RSS

Omah

XXXIII. OMAH WADHAH

Dasanama: 1 Omah = wisma, bale, griya, dalêm, suyasa, pondhok, wangon. 2 Enggon = panti, laya, langgar, sanggar, sana (sasana), dunung, panggonan.

Wangune omah: joglo (brunjung), limasan, srotongan, lojèn, klabangnyandêr, gêdhang salirang.

Wujud omah: 1 Asrama = pratapan ngiras pawiyatan. 2 Pawiyatan = pamulangan, pacrabakan, madrasah (Asale saka têmbung Arab “darasa” têgêse: sinau). 3 Padhepokan = omahe pêndhita. 4 Kadhaton (kraton) = dalême dhatu (ratu). 5 Loji = omahe panggêdhe bangsa Eropa. 6 Pasanggrahan = omah palêrêban (ing gunung). 7 Hotèl = panginêpan. 8 Bangsal = omah gêdhe lan endah. 9 Gupit = gupit mandragini = gêdhong pasarean (ing kraton). 10 Balekambang = omah satêngahe sagaran. 11 Balemangu = omah papan pangadilan. 12 Tangsi = omah saradhadhu. 13 Mêsjid = pasêmbahyangan Islam (kanggo umum). 15 Greja = pasêmbahyangan Kristên. 16 Klênthèng = pasêmbahyangan Buda (Tionghwa). 17 Grêdhu =omah panjagan. 18 Gubug = omah panjagan ing sawah lsp. 19 Ranggon = gubug dhuwur ing têngah alas. 20 Bango = omah papan dodolan. 21 Kandhang = omah rajakaya. 22 Gêdhogan kandhang jaran. 23 Pranji = kandhang pitik. 24 Kombong = kandhang bèbèk. 24 Pagupon = kandhang dara. 26 Krangkèng = kandhang macan. 27 Pacrabakan = pamulangan, pamêjangan. 28 Pantisari = omah ing têngah patamanan.

Wadhah (panggonan): 1 Sudhung cèlèng. 2 Wantilan gajah. 3 Lèng gangsir (kombang lsp). 4 Rong yuyu, (ula lsp). 5 Song landhak. 6 Lumbung pari. 7 Kurungan manuk. 8 Susuh manuk. 9 Patarangan pitik. 10 Tulang jangkrik. 11 Tala tawon. 12 Plangkan têkên (payung, tumbak lsp). 13 Bothèkan jamu. 14 Pragèn bumbu. 15 Sêlon trasi. 16 Pakêcohan idu. 17 Papon ênjêt. 18 Slêpi rokok. 19 Wrangka kêris. 20 Kanthong dhuwit. 21 Endhong panah. 22 Lopak-lopak kinang (saka mas utawa slaka). 23 Ajung-ajung diyan. 24 Songgo (songgom) kêndhi. 25 Para piring. 26 Paga abrag-abrag pawon. 27 Tenong panganan. 28 Sumbul sêga. 29 Cèlèngan dhuwit. 30 Kêpis iwak (kêpis sing gêdhe diarani: kêmbu). 31 Gênuk bêras.

Bale. 1 Bale si gala-gala Pd = arane lakon wayang sing nyritakake Pandhawa diobong Kurawa banjur ditulungi garangan putih sing tuduh dalan bisane ngungsi. 2 Kere munggah ing bale Bs = wong asor didadèkake priyayi. 3 Pidak padarakan cèkèl longaning bale Br = wong sudra, turune wong asor. 4 Balemangu = omah pangadilan ing kraton. 5 Balekambang = omah ing têngah sagaran. 6 Bale mandhakiya = papan muja samadi. 7 Bale marcukundha = papane Bathara Guru yèn miyos siniwaka.

Empyak. 1 Jaran krubuhan êmpyak Bs = wong sing kanji bangêt. 2 Kêgêdhèn êmpyak kurang cagak Bs = kêgêdhèn panjangka kurang sêmbada.

Enggon. 1 Enggon wêlud didoli udhèt Bs = wong pintêr diumuki kapintêran. 2 Kana ênggone kana wite Pt = samubarang sing mbêbayani muga-muga aja nganti nyêdhaki aku.

Gêdhèg. 1 Rai gêdhèg Pb = ora idhêp isin. 2 Gêdhèg atèn-atèn = kosok-baline gêdhèg kulitan.

Gêdhong. 1 Gêdhong-mênga Pd = aji-ajine Kumbakarna sing njalari bisa mangan akèh bangêt. 7 Gêdhong pêtêng Pt = pakunjaran. 3 Digêdhongi dikuncèni Pt = sanadyan diikhtiyari kapriye bae, manawa wis mangsane mati ya mati. 4 Carita pagedhongan = caritane dhalang ing sadurunge ngêtokake wayang. 5 Bayi digêdhong = diubêd-ubêdi jarit awake,tangane lan sikile. 6 Abdidalêm gêdhong = abdidalêm sing tinanggênah rumêksa lêbu-wêtuning dhuwit utawa bandha kraton. 7 Gêdhong minêb jroning kalbu Cd = candrane mangsa Kasapuluh akèh kewan mêtêng lan manuk ngêndhog.

Kandhang. 1 Kêbo ilang tombok kandhang Pb = kelangan barang digolèki ora kêtêmu, malah wuwuh kelangan wragad sing dianggo nggolèki. 2 Kêbo mulih ing kandhange Bs = pangkat oncat saka sawijining waris, pamburine bisa bali marang waris iku manèh. Utawa: wong sing nalika nom nyambut gawe ing papan adoh, barêng tuwa bisa mulih mênyang tanah wutah-gêtihe. 3 Kandhang langit kêmul mega Br = wong sing ora duwe omah. 4 Widarakandhang = padhukuhane Antogopa.

Lawang. 1 Ndhodhog lawang Pt = njaluk supaya lawange dibukak (arêp mlêbu). 2 Kinêban lawang tobat Pt = wis ora bisa olèh pangapuraning Allah. 3 Ugêr-ugêr lawang = anak loro lanang kabèh. 4 Lawang Selamatangkêp Pd = lawanging Suralaya (dijaga Cingkarabala, Balaupata).

Omah. 1 Wangune omah: tikêlan (brunjung, joglo, dudur), limasan, srotongan, kampung, dara-gêpak, gêdhang salirang, klabang-nyandêr lsp. 2 Omah sadhuwuring jaran Bs = madêg kraman. 3 Ngajak ora omah Pt = ngajak bubrah. 4 Ngêdêgake omah ing pawêdhèn Bs = mracaya wong sing ora kêna diêndêl. 5 Pitike wis pomah Pt = wis cumbu. 6 Jago kate wanine ana ing omahe Pt = wong jirih ora wani ninggal omahe nandhingi mungsuh. 7 Suti omah-omah karo Suta = jêjodhoan (kramane: emah-emah). 8 Omah-omah ana ing kutha = manggon (kramane: gêgriya). Entèk dhadhah êntèk ngomah = êntèk babar pisan, ora turah sathithik-thithika.

Panti. 1 Panti = pa + anti = satêmêne atêgês: panggonan ngêntèni. 2 Pantiroga = papan ngrumat wong lara. (Roga = lara. Panti-roga = Indonesia: rumah-sakit). 3 Panti-rapih = papan marèkake wong lara. (Rapih = mari). 4 Panti-sari = omah ing têngah patamanan. (Sari = kêmbang).

Papan. 1 Wis sagêlar sapapan Pt = wis sumêkta sakapuranrtine. 2 Papan jêmbar katon rupak Pd = sanadyan jêmbar dadi rupak, marga omah-omah padha pipit adu cukit, saking karta-raharjaning nagara. 3 Nganggo êmpan papan Pt = tindak-tanduk lan muna-muni kudu dilarasake karo papan, kaanan, wêktu lsp. 4 Papan kang kiwa = papan sing arang-arang diambah.

Pawon. Kakehan pawon Pb = bola-bali ngalih omah.

Pondhok. 1 Pondhok gamblok Pt = pondhok glongsor, pondhok sumpêl, pondhok kringkêl, pondhok ringkuk, pondhok slusup, pondhok tlosor = nunut manggon ing omahing liyan. 2 Pondhok karang Pt = pondhok tèmplèk, pondhok rompok = ngindhung ana ing pomahan liyan. 3 Wong mondhok kêrêp kêcênthok Pt = wong mondhok kêrêp disaruwe dening wong sing dipondhoki. 4 Pondhok Panaraga = pasantrèn sing santri-santrine olèhe ngaji lan pamanggone ana ing kono.

Pura. = puraya, dhatulaya, kadhaton, kraton. 1 Singapura = arane kutha. 2 Yasadipura I = Bagus Banjir, pujangga Surakarta. 3 Yasadipura II = Tumênggung Sastranagara.

Ranggon. Kêthèk saranggon Bs = wong-wong nunggal saomah kang awatak ala kabèh (maling lsp).

Saka. 1 Saka-guru = saka gêdhe papat ing têngah, kosok-baline: saka pananggap utawa saka rawa cacahe 12. 2 Adêg-adêg saka = mubêng sêsêr bangêt, katone nganti kaya ora obah. 3 Sakakala Kw = taun Saka, yaiku taun kang pangetunge wiwit jumênênge Ratu Ajisaka, cundhuke karo taun Masèhi kudu diwuwuhi 78. 4 Ajisaka = putrane Empu Anggajali utawa Prabu Iwaksa ing nagara Surati (Indhu).

Sana. 1 Sasana Kw = dêdunung, manggon. 2 Sanabudaya Kw = arane bale (papan) pangrukti wohing kabudayan ing Yoja. 3 Singgasana Kw = dhampar palênggahaning ratu (yèn nuju siniwaka).

Sanggar. 1 Untune sanggar = mawa cawangan. 2 Cènggèr sanggar = cènggèr cêcawangan. 3 Sanggar waringin Pt = wong sing bisa dadi pangayomaning sanak-sadulur. 4 Sanggar pamujan Kw = sanggar pamêlêngan, sanggar palanggatan, sanggar pamidikan, papan muja-samadi.

Talang. 1 Talang pati Pt = talang jiwa = toh nyawa dianggo bêbantên. 2 Talang lumrahe têlês Et = wong dadi lantaran lumrahe mèlu tampa panduman. 3 Lungguhe nyagak talang Pt = ing papan kang kinurmatan kaprênah ing sangisoring dununge talang. 4 Tirtatinalang Pd = nagarane Aswatama.

Tarub = omah apayon kajang utawa blêkêtepe kanggo sajrone duwe gawe. Jaka Tarub = Kidang Têlangkas, nggarwa widadari Nawangwulan pêputra Nawangsih kagarwa Lêmbupêtêng.

Tratag. Mawa tratag = payon tambahan saka kepang lsp. Tratag-rambat = tratag ing sangarêpe sitinggil jaman biyèn mawa wit rambat (sanggalangit lsp).

Cagak. 1 Cagak lèk Pt = srana supaya bisa bêtah mêlèk. 2 Cagak urip Pt = srananing lêstari urip, yaiku pangan. 3 Satus rupiyah nyagak pangan saminggu = cukup kanggo mangan saminggu.

4 Nyagak-pat Pt = omah-omah ing palêmahan kamagêrsarèn. 5 Nyagak alu Pt = wong dipracaya wasana ora mitayani.

Cukit. 1 Omahe pipit adu cukit Pt = omahe akèh lan kêrêp bangêt. 2 Cukit-dulit Pt = bakul ênjêt (manawa ngêdoli sarana nyukit utawa ndulit).

Cungkup. Nyungkup kramat bêjad Bs = mbêciki apa-apa kang wis rusak bangêt.

Umpak. 1 Diumpak Pt = dionggrong supaya sênêng atine. 2 Umpak-umpaking gêndhing = têtabuhan utawa lêlagon ing salêbare buka utawa bawa, nanging ing sadurunge gerong. 3 Umpak dêdêring curiga Ws = mêndhaking kêris, dumunung ing antarane ukiran karo ganja.

Wangon. Kauban wangon Pt = ana ing sajroning omah, kosok-baline: sajaban wangon.

Wuwung. 1 Cacah wuwung Pt = mung ngelingi kèhe omah, tanpa dielingi gêdhe-cilike, apike lsp. 2 Adus wuwung Pt = adus têkan sirah (sirahe katut digrujug). 3 Nanggung mloroding wuwung lan owahing sirap Pb = nanggung manawa ora bakal nêmu cilaka utawa kapitunan. 

XXXIV. PRABOTING OMAH-OMAH

Pêpilahane: 1 Praboting mangan. 2 Praboting olah-olah. 3 Praboting turu. 4 Praboting rêrêsik. 5 Praboting lêlungan.

Abah. 1 Ora dadi abahan = ora bisa dadi wong bêcik, ora kanggo gawe. 2 Kumurêb ing abahan = masrahake pati-urip, yèn arêp dipatèni (ditigas gulune) ya manut.

Ajang. 1 Tunggal ajang Pb = tunggal sapagawean. 2 Dadi ajanging pêrang Et = dianggo papan campuhing pêrang. 3 Diajangi Et = disadhiyani papan dianggo pista, sarasehan lsp.

Aling-aling. 1 Ora tèdhèng aling-aling Pt = ngêblak bae, blaka, barès. 2 Aling-alingan katon Pb = nêdya ngungkiri kaluputane, nanging banjur kêtitik saka solah-bawa lan gunême.

Bantal. 1 Dasanamane Bantal: kajangsirah, lêmpir, karang-ulu. 2 Bantal dawa Ws = guling. 3 Bantalaning dalan sêpur = kayu utawa wêsi sing dianggo ganjêl ril.

Bêruk. Rara Bêruk = R. A. Patah Ati, putrane Modin ing desa Matah kagarwa Mangkunagara I.

Dom. 1 Ngêdom-êdom Pb = golèk katrangan sarana ngrêrungokake gunêmane wong-wong. 2 Dom sumurup ing banyu Bs = tindak kang alus ora ngatarani, kayata tindake têlik, pulisisandi lsp. 3 Bali mênyang kinjêng-dome Bs = wong cilik dadi gêdhe, wasana dadi cilik manèh.

Dhingklik. Rai dhingklik Pb = rai gedhèg = rai têki = rai trumpah = ora idhêp ing isin.

Jun. Jun iku yèn lukak kocak Bs = wong iku yèn ora akèh kawruhe sênêng umuk. Lukak = ora kêbak.

Ebor. Kajênanga kaebora Pb = arêp dikapakake mangsa bodhoa, wis dipasrahake.

Èmbèr. Nyangking èmbèr kiwa-têngên, lungguh jèjèr tamba kangên = mung dianggo parikan bae.

Enthong. 1 Ora mambu enthong-irus Pb = wong liya, dudu sadulur. 2 Énthong palwa Ws = wêlah.

Èncèk. Gotong-gotong èncèk Pb = têtulung wong duwe gawe mung ing babagan sing ènthèng-ènthèng bae.

Galar. Nganti krakêt ing galar Pb = mlarat bangêt. Galar = plupuh sing diênggo sèmèk.

Gandhik. 1 Cilik gandhik Pt = cilik nanging rosa: kosok-baline: gêdhe gombong = gêdhe, nanging ora rosa, ringkih. 2 Kucing gandhik Pt = kucing lakèn.

Gênthong. Nggênthong umos Bs = ora bisa ngandhut wadi. Umos = umês, rêmbês.

Guling. Nyumur gumuling Pb = babar pisan ora bisa simpên wadi (luwih bangêt tinimbang: nggênthong umos). Guling Kw = nendra, turu.

Irus. Ngiras-ngirus Pt = nindakake pakarti warna loro bêbarêngan; pêpindhane kaya wong mangan sing ya ngiras ana ing wadhahe lan ya njupuk nganggo irus saka ing wadhah iku.

Karangulu. Ngarangulu Pt = dialap bojo dening ipe kaprênah tuwa ing sapatine mbakyune.

Kasur. 1 Kasur-sari Pt = paturon sing apik, lumrahe mawa kasur lan sinêbaran sari (kêmbang). 2 Tiba kasur Pb = ngalami urip kapenak ora kalawan dijarag. 3 Turu kasur dikêbuti Pb = wis kapenak uripe saya luwih dikapenakake manèh.

Kêlud. Ngakot kêlud Pb = nglakoni pagawean kanthi rêkasa wasana ora ngrasakake pituwase.

Kêndhi. Wani cur-curan banyu kêndhi Pt = wani sumpah. Kêndhi kramane: lantingan. Kêndhi pratola = kêndhi mawa rêrênggan.

Kêndhil. Kêndhile ngglimpang (nggoling) Pt = kêndhile ora jêjêg = uripe kêcingkrangan, kurang mangan.

Klasa. 1 Nglungguhi klasa gumêlar Pb = mung kari nêmu kapenake. 2 Nglungguhi klaspangulu Pb = ngarangulu. 3 Klasa pasir =klasa sing alus, warnane lumrahe putih. 4 Klasa bangka = klasa kasar, lumrahe ciyut. 5 Klasa pacar = klasa sing mawa corak gêgambaran.

Klênthing. Klênthing wadhah masin Bs = wong sugih, sanajan wis mlarat mêksa isih lumayan uripe.

Krênêng. Mênêng-mênêng ngandhut krênêng Pb = katone ora apa-apa, nanging batine duwe niyat ala.

Kursi. Rêbutan kursi Pt = rêbutan panguwasa.

Layah. Jênang salayah Pb = wong sawatara (akèh) kang wis padha golong pikir.

Lampit. Kêrig-lampit Pt = mêtu kabèh padha bêbarêngan nandangi pagawean.

Lincak. 1 Lincak gagak Pt = mancolot cêdhak-cêdhakan, sing cêdhak dhewe yaiku sing mênang. 2 Gagak lincak Bs = kêrêp ngalih panggonan. 3 Lincak-lincak = mancolot-mancolot amarga bungah. 4 Dasanamane lincak, yaiku: 2) Ambèn = sing digawe kayu utawa pring tanpa sikil (mung diganjêl) dianggo têturon. b) Salu = ambèn sing disèlèh ing pêndhapa dianggo lungguhan (nêmoni tamu). c) Lincak = ambèn mawa sikil 4, dianggo linggihan utawa ndhasarake dagangan. d) Kanthil = sing digawe kayu utawa wêsi mawa sikil 4 lan nganggo langitan (tendha), tarkadhang didèkèki klambu. e) Kanthil-gadhing = kanthil sing digawe saka gadhinge gajah, uga diarani: kanthil-dênta. Dênta Kw = untu. f) Kobongan = pabongan, patanèn = paturon kang dumunung ing têngah (antarane gêdhong wetan lan gêdhong kulon), ora dituroni; mung pangantèn-anyar sing lumrah turu ana ing kobongan.

Munthu. Munthu katutan sambêl Bs = dadine sadulur, marga katut sadulure sing dialap bojo.

Payung. 1 Kuwat payung Pt = bisa dadi wong gêdhe. 2 Payung agung = payung upacara sing mawa krodhong. 3 Payung bèbèk = eyub-eyub sing digawe saka blarak kawangun bundêr. 4 Payung-kalong = payung saka motha (awarna irêng). 5 Payung sungsun = payung upacara sing sungsun loro utawa têlu. 6 Payung Tunggulnaga Pd = Payunge Prabu Yudhisthira. Payung Tunggulnaga iku malihane manuk garudha aran Banarata kang kêtaman jêmparinge Manumanasa. 7 Mbêsêmake payung Pt = nyudakake kaluhuran, marakake kurang kajèn-keringan:

Ponjèn. 1 Diponjèni Et = dilêbokake ing ati tumrap pitutur, kawruh lsp). 2 Tumplak ponjèn Pb = mantu anak ragil; sasrahane anak ragil (tukon). Uga atêgês: nganti êntèk babar pisan. Ponjèn = kanthongan wadhah jamu.

Sapu. 1 Sapu règèl = sapu kang mung kari bongkote bae, pucuke wis padha putung lan règèl utawa rigol. 2 Sapu-jagad = arane godhong kelor manawa dianggo tamba; uga arane mriyêm (ing Solo). 3 Sapu ilang suhe Pb = sanak-sadulur sing tangkêpe dadi ora rakêt, marga wis ora ana wong sing minangka dadi têtaline. 4 Sêtyaki sapu-kawat Dwarawati Pd = sing dadi andêl-andêle praja Dwarawati. 5 Nyapu parangmuka Br = nyirnakake mungsuh. 6 Sapu-dhêndha = paukuman. 7 Disaponana: rèk, dibêndhènana: mung = samubarang apa bae kudu kanthi cêtha lan warata.

Sêmprong. Glundhung sêmprong Pb = wanita sing nalika wiwit bêbrayan-urip karo priya ora nggawa apa-apa. Kosok-baline: glundhung suling.

Sendhok. Sendhok porok sêtêngah lusin, mata mlorok ora idhêp isin Pr = parikan iku lumrah dianggo nyênyamah wong sing ora idhêp isin. Empu Sendhok = asmane Ratu Jawa Wetan.

XXXV. PIRANTI WARNA-WARNA (Piranti têtanèn, tênun, misaya iwak lsp).

Alu. 1 Alugora Pd = gêgamane Baladewa. (Gora = goraya = gêdhe. nggêgirisi). 2 Yèn kaku kaya alu, yèn lêmês kêna ginawe tali Br = yèn nuju kaku (atine) ora kêna diêluk babar-pisan, nanging yèn kêbênêr lêmês tansah manut-miturut bae (wêwatêkane Wrêkudara). 3 Cêblok alu Pb = myambut-gawe wong loro tumindake gêntènan.

Anculan. Dudutan lan anculan Bs = wong loro sing wis padha kêkêthikan. Anculan = mêmêdèn sawah dianggo mêdèni ama (manuk).

Apus = tali, pusara. 1 Pring apus = pring sing lumrah dianggo tali. 2 Apus buntut = tali ing buntut jaran. 3 Mangapus = nalèni têmbung utawa ukara, ngarang.

Arit. Mbuntutarit Pb = rêmbuge sajak gampang, nanging yèn ditêmêni jêbul angèl.

Bara. 1 Mbêbara = lunga mênyang manca-desa (manca-nagara) prêlu golèk pangupajiwa. 2 Pirang bara dialêm, ora didukani bae wis bêgja Pt = sukur manawa dialêm … Bara tan bara Br = ukara sêsumbar, maksude: mangsa abota ora (aku tandhing karo kowe). 4 Petruk tunggu bara Bs = wong ala dipracaya rumêksa barang sing dadi pakarêmane.

Bêruk. 1 Wadhuk bêruk Pt = ludhuk, akèh tadhahe pangan. 2 Tuntunan bêruk Pb = wong sing wis tau atindak nistha, kayata ngêmis lsp. Bêruk, pêpindhane bathok sing dianggo ngêmis.

Bumbung. 1 Bumbung wungwang = bumbung sing bolong kiwa-têngên. 2 Sikil bumbung mata laron = gajah. 3 Ana wong ngoyak macan dèn wadhahi bumbung = tumênggung Urawan nyêkêl kraman pangeran Pugêr kanthi gampang.

Dhadhung. Didhadhunga mêdhot, dipalangana mlumpat Pb = wong sing wis ora kêna diêndhakake sêdyane.

Jala. 1 Ampyakên kaya wong njala, krubutên kaya mênjangan mati Pd = kroyokên aku, majua bêbarêngan. 2 Jaladara Pd = Kakrasana, Baladewa. 3 Jalatundha Pd = arane sumur kang uga dianggo dalan njêdhul saka Saptapratala mênyang lumahing bumi; sing sok jumêdhul saka sumur Jalatundha Antarêja utawa Antasena. 4 Jalanidhi Kw = samodra. 5 Têlik mangendrajaya Kw = têlik kang namakake krenah (kajuligan). 6 Jala-jala = tali kêlir.

Jara. 1 Timun jinara Pb = êmpol pinecok = pagawean kang gampang bangêt ditindakake. 2 Tinatah mêndat jinara mèntèr Br = ditatah ora pasah, diêbur ora bisa kêtaton.

Jaring. Bisa njaring angin Pb = bisa nindakake pagawean kang umume wong-wong padha ora bisa.

Garan, 1 Kêna dianggo gêgaran sinau basa Jawa Et = kêna dianggo srana (piranti) sinau basa Jawa. 2 Arane garan: Ukiran kêris. Landheyan tumbak. Sangkal pêthèl. Doran pacul. Walêsan pancing. Têmpurit wayang (sing digawe saka sungu). Popor bêdhil. Pipa rokok. Sopak grip. Dhandhan payung (payung upacara, dudu payung lumrah).

Garu. 1 Mrojol sêlaning garu Pd = bisa oncat saka ing bêbaya sing wis mèh tumiba; utawa: wong sing sêkti mandraguna (bisa mrojol ing akêrêp). 2 Digarokake dilukokake kaya kêbo sing dèblèng Bs = dikon nyambutgawe abot lan prasasat ora tau bisa ngaso.

Gêndhong. 1 Nggêndhongi = awèh têngara manawa ana bêbaya (sarana nabuh lêsung lsp). 2 Ora gêndhong ora titir Pb = ora kandha-kandha, ora wewarta.

Kêluh. Kêbo-sapi dikêluhi, yèn wong dikandhani Pt = manusa iku cukup diêrèh nganggo têmbung.

Kisi. 1 Randha kisi Pt = randha sing duwe anak lanang. 2 Idêpe angisi Pp = gêdhening idêpe sakisi-kisi (Kisi iku kalêbu praboting tênun, gêdhene sadriji, dawane watara 2 dm).

Kitiran. Antêng kitiran Sn = rongèh bangêt, akèh bangêt polahe.

Kudhi. 1 Kudhi-pacul singa landhêpa Bs = wis padha dene sinau, kari adu bêgja. 2 Bisa ngrangkani kudhi Bs = bisa momong wong sing angèl bangêt wêwatakane.

Lêsung. Wong gunung adoh lêsung cêdhak lutung Pp = wong gunung kurang ngêrti udanagara.

Lumbung. 1 Gêdhene salumbung bandhung Pp = gêdhe bangêt (lumrahe sing dipêpindhakake ula). 2 Kurung munggah lumbung Bs = abdi dipundhut garwa. 3 Usung-usung lumbung Pb = pagawean siji ditandangi dening wong pirang-pirang bêbarêngan, gotong-royong.

Lumpang. 1 Ilat lumpangên Pt = tatu ngurêng, rasane pêrih. 2 Nyunggi lumpang kênthèng Pb = ngalap wanita darah luhur, niyate golèk pangayoman, nanging gêdhening pangayoman sing ditampa ora sumbut karo aboting sêsanggane. Lumpang kênthèng = lumpang gêdhe saka watu.

Panjang. 1 Panjang-ilang = janur diênam diwangun kaya panjang. 2 Bokonge manjang-ilang Cd = bokong sing wangune sêmu pêsagi. 3 Panjang-putra = piring gêdhe (lumrahe saka porsêlin awarna putih, tarkadhang mawa kêkêmbangan). 4 Kadya panjang-putra dhawah ing sela Pp = kumêpyuring panone priya lan wanita sing gathuk ing pandulu (bêbarêngan nyawang) kang padha dene nduwèni rasa sih-trêsnan. 5 Dadi panjang kidung Pt = misuwur, dadi ojate wong akèh. 6 Nagara panjang apunjung Pd = misuwur gêdhe kawibawane (panguwasane).

Pancing. 1 Dipancing Et = didolop. 2 Gulune ditigas pancing Pt = dikêthok mayat sapisan têrus tugêl. 3 Disêndhal pancing Pt = diuluri dhisik banjur disêndhal kanthi ngêgèt. 4 Gulune pancingên = lara, yèn dianggo ngulu krasa clêngkrang-clêngkring.

Pêthèl. 1 Nyolong pêthèl sasangkal-sangkale Pb = bênêre: nyolong pêthèk = ora cocok karo pêthèke; sawangane ora cocog karo kanyatane; katone kaya wong bodho jêbul pintêr, katone kaya wong mlarat jêbul sugih lsp. 2 Untune sapêthèl-pêthèl Pp = gêdhe-gêdhe bangêt. 3 Sikut pêthèl Pd = sikut kang sêntosa bangêt (Gathutkaca). 4 Glèthèk pêthèle = gampangane.

Pêcing. 1 Luput pêcing Pb = ora kêna diêndhakake karêpe ala. Pêcing = gombal diclupake ing uyuh diênggo nulak ama (cèlèng). 2 Tampa pêcingan Pt = tampa ujuran.

Pêcut. 1 Dipêcut Et = dikandhani nganggo têmbung sêrêng supaya mêmpêng. 2 Kêri tanpa pinêcut Pb = marga rumangsa nindakake panggawe ala, sanadyan ora ditarka atine ora kapenak.

Sangkal. 1 Uwange nyangkal putung Pp = awangun mojok, nanging ngrêsêpake. 2 Dhukun sangkalputung = dhukun pijêt sing darbe ngèlmu sangkalputung, bisa marèkake wong sing balunge kêcêklèk utawa kêsleyo.

Sawêt. Pêcat sawêt Pt = têgês lugu: nguculi talining pasangan wluku utawa garu, maksude: lèrèn olèhe mluku nggaru, wisan ing gawe (jam 11 awan).

Sêngkêr. 1 Sêngkêran = kurungan. 2 Disêngkêr = didhèdhèki dening wong gêdhe (tumrap prawan lan liya-liyane).

Sumbi. 1 Wulune lagi sumumbi Pp = lagi mêtu wulune lancip-lancip. 2 Madal sumbi Pb = nyanthulani prentah, atêgês ora tumuli mbangun-turut.

Sunduk. 1 Kutuk marani sunduk Bs = njarag marani bêbaya. 2 Olèh etunge luput sunduke Pb = mungguh ing nalar (theorie) wis bênêr, nanging barêng dicakake wohe ora bêcik. 3 Wis kêbak sundukane Pb = wis kêrêp konangan lupute (alane). 4 Pring dhèmpèt sunduk sate Ws = andha, sujèn (lumrahe ukara candhake muni: kandhaa ijèn marang aku, supaya aja nganti ana wong liya sing krungu).

Tali. 1 Prabu Gunatalikrama Pd = Puntadewa, Yudhisthira. 2 Ngêndhat tali murda Br = nganyut pati sarana nggantung. 3 Natas tali gumantung Pb = jaksa ngadili prakara, karampungane ora tumindak. 4 Kêtula-tula kêtali Pb = uripe tansah ngalami ora kêpenak, kêrêp sangsara. 5 Katalimangsa Pt = kasèp saka ing wêktu kang wis ditêmtokake, kasèp saka ing wangênan. 6 Tali ari-ari = usus gantilane ari-ari. 7 Tali-api = upêt sing digawe saka gombal diplintir. 8 Tali-rasa = urat-sarap. 9 Ditali-pati = ditalèni singsêt sing angèl diudhari, kosok-baline ditali-wangsul. 10 Tali-monce = perangane abah-abah jaran sing trape ana ing êndhas. 11 Tali angin (barat) = tali sing diênggo nalèni êmpyak karo molo. 12 Tali tapak-dara = nalèni katata mrapat. 13 Ditali-warêg = ditalèni kêncêng nuli sindhêtane dipuntir. 14 Cancut tali wanda Br = tandang sarana panganggone (jarite) ditalèkake ing wanda (awak). 15 Arane tali warna-warna:

Sawêt = tali pasangan (ing garu, wluku). Kêluh irung. Upat-upat = pêcut (ing pucuk). Dhadhung = tambang gêdhe. Tambang = tali gêdhe ditampar (kayata: tambang timba). Kênthêng = tali sing dipasang (kanggo watêsing apa-apa, kanggo memean). Tali-godhi = tali sing dianggo ngêrut lar pênjawat. Tali andhang = tali (tampar) sing diênggo sabukan prajurit. Uwêd panggalan (gangsingan). Kênur pancing. Ulur layangan. Kolor kathok. Usus-usus kathok. Karsèt arloji. Jala-jala kêlir. Pluntur gong (gêndèr lsp). Klanthe caping. Klamar bêkungkung. Apus buntut. Sêndhêng gêndhewa (sêndharen). Jangêt sangkal (saka walulang). Elis kêndhali. Suh sapu. Jêjêt wêngku. Ambên lapak. Klindhên jantra.

Tampah. Tampah-lêmah = wiwit diwadhahi tampah têkan dikubur ing lêmah, yaiku wiwit lair nganti mati.

Tampar. 1 Ula-tampar = ula cilik awarna blirik (klêbu ula-mandi). 2 Nurut dawane tampar Pb = nglari prakara (kadurjanan).

Têmpaling. Polahe kaya têmpaling Pt = mobat-mabit (ngalor-ngidul ngetan-ngulon golèk butuh).

Tulup. 1 Kaya kêthèk ditulup Bs = lingak-linguk (marga bingung ora ngrêti apa sing kudu ditindakake). 2 Mancak wadhah tulupan Pb = nggaota kang ora bisa ndadèkake. Wancak Kw = walang.

Ulap. 1 Ulap-ulap = walulang blêbêding sangkal. 2 Ora ulap = ora wêdi.

Ungkal (wungkal). 1 Bathuke ngungkal-gêrang Cd = bathuk sing ing wêkasane kiwa-têngên kaya mawa sogokan. 2 Ungkal bênêr lan Blabagpangantolantol Pd = aji-ajine Wrêkudara (asale saka Gandamana).

Uncêg. 1 Mundur uncêg Pb = kêkarêpan (rêmbug) sing tansah ngangsêg bae. 2 Lêngar kêtiban uncêg Pb = wong ora apa-apa kêtiban tarka, didakwa nindakake panggawe ala.

Wêdhung. Kêduwung nguntal wêdhung Pb = nggêtuni prakara kang wis kêpungkur (wis klakon).

Wuwu. 1 Iwak kalêbu ing wuwu Bs = kalêbu ing bêbaya (wisayaning mungsuh). 2 Pangantène lanang nyolong wuwu Pt = unèn-unèn sing lumrah diênggo nggrecoki pangantèn lanang (diucapake dening tamu sing ngurmati) manawa ing wêktu ijabe kabênêr udan nggrêjèh.

XXXVI. GÊGAMAN, AJI-AJI

Dasanama: 1 Gêgaman = sanjata, braja, badhama, dêdamêl. 2 Panah = astra, warastra, sara, bana, braja, margana, sayaka, naraca, jêmparing. 3 Kêris = katga, curiga, dhuwung, suduk, wangkingan, patrêm (kêris cilik agême para putri). 4 Pêdhang = sabêt, klewang, candrasa (pêdhang cêndhak). 5 Gada = dhêndha, bindhi, pênthung, lori (gada cilik). 6 Tumbak = waos, lawung, tlêmpak, trisula (tumbak alandhêp têlu), cis(tumbak landhêpe mlêngkung). 7 Gêndhewa = busur, laras, langkap.

Gêgaman tartamtu: Gada Rujakpolo-Wrêkudara. 2 Gada Wêsikuning-Menakjingga. 3 Gada Rujakbêling-Jayadrata. 4 Gada Alugara-Baladewa. 5 Nênggala Kunta-Baladewa. 6 Sanjata kunta-Karna. 7 Jêmparing Pasopati- Janaka. 8 Sarotama-Janaka. 9 Ardhadhêdhali-Janaka. 10 Arya Sêngkali-Janaka. 11 Cakra-Krêsna. 12 Wijayandanu-Karna. 13 Guwawijaya-Ramawijaya. 14 Surawijaya-Lêksmana. 15 Kêmlandhinganputih-Arjunasasrabau. 16 Barla-Dursasana. 17 Nagapasa- Indrajit. 18 Naracabala-Indrajit. 19 Cundhamanik-Aswatama, nanging pamburine dinarbe Janaka. 20 Pêdhangkangkam-Umarmaya. 21 Kêris Pulanggêni-Janaka.22 Kalanadhah-Janaka. 23 Kaladite-Karna. 24 Salukat-Dewabrata. 25 Pancanaka-Wrêkudara. 26 Kudhi-Sêmar. 27 Arit-Garèng. 28 Pêthèl-Petruk. 29 Wêdhung-Togog.

Aji-aji: 1 Kalimasada-Puntadewa. 2 Wijayakusuma-Krêsna. 3 Ungkalbênêr lan Blabagpangantolantol-Wrêkudara. 4 Balasrewu, Candhabirawa-Salya. 5 Gêdhongmênga-Kumbakarna. 6 Pancasona-Subali (lan uga: Dasamuka, Bomanarakasura). 7 Sêpi-angin-Arjuna, Anoman. 8 Mundri-Anoman. 9 Pamêpêsan-Gandamana. 10 Bandung Bandawasa-Gandamana, Wrêkudara. 11 Lêbursakêthi-Drêstharata. 12 Lindhupanon-Pandhu.

Kaluwihan: 1 Iryasing nabi (bisa marasake wong lara mung sarana pangandika). 2 Mukjijating nabi (bisa nggawe barang malih-warna awujud apa-apa).3 Sabdaning pêndhita. 4 Kramating wali. 5 Mangunahing mukmin. 6 Istijrating kapir. 7 Iyanahing wong duraka. 8 Sihire wong ora ngendahake agama.

Aji. 1 Aji sirêp begananda = kanggo nyirêpi wong. 2 Aji panglimunan = njalari bisa ngilang. 3 Aji jaya-kawijayan = njalari mênang. 4 Aji wringinsungsang = njalari ora pasah gêgaman. 5 Aji pangasihan = njalari ditrêsnani ing liyan. 6 Aji jaran-guyang = dianggo ngarah wanita. 7 Aji pêtak-gêlap-sakêthi = dianggo nggrêtak mungsuh. Lsp. Mr kaca 14.

Astra. Sura-astra adikara Bs = wong kêndêl sing ora ambêk-sikara (ora gumêndhung).

Balang 1 Nututi balang wis tiba. Pb = nusuli rêmbug sing wis dilairake, kasaguhan sing wis dijanjèkake. 2 Nyawat abalang wohe Bs = ngarah wanita kanthi minta-sraya sadulurewanita sing diarah. 3 Mbalang liring Br = nglirik. nyawang sakêplasan. 4 Dibêciki mbalang tai Pb = dibêciki malês ala.

Braja. 1 Brajasutiksnalungid = arane gêlaring baris ing papan rupak. 2 Sumêngka pangawak braja Br = sowan bangsa luhur (ratu) tanpa ditimbali.

Dhêndha. 1 Dhêndha pratikêl Pt = dhuwit dhêndhan ukume wong ora têka ing pangadilan. 2 Sapu-dhêndhane jawata Et = ukume dewa, siksane dewa. 3 Bau-dhêndha Br = alêngên gada, maksude: kuwasa.

Gada. 1 Ngikal gada = ngobat-abitake gada. 2 Isih kuwat ngikal gada Et = isih kuwat ngêmbat lawung Et = isih kuwat maju pêrang. 3 Ngandêlake gada-gitik Pb = ngêdir-êdirake kêkuwatane. 4 Wêruh gada-gitike Et = ngrêti kêkuwatane (mungsuh). 5 Anggada Pd = wanara putrane Subali (miyos saka dèwi Tara).

Gandar. 1 Gandar-iras = gandare (sarungane) karo wrangkane ora sambungan. 2 Mung olèh gandar = mung olèh rupa bagus (ayu), ora ana kaluwihane.

Ganja. 1 Ganja-wulung = ganja karo wilahane (kêris) ora padha warnane. 2 Ora ganja ora unus Bs = rupane ora bagus (ora ayu), watake ala.

Gêndhewa. 1 Asta nggêndhewa pinênthang Cd = sikute sêmu ndêngklèh mlêbu. 2 Asta nggêndhewa dênta Cd = warnane putih sêmu kuning (kaya gadhing). 3 Teja pita, kang taji mawa gêndhewa Ws = layung, panah.

Gunting. 1 Jagang gunting Pt = pring loro diwangun kaya gunting dianggo sanggan. 2 Suduk gunting tatu loro Pb = nindakake pagawean sawarna nandhang kapitunan luwih saka sawarna. 3 Driji gunting Pd = driji sing sêntosa bangêt (Gathutkaca). 4 Srigunting = arane manuk, warnane irêng buntute kaya gunting (manuk cingcinggoling).

Kêris. 1 Kêris sing tuwa tangguhe Pt = kêris sing pêng-pêngan (mandi). 2 Ora kêris nanging kêras Pb = ora pintêr (ora sugih lsp), nanging bisa gawe gêlar. 3 Tumbak bêngkung kêris mlêngkung, Anggajaya ditalikung Pt = sarèhne gêgamane ora nêdhasi (malah rusak), mulane kêna dicêkêl dening mungsuh. 4 Gandrung-gandrung ing lêlurung andulu gêlung kêkêndhon; kêris parung tanpa karya, êdolên tukokna ulêng-ulêng campurbawur Pl = pralambange tanah Jawa (Indonesia) ing sawise jaman Kalabêndu, tata-têntrêm murah sandhang-pangan; wong-wong wis ora prêlu simpên gêgaman, marga wis ora tau ana rêrusuh.

Perangane wilahan kêris: pasi, ganja, kêmbang-kacang, lambe-gajah. Dhapure wilahan kêris: naga-tapa (lêncêng), naga-lumaksana (mawa luk). Sandhangane kêris (rêrênggane): ukiran (garan kêris), mêndhak (kaya ali-ali dumunung antarane ukiran karo ganja), wrangka, gandar (sarungan), pêndhok (kramane kandêlan). Dhapure wrangka: gayaman, ladrang (ladrangan utawa jlamprak). Dhapure pêndhok: blewah, bunton (rapêt); blewahane pêndhok lumrahe didèkèki rêrênggan pênyu, pêndhok bunton lumrahe diukir-ukir. Kêris kang misuwur: 1 Sangkêlat lan Pasopati (loro-lorone kêris pusaka kraton Jawa, gaweane Empu Sura putrane Empu Supa ing Sêdayu). 2 Condhongcampur, gaweane Empu Supandriya (bapake Empu Supa), pusaka Majapait. 3 Nagasasra, gaweane Empu Supa-nom (utawa Ki Nom putrane Empu Supa), pusaka Majapait. 4 Crubuk, agême Sunan Kalijaga, gaweane Empu Supa. 5 Jigja, gaweane Empu Singkir (Empu saka Madura). 7 Tilamupih, gaweane Empu Pitrang (Pitrang iku asmane Empu Supa nalika ana ing Blambangan). 8 Sagarawedang, gaweane Sura Nom.

Carane nganggo kêris: 1 Disangkêlit, ana ing buri. 2 Dianggar, ana ing ngiringan (ing lambung). 3 Disothe, ana ing ngarêp (ing wêtêng).

Kikir. Tapaking kikir Br = tapak-paluning pandhe = sisaning gurenda = gêgaman kang saka wêsi.

Lawung. 1 Lawung jêbêng Pt = tumbak agombyok minangka rêrênggan. 3 Ora candhuk lawung Pt = ora têpung babar-pisan. 3 Ora têmbung ora lawung Pb = njupuk barange liyan tanpa nêmbung lan tanpa kongkonan nêmbungake. 4 Kêbo lawung Pt = kêbo umbaran, ora dimagawèkake. 5 Duta panglawung Br = utusan mbalèkawêwarta yèn kêtiwasan. 6 Isih kuwat ngêmbat lawung = isih kuwat pêrang.

Mimis. 1 Lonjong mimis Sn = lonjong botor, sêsipatane wong mlayu kang bantêr bangêt. 2 Irung mimisên Pt = mêtu gêtihe (bangsane lêlara). 3 Wanda mimis Pd = potonganing awak kayata Wrêkudara. 4 Tau-tate kramas obat susur mimis Br = tau dibêdhili ora apa-apa, ora tatu.

Palu. 1 Kêpalu-kêpênthung Pt = kapitunan luwih saka sawarna.

Panah. 1 Lakune panah nduduk Pt = ngênêr munggah. 2 Srikandhi maguru manah Pd = arane lakon wayang. Srikandhi dilamar Prabu Jungkungmardeya ratu Paranggubarja ora gêlêm,nuli oncat saka kraton Cêmpala mênyang Madukara njujug taman Maduganda maguru manah Janaka.

Pêdhang. 1 Kara pêdhang = kara gêdhe, gêdhene watara padha karo pête sakêris. 2 Pedhang warangan = pêdhang sing pangasahe sarana diwarangi, sing digawe saka wêsi-aji. 3 Ledhang nêmu pêdhang Pb = wong klonthang-klanthung (ora nyambut-gawe) nêmu kabêgjan. 4 Pêdhang kangkam = pêdhange Umarmaya.

Pêndhok. Mêndhok = golèk piandêl utawa sihing panggêdhe (Pêndhok kramane kandêlan, mulane wong golèk andêling panggêdhe ditêmbungake mêndhok, golèk pêndhok).

Pênthung. 1 Tulung mênthung Pb = katone têtulung, nanging saya agawe sangsarane. 2 Tulung kêpênthung Pb = têtulung, wasana nêmu cilaka. 3 Mênthung koja kêna sêmbagine Pb = rumangsane untung, satêmêne kapusan.

Rajah. 1 Rajah-tamah Kw = pêpenginan lan kamurkaning ati. 2 Rajah Kalacakra Pd = rajah kang ditulis dening Bathara Guru ing bathuke Bathara Kala, kèhe wolung ukara-walikan, yaiku:

a) Ya Maraja Jaramaya = èh Maraja Jaramaya (ratuning pangrêncana).

b) Ya marani nira maya = èh kang nêkani, ilanga kêmayanmu.

c) Ya si Lapa pala siya (siha) = èh kang gawe luwe, ngêsihana pangan.

d) Ya midoro rodomiya = èh kang mlarati, anjupukana.

e) Ya midosa sadomiya = èh kang nyikara, aja anangsaya.

f) Ya da-yuda da-yuda-ya = èh kang mêrangi, ilanga jayamu.

g) Ya siyaca caya siya (siha) = èh kang ambêk-siya, asiha cayaku.

h) Ya si hama maha siya (siha) = èh kang dadi ama, dadia luwih asih.

Sara. 1 Sara prana pêndhita murcita Slk = pêndhita (wong) cilaka marga têtulung marang durjana. 2 Anara wacana Pb = têgêse lugu: njêmparing nganggo têmbung (anara = an + sara), maknane: jaksa ngajak rêmbugan karo salah-sijine sing prakaran. 3 Lumêpasing jêmparing saka langkap mbarubul anarawata Br = lumêpasing panah saka gêndhewa tanpa kêndhat.

Sanjata. 1 Luput ing sanjata uwa Bs = kalis ing walat, ora bisa kêtaman wêwalak. 2 Sanjata pamungkas Pt = gêgaman pêng-pêngan (ampuh, mandi) diênggo nyirnakake mungsuh.

Suduk. 1 Suduk maru = lading kang landhêpe kiwa-têngên. 2 Pêdhang suduk = pêdhang kang landhêpe kiwa-têngên. 3 Suduk salira Br = nglalu pati sarana nyuduk wêtênge (dhadhane) dhewe.

Taji. 1 Masang taji Pt = didakwa malês ndakwa. 2 Endha mangiwa endha manêngên kaya prênjak tinaji Pp = olèhe endha cukat kaya prênjak ditamani pasêr utawa panah.

Tamèng. Apa kang ana ing kowe tibakna, daktamèngi dhadha Br = kowe duwe gêgaman apa tamakna ing awakku dak tadhahane dhadhaku.

Tumbak. 1 Tumbak braja = tumbak sing landhêpe lima. 2 Tumbak berang = tumbak mawa landeyan cèt-cètan. 3 Tumbak lilitwi = tumbak landeyane dicèt lorèng-lorèng. 4 Tumbak tambuh Pb = amitambuhi, api-api ora ngrêti. Kyai Biringlanangan lan Dhandhangmungsuh tumbake Arya Panangsang. 5 Matang tuna numbak luput Pb = kabèh panjangkane (ikhtiyare) ora bisa kalêksanan. 6 Tumbak Biring, gaweane Empu Pitrang (asmane Empu Supa sajrone ana ing Blambangan). 7 Baru klinthing, tumbake Ki Agêng Mangir. 8 Kiyai Plèrèt, tumbake Panêmbahan Senapati.

Cakra. 1 Cakra-byuha Kw = gêlaring baris wangun buwêngan. 2 Cakrawala Kw = gathuking langit karo bumi (êntèk-êntèkaning pandêlêng). 3 Cakrawaka Kw = mliwis. 4 Cakrawarti Kw = têgêse lugu: kang ngubêngake jagad, maksude: sing ngêrèh jagad, yaiku ratu. 5 Ratu nyakrawarti (nyakrawati) Kw = ratu sing ngêrèh jagad, ratu agung (kuwasa bangêt). 6 Kacakrabawa Kw = ditarka, didakwa. 7 Cakrakêmbang Pd = Kahyangane Kamajaya. 8 Nyakramanggilingan Kw = têgêse lugu: tansah mubêng kaya jinantra, maknane: lair timal-tumimbal, tumitah ing donya wola-wali. 9 Dhênta-dhênti kusuma warsa sarira cakra Slk = pangadilan sing jêjêg, tibaning putusan dingibaratake: Gadhing (dhênta), yèn wis mêtu ora kêna dilêbokake manèh; kêmbang (kusuma) yèn wis mêgar ora bisa mingkup manèh; udan (warsa) yèn wis tiba ora bisa bali manèh; panah (cakra) yèn wis lumêpas uga ora bisa mbalèk. 10 Rangsang Cakrakusuma = Sultan Agung.

Curiga. 1 Parang-curiga = araning corak bathikan. 2 Wrangka manjing curiga Lb = badan-wadag kawasesa dening badan-alus. 3 Utamane priya kudu ndarbèni: curiga, wisma, wanita, turangga, kukila = kudu landhêp pikire, momot atine, alus tindak-tanduke, têguh batine, alus wicarane.

Watang. 1 Urang watang = urang gêdhe. 2 Nggêntèni watang putung Bs = nggêntèni pangkate wong sing kêpêdhotan waris. 3 Nyambung watang putung Bs = ngrukunake wong pasulayan. 4 Sandhung watang Pt = prakara sing ora kêna ditêrak, yèn ditêrak nyilakani. 5 Lêbar watang Pt = wayangan malêm Minggu ing kraton, yaiku salêbare Sêton. (Ing dina sêtu prajurit padha gladhi ulah pêrang sarana migunakake sodor utawa watang, bêngine ing kraton wayangan). 6 Arêp jamure êmoh watange Pb = gêlêm mèlu ngrasakake wohe (enake), nanging wêgah rêkasa. 7 Matang bubukên Bs = nggugat ora ditêrusake. 8 Lunga pêrang putung watange Pl = pralambange R. Patah olèhe nênêlukake para adipati sing isih agama Buda dibiyantu para wali lan para mukmin, akèh wong mukmin sing tumêka ing tiwas. 8 Sarik dalan sandhung watang = alangane laku marga nêmu pakewuh kang bisa uga nganti njalari anane rajapati utawa rajatatu.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: