RSS

Gamelan

 

XXXVII. GAMÊLAN, TONTONAN

Jinising gamêlan: 1 gamêlan Klênèngan (ing Ngayoja diarani Gangsa uyon-uyon madya), ricikane ora pêpak, yaiku: rêbab, gêndèr, gambang, slênthêm, saron, kênong, kêmpul, gong, kêthuk, êmpyang, êngkuk, suling, clêmpung, kêndhang, kêpyak (kêprak). 2 Gamêlan Gêdhe, ricikane kaya gamêlann Klênèngan, nanging luwih pêpak, sabab diwuwuhi: bonang, dêmung, saron panêrus, gong gêdhe. 3 Gamêlan Gadhon, ricikane mung njupuk saprêlune: slênthêm, gêndèr, gambang, suling, kêndhang, kêthuk, kênong, gong. 4 Gangsa sêngganèn, sing digawe saka prunggu, ricikane akèh awujud wilahan. 5 Gangsa alit, kaya gangsa Sêngganèn, nanging sing digawe saka wêsi utawa kuningan. 6 Gangsa Monggang, mung nganggo titilaras 3 warna: panunggul, nêm.lima, kanggone yèn ana upacara kraton (miyose ratu ing sitingghil). 7 Gangsa Monggang patalon, ditabuh dina Sêtu (miyose ratu ing sitinggil nêdya mriksani gladhèn pêrang). 8 Gangsa Kodhokngorèk, kanggo ngormati dina gêdhe. 9 Gangsa Carabalèn, kanggo nabuhi gladhèn pêrang utawa wirèng.

Gamêlan sing misuwur: I Kraton Sala: Gamêlan Sêkatèn Nagajenggot lan Kyai Jimat, Larasati, Pangasih, Gunturmadu, Kancilbêlik, Kadukmanis, Manisrêngga: II Mangkunagaran: Kanut mèsêm, Udanasih, Udanarum, Lipurtambanêng. III Kraton Ngayoja: gamêlan Sêkatèn Nagailaga lan Guntursari, Harjanagara, Harjamulya, Madukèntir, Siratmadu, Mêdharsih, Mikatsih. IV Pakualaman: Pangawesari, Tlagamuncar.

Baladewa. Baladewa ilang gapite Pb = ilang kêkuwatane (kasêktène, panguwasane).

Bêdhug. 1 Bêdhug têlu = subuh, jam 4 esuk. 2 Pasa mbêdhug Pt = pasa têkan wayah bêdhug (jam 12). 3 Bêdhug dawa Pt = bêdhug jam 12 bêng.[5] 4 Dohe lakon sabêdhug Pt = dohe yèn dilakoni bisa têkan ½ awan (6 jam). 5 Emprit abuntut bêdhug Bs = prakara sapele dadi gêdhe.

Bima. 1 Bima akutha wêsi Bs = wong puguh bêbudène, utawa: dhasar kuwat mawa papan sêntosa. 2 Bimakunthing Pd = Sêtyakli. 3 Bimalukar = tuke kali Sêrayu (ing Diyèng, gunung Prau).

Blero. Blero pandulune Pt = têgêse lugu: yèn ndêlêng katon dhumpyuk, maknane: bingung pamilihe. 2 Gamêlane blero Pt = larase ora bênêr.

Bêndhe. 1 Sasore bêndhe Pt = sadawaning sore. 2 Bêndhe Pancajannya lan Dewadhênta = bêndhene Krêsna (tansah gumantung ing kreta apangirid turangga 4). 3 Bêndhe Kyai Macan = bêndhene Sunan Kudus. 4 Kyai Bicak = bêndhe-pusaka ing Mataram, asale saka Ki Agêng Sela; biyèn-biyène bêndhe iku kêmpuling gamêlan darbèke dhalang mbêbarang aran Bicak sing dipatèni dening Ki Agêng Sela.

Gangsa. 1 Pusara pangikêt gangsa Ws = pluntur. 2 Digangsa = digorèng nganggo diulêt gula. 3 Gasa saka: têmbaga + rêjasa.

Gong. 1 Ngêgongi Et = ngiyani, mupakati gunême liyan. 2 Gong bonjor = gong bumbung diênggo ngêgongi gamêlan angklung. 2 Nggantung gong Et = duwe gawe nganggo nênanggap (wayang lsp). 4 Gong muni sasêle Bs = mriksa prakara lagi ngrungokake paturane wong siji, sijine durung dipriksa (durung ditakoni). 5 Gong lumaku tinabuh Bs = kumudu-kudu ditakoni.

Grantang. Sambate kaya grantang Pt = sêsambat tanpa kêndhat. Grantang = gamêlan saka pring.

Kêmpul. Nyuwuk kêmpul Pb = ngrêribêdi wong rêmbugan.

Kêndhang. 1 Pasa tutup kêndhang Pt = nglakoni pasa mung ing dina wiwitan lan wêkasane sasi Pasa bae. 2 Kêndhangan dhêngkul Pt = ngenak-enak ora nyambut gawe.

Kêthuk. Thênguk-thênguk nêmu kêthuk Pb = ora nyambut gawe nanging gêdhe rêjêkine.

Kosok. Ora angon kosok Pb = ora nangguh wêktu kang prayoga; pêpindhane niyaga sing ora nggatèkake unine kosok (rêbab);kosok muni pathêt manyura umapane, ana niyaga sing nabuh gamêlan pathêt nêm utawa pathêt sanga.

Laras. 1 Gamêlane ora laras = blero. 2 Gunême ora salaras karo tindake = ora cocog. 3 Mundur palarasan Pt = lunga saka ing pajagongan (pasowanan) tanpa pamit. 4 Larase gamêlan warna 4: slendro, pelog, barang, laras miring. 5 Endhèk-dhuwure panglaras diarani êmbat, ana warna 3: Embat Larasati (kênès), êmbat Nyundari (ruruh), êmbat lugu (barès).

Pathêt. 1 Pathêting gamêlan slendro: pathêt nêm, pathêt sanga lan pathêt manyura. 2 Pathêting gamêlan pelog: pathêt lima, pathêt nêm utawa pathêt bêm lan pathêt barang. 3 Kêpathêtên Pt = ora bisa lunga nêrusake laku, marga kêpalangan udan lsp.

Suling. Glundhung suling Pt = priya sing nalika wiwit omah-omah karo wanita ora nggawa apa-apa (tanpa gawan). Yèn tumrap wanita ditêmbungake: Glundhung sêmprong.

Tabuh. Kênthonganmu tabuhên Pt = kowe têtakon (manawa ora ngrêti panggonane, yèn bingung lsp.

Togog. Nogog Pt = têka ing omahe liyan mung murih warêging wêtêng.

Wayang. 1 Mung sadrêma dadi wayang Pt = sadrêma nglakoni. 2 Wayang-wuyungan Pt = ora karuwan solahe (marga bingung lsp). 3 Winayang = Naya, mangsa Kanêm. 4 Wayang warna-warna, yaiku:

a) Wayang bèbèr = olèhe mitongtonake sarana dibèbèr (dijèrèng), isine kayata nyritakake lêlakone Jaka Kêmbangkuning lsp.

b) Wayang Purwa = baboning carita buku Ramayana, Krêsnayana lan Mahabarata.

c) Wayang Madya = kaya wayang Purwa, nyritakake wiwit Prabu Gêndrayana ing Astina têkan Lêmbusubrata ing Majapura, yaiku lakon ing salêbare Prabu Parikêsit ing Astina. (Yèn wayang Purwa nyritakake lêluhure Pandhawa têkan Prabu Parikesit).

d) Wayang Gêdhog = kêna diarani Wayang Wasana, nyritakake wiwit Lêmbusubrata têkan Panji Kudalaleyan ing Pajajaran, sing misuwur dhewe lakon Panji Putra (Jênggala).

e) Wayang Klithik = wayang Krucil, nyritakake Pajajaran têkan Majapait Brawijaya wêkasan, sing misuwur lakon Damarwulan – Menakjingga.

f) Wayang Golèk (wayang Thêngul), nyritakake lêlakone Menak (Jayèngrana, Amir Ambyah).

g) Wayang Suluh = wayang sing tuwuhe ing jaman parjuangan (tahun 1946) nggancarake babad (sêjarah), surasane dianggo nênangi sêmangating rakyat.

h) Wayang wong.

Wayang Purwa, wayang Madya lan Wayang Gêdhog sing digawe saka walulang. Wayang bèbèr saka barang sêmbêt (gombal, cita). Wayang Golèk saka kayu adhapur rêca, wayang Krucil saka kayu adhapur gèpèng. Wayang Suluh saka karton.

Wayang wong, critane padha karo wayang Purwa, nanging digawe cêkak.

Kajaba wayang, sing klêbu tontonan kayata:

a) Badhaya, ing kraton cacahe 9, ing Mangkunagaran lan Pakualaman cacahe 7 (kabèh wanita).

b) Srimpi, wanita 4.

c) Jogèd golèk, wanita 1, maknane nggambarake wanita (prawan) kang nêdhêng birahi.

d) Bondhan, wanita 1, nggambarake sênênging atine wanita sing mêntas duwe anak. Nanging jaman saiki ana Bondhan Tani, Bondhan Sarinah lsp.

e) Wirèng, nggambarake gladhèn kaprajuritan, sing njogèd priya utawa wanita.

f) Pêthikan, mèmpêr wirèng, katindakake dening priya utawa wanita, utawa campuran.

g) Langêndriya, sing dadi kabèh wanita, antawacanane nganggo têmbang, nyritakake Majapait – Blambangan (Damarwulan – Menakjingga).

h) Langênwanara, nyritakake Ramawijaya lan wadya wanara nglurug mênyang Ngalêngka: wanara lan danawa nganggo topèng.

i) Topèng, critane padha karo wayang Gêdhog.

j) Ludrug, sing dadi wong lanang kabèh, nanging macak (manganggo) wanaita.

k) Andhe-andhe-lumut, nyritakake Panji Putra.

l) Reyog, jathilan, jarankepang (èbèg).

m) Kêthoprak, lair ing Surakarta, ngrêmbaka ing Yogyakarta, nyritakake babad. n) Dhagêlan Mataram, nyritakake roman.

o) Dholalak lan gambus.

XXXVIII. KEWAN

Dasanama: 1 Manuk = kaga, kukila, pêksi. 2 Asu = sona, srênggala, anjing. 3 Kêthèk = wre, kapi, rewanda, joris, wanara, palwaga, kapila. 4 Gajah = dirada, dipangga, èsthi, liman. 5 Jaran, aswa, kuda, wajik, undhakan, turangga, titihan. 6 Macan = mong, arima, arimong, sardula, singa, sima, pragalba. 7 Ula = sarpa, taksaka, naga, ardawalika. 8 Iwak = mina, matswa (maswa), ulam. 9 Kodhok = wiyangga, canthuka. 10 Banthèng = angun-angun, andaka, nandaka, jawi. 12 Mêrak = badhak, cohung, manyura. 13 Kidang = arina, saraba, cêmuru,wariga. 14 Kêbo = andanu, maisa, mundhing. 15 Cacing = wrejit, wrecita, lusi, nahuti. 16 Galak = lodra, rota, krura, wiroda. 17 Gardaba = kuldi. 18 Garagati = kêmlandhingan. 19 Kêndhêla = kinjêng. 20 Endhog = antêlu, antiga. Anak kewan: Asu-kirik. Cèlèng-gênjik (jagar). Cêcak-sawiyah, Kucing-cêmèng. Kutuk-beyongan (kocolan). Iwak kakap-pelak. Kodhok-cebong (prêcil). Kêbo-gudèl (gondhèk). Sapi-pêdhèt. Jaran-bêlo. Kethèk-cênguk (munyuk) kênyung, Lutung-kowe. Dara-piyik. Tikus-cindhil. Warak-plêncing. Tuma-kor (êndhoge aran lingsa). Wêlut-udhèt. Wêdhus-cêmpe. Lintah-pacêt. Pitik-kuthuk. Lele-jabrisan. Yuyu-bèyès. Mênjangan-komprèng. Kidang-komprèng. Enthog-minthi (èndhèl). Banyak-blêngur. Mêrak-uncung. Brati-tongti. Macan-gogor. Glathik-cècrèkan. Tawon-gana. Gajah-blêdug.Bulus-kêtul. Baya-krete. Bèbèk-mêri. Kadhal-tobil. Babi-gêmbluk. Ngangrang-kroto. Buta-wil. Kucing-cêmèng.

Turun campuran: Blastêr-dara karo putêr. Brati-bèbèk karo enthog. Warèng-pitik lumrah karo kate. Bêkisar-pitik lumrah karo ayam-alas. Bêkikuk-pitik lumrah karo bêkisar. Bihal-jaran karo kuldi.

Lanang-wadon mawa aran dhewe-dhewe: 1 Bênce = puyuh lanang, yèn wadon aran gêmak. 2 Bandhot = wêdhus lanang. 3 Mimi = lanang (bangsane yuyu sagara), yèn wadon mintuna. 4 Pêlèn kêbo lanang. Tuhu iku lanang, yèn wadon aran kulik. 6 Jago (lincir) yèn wadon babon (dhara).

Kewan wis tuwa: 1 Bangkong (kongkang) – kodhok. 2 Bangkokan-kêthèk. 3 Kawuk-mênyawak. 4 Pêlus-sidhat.

Pamangane kewan: glathik nisil, piyik nothol, bèbèk (enthok lan banyak) nocor (nosor), cèlèng nggogos, macan (kewan galak) mangsa utawa nggaglag, ula nguntal, baya nyaplok, kêthèk ngakoti, tikus (bajing) ngrikiti, rajakaya nyênggut, asu nocok, buta mbadhog (nggaglag).

Unining kewan: jaran mbêkèr (mbêngingèh), manuk ngocèh, prêkutut (dêruk lan putêr) manggung, pitik pêtog-pêtog, jago kluruk, kodhok ngorèk, gangsir ngênthir, gêmak mêlung, asu mbaung (ngalup, njêgog), mêrak nyêngunglong, kêbo mbêngah, dara bêkur, jangkrik ngêrik, macan nggêro (nggêrêm), kêthèk mêre, gajah ngêmprèt, naga ngakak, buta ngêrik.

Jênênge wong nganggo arane kewan: 1 Ayamwuruk, Ratu Majapait IV (1350 – 1389). 1 Gajah-mada, Patih Majapait. 3 Narasingamurti, eyange Radèn Wijaya (sadulure Ranggawuni). 4 Lêmbuamiluhur, Ratu Kêdhiri sing pêputra Panji Putra. 5 Lêmbupêtêng, putrane ratu kang siningidake. 6 Siyungwanara, putra Pajajaran sing nglabuh Sri Pamêkas. 7 Kidangtêlangkas, putrane Sèch Maulana miyos saka Dèwi Rasawulan (Dèwi Rasawulan iku putrane Bupati Tuban). 8 Kêbokênanga, adipati Pêngging sing pêputra Jaka Tingkir. 9 Kêbokanigara, adipati Banyubiru sadulure Kêbokênanga. 10 Banyakngampar, Banyakcatra, Banyakblabur, putra Ratu Pajajaran.

Ayam. 1 Wadyabalane wutuh ayam Pt = wutuh-gêtuh, ora ana sing mati. 2 Nusup ngayam-alas Pp = lumaku nasak-nasak gêgrumbulan lan bêbondhotan. 3 Rêm-rêm ayam Pt = layap-layap, mêrêm-mêlèk, mèh turu. 4 Patine cinèkèr ayam Pt = Mr gajah.

Andaka. 1 Nglancipi singating andaka Bs = wêwadul marang panggêdhe murih dukane. 2 Kadi andaka tawan kanin Br = kaya banthèng kêtaton, tandange nalika ngamuk nggêgirisi. 3 Andaka kêtawan wisaya Bs = wong prakaran, ngrêti manawa bakal kalah banjur minggat. 4 Ngudang singating andaka = nantang wong lagi muring.

Angun-angun. Angun-angun ngadu pucuking ri Slk = wong ngadili mawas lan nandhing kaanane wong sing nggugat lan wong sing digugat.

Asu. 1 Asu arêbut balung Bs = rêgêjêgan prakara sapele. 2 Asu bêlang kalung wang Bs = wong asor, nanging sugih. 3 Asu gêdhe mênang kêrahe Bs = panggêdhe, sanadyan luput wasanane mênang olèhe prakaran karo andhahane. 4 Asu munggah ing papahan Bs = ngalap randhane kakangne. 5 Kaya asu karo kucing Bs = ora bisa rukun. 6 Sadulur asu Pt = tunggal biyung. 7 Asu buntung Ks = têtêmbungan diênggo ngunèn-unèni wong ala.

Bajul. 1 Bajul buntung Pt = wong sing sênêng bêbedhangan. 2 Bajul dharat Pt = bajingan.

Baya. 1 Bayatara Kw = mbêbayani. 2 Bayawara Kw = dhawuh saka dhêdhuwuran sing diundhangake. 3 Kêbaya-baya Pb = tansah nandhang cilaka. 4 Kêtiban tai baya Pb = ditarka, didakwa. 5 Kêsanja baya Pb = nêmu cilaka ana ing purug. 6 Kalingga baya Pb = kalingga ubaya = prakara sing wis kalingan janji. 6 Kinêpung wakul binaya mangap Pp = dikêpung mungsuh lan uga rinabasa. 8 Ngamuk punggung sura tan taha nirbaya nidwikara Br = ngamuk kanthi nekad bangêt ora wêdi apa-apa.

Banyak. 1 Gulu-banyak = gulu sing kaduk dawa; utawa: gagange kêmbang gêdhang. 2 Banyak-angrêm = arane lintang. Bathuk-banyak Pp = bathuk sing kaduk nonong. 4 Banyakdhalang, sawung-galing, ardawalika Pd = ampilan (upacara kaprabon) awujud pêpêthaning banyak, jago, ula (sing digawe saka êmas). Prabu Ardawalika Pd = ratu ing Malawa. 5 Ombak (alun) bêbanyakan Br = gêgulungan.

Banthèng. 1 Setyaki bêbanthèng Dwarawati Pd = andêl-andel, gêgêdhug, gêgembong. 2 Nyundhang bathang banthèng Bs = njunjung darahing aluhur sing wis apês.

Bèbèk. 1 Bèbèk mungsuh mliwis Bs = pintêr padha pintêr mêmungsuhan, sing siji kalah ubêd. 2 Opor bèbèk mêntas awake dhèwèk Bs = bisa mêntas saka kaskayane dhewe (ikhtiyare dhewe). 3 Bèbèk diwuruki nglangi Bs = wong pintêr diwuruki. 4 Bèbèk ngawula mêri Bs = wong tuwa manut marang wong nom. 5 Caping bèbèk = caping gêdhe, perangan buri mayuk mangisor nutupi gêgêre sing nganggo (dianggo wong angon bèbèk).

Bêlo. 1 Bêlo melu sêton Bs = wong mung anut ing grubyuk bae. 2 Ala bêlo bêcik jaran Bs = nalika isih cilik rupane ala, barêng wis diwasa ayu (bagus).

Bêluk. Bêluk ananjak Bs = nggugu sakarêpe dhewe. (bêluk = manuk kukuk-bêluk, manuk guwêg).

Bubuk. 1 Bubuk olèh lèng Bs = darbe sêdya ala olèh dalan prayoga, saya olèhe ngangseg. 2 Matang bubukên Pb = kaya watang gapuk (rusak) dening bubuk, maksude: nggugat ora ditêrusake.

Bulus. Akal bulus Pt = cara ngapusi sing kurang julig, gampang dingrêtèni dening liyan.

Dhandhang. 1 Ndhandhang-elak Pt = ngajap murih enggal nêmu cilaka, mati lsp. 2 Kuntul diunèkake dhandhang, dhandhang diunèkake kuntul Bs = sing bêcik dikandhakake ala, sing ala dikandhakake bêcik. 3 Dhandhanggula = Dhandhanggêndhis, Gula drawa, Sarkara, Hartati.

Dêlêg. Mburu ucêng kelangan dêlêg Pb = ngarah barang sapele, kelangan barang gêdhe.

Dipa = sorot, gêdhe, gajah. Dipangga = dipa + angga = sing mawa awak gêdhe yaiku gajah. Jamurdipa = gunung ing Suralaya. Jawa dipa = pulo Jawa. Dumipèng rat = sumorot ing jagad.

Dhuyung. Kêna ing dhuyung Bs = kêtaman ing guna-sarana.

Jago. 1 Jago mlile Pt = priya sing ora wani marang wanita (pêluh). 2 Jago tanggon Pt = jago sing kêna diêndhêlake. 3 Kêtanggor jago tanggon Pt = olèh tandhing (mungsuh) sing pêng-pêngan. 4 Gadhangan jago patohan Pt = calon wong pêng-pêngan (linuwih). 5 Jago godhogan Pt = jago bêlean, jago mung sadhiyan dibêlèh dialap danginge; entar: wong ora wani gêtih, jirih. 6 Jago kate wanine ana ing omahe Pt = wong jirih ora wani mapagake krodhaning mungsuh. 7 Jago wiringgalih jalu mungal Pt = jago sing adate mênangan: entar: wong sing pêng-pêngan bangêt. 2 Jago kluruk = araning wêktu.

Jalak. 1 Tapak-jalak = garis prapatan lêlirune tandha-tangan. 2 Tunggang-jalak = araning githoking rajakaya (jaran lsp). 3 Jalak ampir Pt = lêlungan nganggo mampir-mampir, bola-bali mandhêg. 4 Jalak mêmpan Pb = bênêre: unjal angêmpan = nyambut-gawe saka sathithik. 5 Njalak dinding Cd = candraning laku (tumrap wanita)

Jangkrik. 1 Kaya jangkrik mambu kili Pp = tandange wong ngamuk sing waringutên. 2 Jangkrik genggong Ws = gangsir; utawa araning gêndhing.

Jaran. 1 Jaran sêmbrani Pd = jaran sing bisa mabur, kayata jaran ing Suralaya sing aran Ocesrawas lan jarane Wong Agung Menak (Jayèngrana Ratu ing Pusêrbumi) sing aran Sekardwijan. 2 Jaran krubuhan êmpyak Bs = wis kanji bangêt. 3 Omah sadhuwuring jaran Pb = madêg kraman. 4 Kaya nunggang jaran ebeg-ebegan Pb = bungah bangêt. 5 Gagakrimang = arane jarane Arya Pênangsang. 6 Jênênge jaran sing nggèrèd kretane Krêsna: Ciptawalaha, Abrapuspa, Sukantha lan Senasêkti.

Arane mathine jaran sing bêcik: 1 Surtiman = unyêng-unyênging jaran dumunung ing janggut. 2 Sanggabuwana = ing ngiringan lambe ngisor. 3 Tadhah donya = ing tênggok. 4 Dhandhangsêsumping = ing poking kuping. 5 Jayèngrana = ing pucuking kuping. 6 Wutah-ati = ing andhêman têngên. 7 Baurêksa = ing bau ngarêp. 8 Jayapurusa ing sikut. 9

Darawibawa = ing garès têngên. 10 Jagamuksa = ing pathak ana unyêng-unyêngane jèjèr têlu. 11 Trajumas = ing pathak ana unyêng-unyêngane jèjèr têlu, nanging sing têngah rada mandhuwur.

Mathine jaran sing luwih bêcik: 1 Bakasambegana = ing pathak mawa unyêng-unyêng jèjèr luwih saka lima. 2 Rajayuwana = ing têngah gulu. 3 Sujèncacap = ing ngarêp andhêman. 4 Surung = ing ngisor silit. 5 Rêsi manungku = ing sikut. 6 Lamban = unyêng-unyêng mung siji ing sikil buri. 7 Sakapanggung = ing sikil papat pisan. 8 Satriya pinayungan = ing gigir kiwa.

Mathine jaran sing ala: 1 Samparwacana = ing iringane lambe dhuwur. 2 Bisu tinukup = ing pipi. 3 Sangkal akalung = ing gulu saburine pipi. 4 Dhandhangmala = ing sacêdhake pipi ngisor. 5 Dhandhang angrêm = ing andhêman ngisor. 6 Suduk = ing iring wêtêng. 7 Bayangangsar = ing wêtêng rada mêmburi. 8 Tandur-ingas = ing konthol. 9 Kombanganglèng = unyêng-unyêng mlêbu ing silit. 10 Kombanganglèng = bobate mlêbu ing silit. 11 Tambangarsa = ing dhêngkul bênêr. 12 Daramangkat = ing garès têngên. 13 Baya kêpêthuk = ing pathak jèjèr loro ngisor-dhuwur. 14 Trajumas = jèjèr têlu sing têngah rada mangisor. 15 Buntêl mayit = unyêng-unyêng muwel ing suri. 16 Tadhah-tangis = ing sangisor suluhan. 17 Tadhah-luh = ing sangisor mata. 18 Andhamustaka = ing dhuwure dhêngkul sikil ngarêp. 19 Lan liya-liyane.

Joris. Joris baris Bs = wong sing ngadhang-adhang luputing liyan.

Emprit. 1 Emprit nêba = gêlaring baris, wadyabala akèh bêbarêngan ngrabasa mungsuh. 2 Emprit abuntut bêdhug Bs = prakara sapele dadi gêdhe.

Endhog. 1 Ngêndhog lalêr Pp = pating trutul irêng-irêng (njamur), marga têlês ora tumuli bisa garing (tumrap sandhangan sing awarna putih). 2 Endhog sapatarangan, pêcah siji pêcah kabèh Bs = wong-wong sing wis golong pikir. 3 Pêndhitaning êndhog Pb = pêndhitaning antêlu = pêndhitaning antiga = ing lair katon suci, nanging batine ora suci. 4 Njagakake êndhoge si blorok Pb = ngêndêl-êndêlake barang sing durung karuwan. 5 Lonjong êndhog Pp = kaananing sêsipatane wong lumayu sing bantêr bangêt. 6 Cangkir êndhog satugêl = cangkir cilik tanpa cêkêlan.

Gajah. 1 Gajah tumbuk kancil mati ing têngah Bs = wong luhur pasulayan, wasana wong cilik sing nêmu cilaka. 2 Gajah ngidak rapah Bs = ora nêtêpi wêwalêre dhewe. 3 Nggajahêlar Bs = kumlungkung, ambêk gak-kêduga. 4 Lambe-gajah Pp = perangane wilahan kêris ing sacêdhake kêmbang-kacang. 5 Gajahoya Pd = Astina. 6 Kupu-gajah = arane kupu sing gêdhe. 7 Kuping-gajah Pp = arane têtuwuhan sing lumrahe ditandur ana ing pot. 8 Empyak gajah Pt = arane êmpyak gêdhe ing têngah. 9 Gajah njêrum Pt = gajah ndhêkêm = gula batu saprongkal-gêdhe kinêlêm wedang (teh) ing cangkir. 10 Gajah-ngoling Pd = arane sumping (agême putri). 11 Cindhil ngadu gajah Bs = sêmut ngadu gajah = wong cilik ngêdu wong gêdhe. 12 Setan nunggang gajah Bs = mung murih kapenake dhewe. 13 Gajah marani wantilan Bs = njarag marang kacilakan. 14 Kodhok nguntal gajah Bs = prakara sing mokal. 15 Bathang gajah Bs = wong gêdhe sing wis ilang panguwasane. 16 Gajah nguntal sangkrah Ck = pawon, luwêng. 17 Gajah mêta = gajah ngamuk. 18 Gajah mêta cinancang wit sidaguri Pl = kraman aran Dirana (turune lurah-srati aran Dirada) kêna dicêkêl dening Pangeran Pringgalaya, nuli diugêr ing wit-wringin alun-alun Kartasura, dirampog sarana dicocogi dom). 19 Gajah Antisura = titihane Suyudana. 20 Gajah Herawana = titihane Bathara Indra. 21 Gajah ngoling = arane sumping. 22 Gajah Puspadhênta = titihane Baladewa.

Gagak. 1 Gagakrimang = jarane Arya Panangsang. 2 Gagakbongkol, Podhangbinorean, Jangêt-kêkêncêng, Dhandhangminangsi = punggawa ing Jodhipati. 3 Gagak nganggo laring mêrak = Mr. Mêrak.

Gangsir. 1 Ngêlar gangsir Pp = klobot sing sêrate gêdhe-gêdhe. 2 Mungkur gangsir Pt = moh melu cawe-cawe. 3 Gangsir sungute salawe Ck = gêdhene sungute padha karo lawe (bênang).

Garudha. 1 Garudha mungkur Pd = kancing-gêlung awangun pêpêthan sirah garudha, trape mungkur. 2 Garudha nglayang Pp = araning gêlare baris wadyabala Pandhawa sajrone Bratayuda (yèn gêlare barise Kurawa aran Dirada-mêta). 3 Garudha kang kasêbut ing padhalangan yaiku:

a) Briawan, titihane Bathara Wisnu. Garwane Briawan asma Dèwi Kastapi, iku putrane Wisnu.

b) Sêmpati, putrane Briawan. Sêmpati tau pêrang-tandhing karo Dasamauka, yaiku nalika Dasamuka nêdya ngalap Dèwi Sukasalaya (putrane Prabu Banaputra Ratu ing Ayodya).

c) Jênthayu, garwane asma Dèwi Jathawati. Jêntheyu taupêrang-tandhing karo Dasamauka, yaiku nalika Dasamuka ndhusta Sinta. Jênthayu iku adhine Sêmpati.

d) Garudha Binarat, yaiku garudha kang malih songsong Tunggulnaga marga dijêmparing dening Manumanasa.

e) Garudha Wilmana, titihane Bomanarakasura Ratu ing Trajutrisna.

f) Garudha Mahambira, yaiku garudha kang kasinungan daya bisa mangrèh lakuning angin (bayu).

Glathik. 1 Glathik-mungup Pp = omah sing ing sisih ngarêp apayon sèng (putih), sisih buri gêndhèng (abang). 2 Glathik sakurungan Bs = wong-wong sing wis golong pikir. 3 Glathik-dhindhing = arane gêndhing. 4 Glathik-incêng-incêng = araning têmbange Bancak-Doyok.

Gudèl. 1 Nêmu gudèl Pt = nêmu barang kècèr sing gêdhe pangajine. 2 Nggudèl bingung Pb = ora karuwan polahe (lumrahe marga kêslêpêk ing butuh). 3 Kêbo nusu gudèl Bs = wong tuwa njaluk wuruk marang wong ênom.

Gurêm. Gurêm thèthèl-thèthèl Bs = wong cilik njangka dadi luhur.

Iwak. 1 Iwak kalêbu ing wuwu Bs = wong kêna ing bêbaya marga kurang wêweka (lumrahe saka panggawene mungsuh). 2 Bacin-bacin iwak, ala-ala sanak Bs = sanadyan ala wong isih sadulur mêsthi ora bakal tega. 3 Dikêna iwake aja nganti buthêk banyune Pb = kang disêdya klakona nanging aja nganti gawe gêndra. 4 Sêksi ngiwak-iwak Pb = sêksi mung awêwaton krungu swara (swaraning padu, tantang-tinantang lsp).

Yuyu. 1 Yuyu rumpung = yuyu sing gothang sikile, pothol sikile. 2 Yuyu rumpung ing jaladri Ws = mimi. 3 Yuyu rumpung mbarong ronge Bs = wong mlarat, nanging omahe njênggarang gêdhe. 4 Mripat yuyu = mripat sing tansah êmbik-êmbik kêrêp kêdhèp; entar: gêmbèng, cingèng.

Kadhal. 1 Kadhal ijo Ws = bunglon. 2 Kadhal-mènèk = arane gêlung, yaiku gêlung têkuk sing pucuke dislêmpèdake ing jungkat. 3 Ngadhal-mêtêng Pp = wangune gêndhewa (ing têngah gêdhe, kiwa-têngên mêrit).

Kaga. 1 Kaga krêsna Ws = gagak, dhandhang. 2 Kaga kitêr antariksa Ws = manuk sing kalangan ing langit, maksude: dara. 3 Sayèng kaga Ws = wisaya sing diênggo ngêrah manuk, maksude: kala.

Kawuk. 1 Dhudha kawuk Pt = dhudha bangkok, dhudha sing wis tuwa. 2 Budhuk kawuk Pb = nindakake panggawe ala, wasana tumiba ing awake dhewe. 3 Kawuk ora wêruh marang salirane Bs =nacad marang liyan, ora ngrêti manawa awake dhewe sugih cacad.

Kêbo. 1 Kêbo bule mati setra Bs = wong pintêr sangsara uripe, marga ora ana sing mbutuhake kapintêrane. 2 Kêbo mulih ing kandhange Bs = pangkat oncat saka waris (pangkat sing dadine sarana pilihan) wasana bisa bali marang waris iku manèh. Utawa, nalika ênom nyambut-gawe ing papan adoh, barêng tuwa bisa nyambut-gawe ana ing tanah wutah-gêtihe. 3 Kêbo ilang tombok kandhang Bs = ngupaya barang ilang ora kêtêmu, malah wuwuh kelangan wragad sing diênggo nggolèki. 4 Kêbo lumumpat ing palang Bs = ngadili prakara ora miturut wêwaton sing wis ditêtêpake. 5 Kêbo mutung ing pasangan Bs = nggarap pagawean durung rampung wêgah nêrusake. 6 Cêdhak kêbo gupak Bs = sêsrawungan karo wong ala. 7 Kêbo lumaku dipasangi Bs = njaluk supaya ditrapi pagawean abot. 8 Bodho kaya kêbo Pp = bodho bangêt. 9 Digarokake dilukokake kaya si kêbo dhèblèng Bs = dikon nindakake pagawean abot luwih saka sawarna lan prasasat ora tau bisa ngaso. 10 Kêbo kabotan sungu Bs = ora bisa ngragadi anak (marga saka akèhe). 11 Dikêbo ranggah Bs = diênggo bêbantên. 12 Pisah kêbo Bs = pisahan karo bojone, nanging durung pêgatan. 13 Têpung kêbo Bs = têpung, nanging durung ngrêti jênênge. 14 Kêbombang Ws = kêbo + abang, yaiku: sapi, maksude: kapiran, nanging banjur mingsêd atêgês: ora ana sing ngrewangi nindakake pagawean, marga kêtinggal kanca. 14 Kêbo Ijo Bb = punggawa kraton Tumapêl sing didakwa nyedani Tunggulamêtung, nanging satêmêne sing nyedani Kèn Arok (sarana kêris gaweane Empu Ganring). Kêbokênanga Bb = adipati Pêngging (sing pêputra Jaka Tingkir). 17 Kêbokanigara Bb = Adipati Banyubiru, adhine Kêbokênanga, uga kasêbut Ki Buyut Banyubiru. 18 Kêbo bongkang nyabrang kali bangawan Pl = Kêbokênanga lan Kêbokanigara tumêka ing seda, marga ora karsa manjing agama Islam.

Kêdhasih. Kaya manuk kêdhasih Bs = wanita dialap bojo dening priya digawa lunga, wasana ana ing paran ora diopèni.

Keyong. 1 Tutup-keyong Pp = tutupe omah (kiwa-têngên) sing digawe nam-naman pring awangun maju-têlu. 2 Keyong gondhang jarak sungute Pl = Jaka Tingkir turun cilik bisa jumênêng ratu; dipralambangake keyong, marga wutah-gêtihe ing Pêngging akèh banyune (umbul); keyong iku pasabane ing banyu.

Kênthus. Kumênthus ora pêcus Pb = sugih kasaguhan (umuk), toging êndon ora bisa mrantasi.

Kêthèk. 1 Tangan Kêthèk Pt = ngglidhig bangêt. 2 Kêthèk saranggon Bs = wong-wong nunggal saomah sing awatak ala kabèh (maling lsp). 3 Rampèk-rampèk kêthèk Pb = lingak-linguk (bingung, judhêg) ora ngrêti apa sing prayoga ditindakake. 5 Udan kêthèk ngilo Pt = udan, nanging panas, srêngenge katon. 6 Kêthèk mènèk andha, nyêkèk ora tawa Pr = diênggo ngunèni wong sing mangan apa-apa tanpa tawa marang liyan sing kêbênêr ana ing sandhinge lungguh.

Kidang. 1 Lumpat kidang Pb = nggarap apa-apa ora urut, ana sing diliwati. 2 Ngaturake kidang lumayu Pb = nuduhake kamelikan sing angèl pangarahe. 3 Mburu kidang lumayu Pb = ngarah kamelikan sing nglêngkara bisane kêna. 4 Kidang lumayu atinggal swara Bs = wong lumaku ana ing dalan karo mêmisuh, nanging ora karuwan sing dipisuhi. 5 Kidang Têlangkas = Jaka Tarub, garwane widadari Nawangwulan, pêputra Nawangsih.

Kinjêng. 1 Kaya kinjêng tanpa soca Bs = mak-makan tindake, marga ora ngrêti tata-krama. 2 Bali mênyang kinjêng-dome Bs = wong cilik dadi gêdhe, wasana dadi cilik manèh.

Kintêl. Kaya kintêl Pt = sugih umuk pêthunthang-pêthunthung, nanging ora sêmbada.

Kirik. 1 Kirik munggah ing bale Bs = wong nistha didadèkake priyayi. 2 Rindhik kirik digitik Pb = rikat bangêt, kayata: wong kêpengin banjur diwènèhi. 3 Apik kumripik nancang kirik Pb = tindak-tanduke bêcik, nanging atine darbe sêdya ala. 4 Sandhing kirik gudhigên Pb = sêsrawungan karo wong ala.

Klabang. 1 Klabang nyandêr = wangune omah (dawa). 2 Klabang sinadhung murub Ws = rena. Klabang = kala + abang).

Kodhok. 1 Kodhok sajroning bathok Pt = ora duwe wawasan jêmbar, marga kurang sêsrawungan. 2 Kodhok ngêmuli lènge Ib= jiwa (suksma, badan-alus) murba-wasesa badan wadag (raga). 3 Ngodhok Pt = mlaku dharat. 4 Nyangkêm kodhok Pp = suwèke barang smbet [?] awangun maju-têlu. 5 Kodhok ngorèk = arane gamêlan (gêndhing).

Kukila. 1 Kukila kang among dhustha Ws = bênce, kulik, tuhu. 2 Saur kukila Br = saur manuk, wangsulane wong pirang-pirang kang swarane ora bêbarêngan. 3 Sapta kukila warsa Cd = candrane wong minum 7 sloki, kaya manuk kodanan (njêdhindhil). 4 Utamane priya ndarbèni: curiga, wisma, wanita, turangga, kukila = Mr curiga.Kul. Mogèl kul Pt = ora nduwèni polah apa-apa (polah utawa pokal kang ala), klêbu wong alim.

Kutuk. 1 Kutuk nggendhong kêmiri Bs = wanita manganggo mompyor ngambah dalan sing mbêbayani (ana begale). 2 Kutuk marani sunduk Bs = njarag marani bêbaya.

Kutut. Kututmanggung = arane gêndhing.

Kucing. 1 Kucing sandhing dhèndhèng Bs = priya kumpul wanita. 2 Ora duwe kucing gêring Pt = mlarat bangêt. 4 Kucing êndhase irêng Bd= maling, wong.

Kuwuk. 1 Ditêmu kuwuk Pt = diwalês nalika kêtêmu ijèn. 2 Mbuwang rase olèh luwah Pb = mbuwang barang ala, wasana malah olèh sing luwih ala.

Lalêr. 1 Cumbu lalêr Pt = watake ora antêpan, inggatan. 2 Nglalêr mencok Pp = brêngos cêndhak ngrêsêpake (kayata brêngose Hitlêr). 3 Nglalêr wilis Pt = atindak nistha, nguthuh, nylêkuthis.

Lêmbu. 1 Lêmbu Andani Pd = titihane Bathara Guru. 2 Lêmbupêtêng = putrane ratu kang siningidake (miyos saka garwa ampeyan, sêlir). 3 Lêmbusura Pd = patihe Prabu Maesasura ing Guwakiskêndha. 1)[10]

Lêmud. Cablèk-cablèk lêmud Pb = ora tau nindakake pagawean abot, kapenak bangêt uripe.

Liman. 1 Liman Situbanda Pd = gajah sing kasinungan daya bisa mangrèh lakune angin. 2 Ganda kentir sêmune liman pêpeka = Sri Pamêkas ing Pajajaran kêna disêdani dening Siyungwanara sarana dilabuh, marga kurang wêweka. 3 Liman seta tata-jalma Pd = gajah putih bisa gunêman, kayata sing ndhusta Dèwi Erawati putri Mandraka.

Lusi. 1 Giri lusi janma tan kêna ingina Pt = cacing ora bisa nggrêmêt, ewadene bisa têkan ing pucuking gunung; apa manèh manusa, saya ora kêna diina. 2 Gathutkaca dhinupak lusi = ora kêna, marga endha.

Manuk. 1 Mêcêl manuk mabur Pb = wong sing bisa nindakake pakaryan kaliwat angèl. 2 Manuk mencok dudu pencokane, rupa dudu rupane Pt = samubarang sing nyalawadi, kayata: wanita manganggo priya, utawa kocok-baline, kudu dikawekani. 3 Manuk mabur uluke ngungkuli langit Ib = kêplasing nyawa dohe tanpa wasana. 4 Dhadha manuk = dhadha sing mungal. 5 Mêmanuki Pt = njampangi. 6 Thar-thir kaya manuk ngunjal Pb = nggêgawa saka sathithik. 7 Dikêmpit kaya wade, dijuju kaya manuk Pt = diopèni bêcik lan dicukupi pangane.

Macan. 1 Macan gadhungan Pt = macan malihane wong. 2 Macan guguh Bs = wong gêdhe kang wis ilang panguwasane (mêksa isih katon mêdèni). 3 Nguthik-uthik macan dhedhe Pb = ngganggu-gawe wong nêpsu sing wis lilih. 4 Atangga macan Pb = atêtanggan wong sing ngangkah rusaking liyan (utawa rusaking nagara). 5 Nggondhèli buntuting macan Pb = nggugu ujare durjana utawa manut tingkah-lakune. 6 Disênggara macan Pt = digrêtak (supaya wêdi). 7 Singidan nêmu macan Pb = nêdya mêtu dalan sing sêpi malah konangan wong sing dieringi (panggêdhe). 8 Kêkudhung walulang macan Pb = nganggo aling-aling wong sing duwe panguwasa, supaya kalêksanan sêdyane. 9 Sagalakane macan, ora ana macan mangsa anake dhewe Pt = satêgêlane wong ora ana wong tega nggawe cilakaning anak (sadulur). 10 Lakune macan luwe Cd = lêngkèt-lêngkèt, lambunge kiwa-têngên obah mêndat-mêntul. 11 Macan kombang = macan sing bisa mibêr. 12 Macan tutul = macan sing awake tutul-tutul (irêng).13 Macan gembong = macan sing gêdhe. 14 Ana wong ngoyak macan dèn wadhahi bumbung Pl = Tumênggung Urawan nyêkêl kraman yaiku Pangeran Pugêr akanthi gampang bae (saka dhawuhe Sunan Mangkurat ing Kartasura).

Mêrak. Gagak nganggo laring mêrak = wong asor kang panganggone (uripe, tindak-tanduke) kaya wong gêdhe.

Mêri. Kawruhe basa Jawa jêro tapak mêri Sn = ora jêro, mung kambang-kambang (Ind: tidak mendalam).

Mimi. Kaya mimi lan mintuna Pp = tansah rêruntungan prasasat ora tau pisah, rukun bangêt.

Mong. 1 Netrane kadya mong Pp = mripate amba bangêt. 2 Lir tinêbak ing mong tuna, sinambêr ing gêlap lêpat Br = gugup-gurawalan bangêt marga saka bangête nratabing atine, kayata manawa ditimbali dening ratu. Ditêbak = ditubruk, didêkêp kanthi mancolot.

Naga. 1 Naga taun = naga sing rumêksa keblat, pindhah ênggon sabên 3 sasi sapisan, yaiku: a) Bêsar, Sura, Sapar ing lor. b) Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal ing wetan. c) Jumadilakir, Rêjêb, Ruwah ing kidul. d) Pasa, Sawal, Dulkangidah ing kulon. 2 Naga jatingarang = naga sing rumêksa keblat pindah ênggon sabên 3 sasi sapisan, yaiku: a) Sawal, Dulkangidah, Bêsar ing lor. b) Sura, Sapar, Mulud ing wetan. c) Rabingulakir, Jumadilawal, Jumadilakir ing kidul. d) Rêjêb, Ruwah, Pasa ing kulon. 3 Naga dina = naga rumêksa keblat

pindhah sabên dina, yaiku: Ngahad ing kidul, Sênèn ing kidul-kulon, Slasa ing kulon, Rêbo ing lor-kulon, Kêmis ing lor lan lor-wetan, Jumuwah ing wetan, Sêtu ing kidul-wetan. 4 Naga rijallullah = naga rumêksa keblat pindhah sabên dina, yaiku: Ngahad ing kidul, Sênèn ing wetan, Slasa ing lor-wetan, Rêbo ing dhuwur, Kêmis ing lor, Jêmuwah ing kulon, Setu ing kidul-kulon. 5 Nagagini lan Nagatatmala Pd = putrane Hyang Antaboga ing Saptapratala. 6 Nagaraja Pd = mara tuwane Krêsna, yaiku kang pêputra Dèwi Pratiwi lan Pratiwanggana. (Dèwi Pratiwi kagarwa Krêsna pêputra Suteja utawa Bomantara). 7 Naga-mangsa, naga-ngangrangan, naggêndra-rêsmi Pd = wangune kêlat-bau. 8 Naga lumaksana = dhapure wilahan kêris sing mawa luk. 9 Naga tapa = dhapure wilahan kêris sing lêncêng bae.

Orong-orong. 1 Nangis ngorong-orong Pp = sêru lan suwe. 2 Kaya orong-orong kêpidak Pt = cêpklakêp mênêng dadakan. 3 Orong-orong nggotong gênthong Bs = njangka prakara sing mokal bisane kalêksanan.

Pêking. 1 Saron pêking = panitir, panacah, saron sing cilik dhewe. 2 Balung pêking Pb = sèkèng. 3 Pêking abuntut mêrak Bs = prakara cilik wasana banjur dadi gêdhe. (Emprit abuntut bêdhug).

Pêksi. 1 Pêksi munya nèng gantangan Ws = prêkutut. 2 Pêksi muluk kinêplokan Ws = dara. Pêksi jiwa-jiwa = manuk dewata klangênane ratu sing kêna kanggo titikan (mbedakake) wayah awan karo bêngi.

Pêcruk. Pêcruk tunggu bara = wong ala pinracaya rumêksa barang sing dadi pakarêmane.

Pitik. 1 Pitik trondhol diumbar ing padaringan Bs = wong ala pinracaya rumêksa barang sing dadi pakarêmane. 2 Pitik trondhol dibubuti wulune Bs = wong sèkèng kêmalingan nganti êntèk-êntèkan; utawa: wong mlarat diwajibake mbayar warna-warna, kêpêksa ngêdol kabèh darbèke. 3 Pitik walik saba kêbon Ck = nanas. 5 Pitik êndhase têlu Ck = pitik êndhase dibuntêl wulu (mawa wulu). 6 Digawe pitik putih raga tanpa mule Bs = wong pintêr sing ora dirakêti liyan, mung kala-kala manawa dibutuhake kapintêrane lagi digolèki. Raga tanpa mule = awake ora kinurmatan.

Prêkutut. Katurangganing prêkutut sing bêcik: 1 Srimangêmpêl = kukune drijine putih kabèh. 2 Wisnuwicara = cucuk lan sikile sêmu abang. 3 Wisnumangênu = awake sakojur sêmu irêng. 4 Kusumawicitra = cucuk lan sikile putih. 5 Pandhawamijil = buntute 15., lare kiwa-têngên nglimalas. 6 Purnamasidi = matane abang sumorot kocak kaya mirah. 7 Mercujiwa = matane kuning ajait sumorot. 8 Musthika = saranduning awak putih. 9 Minêpgêdhong = ing wayah surup srêngenge manggung. 10 Gêdhong-mênga = manggung ing wayah srêngenge mlêthèk. 11 Wisnumurti = mata, cu

Katurangganing prêkutut sing ala: 1 Bramasulur = ulase sêmu abang. 2 Bramalabuh gêni = ulês napas. 3 Bramakakap = raine putih têrus cangkême. 4 Durgangêrik = awan-bêngi manggung. 5 Durganguwuh = manggung têngah wêngi. 6 Sêngkalapipit = lak-lakane putih. 7 Sanggabuwana = mawa lar putih siji ing gigire. 8 Lêmburuhan = awulu brumbun. 9 Candhalasabda = pundhake putih. 10 Wisnu tinundhung = gênthane sêmu irêng.

Têdhake prêkutut: 1 Pajajaran = ulês wungu têrus ing gênthane. 2 Majapait = ulês ijo têrus ing gênthane. 3 Tuban = abang sikile têrus ing gênthane sêmu putih, cucuke cêndhak. Mataram = sikile têrus gênthane sêmu putih, cucuke cêndhak. 5 Pajang = sikile têrus gênthane sarta tlapakaneblawus. 6 Sêdayu = sikile putih sêmu klawu têrus ing gênthane lan tlapukane

Prênjak. Endha mangiwa endha manêngên kaya prênjak tinaji Cd = cukating endhane mangiwa utawa manêngên manawa pinrawasa dening mungsuh (ngendhani gêgamane mungsuh).

Sapi. 1 Ratane nggêgêr sapi Pp = kaya gêgêr sapi, ing têngah dhuwur, kiwa-têngên êndhèk. 2 Kapiran kapirun, gaga ora matun sapi ora nuntun Pb = kapiran ora kêpanduman apa-apa. 3 Sêmut irêng anak-anak sapi Pl = Dèwi Sapudhi putri saka Wandhan (turune wong asor) pakulitane irêng-manis kagarwa Brawijaya-Wêkasan pêputra Lêmbupêtêng.

Sata. 1 Sata kuncung Ws = mêrak. 2 Ngrêpèpèh-ngrêpèpèh pindha sata manggih krama Cd = lakune mêndhak-mêndhak sajak andhap-asor sêmu ngasih-asih (kaya jago kêtêmu babon).

Sêmut. 1 Sêmutên = gringgingên, krasa griming-griming kaya dirambati sêmut. 2 sêmut marani gula Bs = wong marani kamelikan (pangan). 3 Ana gula ana sêmut Pb = panggonan sing ana kamelikan (pangan, kasênêngan) mêsthi ditêkani dening wong. 4 Gula-sêmut = arane panganan sing digawe parudan (krambil) karo gula. Sêmut irêng anak-anak sapi = Mr. Sapi.

Sidhat. Lakune nyidhat Pt = ngambah dalan trabasan supaya luwih cêdhak.

Sikatan. Kaya sikatan nyambêr walang Cd = cukate manawa mrawasa mungsuh.

Singa. 1 Singa-barong = macan mawa wulu dawa. 2 Singanagara = tukang nindakake ukum-pati, lêgojo. 3 Singa ranu Ws = baya. 4 Singamulangjaya Pd = Sêtyaki. Wrêsniwira. 5 Gêrêng-gêrêng pindha singa antuk bayangan Pp = kaya singa olèh mêmangsan (nêpsu, nggêtêm-nggêtêm). 6 Singa papa ngulati mangsa Slk = panggêdhe uripe kêcingkrangan golèk pitulungan marang rakyat.

Singgat. Ngungkat-ungkat singgat, nênangi kêmrêki Pt = njalari tuwuhe kêkarêpan ala.

Sisik-mêlik. Golèk sisik-mêlik Pt = golèk cihnane barang sing dilari (titik-mêlik).

Sona. Sona bêlang mati arêbut mangsa Bs = nêmu cilaka marga saka angkara-murkane.

Tawon. 1 Byung-byungan tawon kambu Bs = wong pirang-pirang grudag-grudug (marga kelu pawarta). 2 Nawon kêmit Pp = wangune bangkekan sing cilik (mênggik). 3 Thang-thêng kaya tawon boni Bs = wong tansah wira-wiri (lunga-têka saka siji).

Têkèk. Têkèk mati ulone Bs = nêmu cilaka marga saka gunême dhewe.

Têngu. Têngu mangan brutune Bs = dipracaya nyimpên barang, wasana dicolongi dhewe. Brutu iku papan tancêbing buntut, ora katon, pêpindhane barang sing disimpên).

Tigan. Tigan kaapit ing sela Bs = wong sèkèng mêmungsuhan karo wong sêntosa tur dibut loro.

Tikus. 1 Tikus pithi ngunggah-unggahi Bs = wanita asor ngunggah-unggahi bangsa luhur. 2 Tikus mati ing êlènge Bs = ora tau lunga-lunga marga kêpatèn pasaban, wasana tumêka ing pati.

Tinggi. 1 Ninggi Pt = wong disanjani (didhayohi) ora nyênyuguh malah njaluk apa-apa marang wong sing nyanjani. 2 Sêga sakêpêl dirubung tinggi Ck = salak.

Trênggiling. Nrênggiling api mati Pb = api-api ora ngrungokake, sajatine nggatèkake bangêt.

Truwèlu. Nyalulu nruwèlu Pb = têka ing omahe wong duwe gawe tanpa diundang (prêlu ngalap suguhan).

Turangga. 1 Turangga ngrap ing pandêngan = Mr Pandêng. 2 Utamane priya kudu ndarbèni: curiga, wisma, wanita, turangga, kukila – = Mr. curiga. 3 Katuranggan = titikan ala-bêciking awake (jaran, prêkutut lsp) katitik saka tandha-tandha kang tinêmu ing awake, kayata: Satriya pinayungan + jaran kangmawa mathi (unyêng-unyêng) ing gigir sisih kiwa. Samparwacana = jaran kang mathine (unyêng-unyênge) ing iringane lambe dhuwur. Srikuning = prêkutut sing suluhane mripate kaduk kuning, mangkono uga ing bontose brutu sisih ngisor, dayane ngrêjêkèni wong sing ngingu. Bramakokop = prêkutut sing sangisore cucuke mawa wulu njêgrag kaya jenggot, warnane sulak abang, dayane sing ngingu kêrêp lara.

Canthuka. 1 Swarane pindha sasra canthuka warsa Cd = rame kaya pangorèke kodhok sèwu abungah-bungah marga ana udan. 2 Dèwi Anjani tapa nyanthuka ing dhampènge tlaga Madirda Pd = patrape tapa ndhêpèpès ing dhampènge tlaga (kaya kodhok). Canthuka Kw = kodhok.

Cacing. Dicuthat kaya cacing Pb = ditundhung kanthi cara siya bangêt.

Cèlèng. 1 Cèlèng gotèng = bangsane cèlèng, nanging cilik. 2 Ngadhêp cèlèng bolotên Pb = sêsrawungan karo wong ala. 3 Nrajang grumbul ana cèlènge Pb = njarag nêmu cilaka.

Clarat. Embat-êmbat clarat Pb = ngawekani samubarang sing arêp ditindakake. Clarat = klarap, clèrèt-gombèl.

Cocak. Cocak nguntal lo Bs = njangka prakara sing mokal bisane kalêksanan.

Ula. 1 Ula-ula dawa Pb = prakara sing banjur dadi ngambra-ambra. 2 Ula marani gêbug Bs = njarag nêmu cilaka. 3 Dolanan ula mandi Pb = njarag nindakake apa-apa sing mbêbayani.

Ulêr. 1 Mênêng wada ulêrên Pb = ing lair katon bêcik, batine darbe sedya ala. 2 Ngulêr-kambang Ws = kaya ulêr-kambang, kaya lintah, maksude: satitahe, alon-alonan.

Urang. 1 Buntut-urang Pp = rambut ing githok (lancip kaya buntut urang). 2 Urang watang = urang gêdhe. 3 Urang-ayu = araning wangune suwêng. 4 Cucut-urang = arane manuk, cucuke dawa sabane ing sandhing blumbang lsp (pakane iwak). 5 Gêlung supit-urang Pd = gêlung minangkara (kayata Janaka Lsp). Omahe mawa dalan Supit-urang Pt = mawa dalan loro sing anjog ing plataran. 7 Kutha Supit-urang = arane kutha Pasuruan ing jaman biyèn, nalika samana Prabalingga aran Bangêr. 8 Dèwi Urangayu = garwane Anoman pêputra Trigangga.

Walang. 1 Nguntu walang Pp = rênggêt-rênggêt. 2 Londho-londho walang sangit nggendhong kêbo Pp = katone ora nduwèni akal ala, jêbul julig bangêt. 3 Malang gambuhi Bs = jêjodhoan sing wadon luwih gêdhe (awake). 4 Malang-kadhak,Pt = kaya walang-kadhak, yaiku mathènthèng sajak umuk (Walang-kadhak iku bangsa manuk). 5 Wêruh cos walang-tatune Pt = wêruh tibane gêgaman sing njalari raja-tatu (raja-pati). 6 Kutu-kutu walang-ataga Br = sakabèhe gêgrêmêtan kewan rumangkang. 7 Walang kayun Ws = walang tyas, walang karsa, walang ati, sumêlang. 8 Walang sangkêr Kw = apa-apa sing ngrêribêdi. 9 Rêp sidhêm pramanêm tan ana sabane walang salisik (tan ana banene walang salisik) Br = sanalika sêpi nyênyêt. 10 Kutu-kutu walang ataga = sakabèhe kewan gêgrêmêtan lan rumangkang.

Wanara. 1 Wanara seta = Anoman. 2 Wanara Anjani putra = Anoman. 3 Catur wanara rukêm = candrane wong minum 4 sloki. 4 Siyungwanara = putra ratu Pajajaran sing nyedani Sri Pamêkas. 5 Langênwanara = lakon wayang Rama abala wanara, antawacanane sinawung ing têmbang.

Wêdhus. 1 Wêdhus prucul = wêdhus sing tanpa sungu. 2 Wêdhus diumbar ing pakacangan Bs = wong ala pinracaya rumêksa barang sing dadi pakarêmane.

Wêlut. 1 Rêmbuge kaya wêlut dilêngani Pb = ora kêna diêndêl, mencla-mencle. 2 Enggon welut diêdoli udhèt Pb = ênggone wong sugih kapintêran diumuki kapintêran.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: