl punika Sang Hyang Kamajaya, Bathara Siwah duka; Sang Kamajaya dipun pandêng ing tingal ingkang angka tiga, dumunung ing têngahing palaraban (bathuk), tingal mêdal latu angarab-arab, Bathara Kamajaya kabêsmi, seda. Sang Hyang Siwah lajêng kondur dhatêng swarga.

Bathari Ratih mirêng bilih ingkang raka seda kobong, nusul dhatêng dunungipun ingkang raka; saking karsanipun Sang Hyang Siwah latu mubal malih, urubipun kados astanipun Bathara Kamajaya, ngawe-awe badhe ngrangkul ingkang garwa. Bathari Ratih dumugi ing papan ngriku lajêng bela, anggêbyur ing latu, seda.

Para dewa nyuwunakên pangapuntên Sang Hyang Kamajaya sagarwa dhatêng Bathara Siwah, sagêda gêsang malih, nanging Bathara Siwah botên marêngakên. Karsanipun Sang Hyang Siwah: Sang Kamajaya dumununga wontên ing manahipun tiyang jalêr, Dèwi Ratih wontên ing manahipun tiyang èstri, supados donya botên curês.

Sakonduripun Bathara Siwah wontên ing swarga, kapanggih Dèwi Uma lajêng kangên-kangênan. Wasana Dèwi Uma ambobot. Nalika sawêg ambobot nèm, para dewa sowan api-api tuwi konduripun Bathara Siwah, nanging ambêkta gajahipun Bathara Indra. Bathara Siwah sawêg lênggah kaliyan Dèwi Uma; sang dèwi uninga gajah agêng sangêt, kagèt anjêrit ajrih. Bathara Siwah ngrêrêpa ingkang garwa, sarwi ngandika bilih sampun karsaning pêpasthèn, yèn putranipun Dèwi Uma mêdal kakung, nanging asirah gajah, inggih punika Bathara Ganesa. Sarêng jabang bayi lair, ratu danawa, Prabu Nilarudraka saèstu nglurug dhatêng swarga. Lare dipun bên pêrang, saya rame saya agêng; wasana ratu danawa sabalanipun pêjah sadaya, para dewa lajêng pista.

Sêrat Smaradahana punika nyêbut namanipun Prabu Kamèswara ratu ing Kadhiri, titisipun Bathara Kamajaya, ingkang kaping tiga, saha kagungan garwa nama Çri-Kirana-ratu, putri saking nagari Janggala. Wondene Prabu Kamèswara punika, miturut sêratan sela, jumênêng ratu wontên ing Kadhiri wiwit kiwa têngênipun taun 1037 dumugi 1052 Çaka (1115 dumugi 1130 taun Masehi).

Nanging wontên malih Prabu Kamèswara II, jumênêng kala kiwa têngênipun taun 1108 Çaka (1185 taun Masehi). Para geleerden Walandi anggandhèngakên sêrat Smaradahana punika kaliyan Prabu Kamèswara II; kula piyambak nganggêp bilih ingkang kasêbut wontên ing sêrat Smaradahana punika Prabu Kameswara I. Inggih ratu punika, kintên kula ingkang wontên ing cariyos Panji misuwur nama Prabu Hinu Kartapati, awit ingkang garwa namanipun ugi mawi Kirana, inggih punika Dèwi Candra Kirana.

Prakawis kuwaliking nagari: wontên ing sêrat Smaradahana putri ing Janggala angsal ratu Kadhiri, wontên ing sêrat Panji putri Kadhiri angsal ratu ing Janggala, punika bilih ngèngêti kisruhipun sêrat-sêrat babad Jawi, kados botên dados punapa.

Ingkang andamêl sêrat Smaradahana punika anama Êmpu DHARMAJA. Nalika taun 1931 sêrat wau sampun kacithakakên mawi aksara latin, sabageyan agêng ingkang botên pêtêng suraosipun, kaprêtal ing basa Walandi[6]

21. Bhomakawya, mawi sêkar

Sêrat punika ingkang dipun cariyosakên prangipun Prabu Krêsna kaliyan Sang Bhoma. Mênggah gancaripun makatên:

Prabu Krêsna karawuhan Rêsi Narada, mundhut tulung supados nyirnakakên danawa, balanipun Prabu Bhoma, ingkang sami ngêpang kaendran. Sang Samba ingkang kadhawuhan tindak kaliyan bala sawatawis. Dumugi ing sukuning rêdi Himalaya, prang, danawa sirna.

Wontên satunggiling patapan sampun suwung saha risak. Sang Samba andangu gotêkipun kala rumiyin, kadospundi. Ingkang dipun dangu nama Puthut Gunadewa, jêjanggan muridipun Bagawan Wiswamitra. Sang Gunadewa matur bilih punika tilas patapanipun Sang Dharmadewa, putranipun Bathara Wisnu. Sasedanipun Sang Dharmadewa, garwanipun nama Sang Yadnyawati andumugèkakên tapa wontên ing ngriku, nanging botên dangu lajêng seda obong. Nyut, Sang Samba kèngêtan bilih Sang Dharmadewa punika kala rumiyin Sang Samba piyambak, lajêng kraos kangên dhatêng Sang Yadnyawati, garwanipun kala rumiyin. Salêbêtipun Sang Samba ngênglêng, sang widadari Tilottama dhatêng, nyariyosakên yèn Sang Yadnyawati sampun nitis dados putrining ratu ing Utara-nagara, lêstantun nama Sang Yadnyawati. Nanging ingkang rama ibu sampun seda, awit kêjègan dening ratu danawa, nama Sang Bhoma. Ing samangke sang putri wau dipun opèni dening Sang Bhoma.

Sang Samba lajêng dipun irid dening Sang Tilottama dhatêng panggènanipun Sang Yadnyawati kalayan dhêdhêmitan. Sang Samba pêpanggihan kaliyan sang putri wontên ing kadhaton. Sarêng konangan, prang malih, danawa kaplajêng; nanging salêbêtipun urêg-urêgan, Sang Bhoma dhatêng, Sang Yadnyawati lajêng kabêkta dhatêng kratonipun ingkang satunggal, nama Prajotisa.[7]

Sang Samba wangsul dhatêng kadhaton kecalan Sang Yadnyawati, lajêng ngênglêng malih. Botên dangu Sang Narada rawuh, Sang Samba dipun prayogèkakên kondur dhatêng Dwarawati, sabab ing panggènan ngriku nyumêlangi.

Sang Samba kondur, gêrah. Prabu Krêsna miyos, nampi palapuran gêrahipun ingkang putra, ayêm kemawon. Botên dangu wontên dewa rawuh mundhut tulung, sabab Prabu Bhoma sampun saya nêsêg anggènipun badhe ngrêmêt kaendran. Prabu Krêsna nglurug prang, Sang Bhoma kawon, pêjah, kuwandanipun dhawah wontên ing sagantên; sang Samba lêstantun panggih kaliyan Sang Yadnyawati.

Mênggah ingkang andamêl sêrat Bhomakawya punika botên têrang. Namung ungêl-ungêlaning wiwitan mawi mêmuja Bathara Kamajaya kados sêrat Smaradahana. Amila DR. VAN DER TUUK inggih kagungan pangintên bilih sêrat Bhomakawya punika nunggil jaman kaliyan sêrat Smaradahana. Bab kawontênaning basa saha kêkidungan, botên anyulayani dhatêng pamanggih punika.

Sêrat Bhomakawya punika kala taun 1852 kacithakakên mawi aksara Jawi dening DR. FRIEDERICH.[8]Prêtalanipun ing basa Walandi kadamêl dening DR. TEEUW: Proefschrift 1946.

22. Bharatayuddha, mawi sêkar

Sami-sami sêrat Jawi, sêrat Bharatayuddha punika misuwur piyambak. Ingkang dipun cariyosakên wosipun pêrangipun para Pandhawa mêngsah para Korawa. Sarèhne cariyosipun sampun misuwur; dados ing ngriki botên prêlu dipun gêlarakên.

Sêrat wau kadamêl kala salêbêting jumênêngipun Prabu Jayabaya ing Kadhiri, mawi sêngkalan sanga-kuda-suddha-candrama = 1079 Çaka = 1157 taun Masehi. Wondene Prabu Jayabaya punika miturut sêratan sela, jumênêngipun wiwit kiwa têngênipun taun 1057 dumugi 1079 Çaka (1135 dumugi 1157 taun Masehi).

Ingkang andamêl sêrat punika bujangga kalih. Ingkang wiwitan dumugi Prabu Salya mangkat prang, punika damêlanipun Êmpu SÊDHAH; salajêngipun Êmpu PANULUH.

Miturut gotèk, nalika Êmpu Sêdhah badhe mratelakakên ayunipun Dèwi Sêtyawati, garwanipun Prabu Salya, punika botên sagêd yèn botên mawi conto. Saking kaparêngipun Prabu Jayabaya, garwanipun, ingkang kaparingakên kangge conto. Wasana Êmpu Sêdhah kenging dakwa manawi kirang prasaja, lajêng dipun pêjahi.

Bilih cariyosipun Êmpu Panuluh piyambak, makatên: Sarêng Êmpu Sêdhah pangarangipun mèh dumugi miyosipun Prabu Salya prang, manahipun botên têgêl. Lajêng akèn dhatêng Êmpu Panuluh supados anglajêngakên. Cariyos punika kasêbut wontên pungkasaning sêrat Bharatayuddha.

Cariyosipun DR. GUNNING, sêrat Bharatayuddha punika, ing bab saening basa saha kêkidungan, kenging kapandhing kaliyan kêkidunganipun bangsa Yunani ing jaman kina. Sarèhne kula botên sagêd nitisakên bab punika, kula namung anyumanggakakên. Nanging bilih sêrat Bharatayuddha punika ing bab basa saha kêkidungan, sae, kula purun nêmtokakên.

Ing samangke taksih kathah ungêl-ungêlan saking sêrat Bharatayuddha ingkang kangge ing suluk wayang, nanging ungêl-ungêlan wau sampun risak sangêt.

Sêrat Bharatayuddha punika kala taun 1903 sampun kacithakakên dening DR. GUNNING mawi aksara Jawi. Prêtalanipun ing basa Walandi ugi sampun mêdal wontên ing tijdschrift DJAWA, taun 14 No 1 (1934).

23. Hariwangsa, mawi sêkar

Sêrat punika ugi damêlanipun Êmpu PANULUH, taksih jamanipun Prabu Jayabaya. Ingkang dipun cariyosakên, mèh sami kaliyan sêrat Krêsnayana, ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng. Nanging inggih wontên bèntênipun sakêdhik, amila ing ngriki inggih kapratelakakên isinipun.

Wiwitan nyariyosakên saenipun nagari ing Dwarawati. Prabu Krêsna wontên ing patamanan kêrawuhan Bagawan Narada, paring dhawuh bilih Dèwi Sri sampun nitis wontên ing nagari Kundina, nama Dèwi Rukmini, putranipun Prabu Bismaka. Saking karsanipun Prabu Jarasanda, ratu binathara sangêt, Dèwi Rukmini badhe dipun paringakên dhatêng Sang Cedya, ratu ing Cèdi.

Prabu Krêsna sumêdya ambradhat Dèwi Rukmini, utusan abdi nama pun Priyambada supados angêdom-êdom wontên ing Kundina.

Dèwi Rukmini samantên ugi, inggih ngajêng-ajêng sagêda dhaup kaliyan titising Wisnu. Sang Dèwi sungkawa. Wontên cèthi nama Kesari, sumêrêp bilih sang dèwi nandhang asmara, nanging botên têrang dhatêng sintên. Ing satunggaling wêkdal pun Kesari mêdal, nuwèni tiyang sêpuhipun wontên sajawining kadhaton, wasana kêpanggih kaliyan pun Priyambada, taksih kaprênah sadhèrèk nak-sanak. Sawangsulipun pun Kesari dhatêng kadhaton, dipun bêktani sêkar dening pun Priyambada, supados kacaosakên dhatêng Dèwi Rumkini; sêkar wau kintunan saking Prabu Krêsna, kanthi sêrat rumpakan. Sang Rukmini kêdadak gandrung dhatêng Prabu Krêsna. Sabên dalu sang putri tindak dhatêng patamanan, nyamur gandrungipun, nanging malah saya granuhi.[9]

Ing nalika punika Bagawan Narada ngandika dhatêng Jarasanda, bilih Sang Krêsna badhe ambradhat Dèwi Rukmini. Sang Jarasanda enggal-enggal nimbali Prabu Bismaka kaparingan kabar punika. Aturipun Prabu Bismaka, Sang Rukmini prayogi enggal dipun panggihakên kaliyan Prabu Cedya. Prabu Cedya kadhawuhan mirantos badhe dipun panggihakên, lajêng gêgancangan tindak dhatêng Kundina.

Dèwi Rukmini saya susah panggalihipun, pun Priyambada kadhawuhan tumuntên wangsul dhatêng Dwarawati, ngaturi Prabu Krêsna. Prabu Krêsna kêsêsa mangkat. Kadhèrèkakên pun Priyambada lan pun Prawira, dhatêng Kundina. Pun Priyambada kautus malih, maringi uninga dhatêng Sang Rukmini, yèn anggènipun mapag Sang Krêsna ing wanci têngah dalu.

Ing nalika punika ing kadhaton Kundina rame badhe têmpuking damél. Wasana wanci têngah dalu Dèwi Rukmini ambrosot mêdal saking kadhaton, kapapagakên dening Sang Krêsna lajêng kabêkta mlajêng. Icalipun sang dèwi kalapurakên dhatêng Prabu Bismaka, duka, lajêng dhawuh nututi, nanging Sang Krêsna sampun têbih.

Ing nalika punika para tamu ratu-ratu pêpak: Prabu Winda, Anuwinda, Bagadatta, Wiratha, Salya, Burisrawa, Ahuka, Jayadrata, Dantacakra. Sarèhne para ratu wau uninga manawi Prabu Krêsna punika sakti sangêt, amila lajêng dipun rêmbag. Sakawit Prabu Krêsna badhe dipun cidra kemawon. Prabu Jarasanda mrayogèkakên nêdha tulung dhatêng para Pandhawa. Sang Yudhisthira nyagahi, nanging Sang Bima botên rujuk; utusan badhe dipun tandangi; Sang Arjuna botên mrayogèkakên. Sarèhne Sang Yudhisthira sampun kêlajêng sagah, dados pitulungan kêdah dipun siyosakên.

Prabu Krêsna mirêng bilih badhe dipun lurugi para ratu samantên kathahipun, utusan Sang Udawa dhatêng Ngamarta, mundhut tulung. Prabu Yudhisthira botên sagêd, awit sampun kêlajêng sagah dhatêng Prabu Jarasanda. Patih Udawa wangsul, mawi dipun wêling supados Prabu Krêsna botên pêrlu sumêlang, awit saking agênging kasaktènipun.

Para Pandhawa têdhak dhatêng nagarinipun Prabu Jarasanda, ing Karawira, katampan kalayan hormat. Sasampunipun lajêng bidhal nglurug dhatêng Dwarawati. Para Korawa inggih ambantu.

Prabu Krêsna sampun tata-tata badhe mapagakên mêngsah. Botên dangu prang rame. Prabu Baladewa mêjahi mêngsah pintên-pintên. Sang Nakula saha Sang Sahadowa katut dipun pêjahi dening Prabu Baladewa. Sang Bima ngamuk, prang kaliyan Sang Baladewa, sampyuh. Sang Yudhisthira uninga bilih ingkang rayi tiga sami seda, majêng prang kaliyan Prabu Krêsna, Sang Yudhisthira kenging prabawanipun Prabu Krêsna, botên sagêd ebah ambêgêgêg kados tugu. Sang Arjuna mêngsah prang tandhing kaliyan Prabu Krêsna, Prabu Krêsna mèh kawon lajêng malih dados Bathara Wisnu; Sang Arjuna ugi dados Bathara Wisnu, palih-palih kaliyan Bathara Krêsna. Para dewa tumêdhak marêk dhatêng Bathara Wisnu. Sang Yudhisthira ugi ngabêkti, sarta nyuwun supados ingkang sami pêjah prang gêsanga malih. Bathara Wisnu nglilani. Wasana sadaya lajêng dhatêng ing Dwarawati ngurmati kramanipun Prabu Krêsna. [10]Êmpu Panuluh anggènipun andamêl sêrat punika botên lêt dangu kaliyan anggènipun anglajêngakên sêrat Bharatayuddha. Miturut cariyosipun piyambak tumrap ing pungkasaning sêrat Hariwangsa, sêrat punika tambenya pangikêtkw apèt lalêh = “têmbenipun anggèn kula ngikêt pados kêsêl”. Dados Sang Panuluh inggih taksih nèm. Pasaksènipun, sang êmpu taksih ngakên muridipun Sang Prabu Jayabaya.

Enggal mangke sêrat Hariwangsa sampun kacithakakên mawi aksara Latin saha prêtalanipun ing basa Walandi, mawi tapsir têmbung-têmbungipun, dening DR TEEUW.[11]

24. Gathotkacasraya, mawi sêkar

Sêrat punika ugi damêlanipun Êmpu Panuluh. Nanging ratu ingkang kasêbut ing sêrat wau nama Prabu Jayakrêta. Miturut sêratan sela, kala jaman Kadhiri yêktos wontên ratu nama Krêtajaya, jumênêng kala kiwa têngênipun taun 1110 Çaka (1188 taun Masehi); bokmanawi punika ratu ingkang anggêntosi Prabu Jayabaya. Nanging bab punika ing sayêktosipun dèrèng patos têrang.

Sêrat Gathotkacasraya punika gancaripun makatên: Nalika para Pandhawa nglampahi ukuman bucal 12 taun, Sang Abimanyu katitipakên wontên ing Dwarawati. Sang Abimanyu sagêd ngèngèr saha bêkti sangêt dhatêng ingkang uwa, Prabu Krêsna. Sang prabu inggih trêsna. Malah saupami Sang Abimanyu dhaupa kaliyan Dèwi Sitisundari, Prabu Krêsna inggih rêna kemawon. Ananging Dèwi Sitisundari sampun kêlajêng kapacangakên kaliyan Radèn Laksana-Kumara, putra ing Ngastina. Dene Sang Abimanyu pancèn inggih mêmpêng dhatêng Sang Sitisundari, sarta kangge nyamur gandrung, rêmênanipun mlampah-mlampah wontên ing wana.

Satunggaling dintên Dèwi Sitisundari inggih kagungan kêpengin tindak dhatêng wana, kaparingan lilah ingkang rama, lajêng mangkat kaliyan para pandhèrèk èstri. Prabu Krêsna piyambak ugi lajêng têdhak lêlana dhatêng wana. Kapinujon salêbêtipun mêdal mlampah-mlampah dhatêng wana punika Sang Abimanyu kêpêthuk Dèwi Sitisundari ngantos kaping kalih; têmtu kemawon bilih ingkang makatên wau andadosakên sampyêngipun Dèwi Sitisundari kaliyan Radèn Abimanyu.

Sarêng sampun wangsul wontên ing kadhaton, Dèwi Sitisundari kintun sêrat dhatêng Sang Abimanyu, pratela bilih botên sênêng yèn kadhaupna kaliyan Sang Laksana-Kumara; sêrat wau dipun kanthèni gantèn saha borèh. Radèn Abimanyu lajêng pados akal supados sagêd pêpanggihan radi dangu kaliyan sang putri. Sang Abimanyu samadi, kêrawuhan Bathara Kamajaya sagarwa, maringi sêkar, ingkang sagêd ngrêksa kawilujênganipun Radèn Abimanyu ing salêbêting pêpanggihan. Nalika Sang Hyang Kamajaya badhe muksa malih, punika Sang Abimanyu cèwèt botên ngaturi bêkti dhatêng Dèwi Ratih. Sang dèwi duka, Radèn Abimanyu dipun sapatani, nyuwun ngapuntên, inggih lajêng dipun paringi.

Radèn Abimanyu ing sasampunipun punika sagêd lumêbêt ing patamanan kadhaton, kêpanggih kaliyan Dèwi Sitisundari. Nanging jêbul konangan. Sang Baladewa mirêng, duka sangêt, Radèn Abimanyu dipun tundhung, lajêng kesah kadhèrèkakên pun Jurudyah. Wontên ing satunggaling candhi Siwah sang radèn nyipêng, wasana kêdhatêngan raksasa kalih. Sang radèn dipun cêpêng badhe dipun aturakên minangka dhaharipun Bathari Durga. Danawa kalih mabur ambêkta sang radèn saha pun Jurudyah. Dumugi ngarsanipun Bathari Durga, sang radèn badhe dipun dhahar, nanging botên saèstu, sabab sang radèn kêtingal bêkti sangêt. Wasana Radèn Abimanyu kadhawuhan dhatêng ing kraton Purabaya, kadhatonipun Radèn Gathotkaca. Sarèhne têbih, sang radèn kaliyan Jurudyah dipun gendhong danawa kalih wau, kabêkta mabur. Dumugi ing Purabaya sang radèn dipun sèlèhakên wontên ing patamanan. Wontên ing ngriku sang radèn kêpanggih kaliyan danawa, juru tamanipun Sang Gathotkaca. Danawa nêsu, nanging lajêng lilih manahipun, awit dipun pratelani, bilih Sang Abimanyu botên badhe andamêl rêsah, namung badhe sowan dhatêng Radèn Gathotkaca. Radèn Abimanyu kairid sowan Radèn Gathotkaca, pun Jurudyah ingkang anggêlarakên sapêrlunipun. Sang Gathotkaca sagah badhe mitulungi supados kêdumugèn karsanipun Radèn Abimanyu.

Sarêng sampun mèh têmpuking damêl, para Korawa ngarak pangantèn dhatêng Dwarawati. Sang Sitisundari sampun bingung, mèh badhe suduk salira, nanging angsal wisiking dewa, yèn badhe saèstu dhaup kaliyan Radèn Abimanyu.

Radèn Gathotkaca saha bala manangkat dhatêng Dwarawati, lêrêb wontên wana sacêlaking nagari. Radèn kalih Sang Gathotkaca saha Sang Abimanyu nitih kreta mabur anjujug ing patamanan, kêpanggih Dèwi Sitisundari. Ing jawi para tamu sampun sami suka-suka pista. Sang dèwi kaliyan Radèn Abimanyu kadhawuhan nitih kreta mabur, oncat saking kadhaton. Sang Gathotkaca botên kesah saking patamanan, badhe mêjahi Sang Laksana manawi dhatêng. Saoncatipun Dèwi Sitisundari kaliyan Radèn Abimanyu, Radèn Gathotkaca mindha-mindha Sang Sitisundari.

Raksasa nama Bajradanta, anakipun raksasa Baka, ingkang dipun pêjahi dening Sang Bima, badhe malês ukum. Akalipun Sang Gathotkaca dipun wadulakên dhatêng Sang Kurupati. Sang Bajradanta lajêng nyuwun lilah mindha-mindha Sang Laksana Kumara. Pangantèn jalêr palsu dipun arak dhatêng panggènaning pangantèn èstri. Sarêng panggih lajêng rangkulan, gapyuk; pangantèn jalêr ngangkah pêjahipun pangantèn èstri, ingkang èstri samantên ugi, nanging mênang pangantèn èstri, ingkang lajêng badhar dados Radèn Gathotkaca, mabur. Para Korawa sami lumajêng

Prabu Kurupati angêmpalakên bala lajêng prang kabantu dening Prabu Baladewa, mêngsah santana ing Dwarawati, kabantu Radèn Gathotkaca. Sarêng para Korawa kêtingal kêsêsêr, Prabu Baladewa triwikrama nênggalanipun dipun obat-abitakên mêdal sawarnining danawa, detya, raksasa, sapanunggilanipun.

Ing nalika punika Bagawan Narada tumêdhak, dhatêng dunungipun Prabu Krêsna, taksih wontên ing wana, dipun dhawuhi kondur. Prabu Krêsna lajêng ngrêrapu ingkang raka. Sasampunipun lilih lajêng botên wontên prakawis, tur Sang Abimanyu saèstu dhaup kaliyan Dèwi Sitisundari. [12]Êmpu Panuluh anggènipun andamêl sêrat Gathotkaca-çraya punika sampun sêpuh; sampun katawis anggènipun kêsêl wontên ing donya. Ungèlipun piyambak makatên: manggêh sadhana sang kawiçwaran asadhya kalêpasani sandhining mangö, têgêsipun: pantês dados pirantosing sang Kawiçwara (= kula = Panuluh) anggènipun sumêdya ngudhari gêgandhènganing sênêng. Malih: mon cênggan apa deya donika silunglungani humulihèng Smaralaya, têgêsipun: “Yèn dipun wada, inggih badhe punapa malih; prêlunipun namung kangge sangu mantuk dhatêng swarganipun bathara Kama”. Taksih wontên malih, dumunung ing pungkasan: antuknya mrih amöh manah silung-lungan iki mulihèng Ananggabhawana, ri nglihnyan lêwas ing langö, têgêsipun: anggèn kula murih mêrês-mêrês manah punika namung kula angge badhe mantuk dhatêng jagadipun Sang Anangga (= tanpa badan = Kamajaya = pati), saking sampun kêsêl lami wontên ing kasênênagan.

Kula nuwun, cariyos ingkang makatên punika namung sagêd saking tiyang ingkang sampun sêpuh, kêsêl gêsang.

Sêrat Gathotkacasraya punika wiwitan sapisan, ingkang nyariyosakên satriya kadhèrèkakên ing panakawan. Kala Radèn Abimanyu kesah saking Dwarawati, punika dipun dhèrèkakên dening Jurudyah, Prasanta kaliyan Punta. Nanging miturut raos kula, têmbung Punta ing ngriki dede nama, punika sêsêbutan ingkang têgêsipun kados ing basa Malayu “tuanku” saminipun Puntadewa, punika pancènipun atêgês “tuanku dewa” lajêng dados namanipun Prabu Yudhisthira. Tunggilipun wontên ing sêratan sela inggih wontên: Punta hyang = Tuanku hyang.[13]

Pamanggihipun DR. V. STEIN CALLENFELS, bilih Gathotkacasraya punika lampahan wayang dipun dhapuk kidung, punika kathah lêrêsipun. Dados kala jaman Kêdhiri wayang punika sampun mawi panakawan. Anglajêngakên rêmbag, ing samangke ngrêmbag sêrat.

25. Wrêttasancaya, mawi sêkar

Sêrat punika isi piwulang bab sêkar, (sêkar agêng), anggêlarakên waton-watonipun saha namanipun. Mawi dipun sukani conto ngantos wontên warni 94. Dados kados sêrat Candakarana ingkang sampun kula aturakên wontên ing ngajêng piyambak.

Piwulang wau mawi dipun dèkèki ular-ular cariyos: putri dipun tilar kesah kakungipun. Sang putri dhatêng patamanan, kêpanggih maliwis sajodho, lajêng dipun têdhani tulung supados madosi kakungipun. Ibêring maliwis sagêd nyukani jalaran nyariyosakên rêrênggan ing wana sapanunggilanipun.

Ingkang andamêl sêrat Wrêttasancaya punika nama Êmpu TAN-AKUNG. Nanging botên kasumêrêpan kala jamanipun ratu Jawi sintên. Ewasamantên kenging kagrêba bilih sêrat wau damêlan kala jaman Kêdhiri akir.

Sêrat Wrêttasancaya punika sampun kacithakakên dening PROF. H. KERN kala taun 1875, mawi akasara [14]Jawi saha prêtalan ing basa Walandi. Sarêng kacithak malih wontên ing VERSPREIDE GESCHRIFTEN, kalêbêt ing deel IX, kaca 67, nanging sêratanipun dipun santuni sêratan Latin.

Ing salêbêting sêrat cithakan punika wontên pratelanipun cara Jawi, mungêl: “punika tatêdhakanipun sêrat Wrêttasancaya, cariyos ing pulo Bali: kala kina wontên satunggiling pandhita, darbe atmaja èstri wasta Dèwi Daruki, punika tinilar kesah anglês dhatêng lakinipun, lajêng nusul piyambak ngupadosi lakinipun, tanpa pamitan ing rama ibu, sarta samargi-margi gandrung-gandrung. Nalika punika ing pulo Jawi ingkang nama karaton agêng nagari ing Kêdhiri, nanging mèh ngalih dhatêng Pêngging, panjênênganipun Prabu Kusumawicitra”.

Botên susah kula aturakên panjang-panjang, pratelan punika têtêp omong kosong kemawon. Sapisan, Kêdhiri botên nate ngalih dhatêng Pêngging, kaping kalih, ratu Jawi jaman Kêdhiri botên wontên ingkang nama Kusumawicitra. Punapa dèrèng kêpanggih kemawon?

Cariyos putri katilar ingkang kakung, lajêng kengkenan maliwis sajodho supados madosi, punika kalêbêt ing sêrat Ajipamasa jilid III pupuh 4, dumugi jilid IV puluh 1. Kadospundi dene cariyos ing Wrêttasancaya kêsasar dhatêng sêrat Ajipamasa, punika kula anyumanggakakên.

Taksih wontên malih sêrat damêlanipun Êmpu TANAKUNG, nama sêrat

26. Lubdhaka, mawi sêkar

Sêrat punika anyariyosakên satunggaling tiyang, juru ambêbêdhag; sarêng sampun pêjah sagêd minggah swarga. Juru ambêbêdhag punika wontên ing agami Indhu, saya malih ing agami Buddha, kalêbêt tiyang ingkang asor, ingkang awon sangêt, sêbab pandamêlanipun mbotên sanès, sabên dintên namung amêjahi kewan, sami-samining agêsang kados manusa. Ewadene sagêd minggah swarga. Mênggah gancaring cariyos makatên:

Wontên satunggaling juru ambêbêdhag, saanak-semahipun agêgriya ing wana. Ing satunggaling dintên tiyang wau kesah ambêbêdhag, nanging sadintên muput botên angsal kewan satunggal-tunggala. Mèh wanci sêraping surya tiyang wau ngêntosi wontên sapinggiring sêndhang, mbokmanawi wontên kidang mênjangan ingkang ngombe dhatêng sêndhang wau, nanging mêksa mbotên wontên. Sarêng sampun sêraping surya, pun juru ambêbêdhag ajrih mantuk, saking pêtênging wana sarta sumêlang manawi kadêkêp ing sima utawi kewan galak sanèsipun, amila lajêng sipêng wontên ing wana. Tilêm wontên ing ngandhap ugi ajrih, lajêng mènèk wit maja ingkang manglung dhatêng sêndhang. Wontên ing panging maja wau badhe tilêm inggih ajrih manawi dhawah. Kangge nylamur anggènipun ngantuk sangêt, tiyang wau lajêng mêthiki ron maja saking satunggal kacêmplungakên dhatêng sêndhang.

Kapinujon, ing salêbêting toya sêndhang wontên lingganipun, ingkang dumados saking kajêngipun piyambak.  Ing mangka lingga punika pasariranipun Bathara Siwah. Kapinujon malih, sae-saening tiyang mêmuja dhatêng Bathara Siwah punika botên wontên kados tiyang nyèlèhakên ron maja dhatêng lingga. Kapinujon ingkang kaping tiga, ing dalu punika kalêrês dalu, ingkang dipun wastani Siwah-ratri, têgêsipun dalunipun Bathara Siwah. Sintên ingkang ing dalu punika natas, sadalu botên tilêm punika ganjaranipun agêng sangêt. Dados pun juru ambêbêdhag punika, botên kalayan dipun niyati, ing dalu wau nindakakên pamuja, dhatêng Bathara Siwah, ingkang prayogi sangêt.

Enjingipun, byar, pun juru ambêbêdhag mantuk, nglanthung kemawon. Rayat saha anak-anakipun sami ngajêng-ajêng; sarêng pun juru ambêbêdhag dhatêng, sayah, arip, lajêng dipun opèni dening rayatipun.

Enjingipun malih juru ambêbêdhag kesah dhatêng wana, madosakên têdha anak semahipun. Makatên damêlanipun ing sadintên-dintênipun, tansah mêjahi kewan. Danguning-dangu juru ambêbêdhag sakit, saya lami saya sangêt, wasana lajêng tilar donya. Rayatipun sambat-sambat. Mayit kabêkta dening sanak-sêdhèrèk dhatêng têngahing wana lajêng kabêsmi.

Nyawanipun pun juru ambêbêdhag wau wontên ngawang-awang bingung, pêtêng marginipun, awit saking pandamêlipun awon nalika gêsangipun. Bathara Siwah rêna sangêt dhatêng juru ambêbêdhag punika, saking kala rumiyin nate amêmuja ing panjênênganipun, nalika tiyang wau kêdalon wontên ing salêbêting wana. Amila Bathara Siwah utusan abdinipun supados mapag rohipun juru ambêbêdhag.

Ing nalika punika balanipun Bathara Yamadipati, pangagênging naraka, sampun rampung anggènipun badhe narik roh wau dhatêng naraka. Bala naraka mangkat murugi roh, nanging abdinipun Bathara Siwah ugi sampun sami dhatêng. Wasana lajêng rêbutan, dados prang. Balanipun Bathara Yamadipati kawon, mundur, rohipun tiyang juru ambêbêdhag saèstu kabêkta dhatêng ngarsanipun Bathara Siwah, kainggahakên swarga numpak wimana, tur kasungga-sungga. Bathara Yamadipati sowan gigat dhatêng ngarsanipun Bathara Siwah, lajêng dipun dhawuhi sapêrlunipun, kanthi katrangan.

Empu TANAKUNG anggènipun andamêl sêrat wau ugi sampun sêpuh. Wontên ing pungkasan cariyosipun piyambak makatên: tan sakèng wruh apèt raras rumacana ing wuwus, kumawasa byaktasambhawa yan kasanmataha dènira ing parajana muktaning klesa silunglunganya mulihèng niraçraya juga; têgêsipun: botên saking pintêr pados asrèn-asrèn anggèn kula gumaib ngikêt cariyos punika. Cêtha mokal yèn dipun rênanana ing tiyang kathah; (lah inggih kajêngipun. Sêdya kula namung) sagêda ical dosa kula anggèn kula mantuk dhatêng kalanggêngan.

Ing wiwitaning sêrat Lubdhaka Êmpu Tanakung mawi nyêbut namaning ratu, Prabu Girindrawangsaja. Punika jêjulukipun Kèn Angrok sarêng sampun dados ratu wontên ing Tumapêl. Dadaos Êmpu Tanakung anggènipun damêl sêrat Lubdhaka punika, kraton Jawi sampun ngalih saking Kêdhiri dhatêng Tumapêl, taun 1144 Çaka (1222 taun Masehi).[16]Anggènipun Êmpu Tanakung andamêl cariyos kados makatên wau cêtha sangêt. Inggih punika pados pêndhok dhatêng Kên Angrok. Kên Angrok punika miturut sêrat Pararaton, ingkang badhe kapratelakakên ing wingking, kala ênèmipun tiyang awon sangêt: mêjahi tiyang, ambegal, ngrêbut rayating tiyang, lan sanès-sanèsipun malih. Sarêng sampun sagêd dados ratu, lajêng wontên bujangga ingkang andamêl cariyos tiyang awon sangêt sagêd minggah swarga. Punika Êmpu Tanakung têgêsipun pados sih dhatêng Kèn Angrok.

Dumugi samantên anggèn kula ngurut sêrat-sêrat Jawi kina, kula pêdhot rumiyin. Awit jamanipun Kèn Angrok, Prabu Girindrawangsaja, punika ing raos kula kenging kangge watêsipun sêrat-sêrat Jawi kina ingkang sêpuh kaliyan sêrat-sêrat Jawi kina ingkang nèm. Dados sêrat Lubdhaka punika kenging dipun wastani wuragilipun[17]sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan sêpuh. Titikanipun kados pundi?

Kajawi saking titimangsa angka taun sarta namaning ratu ingkang kasêbut, ingkang golongan sêpuh punika ugi kêtitik saking lêlewaning basa. Wontên malih ugi kenging kangge titikan, inggih punika: babonipun sêrat-sêrat wau cêtha saking cariyos Indhu. Ingkang botên asal saking cariyos Indhu, babonipun ing Jawi kina sanèsipun, botên wontên. Lan malih sêrat-sêrat ingkang sêpuh punika kajawi bab ingkang gêgandhengan kaliyan sang ratu ingkang dipun sêbut namanipun, botên nyariyosakên bab tanah Jawi.

  1. § VERHANDELINGEN BAT. GEN., babak XXIII. 
  2.  § BIJDRAGEN KON. INST., babak LXXXII 1926.
  3. kêpengin 
  4.  § Cêkakaning cariyos ing basa Walandi wontên ing TIJDSCHR. BAT. GEN., babak LVIII, mawi kacocogakên kaliyan gambar ing candhi Panataran. 
  5.  Indhumati (dan di tempat lain) 
  6.  § BIBLIOTHECA JAVANICA, babak III. 
  7.  § Ewah dados: Trajutrisna. 
  8.  § VERHANDELINGEN BAT. GEN., babak XXIV, 1852. 
  9.  ngranuhi 
  10. § Pêndhêtan saking sêrat SUDAMALA. 
  11.  § VERHAND. KON. INST. V.D. T.L. en Vlk., babak IX, 1950. 
  12.  § Pêndhêtan saking sêrat SUDAMALA. 
  13.  § Wontên ing dongèng Jurudyah Prasanta punika dados Jodèksanta. Malah raos kula, Jurudyah punta Prasanta punika namanipun tiyang satunggal; nama wau têgêsipun: lurah dènmasan, Prasanta. Wontên ing sêrat Panji alias: Sêmar. 
  14.  aksara 
  15. wontên 
  16. § Kintênipun PROF. KROM, bilih Girindrawangsaja ing sêrat LUBDHAKA punika Kèn Angrok, pinanggih lêrês (TIJDSCHR. BAT. GEN., babak LVII, kaca 518). 
  17.  wuragilipun 

Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 2. Sêrat Jawi kina ingkang mawi sêkar

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: