RSS

Dewa

I. DEWA

Dasanama: 1. Allah = Hyang Manon, H. Widi, H. Murbèng Jagad, H. Among Tuwuh, H. Suksma, H. Suksma Kawêkas, H. Maha Adil, H. M. Suci, H. M. Wikan, H. M. Agung, H. M. Kuwasa, H. M. Nasa. 2. Dewa = Apsara, Dewata, Jawata, Amara, Bathara, Hyang Sura, Widadara. 3. Dèwi = widadari, apsari, bathari, dewati, surawadu, surarêtna, waranggana. 4. Suralaya = (sura = dewa + laya = panggonan), kahyangan, kadewan, kadewatan.

Asmane dewa: Adam pêputra Sis, Sis pêputra Anwas lan Anwar. Anwas nurunake para nabi. Anwar pêputra Nurrasa. Nurrasa pêputra Wênang. Wênang pêputra Tunggal. Tunggal pêputra: 1. Wijamantri (Togog), 2. Ismaya (Sêmar), 3. Manikmaya (Bathara Guru), 4. Damastuti, 5. Dewanjali, 6. Lodra.

Ismaya (Semar, Badranaya) pêputra: Patuk, Têmboro, Surya, Kuwera, Magyêkti, Candra, Yamadipati, Kamajaya.

Manikmaya (Bathara Guru, Hyang Girinata, Trinetra, Caturbuja, Pramèsthi Guru, Tuguwisesa, Jagad Pratingkah, Jagadkarana, Siwahbuja, Kalawisesa, Kalawisaya, Nilakantha) peputra 10. Yaiku: miyos saka garwa Dèwi Uma (Umayi) nênêm: 1 Sambo, 2 Brama, 3 Indra, 4 Bayu, 5 Wisnu, 6 Kala. Miyos saka garwa Dèwi Umaranti têlu: Sakra, Mahadewa, Asmara. Miyos saka Dèwi Anjani siji: Anoman (Sênggana).

Widadari, kayata: Kawa garwane Adam. Nurrini-Anwar, Rawati-Nurrasa. Saoti-Wênang, Rêkathawati lan Drêmani-Tunggal, Uma (Umayi) lan Umaranti-Bathara Guru. Kanastri-Ismaya, Astuti-Sambo, Saci, Sarasyati lan Rarasati-Brama, Wiyati-Indra, Sumi-Bayu, Srisêkar, Pratiwi lan Pujayanti-Wisnu, Durga-Kala, Drêmi-Drêma, Ratih-Kamajaya, Mumpuni-Yamadipati, Widayat-Cakraningrat lsp.

Têtunggule widadari ana 7, yaiku: Supraba, Wilutama, Warsiki, Surendra, Gagarmayang, Irim-irim, Tunjungbiru. Widadari 7 iku kadadeyan saka cahya gumêbyar aran Mulat sing tiba ing Kaendran.

Kahyangan: 1 Jonggringslaka-Bathara Guru. 2 Ekacakra-Surya. 3 Argadumilah-Yamadipati. 4 Cakrakêmbang-Kamajaya. 5 Suwelagringging-Sambo. 6 Duksinagêni (Hargadahana)-Brama. 7 Tejamaya-Ismaya. 8 Panglawung-Bayu. 9 Utarasagara-Wisnu. 10 Setragandamayit-Gurga. 11 Têlênging samudra-Baruna. 12 Saptapratala-Antaboga. 13 Selamangumpêng- Kala. 14 Imaimamaya – Darmajaka. 15 Ondarandirbawana – Wênang. 16 Sidiudaludal – Narada. 17 Alangalangkumitir – Tunggal. 18 Mayarêtna – Asmara. 19 Tinjomaya – Indra.

Kraton Suralaya: Ratune Bathara Guru, patihe Narada, senapati Brama, gandhèk sakêmbaran Patuk lan Têmboro.

Barang-barang Suralaya: 1 Bale Marcukundha, palênggahane Bathara Guru yèn miyos siniwaka. Marcu = gêni, puncak. Mrêcon = mrêcu + an = (bisane mblêdhos) mawa gêni. Kundha = wadhah, anglo padupan. 2 Selamatangkêp, lawang Suralaya, jinaga Cingkarabala lan Balaupata. 3 Dorandara, prajurit dewa. 4 Rêpat kêpanasan, ajang pêrang ing Suralaya. 5 Jamurdipa, gunung ing Suralaya, kawahe diarani Candradimuka, lahare kawah diarani Endhut Blêgêdaba. 6 Paparjawarna mawa wit Kalpataru sakêmbaran yaiku Dewandaru lan Dijayandaru, pêpindane ing Marcapada kaya alun-alun mawa wit wringin-kurung sakêmbaran. Wit ing Paparjawarna iku tau disuwun ngampil Pandhawa, dianggo kêmbar-mayang nalika Janaka-Sumbadra binayangkare. Wringin-kurung ing Yogyakarta (alun-alun lor) uga diarani Dewandaru lan Wijayandaru. 7 Jaran sêmbrani Ocêsrawas, gajah Erawata. Lêmbu Nandini, gamêlan Lokananta.

Nitis (manjing). Dewa ana sing sok nitis (manjing) marang titah, kayata: 1 Bathara Wisnu nitis marang: Arjunasasrabau ing Maèspati, Ramawijaya ing Pancawati, Krêsna ing Dwarawati, Jayabaya ing Kêdhiri, Anglingdarma ing Malawapati, Panjiputra ing Jênggala lsp. 2 Bathara Cakraningrat, yèn nitis kasêbut Wahyu Cakraningrat, yaiku Wahyu kang njalari bisa jumênêng Ratu. 3 Dèwi Widayat, yèn nitis kasêbut Wahyu Widayat; putri sing kêtitisan Wahyu Widayat mêsthi dadi jatukramane priya sing kêtitisan Wahyu Cakraningrat lan banjur nurunake Ratu (kayata Dèwi Utari kagarwa Abumanyu nurunake Parikêsit Ratu Astina). 4 Bathara Drêma, ing lakon wayang:Samba dijêjuwing”. Bathara Drêma manjing marang Samba. Dewi Drêmi manjing marang Dewi Agnyanawati garwane Bomantara Ratu ing Trajutrisna; jalaran saka iku Samba nandhang gandrung marang Agnyanawati, wasana Samba seda dijêjuwing dening Prabu Bomantara.

Bathara. 1 Alingga bathara Pb = asalira dewa, dadi dewa. 2 Asoca bathara Pb = waskitha, sidik.3 Jagad dewa-bathara Pd = kalêbu têmbung sabawa, diucapake samangsa sumurup utawa krungu lêlakon (kadadeyan) anèh kang ora nyênêngake.

4 Nata binathara Pt = ratu kang kinurmatan kaya dewa. 5 Ngudang siyunge Bathara Kala Bs = nantang sudukan (nganggo kêris). Manut dêdongèngan, siyunge Bathara Kala dicabut dening Bathara Guru lan disabdakake dadi kêris Kalanadhah, têgêse: sing dianggo nadhah (mangsa, mangan) Bathara Kala; kêris Kalanadhah iku pamburine diparingake marang Janaka.

Dewa. 1 Baladewa Pd = Wasi Jaladara, Kakrasana, Ratu Mandura. 2 Baladewa ilang gapite Bs = ilang panguwasane, kasêktène lsp. 3 Basudewa Pd = Ratu Mandura kang pêputra Kakrasana, Nayarana, Sumbadra, Kangsa (Satêmêne Kangsa putrane Prabu Gorawangsa Ratu Guwabarong kang mimba warna Basudewa lan sapatêmon karo Dèwi Maherah, garwane Basudewa). 4 Dewabrata Pd = putrane Sêntanu kang miyos saka Dèwi Gangga. 5 Dewakasimpar Pd = lakon wayang nyritakake dhaupe Sêmar karo Dèwi Kanastrèn putrane Prabu Sasrasudarma Ratu Pulorajapêthi. 6 Puntadewa Pd = Yudhisthira, Ratu Amrêta. 7 Pandhudewanata Pd = Ratu Astina kang pêputra Pandhawa. 8 Nakula Sadewa Pd = sumênde lan warujune Pandhawa. 9 Isih kinêkêr ing dewa Pb = isih sinimpên ing dewa, durung ana titah sing ngrêti. 10. Kêndhit mimang kadang dewa Bs = kalis ing bêbaya. 11 Raja-pati dewa-nata Pl = pralambange Majapait, sing jumênêng Ratu kuwasa bangêt, sasat dewa tumurun. Raja-pati = ratuning ratu. Pati = ratu.

Jawata. 1 Jawata ing Marcapada Ws = pêndhita. 2 Jawata pindha Arjuna Ws = Kamajaya. 3 Winongwong Jawata Pb = têgêse lugu: diêmong dewa, tinurutan dening dewa sasêdyane, maksude: klakon sabarang kang dikarêpake.

Hyang. 1 Sêmbahyang = sêmbah + hyang (dewa) = nyêmbah dewa (Gusti Allah). Danyang Durna Pd = Dhang + hyang = dhanyang, Sang Hyang) pêndhita ing Sukalima, nalika timur asma Kumbayana. 3 Sang Hyang Dewa Amral Pd = asmane Puntadewa nalika tiwikrama nuli munggah mênyang Suralaya nêdya têtulung kadange 4 kang siniksa dewa sarana dicêmplungake kawah Candradimuka. 4 Kadya hyanghyanging bawana = Pt kaya dewaning jagad, maksude: kang pununjul dhewe ing sajagad, kang bagus dhewe lsp. 5 Priyangan = para + hyang + an = panggonane para hyang, papane para dewa. Manut dongèng, para hyang wis tau rêraton ana ing Jawa-Kulon, nagarane aran Mêndhangkamulan, kratone dumunung ing gunung Pangrango (Gêdhe), sing jumênêng Ratu Bathara Guru, patihe Narada, nayakaneuga para dewa, sinangkalan: Dadi dhêdhuwurane janma = tahun 104.

Sura. Empu Sura = putrane Empu Supa. 2 Sasi Sura = Muharam. 3 Suramrata jajamrata[1] = sêsumbare wong mênang pêrang. 4 Untung Surapati = putrane angkat kaptin Mur, dadi bupati Pasuruhan asma Wiranagara.

Wasu. Wasu wolu sing manjing guwagarbane dèwi Gangga garwane Prabu Sêntanu: 1 Dara, 2 Druwa, 3 Candrama (Soma), 4 Anila (Swasana), 5 Anala (Hutasana), 6 Aha, 7 Pratyasa, 8 Dyahu (Dewabrata).

II. NYAWA

Dasanama: 1 Nyawa = atma, atmaka, jiwa, badan-alus, yatma, yatmaka, yitma, yitmaka, suksma, satmaka. 2 Suwarga = sunyaruri, nirwana (lan kang atêgês kadewan, kayata: ariloka, aribawana, surabawana lsp.). 3 Naraka = jahanam.

Atma. 1 Atmaja Kw = atma (jiwa) + ja (lair) = jiwa sing lair (dadi anak). 2 Suryatmaja Pd = Surya + atmaja = putrane Surya, kapundhut putra-angkat Prabu Radeya ing Pêthapralaya, pamburine jumênêng Adipati ing Awangga. 3 Narpatmaja Kw = narpa (ratu) + atmaja = putraning ratu.

Jiwa. 1 Cacah-jiwa = kèhe wong sing padha manggon. 2 Pêlêm-jiwa = pêlêm gadhung, pêlêm gurih, pêlêm sing mêntahe ora kêcut, matênge lêgi agurih. 3 Pangupajiwa = pangupaboga, panguripan, carane golèk pangan. 4 Anglong jiwa Br = katon saya kuru apucêt, marga sêdhihkingkin. 5 Asrah jiwa Br = masrahake pati-uripe, nêdya dikapakake sumarah. 6 Karon-jiwa Br = karon-sih, karon-lulut, karon-asmara, pulang-rêsmi, pulang-lulut, pulang-sari, pulang-asmara, sarêsmi, salulut, sacumbana. 7 Nimas daktrêsnani Br = (têmbung pamiluta) kêkasihku, kang dak trêsnani bangêt, gantilaning nyawaku. 8 Nganyut jiwa Br = nglalu antaka, nganyut tuwuh, mugut tuwuh, nglalu pati, ngêndhat. 9 Talang jiwa Br = talang pati, ngêtohake pati dianggo bêbantên utawa tawur. 10. Padu Jiwa dikanthongi Pb = pintêr banget ngikal basa sing dianggo prakaran (padu), prasasat wis nganthongi carane padu si Jiwa. (Dèk jaman biyèn ana wong aran Jiwa sing baud bangêt ngikal basa, nganti manawa prakaran, sanadyan luput, toging êndon bisa mênang). 11 Manuk jiwa-jiwa = manuk dewata.

Nraka. 1 Nraka-jahanam = nraka sing ora kapenak dhewe. 2 Dadi intiping nraka Pt = ana ing dhasaring nraka. 3 Bomanarakasura Pd = Ratu ing Trajutrisna, pamburine diganti Suteja (putrane Krêsna kang miyos saka Dèwi Bomapati. 4 Wong wadon iku swarga nunut nraka katut Pb = bêgja-cilakane wong wadon iku mung gumantung marang sing lanang (bojone).

Nyawa. 1 Nyawa saringan Pt = wong (bocah) wis tau lara bangêt, wasana bisa waras; utawa: ana ing sajroning bêbaya pati (dikêpung mungsuh lsp) wasana bisa ngoncati. 2 Toh nyawa Pt = toh pati. 3 Nyawamu apa barangmu? = têmbunge wong nêdya njaluk kanthi pamêksa (begal), maksude: yèn barangmu ora olèh dakjaluk, kowe mêsthi dakpatèni. Pangeran Sambêrnyawa = R.M. Said (Mangkunagara I).

Suksma. 1 Prabu Suksmandhadhari Pd = Ratu ing Giripura malihane Sumbadra, patihe Kandhimurti lan Surèngraras (malihane Srikandhi lan Rarasati). 2 Dèwi Sumbadra panuksmane dèwi Sri Pd = Sumbadra titise Dèwi Sri. 3 Ngraga-suksma Pt = ngoncatake jiwa saka badan-wadag. 4 Sinuksmèng wardaya Br = digagas lan dilêbokake ing ati (nalika maca).

Suwarga. 1 Swarga ginawe ayu Br = têka bêcik têmên. 2 Wis nyuwarga Pt = wis mati. 3 Swargi Ranggawarsitan Ki = jênate. 4 Swargane wong duwe anak lanang Pt = bêjane utawa kapenake. 5 Swargabandhang Pd = arane nagara, sing jumênêng Ratu suksmane Dasamuka. Ing Lakon Swargabandhang, suksmane Indrajid nigas janggane Janaka.

III. PÊNDHITA, CANTRIK.

Dasanama: 1 Pêndhita = ajar, dwija, dwijawara, wiku, rêsi, muni, mahamuni, maharêsi, maharsi, yogi, yogiswara, yati, suyati, mahayati, mahayêkti, wipra. 2 Cantrik = manguyu, jêjanggan, cèkèl, puthut, uluguntung, Abêt-abêt (wadon). 3 Pratapan = asrama (pratapan ngiras pamulangan), padhepokan. 4 Pamêjangan = pawiyatan, pacrabakan, pamulangan. 5 Sanggarpamujan = (sanggar = langgar = panggonan), sanggar pamêlêngan, sanggar pamidikan, sanggar palanggatan. 6 Tapa = brata, tapa-brata, tarak-brata, mati-raga, mahas ing asêpi (têmbung “tarak” satêmêne têgês: sêsirik). Arane pratapan: 1 Pucangan Bb = pratapane Dewi Kilisuci (Dewi Sanggramawijaya) putrane Erlangga. 2 Wukir Danaraja Bb = Nimas Ratu Kalinyamat, putrane Sultan Trênggana sing kagarwa Pangeran Hadiri Bupati ing Kalinyamat (Jêpara). 3 Wukir Rêtawu – Abiyasa. 4 Wukir Indrakila (ing guwa Witaraga) – Ciptaning (Janaka). 5 Argabêlah (Giripura) – Bagaspati. 6 Gandamadana – Kapi Jêmbawan. 7 Sunyapringga – Subali. 8 Argasunya – Wasi Jaladara. 9 Jasarata-Kanwa (eyange Irawan). 10 Grastina – Rêsi Gotama (ing wukir Sukendra). 11 Kêndhalisada-Anoman (Kapiwara, Mayangkara). 12 Glagahwangi-Sidawaspada (eyange Priyêmbada). 13 Andongsumawi-Sidikwacana (eyange Prêgiwa-Prêgiwati). 14 Guwawara-Partana (eyange Wijanarka). 15 Kêmbangsore-Drêwala (malihane Petruk). 16 Gohkarna-Wibisana (sawise sèlèh kaprabon marang ingkang putra Prabu Bisawarna). Watak Pêndhita: Sabar, maklum, momot, mêngku. Pêpindhaning panggalihe: jêmbar lir samodra. Momot-mêngku lir pratala.

Yèn muja-samadi: Sêdhakêp asuku tunggal, nutupi babahan bawa-sêsanga. Ana rupa ora dinulu, ana ganda ora ingambu, ana swara ora rinungu (kabèh pancadriyane ora makarti).

Ajar. 1 Ajar Subrata = pêndhita marasêpuhe Prabu Anom Jayaamijaya, utawa besane Jayabaya, pamburine disedani dening Jayabaya, sabab ngaturi sugata (nyugata) warna pitu isi pasêmon. 2 Ajar Dewantara = R. > Suwardi Suryaningrat.

Barata. 1 Baratayuda Pd = pêrange darah Barata, yaiku Pandhawa karo Kurawa. Kèhe wadya sing pêrang 18 aksohini (Pandhawa 7 aksohini, Korawa 11 aksohini), ajange pêrang ing Têgalkurusetra sapinggire tlaga-gêtih Samantakapancaka. 2 Asthabrata Pd = piwulange Ramawijaya marang Prabu Wibisana ing salêbare pêrang Alêngka, maksude: supaya Alêngka bisa tata-têntrêm, Prabu Wibisana carane ngasta paprentahan didhawuhi migunakake tindake dewa wolu, yaiku: Indra, Yamadipati, Surya, Candra, Bayu, Kuwera, Baruna lan Brama. 3 dèwi Bratajaya = dèwi Sumbadra. 4 Mahabarata Pd = arane buku kang nyritakake darah Barata (Pandhawa) nganti têkan muksane, isine 18 parwa (mulane uga diarani Asthadasaparwa; parwa = perangan, bab), yaiku: 1 Adiparwa, 2 Sabaparwa, 3 Aranyakaparwa, 4 Wirathaparwa, 5 Udyogaparwa, 6 Bismaparwa, 7 Dronaparwa, 8 Karnaparwa, 9 Salyaparwa, 10 Gadaparwa, 11 Sauptikaparwa, 12 Stripralayaparwa, 13 Santikaparwa, 14 Aswamedhaparwa, 15 Asramawasanaparwa, 16 Mosalaparwa, 17 Prastanikaparwa, 18 Swargarohanaparwa.

Yati. Adiyati Kalawisaya Pl = Pralambange jaman Dêmak, jamane para Wali, sing jumênêng Ratu Radèn Patah uga asipat Wali. Adiyati = pêndhita linuwih, ngibarate para Wali Kalawisaya = Bathara Guru, ngibarate Radèn Patah (Sultan Dêmak).

Yoga. Yoga-brata Kw = muja-sêmèdi, ngêningake cipta. 2 Kang ayoga Br = bapa. 3 Yoga angangga yogi Pb = darbe ambêk kaya Guru, yaiku tumuwa. 4 Kapasang yoga Br = kêbênêran.

Pêndhita. 1 Pêndhitaning antêlu Bs + pêndhitaning antiga, pêndhitaning êndhog (jaba butihjêro kuning) = laire katon suci, batine ora suci. 2 Sabda pêndhita-ratu, Bs = ngêndika mung sapisan tanpa dibalèni lan ditêtêpi.

Puja. 1 Manungku puja samadi Br = mêlêngake puja-samadi, ngêningake cipta (Tungku Kw = pêlêng, èsthi, Manungku = mêlêng). 2 Anak pujan Br = anane (dadine) sarana dipuja, kayata bungkuse Wrêkudara dipuja dening Bagawan Sêmpani dadi Jayadrata. 3 Pêpujan Br = sêsêmbahan, kang diaji-aji bangêt (dewa); uga atêgês kang ditrêsnani bangêt (kêkasih). 4 Pujabrata Kw = pujakrama = pangaji-aji, panêmbah.

Saptarga. Têdhaking Saptarga Kw = (sapta = sêpta = sênêng + arga = gunung) turune wong sênêng dhêdhepok ing gunung, turune pêndhita.

Tapa. 1 Nggêntur tapa = mêmpêng olèhe nglakoni tapa. 2 Tapa mbanyuwara = tapa nyirik banyu. 3 Pati gêni = nyirik gêni, sarana ana ing sênthong bae tanpa mangan tanpa ngombe. 4 Ngrowod = mung mangan krowodan (ora mangan sêga). 5 Mutih = mung mangan sêga thok. 6 Tapa ngalong = tapa gumandhul ing wit, kaya ta tapane Subali ana ing wukir Sunyapringga. 7 Tapa ngidang = tapa dêdunung ing alas mung mangan gêgodhongan, kayata tapane Sugriwa ana ing alas Sunyapringga. 8.Tapa nyanthuka = tapa kaya canthuka utawa kodhok, kayata tapane dèwi Anjani ndhêpèpès ing dhampènge tlaga Madirga. 9 Tapa wuda sinjang rambut = awake sakojur tanpa kêtutupan panganggo, rambute dirembyakake kanggo nutupi murate, kayata tapane Nimas Ratu Kalinyamat ana ing wukir Danaraja. 10 Tapa ngluwat = tapa ana ing jugangan (kluwat).

Cantrik. 1 Nyantrik = ngabdi marang pêndhita (kanthi maksud golèk kapintêran). 2 Cantrik Janaloka = cantrik sing ngoyak-oyak Dèwi Prêgiwa-Prêgiwati saka pratapan Andongsumawi. Cèkèl. Pidak padarakan cèkèl longaning bale Br = wong asor.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: