RSS

Bumi Saisine

XXXIX. TÊTUWUHAN

Golongan: 1 Krowodan = woh-wohan lan jêjanganan. 2 Dhukut kruwut = sakabèhe têtanduran ing pakarangan. 3 Pala gumantung = têtuwuhan sing umure ora nganti puluhan taun (katès, gêdhang). 4 Pala kirna = têtuwuhan wohe gumantung sing bisa nganti puluhan (atusan) taun (nangka, durèn lsp). 5 Pala kêpêndhêm = têtuwuhan wohe ana sajrone lêmah (dianggêp woh), kayata: wi, gêmbili, talês lsp. 6 Pala kêsimpar = têtuwuhan mawa wit nlosor (timun, sêmangka lsp). 7 Gêgrumbulan = têtuwuhan mawa wit atos pangpange cêdhak sapu-lêbu (njalari rungkud). 8 Bêbondhotan = têtuwuhan sing mrambat pêpulêtan.

Adas. Sêmbur-sêmbur adas siram-siram bayêm Pt = saka puji-pandongane wong akèh muga-muga bisa kalêksanan.

Alang-alang. 1 Alangalangkumitir = kahyangane Sang Hyang Tunggal. 2 Ora ngrêti alang-ujure = ora ngrêti sing njalari anane kadadean; ora nyipati patine. 3 Sing malang-malang putung, sing rawe rantas = kabèh sing ngegol-goli disirnakake.

Arèn. Kèkrèk arèn Pb = nindakake pakaryan angèl lan kanthi kaworan rasa was-sumêlang.

Asêm. 1 Nguyah-asêmi Pb = ngalêmbana nganti luwih saka ing samêsthine. 2 Rog-rog asêm Pb = têgêse lugu: udan sing tibane banyu (têploke) gêdhe-gêdhe, nanging mung sadhela; maksude: ada-ada, pakumpulan lsp sing ora nganti umur suwe banjur bubar, marga para wargane kêtuwuhan rasa bosên utawa wêgah.

Awar-awar. Ngaub awar-awar Pb = suwita marang wong sing mlarat utawa ora nduwèni panguwasa.

Bawang. 1 Bawang lanang = bawang cilik tanpa siyungan. 2 Pupuk-bawang = mèlu dolanan, nanging ora diwajibake mèlu dadi. 3 Sasiliring bawang Pt = tipis bangêt, sadhela bangêt.

Bolu. Bolu rambatan lêmah Bs = prakara sing embet-embetan tanpa wasana. 2 Bathok bolu isi madu = wong asor, nanging sugih kaluwihan.

Brambang. Dirajang kaya brambang, dikêthok kaya lombok = ukara sing lumrah diucapake wanita yèn nuju muring marang bojone.

Bung. Bung pring pêtung Bs = bocah sing wlagang bangêt (enggal gêdhe bangêt).

Dhadhap. 1 Dhadhap kêtuwuhan cangkring Bs = prakara bêcik ana sing njalari ala. 2 Suta, Naya, Dhadhap, Waru, Niti Pt = ngandhakake wong sing durung ngrêti jênênge. 3 Mbok randha Dhadhapan Bb = randha sing dingèngèri Dèwi Sêkartaji (Kèn Limaran, Candrakirana).

Durèn. 1 Jaran kêmbang-durèn Pp = ulês kuning. 2 Ngêmbang durèn Ws = ndlongop. 3 Pipi ndurèn sajuring Pp = lancap lan ramping ngrêsêpake.

Jambe. 1 Kaya jambe sinigar Pp = padha rupane. 2 Sadulur jambe-suruh Pb = dudu sadulur, nanging manjing wis dadi sadulur. 3 Dakkinange jambe suruhe Pt = dak lamare.

Jamur. 1 Jamur tuwuh ing waton Bs = samubarang sing elok alangka. 2 Arêp jamune moh watange Pb = gêlêm ngrasakake enake wêgah nglakoni rêkasa. (Watang = batang, prabatang, wit).

Jarak. 1 Entèk jarake Pb = êntèk kasugihane. 2 Ilang jarake kari jaile Pt = ilang kaprawirane kari asore (nisthane). 3 Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati Bs = turune wong asor dadi gêdhe, turune wong luhur dadi cilik. 4 Keyong gondhang jarak sungute = Mr. keyong.

Jati. 1 Jati kêtlusuban ruyung Bs = golongane wong bêcik kêcampuran wong ala (klêbon têlik). 2 Guru sajati Pt = ngèlmu kasampurnaning pati. 3 Kreta Jatisura Pt = kretane Ramawijaya kang sinimpên dening Wibisana ing salêbare

pêrang Alêngka (pamburine sinimpên putrane Wibisana kang asma Prabu Bisawarna Ratu Singgêla). 4 Sunan Gunungjati Bb = Wali kang asmane satêmêne Fatahilah (Faletehan).

Gadhung. 1 Ijo-gadhung = ijo-nom. 2 Ula gadhung = ula awarna ijo. 3 Digadhung = diêndêmi gadhung: entar: diapusi. 4 Gadhung-mlathi = corake ikêt (ijo ing têngahe putih). 5 Gulune nglunging gadhung Cd = janjang sêmu mayuk mangarêp. 6 Lunggadhung sêmune rara nglikasi Pl = Sunan Mangkurat (putrane S. Pakubuwana I) warnane bagus, nanging panggalihe thukmis.

Gêdhang. 1 Gêdhang apupus cindhe B[1] = kabêgjan elok alangka (nglêngkara). 2 Rubuh-rubuh gêdhang Pb = sêmbahyang mung tiru-tiru bae, ora ngrêti rapale. 3 Rara gêdhang Pt = prawan sing mêtêng. 4 Disuguh gêdhang bangka Pt = ditabok. (Driji-driji sing mêthênthêng diênggo nabok iku ngibarate gêdhang bangka).

Galuga. Galuga salusur sari = wis bêcik kaswuwuhan bêcik; bagus (ayu) tur luhur bêbudène.

Gêdêbog. 1 Nggêdêbog bosok Bs = wong ala rupane lan ala wêwatakane. 2 Nguwod gêdêbog Pb = dipracaya jêbul ora mitayani. 3 Ngandêl tali gêdêbok Pb = pracaya marang wong kang ora sêntosa ing budi. 4 Dêboh bosok galih asêm Pt = unèn-unèn sing lumrah iucapake[2] manawa wong kêpêthuk mayit kang arêp dikubur.

Kangkung. 1 Cêblok kangkung Pb = bakul nawakake dagangane kanthi rêga saya mundhak-mundhak. 2 Gilèkana galihing kangkung Ib = ngrêtia manawa sajroning raga iku ana jiwa (nyawa).

Karang. 1 Digawe karang abang = dirusak sarana diobong. 2 Karangkitri = wit-witan ing pomahan sing ngêtokake woh. 3 Karangkopèk = desa sing ora duwe sawah. 4 Karangulu = bantal. 5 Dikarangulu = dipèk bojo, tumrap randhane sadulur. 6 Karangmêlok = kêmbang awangun bundêr.

Kacang. 1 Kacang mangsa tinggala lanjaran Bs = wêwatakane bocah lumrahe padha karo wong-tuwane. 2 Wêdhus kacang Pt = wêdhus cilik. 3 Taine ana kacange dicuthiki Pb = wong kang petung bangêt marang bandha (cêthil bangêt), nganti dilakoni atindak nistha. 4 Kêmbang-kacang Pp = perangane wilahan kêris ing sandhing lambe-gajah. Uga arane lagu (kroncong).

Kêdhêle. Esuk kêdhêle sore tempe Pb = gunêm mencla-mencle, rêmbug sing molah-malih.

Kêmangi. 1 Lanang kêmangi = Mr. lanang. 2 Kêmangi gagange wulung Ws = têlasih.

Kêmiri. 1 Ngrêbut kêmiri kopong Pb = melik barang sing tanpa pangaji. 2 Kêmiri juru = kêmiri gêdhe sing gêgêre nglingir.

Kêmladheyan. Kêmladheyan ngajak sêmpal Bs = sanak-sadulur sing ngajak marang karusakan.

Kênthang. Ora ngrêti kênthang-kimpule Pb = ora ngrêti dhadhakane prakara, ora ngrêti mula-bukane.

Kêpuh. Gantung kêpuh Pt = sandhangan sapangadêg (ora tau salin). 2 Kaya didadah lênga kêpuh Pb = tanpa tata kaya wong alasan. (Kêpuh, kalêbu golongane wit alasan).

Kêtepang. Kêtepang ngrangsang gunung Bs = wong sèkèng darbe panjangka gêdhe; panjangka sing ora majad, nglêngkara.

Lêmpuyang. Durung ilang pupuk-lêmpuyange Pb = dipadhakake bocah cilik (durung duwe pangalaman).

Lombok. 1 Lombokên = krasa panas marga mêntas nggêpok lombok. 2 Kapok lombok Pt = kapok sadhela banjur wani manèh. 3 Lombok rawit = lombok cilik (nanging pêdhês bangêt).

Lumbu. Enggak-enggok lumbu Pb = mung manut marang ombyaking liyan, tanpa kêkêncêngan dhewe.

Mrica. 1 Mrica kêcut Ws = wuni. 2 Diracut nganti samrica binubut Br = diringkês bangêt.

Nangka . Gupak pulut ora mangan nangkane Pb = rêkasa ora kêpanduman pituwase.

Nila. Embuh si nila êmbuh si êtom Pt = yèn wong nyatur alaning sadulur, sing luwih ala êmbuh sing dicatur êmbuh sing nyatur. 2 Nila-krama Kw = takon kanthi urmat. 3 Anila Kw = angin (padhalangan: patihe Prabu Sugriwa ing Guwakiskêndha sing nyedani Patih Prahastha ing Alêngka). 4 Nila-wrêdi = nila batan kang bêcik dhewe. 5 Nila-pracandha Kw = angin gêdhe. 6 Nila-widuri Kw = bangsane sêsotya (awarna biru).

Pandhan. 1 Pandhan isi pandhoga Br = wanita bangsa luhur sing mêtêng. 2 Pandhan rawa Ws = wlingi. (Mandhan rawa = manglingi).

Pari. 1 Pari jêro = pari sing dawa umure, kosok-baline: pari genjah. 2 Nandur pari jêro Pb = gawe kabêcikan, mbokmanawa anak-putune bisa nampa piwalêse. 3 Pari-jatha =arane lagu têmbang Sinom. 4 Pari-sawuli Kss = arane buku isi sara-silahe ratu (wayang); uga atêgês: pari-sarunge. 5 Wong wudunên iku sugih pari Bld = paringisan (kêrêp pringisan, yaiku manawa wudune kêgêpok apa-apa). 6 Pari-krama Kw = mawa subasita, kosok-baline: tanpa krama. 7 Parikudu = paripêksa = kumudu-kudu, kanthi pamêksa. 8 Parimirma Kw = Parimarma, kawêlasan. 9 Paripurna Kw = rampung; uga atêgês: mari (waluya). 10 Pariwara Kw = wara-wara. 11 Aywa tinggal pariwara Kw = aja tinggal pitutur, nganggoa pitutur bêcik. 12 Pari gaga = pari kang panandure tanpa diêleh banyu (ing patêgalan). 13 Gêguyon pari-kêna Pb = sêmbrana pari-kêna = darbe pangarah, panêmbunge kanthi sêmbranan (kaya ora tênanan). 14 Wadung pari Ws = ani-ani. 15 Sapari-polahe = sabarang tindak = tanduke. 16 Yèn ana gawe pari gawe = yèn ana bab sing kudu ditandangi. 17 Parikêsit = ratu Astina putrane Abimanyu; arane corak bathikan.

Pring. 1 Pring anom rinujit miring Ws = tutus. 2 Jaksa pring sadhapur Bs = pangadilan kang pangarsane lan warga-wargane kabèh isih nunggal sasadulur. 3 Nyèrèt pring saka pucuk Pb = pagawean gampang dadi angèl, jalaran kliru carane nggarap.

Pudhak. 1 Kempole ngêmbang pudhak Cd = awarna putih. 2 Pudhak sinupit Pt = dodotan ing sisih têngên mung sadhuwur dhêngkul. 3 Tunjung putih sêmune pudhak sinumpêt Pl = pralambange satriya suci sing pamburine bakal jumênêng Ratu ing Kêtangga. 4 Pudhak-satêgal Pd = pudhak-sinumpêt = araning sumpinge Wrêkudara.

Pucang. 1 Lakune mucang kanginan Pp = perangane awak sisih dhuwur obah ngiwa-nêngên (kaya obahe pucang marga kanginan, pantiyang-pantiyang). 2 Mucang Kw = nginang. 3 Sêkar pucang Ws = mayang (ukara candhake: sèwu bêgja kêmayangan). 4 Pucangan = patrape Dèwi Kilisuci utawa Sanggramawijaya (putrane putri Erlangga).

Ropoh. 1 (Pagêr) rogoh = pagêr mawa êrèn, rêrencekan lsp. 2 Têpung ropoh sambung kalèn Pt = omah-omah nunggal pagêr nunggal kalèn karo tanggane.

Sêmangka. 1 Sêmangka jingga = sêmangka sing abang (ing jêrone). 2 Kuru sêmangka Sn = lêmu bangêt. 3 Nagara nêdya disigar sêmangka Pt = diparo bênêr (padha gêdhene, padhajêmbare; saparo kanggo Pandhawa, sing saparo kanggo Kurawa).

Singgang. Gambrèt singgang mrakatak ora ana sing ngênèni Bs = prawan kênès ora ana sing nglamar, marga ora ana priya sing gêlêm ngalap bojo.

Suru. Kêpêngkok pagêr suru Pb = nêmu rêribêd dadakan. (Suru = bangsane wit cocor-bèbèk).

Suruh.1 Suruh ayu Pt = suruh pilihan dianggo sajèn utawa srananing dhukun. 2 Grêgêt-grêgêt suruh Pt = nêpsu nanging ora kêwêtu (mung nggêtêm-nggêtêm bae). 3 Kaya suruh lumah lan kurêbe. dinulu seje rupane, ginigit padha rasane Br = wong loro sing kaananing laire, rupane lsp. katon beda, nanging darbe tekad padha (kayata: Krêsna karo Janaka).

Têbu. 1 Maling nêbu sauyun Pb = wong-wong nunggal saomah sing atawak ala kabèh (maling, kècu, garong, tukang kutil lsp). 2 Têbu tuwuh socane Pb = prakara wis bêcik banjur ana sing nyetani. 3 Milih-milih têbu Pb = nêdya milih sing luwih bêcik jêbul malah olèh sing luwih ala.

Têki. 1 Rai têki Pb = ora idhêp isin. 2 Cobolo mangan têbu Pb = bodho bangêt (gêblêg) ora pantês mangan sêga, pantêse mangan sukêt (têki). 3 Emping têki = êmping saka bonggoling têki (luwih larang tinimbang êmping mlinjo, lan luwih enak).

Têmu. 1 Têmu-gêlang = bundêr gathuk. 2 Têmu tangan = panggih asta, dhaup. 3 Ditêmu kuwuk = ditandangi (dipilara) nalika kêtêmu ijèn.

Timun. 1Timun jinara Bs = pagawean sing gampang bangêt ditindakake. 2 Timun wungkuk jaga imbuh Bs = wong bodho (dudu wong sing kalêbu pêng-pêngan) kanggone manawa ana kêkurangan (diênggo sèrêp, andhungan). 3 Anak-anakan timun Bs = ngêpèk anaking liyan, barêng wis diwasa dialap bojo. 4 Timun mungsuh durèn Bs = wong sèkèng mêmungsuhan karo wong santosa. 5 Timun wuku gotong wolu Pl = pralambange R. Sutawijaya (Panêmbahan Senapati) jumênênge Ratu kanthi pambiyantune priyagung wolu, yaiku Ki Pamanahan, Ki Juru Martani, Ki Jurukithing, Ki Buyut Wirasraba, Ki Panjawi, Tumênggung Mayang, Adipati Batang lan Pangeran Made Pandhan.

Tunjung. 1 Tunjung tuwuh ing sela Bs = prakara sing mokal. (Tunjung = trate, pangkaja). 2 Tunjung putih sêmune pudhak sinumpêt = pralambange Ratu kang akadhaton ing Kêtangga.

Tungkul. = kaya wit jênu, nanging ora matèni. 1 Nungkul aris = têluk tanpa pêrang. 2 Kêtungkul = tansah nindakake. 3 Tumênga sêpa, tumungkul sêpi = ora ana sing dijagakake.

Cêpaka. 1 Katon cêpaka sawakul Pt = disênêngi dening wong akèh. 2 Nyandhunga cêpaka sawakul Pt = muga-muga nêmua kabêgjan gêdhe.

Cikal. 1 Cikal-bakal Pt = cakal-bakal, miwiti têtruka gawe padesan utawa nagara. 2 Cikalan = turahane kambil sing diparud. 3 Cikal atapas limar Bs = kabêgjan kang mokal, kayata: tuku palêmahan, barêng digarap (didhudhuk) ana pêndhêmane raja-pèni.

Uwi. 1 Kawak uwi Pt = wong tuwa bangêt (wis ora ana kanggone). 2 Lilit-uwi = tali iratan pring sing diplintir. 3 Tumbak lilit-uwi = tumbak sing landheyane diêcèt lorèng-lorèng.

Wringin. 1 Sanggar waringin Pt = wong sing bisa dadi pangayoman sanak-sadulur. 2 Wringin sungsang = arane aji-aji sing njalari ora pasah ing gêgaman. 3 Dêdêge ngringin sungsang Pb = peranganing awake sisih ngisor njêbobog gêdhe, ing sisih dhuwur cilik.

XL. WIT LAN PERANGANE

Dasanama: 1 Wit = batang, prabatang, watang, taru, dêlêg, wrêksa, kayu. 2 Godhong = ron, rondhon, patra, dhaun, parna. 3 Kêmbang = kusuma, puspa, puspita, sêkar, sari, padma. 4 Woh = pala, wilupa.

Arane Godhong: Asèm sinom. Randhu baladewa (sêmarakandhi). Cipir cêthèthèt. Kacang lêmbayung. Krambil janur (blarak, klari). Kelor sèwu (limaran, sapujagad). Kimpul lumbu. Kimpul alas kombang. Turi pêtuk (samparangin). Tela-rambat jlegor. Wuni mojar. Lêmpuyang lirih (pupuse). Jati jompong (pupuse). Lombok sabrang. Pring larmanyura. Jarak blêdhèg. Jambe dêdêl (procot). Mlinjo so. Kêmladheyan kumuda. Waluh lomah-lamèh.

Perangane godhong: gagang, lêmbaran, ada-ada.

Arane kêmbang: Arèn dangu. Nipah dongong. Nangka babal. Cubung torong. Cêngkèh polong. Randhu (jambu) karuk. Kêncur sèdhèt. Kanthil gadhing. Kacang bundhêl (bêsêngut). Kara kèpèk. Krambil manggar. Kelor limaran. Kluwih onthèl. Kopi blanggrèng. Kapas kadi. Kimpul pancal. Durèn dlongop. Têbu glêgês. Suruh drèngès. Salak kêthêkêr. Pohung ingklik. Jengkol cuwis. Pandhan pudhak. Pête pêndul. Dhadhap celung.

Jati jangglêng. Jambe mayang. Mlinjo ucêng. Garut grêmêng. Gêdhang tuntut (jantung, ontong). Blimbing maya.

Perangane kêmbang: gagang, slaga, makutha, sungut sari, sari, sungut pêntil.

Arane pêntil: Asêm cêmpaluk. Nangka gori (tèwèl). Randhu (jambu) karuk. Krambil bluluk (dêgan, cêngkir). Kwèni gêndheyo. Jambe blêbêr. Jagung jantenan. Mlinjo kroto. Manggis blibar.

Arane woh: Arèn kolang-kaling. Kanthil gandhèk. Turi klenthang. So mlinjo. Kêsambi kêcacil. Wi katak (dumunung ing cangklakaning godhong). Widara anyang. Pucung kluwak. Gêbang krandhing. Bêngkowang bêsusu. Pandhan pandhoga.

Arane wiji: Asêm klungsu. Nangka bêton. Cipir botor. Randhu klênthêng. Kwèni pêlok. Kluwih bêton (bêthêm). Kapas wuku. Durèn pongge. Tanjung kêcik. Pêlêm pêlok. Pakèl pêlok. Jambe jêbug. Mlinjo klathak.

Arane wit: glugu-krambil, ruyung-arèn, dêbog-gêdhang, pucang-jambe, têbon-jagung, canthèl.

Babal. Babal bundêr manglung kali Ws = êlo, lumrahe ukara candhake muni: dhuwa-lolo.

Bayêm. 1 Sembur-sêmbur adas, siram-siram bayêm, = Mr. adas. 2 Bayêm arda, ardane ngrasuk busana = Mr. busana.

Bathok. 1 Têsmak bathok Pb = ora idhêp isin. 2 Mbathok mangkurêb Pp = wangune dalan ing têngah dhuwur. 3 Bathok bolu isi madu Bs = wong asor. nanging sugih kapintêran.

Bêras. 1 Bêras wutah arang mulih ing takêre Bs = samubarang sing wis owah ora bisa pulih kaya maune. 2 Dudu bêrase ditêmpurake Bs = udhu rêmbug sing ora cocog karo bab sing dirêmbug. 3 Bêras-kêncur = wêdhak bêbakan bêras karo kêncur. 4 Bêras-kuning = bêras dikunir. 5 Bêras mêlik = bêras irêng. 6 Bêras kêtan = bêras sing dadine sêga plikêt. (Kêtan = saka têmbung wod: kêt + an = bêras sing kaanane kêkêt utawa krakêt). 7 Bêras patik = bêras putih kêcampuran abang. 8 Bêras-panganen = krasa mbêdhêdhêg wêtênge marga mangan sêga magêl. 9 Bêras satêngah Pt = wong sing kapintêrane mogol.

Bêton. Rêmbuge pêrêt bêton = mencla-mencle, utawa pintêr pêpadon.

Duk. 1 Duk sandhing gêni Bs = wanita kumpul priya (gampang tuwuhe panggodha). 2 Duk ing nguni Kawi = dèk biyèn.

Êmpol. 1 Êmpol pinecok Pb = prakara sing gampang bangêt ditindakake. 2 Pil-pot Pt = jalukan ora wewehan (gêlêm nampa pawèwèhing liyan, nanging wêgah mènèhi).

Gabah. 1 Polahe kaya gabah diintêri Cd = padha uyêk-uyêkan bingung pating bilulung. 2 Gabah sinawur Pb = wong sing ora duwe papan tartamtu. Uga arane coraking bathikan. 3 Gabah arang = bêras sing isih akèh gabahe. 4 Digêgabah Br = digêgasah murih tangi kêkêndêlane.

Gagang. 1 Nggagang aking = kuru bangêt. 2 Tigas gagang = bakda diênèni têrus diêdol.

Godhong. 1 Dadia godhong moh nyuwèk Pt = wis wêgah sapa-aruh. 2 Lawas-lawas kawongan godhong Pb = wong ngabdi lawas-lawas mêsthi ora kanggo. 3 Cangkêm rusak godhong jati krasa opak Pb = sanadyan barang sing ora pantês dipangan mêksa dipangan, saking nggragase. 4 Aling-aling godhong waringin Pb = nutupi panggawene ala nganggo cara sing gampang dingrêtèni dening liyan. 5 Kaya ngandhut godhong randhu Pb = rêmbuge mencla-mencle.

Kayu. 1 Kayu-apu = bangsane sukêt sagara. 2 Dikayu-alakake Pb = dicêcamah, dianggêp ora prayoga disrawungi. 3 Sèndhèn kayu aking Pb = sumendhe (awêwaton) saksi sing wis mati. 4 Nggugat kayu aking Pb = nggugat wong sing wis mati. 5 Wastra bêdhah kayu pokah Br = kêtaton nganti putung balunge. 6 Kayu buntêl mayit Pt = kayu mawa pèlèt putih (tilasing klokopan) ora prayoga diênggo dandanan. 7 Kayu manis = bangsane manis-jangan. 8 Kayu-dang = kayu bakar, kayu tunon, kayu bong. 9 Kayu-taun = wit-witan sing kayune (dêlêge) kêna dianggo dandanan. 10 Kayuwanan Kw = ka + yuwana + an = karahayon, kaslamêtan (yuwana = slamêt, basuki).

Kawul. Ngagar mêtu kawul = nggêgasah, ora pasah.

Kêmarung. Ngrêgêm kêmarung Pb = momong wong sing angèl watake lan bisa mbêbayani (nyilakani). Kêmarung = êrining gêmbili.

Kêmbang. 1 Lara iku kêmbanging pati Pt = jalarane pati. 2 Pêrang kêmbang Pd = pêrang salêbare jêjêr pandhita (jêjêr gara-gara), yaiku pêrange satriya karo danawa; diarani “pêrang kêmbang ” Pd = pêrang salêbare jêjêr pandhita, (jêjêre) pêrang sabanjure, yaiku pêrang tanggung lan pêrang gêdhe (pêrang brubuh). 3 Dadi kêmbang lambe Pt = tansah diucapake. 4 Kêmbang sêpasang = anak 2 wadon kabèh. 5 Kêmbang paès = kêmbang sapisanan (lumrahe ora dadi woh).6 Kêmbang-asêm = ulêse kucing abang sêmu kuning. 7 Kêmbang durèn = ulêse jaran (kuning). 8 Kêmbang-api = bangsane mrecon nanging ora mbêdhos. 9 Kêmbang-waru = arênge ucêng-ucêng diyan. 10 Kêmbang gula = bangsane panganan mut-mutan (prêmèn). 11 Tandurane kêmbang pilangên = kêparag ama sing njalari godhonge awarna kuning. 12 Kêmbang sataman = banyu dikumi kêmbang sing apik-apik (dianggo mijiki pangantèn utawa dianggo sajèn). 13 Aras-kêmbang = gampang tampa sihing liyan (bêndarane, panggêdhene).

Kêcik. Kêcik-kêcik yèn wudhu Pb = sanadyan barang sapele yèn nuju wudhu gêdhe gunane.

Kleyang. Kleyang kabur kanginan Br = kandhang langit kêmul mega = wong ngulandara (lumrahe ora duwe omah).

Kolang-kaling. Botên nggrantês saluguting kolang-kaling pinara sasra = atine ora sêrik babar pisan.

Lahang. Lahang karoban manis Bs = bagus rupane (utawa ayu) tur bêcik wêwatakane.

Mayang. 1 Sêkar pucang, sèwu bêgja kêmayangan = bêgja bangêt. 2 Kêmbangmayang = bukèt kanggo pangantèn, yèn tumrap layon (wong mati) diarani gagarmayang. 3 Mayangkara = Anoman. 4 Disêndhal mayang = dicabut ngêgèt (tumrap nyawa). Mr. kaca 74.

Mêndhang 1 Mêndhang kêbaratan Br = kleyang kabur kanginan, wong ngulandara. 2 Mêndhangkamulan Pd = kraton sing dhisik dhewe ing Jawa-Wetan dumunung ing puncake gunung Mahendra (Lawu), sing jumênêng Ratu Bathara Guru, patihe Rêsi Narada. 3 Mêndhanggana Pd = kratone Bathara Indra nalika jumênêng Ratu ing puncake gunung Sêmèru ajêjuluk Maha Raja Sakra. 5[3] Mêndhangpura Pd = kratone Bathara Wisnu nalika jumênêng Ratu ing puncake gunung Slamêt (wukir Gora sakidul Têgal) jêjuluk Maha Raja Suman.[4] Mêndhanggora Pd = kratone B. Bayu nalika jumênêng Ratu ing puncake wukir Karang (ing Pulo Bali) jêjuluk Maha Raja Bima.[5]

Mêrang. 1 Desa sadhêdhak-mêrange Pt = desa sakukubane lan saisine. 2 Lambe satumang kari samêrang Pb = olèhe mituturi wis bola-bali, sing dipituturi mêksa durung manut-miturut.

Patra. 1 Anirna patra Pb = ngungkiri prajanjian kang wis tinulis (layang). 2 Ngreka patra Pb = ngakal-akal layang prajanjian, ngowahi, malsu. 3 Bisa matra-kelasa Br = bisa nganut warnaning patra (godhong), bisa molah-malih warna. 4 Suwalapatra Kw = layang.

Ramban. Ramban-ramban tanggung Pb = ngarani wong (narka, ndakwa), nanging ora ngrêti jênênge.

Ri. 1 Ancik-ancik pucuking ri Pb = tansah minggrang-minggring ora kêpenak atine, marga ora bisa olèh atine bêndara (panggêdhe). 2 Nglancipi êri Pb = nênangi atine wong sing lagi muring murih saya muring. 3 Cacah êri iwake kabèh ana sajinah = mung ngelingi kèhe, tanpa ngelingi gêdhe-cilike utawa ala-bêcike. 4 Tulisane ngêri Pp = lancip-lancip ora ngêtumbar (tumrap tulisan Jawa).

Ron. 1 Tunggak kalingan rone Bs = ngrasani wong, ora ngrêti yèn sadulure sing dirasani ana ing kono. 2 Alise ngroning imba Pp = tipis, nanggal sapisan.

Sada. 1 Sada lanang = sada sing ana kasiyate. 2 Kêndhalisada = padhepokane Anoman. 3 Nguyuh aling-alingan sada = mareni tindake nistha, isih sêsrawungan karo wong nistha.

Slaga. Salin slaga Pt = malih panêmune (kayakinane). Slaga = sing mbuntêl kêmbang sadurunge mêgar.

Sarah. Sumarah = kaya sarah, yaiku kaya godhong kendhang ing banyu, maksude: atine sumèlèh (nrima). 2 Banjir gêtih asarah bangke = saking akèhe pêpati.

Sari (yèn dipluta dadi muni: sri). 1 Rêbut sari Br = ungkul-ungkulan kaendahan. 2 Mbabar sari Br = lagi nêdhênge mêtu kaendahane (tumrap bocah wadon uga ditêmbungake: pêcah pamore). 3 Kasur-sari = paturon sing endah (mawa kasur lan sinêbaran sari utawa kêmbang). 4 Sinawuran sari ginanda wida jêbat-kasturi Pd = disêbari kêmbang sing dicampuri lênga wangi saka dhèdhès. 5 Nggarap-sari Pt = wêruh banyu, kèl. 6 Pêcêl saren = dhidhih saren karo pêcêl (bumbu pêcêl). 7 Sarine pangan = pathine pangan, yaiku jasading pangan sing migunani tumrap awak. 8 Sari-kuning = kêmbang sing diênggo adon-adon mbabar jarit lsp. 9 Sari-kurung = kêmbang nagasari. 10 Galuga salusur sari Pb = wis bêcik kawuwuhan bêcik. 11 Eka padma-sari Cd = candrane wong minum sasloki (cahyane sumringah kaya sarining kêmbang). 12 Srigunung = katone bêcik manawa saka kadohan, kosok-baline: Sri-taman utawa sripante. 13 Jinêm-sari Kw = jinêm-mrik, jinêm-rum, jinêm-sêkar, paturon sing endah (ngganda wangi). 14 Wotsari Kw = mangênjali. nyêmbah. 15 Tamansari = kêbok kêkêmbangan. 16 Pantisari = omah ing têngah tamansari. 17 Sriwêdari = patamanan ing kahyangane Wisnu;uga arane patamanane para ratu sing katitisan Wisnu, uga arane kêbon kewan ing Sala (madêg taun 1901).

Sêkar. 1 Sêkar kadhaton = têtunggule para putri ing kraton, yaiku: putri kang sêpuh dhewe miyos saka pramèswari. 2 Sêkartaji Bb = putri Daha kang uga asma Candrakirana kagarwa Panji Putra ing Jenggala. 3 Sêkardwijan Pd = jaran sêmbrani titihane Wong Agung Menak. 4 Sêkar Wijayakusuma Pd = kêmbang sing diênggo sarat jumênênge Ratu (Solo lan Yogyakarta), pamêthike saka pulo cilik sacêdhake Nusakambangan. Uga atêgês: kêmbang kagungane Krêsna, dayane bisa nguripake wong mati ing sajaban pasthi. 5 Kirimên layoning sêkar = Mr. layon.

Tatal. Mêrangi tatal Pb = nyambut-gawe kang ora mbabar-pisani, utawa: mindho-gaweni.

Tumpal. Numpal kèli Pb = lêlungan kanthi nunut-nunut, ora ngêtokake wragad dhewe. Tumpal Kw = sarah, larahan, godhong (uwuh) sing kendhang ing banyu.

Tunggak: 1 Tunggak kêmadhuh Bs = tilas mungsuh utawa maru. 2 Ditunggakake Pt = dianggêp tunggak, wong sing disapèlèkake bangêt. 3 Nunggak sêmi Pt = nganggo jênêng (pangkat utawa sêsêbutan) padha karo wong sing digênti. 4 Nunggak bojo Pb = ngrabèni randhane sadulur tuwa. 5 Ukiran tunggaksinêmi = ukirane kêrsis Ki Sangkêlat (mawa luk) lan Ki Pasopati (lêncêng), ukiran iku yasane Sunan Bonang.

Turus. Ngoyag-oyag turus ijo Pb = ngganggu-gawe prawan sing durung diwasa.

Carang. 1 Carang wrêksa Ws = pang. 2 Carang buntala Pd = gambyoking uncal (kalêbu golongane sandhangan wayang). 3 Carang-gantung = arane gêndhing. 4 Lakon carangan Pd = arane lakon wayang sing ora kalêbu ing pakêm padhalangan, lakon karangan (kayata lakon Pancasila).

Cêngkir. 1 Cêngkir kêtindhihan kiring Bs = nêdya omah-omah kêpêksa durung bisa, marga sadulure tuwa durung omah-omah (arêp nglangkahi ora wani). Utawa: wong sing kasoran prabawa, marga kalah tuwa. 2 Cêngkir gati Wc = kêncênging pikir lêganing ati. 3 Cêngkir wungu wungune kêtiban daru Pr = parikan iku lumrahe disêmpurnakake nganggo ukara: wus pêsthimu kowe uwal karo aku.[6]

Wiji. 1 Kêpêdhotan wiji Pt = ora ana turune, ora duwe anak, curês turune. 2 Nandur wiji kèli Pb = ngopèni turune wong bêcik (mbokmanawa ing têmbe ana piwalêse).

Wit. 1 Wit kêdhakah woh kêdhikih Ck = wringin (kosok-baline: woh kêdhakah wit kêdhikih = waluh). 2 Kana nggone kana wite Pt = samubarang sing mbêbayani muga-muga tansah didahna saka awakku (aja nganti nyêdhak marani aku).

Woh. 1 Ngundhuh wohing panggawene Pt = wong iku mêsthi nampa olèh-olèhane panggawene. 2 Sawat abalang wohe Pb = ngarah wanita sarana lantaran sadulure wanita sing diarah, supaya gampang kalêksanane. 3 Suwe mijêt wohing ranti Pb = pagawean kang gampang bangêt ditindakake. 4 Udan-woh = udan sing tlêthoke gêdhe-gêdhe (kêcampuran ès).

XLI. BUMI, PÊLIKAN, GUNUNG, ALAS

Dasanama: 1 Bumi = bantala, kisma, pratala, basundara, basundari, siti, pratiwi, lêmah. 2 Jagad = rat, buwana, alam, donya, marcapada, madyapada, janaloka, manuswapada. 3 Alas = wana, bana, wanadri, wanawasa, janggala, jênggala, wanantara walusan. 4 Gunung = giri, wukir, aldaka, ancala, prawata, prabata, mèru, himawan. 5 Jurang = sigrong, lêmbah, rèjèng, parung, trêbis. 6 Nagara = radya, praja. 7 Dalan = gili, marga, ênu, dlanggung, lêbuh, lurung, sopana, hawan. 8 Mas = kêncana, rukmi, mastatur. 9 Intên = sotya, nila, widuri, jumêrut, manik, kumala, rêtna, galuh, barleyan, mirah-dlima (beda-beda warnane).

Alas. 1 Alas grêng = alas kêtêl apêtêng. 2 Alas glêdhêgan = alas kêtêl mawa wit gêdhe-gêdhe (yèn ana angin swarane kêprungu glêdhêg-glêdhêg). 3 Alas gêrotan = alas mawa kêkayon gêdhe-gêdhe (yèn ana angin swarane kêprungu gêrot-gêrot, yaiku gêgosokane kayu padha kayu. 4 Alas gung liwang-liwung = alas sing jêmbar bangêt. 5 Alas trataban = alas gêgrumbulan (cêdhak padesan). 6 Alas tutupan = alas sing disêngkêr dening nagara. 7 Alas roban = alas sing bisa kacakan robing sagara. 8 Alas pajatèn = alas sing ditanduri jati. 9 Alasane ora maton Pt = pawadane ora gumathok, dêdhasaring sabab ora mapan (kurang kuwat). 10 Ngalasake nagara Pb = tumindak sakarêpe dhewe, nganggêp ora ana pranatane nagara. 11 Nusup ngayam-alas Pp = lumaku nusup-nusup nasak gêgrumbulan lan rerungkudan. 12 Setan alas Ks = têmbung pamisuh. 13 Alas Winangsraya (Minangsraya) Pd = alas kang lumrahe dicaritakake: janma mara mati, sato mara mati (angkêr bangêt). Alas Têrik = alas sing dibabad R. Wijaya, pamburine dadi nagara Majapait.

Bata. 1 Bata-bata diêdu bata Pb = nyambut-gawe wragade dijupukake saka olèh-olèhane. 2 Surak mbata rubuh Pp = surake wong akèh bêbarêngan. 3 Mantu mbata rubuh Pb = mantu luwih saka siji dibarêng. 4 Tulisane mbata sarimbag Pp = tulisan Jawa sing awangun pêsagèn-pêsagèn (ora ngêtumbar). 5 Sitinggil binatarana Pd = sitinggil mawa aling-aling tembok saka bata. (Rana = aling-aling, kêlir. Binata = ditrapi bata, maksude: tembok). Sawênèh ana sing ngucapake “binata rata”, iku luput.

Bantala. 1 Tumungkul amarikêlu, muka kadya konjêm bantala Br = tumungkul bangêt (olèhe lungguh), raine kaya mèpèd lêmah. 2 Bantala rêngka Cd = candrane mangsa karo, lêmah nêla.

Bumi. 1 Malik bumi Pb = mbalik ngiloni mungsuh. 2 Bêdhah bumi Pt = dhuwit opah gawe kluwat. 3 Bumi pinêndhêm Pb = andhap-asor bangêt. 4 Wong mati ora kêsasaban bumi Ps = wong sêngsara bangêt, mlarat bangêt, dingibaratake wis mati nanging durung dipêndhêm. 5 Saindênge bumi Pt = salumahe bumi kabèh. 6 Gêlah-gêlahing bumi Br = rêrêgêding bumi, wong ala. 7 Sadumuk bathuk sanyari bumi Pb = prakaran bab wanita lan lêmah lumrah ditohi pati.

Buwana. 1 Hamêngkubuwana = asmane K. Sultan (Yogyakarta). 2 Pakubuwana = asmane K. Sunan (Solo). 3 Gawe buwana balik Pb = madêg kraman. 4 Sungsang buwana balik Pb = wolak-walikan, sing asor dadi luhur, sing luhur dadi asor. 5 Buwananên = kabuwanan = mêlèk, nanging ora sumurup. 6 Kêbo sangga-buwana = kêbo acongor putih. 7 Pitik sangga-buwana = ulês klawu dhadhane putih. 8 Panggung sangga-buwana = arane panggung ing Solo. (Sawênèh nêrangake manawa jênêng iku isi sangkalan, atêgês taun 1198. Panggung = pa agung, pa murda = 8 . Song = rong gêdhe = 9. Ga = aksara ga iku angka Jawa 1. Buwana = watak 1).

Dalan. 1 Dalan gawat bêcik disimpangi Pt = prakara sing bisa njalari wisuna prayoga disingkiri. 2 Dêdalane guna lawan sêkti Pt = sing njalari bisa dadi wong linuwih. 3 Sarap sawan bali dalan Pt = têgêse sing arêp mara, mbalèk sanalika. 4 Ora ndalan Pt = têgêse lugu: ora ngambah dalan, maksude: ora nganggo tata. 5 Dalan gang Pb = bênêre muni: dialap gang = dijaluk kanthi roda pari-pêksa. 6 Dalan sidhatan Pt = dalan trabasan. 7 Sarik dalan sandhung watang Pb = prakara sing ora kêna ditêrak, yèn ditêrak nyilakani. 8 Dadia dalan suthik ngambah Pt = wis moh sapa-aruh.

Desa. 1 Dêsa mawa cara, nagara mawa tata P = siji-sijine panggonan nduwèni tata-cara dhewe-dhewe. 2 Ngambah desa milang kori Pb = njajah têkan ing ngêndi-êndi, nganti têkan papan sing cilik lan sêpi uga diwigatèkake kaanane.

Jagad. 1 Jagad-traya Kw = jagad têtêlu (donya, swarga, nraka). 2 Jagad-pramudita Kw = jagad pramuditaya = jagad rat. 3 Jagadnata = Bathara Guru. 4 Jagad dewa-bathara Pd = têmbung sabawa, diucapake manawa krungu lêlakon utawa sumurup kadadean sing ora agawe sênênging ati. 5 Kang Murbèng-jagad = Gusti Allah. 6 Sapujagal = godhong kelor; uga arane mriyêm (ing Solo). 7 Lêlêthêk rêgêding jagad Br = gêla-gêlahing bumi = wong ala (durjana lsp). 8 Pancuran mas sumawur ing jagad Cd = candrane mangsa Kalima, wiwit ana udan dêrês. 9 Mêmayu ayuning jagad Br = agawe tata-têntrêming donya.

Jurang. 1 Kêjurang-jurang Pt = kêrêp nêmu cilaka. 2 Jurang grawah ora mili Bs = katone loma, satêmêne cêthil. 3 Srama pinggir jurang Pb = pawèwèh sing bisa agawe cilakane wong sing wèwèh lan uga wong sing diwènèhi. (Kajaba pawèwèh sing adhêdhasar T.S.T.).

Ênu. Kêtuju ênu Pt = têgêse lugu: katêmu ana ing dalan, maksude: tujune, bêgja dene.

Galêng. 1 Sadulur ngisor galêng dhuwur galêng Pt = sadulur pancêr wadon lan pancêr lanang. 2 Sabuk galêng Pt = sugih palêmahan. 3 Babat galêng = babat sing kasar.

Gili. Wong sing lumaku nggili Pp = ndlidir tanpa pêdhot.

Giri. 1 Sunan Giri (R. Paku) sing ngêdêgake mêsjid Grêsik. 2 Giri lusi janma tan kêna ingina = Mr. lusi. 3 Pasanggiri = sayêmbara. 4 Kagiri-giri = nggêgirisi, bangêt. 5 Girinata = Bathara Guru.

Gunung. 1 Kêrubuhan gunung Pb = nêmu kasusahan gêdhe. 2 Diêlêtana sagara-gunung sap pitu Pt = sanadyan adoh, jodho mêsthi bakal kêtêmu. 3 Kêjugrugan gunung kêmbang (mênyan) Pb = nêmu kabêgjan gêdhe. 4 Bathuk gunungan Pb = bathuk sing ing dhuwur sêmu lancip (kaya gunungan wayang). 5 Ngontrakake gunung Pb = misuwur bangêt, nggumunake bangêt, kayata: wong sèkèng bisa ngasorake wong sêntosa, wong bodho bisa ngasorake wong pintêr lsp. 6 Wong gunung, adoh lêsung cêdhak lutung Pt = wong gunung kurang ngrêti udanagara. 7 Bocah gunung mêthik kêmbang kliru mbayung Pt = priya cubluk milih wanita (jodho) sing bêcik kliru olèh wanita ala. 8 Gunung gêni = gunung sing ngêtokake gêni. 9 Gunung guntur = arane tênunan (lurik). 10 Gunung sapikul = arane ali-ali amripat têlu (mripat sing têngah gedhe). 11 Gunung kêndhêng sêmune kênya musoni Pl = pralambange S. Pakubuwana I, jumênêng Ratu wis yuswa, nanging isih sok manggalih prakara sing rèmèh-rèmèh. 13 Caping gunung Ws = caping sing lancip, maksude; icipana. 14 Sri gunung x Sri taman.

Kawah. 1 Banyu kawah Pt = banyu sing mêtu saka guwa-garba ing sadurunge bayi lair. 2 Kakang kawah adhi ari-ari Pt = tinimbang jabang-bayi, laire banyu kawah luwih dhisik, ari-ari luwih kari. 3 Bubak-kawah Pt = mantu anak pêmbarêp. 4 Kawah Candradimuka = kawahe gunung Jamurdipa ing Suralaya, êndhute aran Blêgêdaba.

Kawat. 1 Blabar-kawat = glanggang kang winatesan kênthêng kawat. 2 Junjang-krawat = punggawa kalurahan ing desa.3 Sapu kawat Br = andêl-andêl sing bisa nyapu parangmuka.

Kêncana. 1 Kêncana wingka Pb = sanadyan anak ala rupane, bapa-biyunge mêsthi trêsna, yèn anake dicacad melu mrina. 2 Ratu Ayu Kêncanawungu Bb = Dèwi Subasiti (Ratu Majapait sing kagarwa Damarwulan). 3 Bale Kêncana saka dhomas Pd = bale kagungane Ramawijaya sing ing salêbare pêrang Alêngka rinêksa Wibisana, pamburine rinêksa Prabu Bisawarna ing Singgêla (putrane Wibisana). 4 Rancangkêncana Pd = arane nagara kang diratoni Petruk ajêjuluk Prabu Durgunadur (Hèlgêduwèlbègthongthongsot). 5 Windu kêncana = windu Adi.

Kumala. Putri susila ing warna sinêmbuh tyase ngumala Br = putri ayu tur luhur budine.

Kutha. 1 Mbêguguk ngutha watu Pb = kêlantur: mbêguguk ngutha waton = mbangkang ing parentah. (Kutha = bètèng). 2 Akutha saksi Pb = sumendhe ing paturaning saksi.

Lêbuh. Ora wêruh lêbuh Pb = ora ngrêti tata-krama. Lêbuh = dalan.

Lêmah. 1 Lêmah pinêndhêm Pb = andhap-asor bangêt. 2 Nggarit lêpah Pt = padatane wanita tinari laki, pratandha gêlêm. 3 Njrêbabah ndhêpani lêmah Br = mangkurêb tangane ndhaplang (mati utawa sêmaput). 4 Saput lêmah = wayah esuk rêpêt-rêpêt. 5 Lêmah-têlês = araning warna (abang sêmu kuning).

Lurung. 1 Lurung buntung Pb = narka durjana ora bisa nglari, dadi tanpa cihna. 2 Sadawanane lurung isih dawa gurung Pb = pawarta bisa sumêbar têkan ngêndi-êndi.

Marga. 1 Murang marga Kw = nyimpang saka dalan sing bênêr, ora manut pranatan. 2 Marga-ina Kw = guwa-garba. 3 Sirna marga layu Br = mati

Nagara. 1Ora wêruh uda-nagara Pt = ora ngrêti tata-krama. 2 Nagarakrêtagama Kss = arane buku karangane Empu Prapanca, nyaritakake kaanane Majapait ing jamane Prabu Ayamwuruk. 3 Kacanagara Pd = Gathutkaca, Guritna. 4 Desa mawa cara, nagara mawa tata = Mr. desa. 5 Singanagara = algojo. 6 P. Dipanagara = Pangeran Antawirya. 7 Tumênggung Wiranagara = asmane Untung Surapati sawise jumênêng Bupati ing Pasuruhan. 8 Tumênggung Satranagara[7] = Pujangga Yasadipura II.

Parwata. Sukèng tyas marwata suta Kw = sênênge sagunung anakan, sênêng bangêt.

Praja. 1 Narapraja Kw = punggawa nagara, priyayi. 2 Swapraja Kw = paprentahan mandhiri. (Swa Kw = dhewe). 3 Pamong-praja = punggawa nagara bangsane bupati, wadana lsp. 4 Kotapraja = kutha apaprentahan mandhiri. 5 Ora njaga prajane Pb = ora njaga supaya uripe bisa kajèn-keringan. 6 Lambang praja (prasêmoning nagara, sing dipralambangi ratune):

a) Catur-rana sêmune sagara asat = nagara papat (Jênggala, Kêdhiri, Urawan, Singasari) tansah pêpêrangan, nganti ngêntèkake bandha nagara (asat).

b) Ganda kentir sêmune liman pêpeka = Sri Pamêkas ratu Pajajaran kêna dikendhangake Siyungwanara, marga saka pêpekane.

c). Macan galak sêmune curiga kêthul = Ratu kuwasa (Brawijaya Majapait), putra-sêntanane padha kêthul panggalihe ing babagan kasusastran.

d) Lunga pêrang putung watange = Radèn Patah mêrangi para bupati sing isih agama Buda, prajurite (para wali) akèh sing mati.

e) Alêlungan datan kongsi bêbasahan kêsêlak kampuhe bêdhah = Jaka Tingkir jumênênge ratu durung nganti ngalami kamuktèn kêsêlak seda.

f) Surakalpa sêmune lintang sinipat = Panêmbahan Senapati olèhe nênêlukake para bupati sing sêtya marang Pajang prasasat mung abandha kuwanèn, durung nganri rampung kêsêlak seda.

g) Kêmbang sempol sêmune lêbe kêkêthu = Sultan Sêda Krapyak lan Sultan Agung mungkul ing agama Islam.(Kêmbang sempol = trate, pralambange ratu utawa pandhita).

h) Kalpa-sru sêmune kanaka putung = jamane MangkuratTêgalarum akèh andêl-andêling praja sing dipatrapi ukum kisas.

i) Layon kèli sêmune satriya brangta = Pangeranpati putrane Mangkurat Têgalarum nalika ndhèrèkake lolose ingkang rama kanthi panggalih sungkawa.

j) Gunung kêndhêng sêmune kênya musoni = P.B. I jumênêng ratu wis sêpuh, sok manggalih barang sapele (prakara rèmèh).

k) Lung gadhung sêmune rara nglikasi = Sunan Mangkurat (putrane P.B. I) sarwa prigêl lan sêmbada, nanging panggalihe thukmis.

l) Gajah mêta sêmune têngu lêlakèn = P.B. II kineringan para ratu manca nagara, nanging alitan panggalih.

m) Panji loro sêmune Pajang – Mataram = pralambang anane ratu loro, yaiku Sunan Pakubuwana III lan Hamêngkubuwana I.

n) Rara ngangsu randha loro anututi pijêr atukar = satriya oncat saka kraton (Radèn Mas Said?) ditututi wadyabalane ratu loro (R. M. Said jumênêng ing Sukawati ajêjuluk Mangkunagara I).

o) Tan kobêr apêpaès amangun sinjang = Pakubuwana IV lan V ora kobêr mranata praja, marga akèh rubeda kang ngrêribêdi.

p) Kalabêndu sêmune Sêmarang lan Têmbayat = P. Dipanagara madêg suraning panggalih pêrang karo Kompêni.

q) Tunjung putih sêmune pudhak sinumpêt = Ratu Adil angadhaton ing Kêtangga, sadurunge jumênêng Ratu Adil kasêbut Satriya kêsampar-kêsandhung.

r) Gandrung-gandrung ing lêlurung andulu gêlung kêkêndhon; kêris parung tanpa karya, êdolên tukokna ulêng-ulêng campur-bawur = tanah Jawa (Nuswantara) wis gêmah-ripah karta-raharja, tulus kang sarwa tinandur, murah kang sarwa tinuku. (Kêris parung = kêris adhapur naga lumaksana, mawa luk).

Rat. 1 Sajagad-rat = sajagad kabèh. 2 Kalokèngrat Kw misuwur ing jagad. 3 Musthikèngrat = kang pinunjul dhewe ing jagad; uga atêgês: arane têmbang Gêdhe (laku 15. pêdhotan 4.4.7). 4 Kaum ningrat = bangsa luhur, kosok-baline: kaum krama. 5 Murdaningrat Kw kêpalaning jagad, sing ngratoni jagad. (Sing dicaritakake mangkono kayata: Ramawijaya). 6 sastrajendra ayuningrat, pangruwating rasêksa-diyu Kss = piwulang (ngèlmu) linuwih sing agawe tata-têntrêming jagad, nyirnakake dur-angkara-murka. 7 Suradira jayaningratlêbur dening pangastuti Kss = supaya bisa dadi wong kuwasa (jaya, mênang) bisa ngêrèh jagad, kudu wani mêpêr kamurkan, lan kamurkan bisane lêbur dening panêmbah (darma panggawe bêcik).

Unèn-unèn ing dhuwur iku kasêbut ing buku Witaradya (karangane R. Ng. Ranggawarsita)ing pupuh Kinanthi, mangkene:

Jagra angkara winangun, sarjana marjayèng wèsthi, puwara kasub kuwasa, warsita jro Weda muni “Sura Dira jayaningrat, lêbur dening pangastuti”. Ring janma di kang winangun, kumênyar wimbaning rawi, prabangkara dumipèng rat, menang kang sarwa dumadi, ambêk santa paramarta, puwara anyakrawati.

Jagra angkara = njaga kamurkan, mêpêr hawa-napsu. Winangun = ditata. Sarjana marjayèng wèsthi = wong linuwih (bisa) nyirnakake bêbaya (yaiku kamurkan). Puwara kasub kuwasa = wasana misuwur kuwasa. Wasita jro Wedha = wêwarahsajrone buku piwulang luhur. Ring janma di kang winangun = marang wong linuwih kang wis ditata uripe (ora angkara-murka). Kumênyar wimbaning rawi = gumêbyar kaya plêthèking surya. Prabangkara dumipèng rat = sorote nyunari jagad. Menang kang sarwa dumadi = cêtha kabèh saisine jagad. Ambêk santa paramarta = (wong sing ora angkara) watake alus agawe adhêming liyan. Puwara anyakrawati = wasana (wong kang mangkono iku) bisa mêngku jagad, nguwasani paprentahan.

Rêtna. 1 Sang lir rêtna Br = sang putri. 2 Nagara Jênggalarêtna Pd = Nagara Dwarawati.

Satu. Lir satu munggwing rimbagan Pb = trêp bangêt, cocog bangêt kêkarêpane. Satu Kw = bata.

Sawah. 1 Sawah sorotan = sawah sing olèh banyu ilèn, kosok-baline: sawah tadhahan = sawah sing mung olèh banyu udan. 2 Sêsawah = nggarap sawah, nandur pari.

Sela. 1 Selamatangkêp = lawang Suralaya. 2 Sela brakithi = arane sêmut. 3 Selakarang = lêlaraning tracak jaran. 4 Tunjung tuwuh ing sela = mokal, orabisa klakon.

Siti. 1 Siti tinêbêla Pb = digugat ora mangsuli, liya dina malês nggugat. 2 Sitisundari Pd = putrane Krêsna miyos saka dèwi Pratiwi, kagarwa Angkawijaya. 3 Siti Fatimah Bb = putrane Nabi Muhammad kagarwa Bagendha Ali. 4 Siti Jênar = asmane sawijining Wali.

Sotya. 1 Sotya murca saking êmbanan Cd = mangsa Kasa akèhwit-witan sing brindhil (godhonge rontog). 2 Sotya sinarawèdi Cd = mangsa Dhèstha (Kasawelas) akèh manuk ngloloh.

Taman. 1 Sritaman = katon bêcik yèn didêlêng saka cêdhakan. Kosok-baline: Srigunung. 2 Taman-sari Kw = taman-santun, patamanan, kêkêmbangan (papan diênggo suka-suka). 3 Arane taman ing padhalangan kayata: Sriwêdari ing Maèspati, Argasoka ing Alêngka, Kadilêngêng ing Astina, Maherakaca ing Cêmpala, Maduganda ing Madukara lsp. 4 Taman pinaèlu Kw = ora dipraduli.

Tanah. 1 Tanah ngare = tanah ngampah, kosok-baline: tanah pagunungan. 2 Lênga tanah = lênga latung, lênga liyun, lênga patra. 3 Tanah manca = tanah liya. 4 Tanah wutah-gêtih = tanah kalairan. 6 Wis gênah wis tanah Pt = wis cêtha manawa turune wong bêcik. 7 Nyurtanah = nylamêti wong mati ing dina gêblage.

Watu. 1 Watu-kambang = watu kropos sing kumambang ing banyu. 2 Watu-karang = bangsane padhas ing sagara. 3 Watugunung Pd = Ratu Gilingwêsi kang njalari anane wuku warna 30. 4 Nyathak njalu watu Pb = ngadhêp panggêdhe ora kanthi ditimbali. 5 Ngêntèni timbule watu-itêm Pb = ngarêp-arêp barang kang nglêngkara têkane. 6 Ngêmpukake watu-itêm Pb = nganggêp gampang prakara angèl, toging êndon ora bisa nindakake.

Wêsi. 1 Wêsi-aji = wêsi kang manawa digawe gêgaman pangasahe kudu diwarangi. 2 Wêsi-brani = wêsi sing duwe daya panggèndèng. 3 Wêsi gligèn = wêsi giligan, awangun gilig. (Gilig + an = giligan, dipluta dadi: gligèn). 4 Sumbare kaya bisa mutung wêsi gligèn Pt = sumbare nggêgirisi. 5 Rajêg-wêsi = pagêr saka wesi. 6 Trincingwêsi = Gathutkaca, Guritna, Kacanagara.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: