RSS

Langit-Warna

XLII. LANGIT LAN ISINÉ

Dasanama: 1 Langit = boma, bomantara, akasa, awiyat, wiyati, tawang, widik-widik, dirgantara, jumantara, byoma, antariksa, gêgana, ambara. 2 Srêngenge = (sang + hyang + we = sang dewaning rina), surya, baskara, bagaskara, bagaspati, arka, aruna, radite, raditya, pratangga, pratanggakara, pratanggapati, diwangkara. 3 Rêmbulan = wulan, sasi, lèk, badra, candra, basanta, kirana, soma, sitarêsmi, sitèngsu, sitakara, sasadhara. 4 Lintang = wintang, bintang, sasa, taranggana, kartika, sudama. Arane lintang: Panjêrrina, Bimasêkti, Banyakangrêm, Wuku, Wluku, Kukusan, Kêmukus, Gubugpèncèng,  Jakabèlèk, Lanjarngirim. 5 Mega. = ima, irawan, imantaka, urur, kukap, imantara. 6 Mêndhung = rêmêng, rumung, danu, jaladara, rarabi, limut, jaladha. 7 Kilat = thathit, lidhah, aban, widyuta, obar-abir. 9 Gludhug = gêrêh, gêtêr, guntur, kêtug, gurna, gurnita. 9 Blêdhèg = gêlap, braja, (bajra), erawati, wrahaspati.

Akasa. Tumêngaa ing akasa, tumungkula ing pratiwi Br = sarèhne arêp dak patèni, sambata bapa lan biyungmu. Akasa ngibarat bapa, pratiwi ngibarat biyung utawa ibu).

Badra. 1 Bêbadra = wiwit truka babad alas, bêbakal, cikal-bakal. 2 Sumbadra Pd = Dèwi Bratajaya, Widawati, Rara Irêng putri ing Banoncinawi. 3 Badranaya Pd = Sêmar. 4 Kemêngan Badra irawan Br = (kaya) rêmbulan kalimputan ing mega, maksude: pasuryane katon nglêntrih, marga nandhang sungkawa.

Amun-amun = ombak gêtêring hawa kang kêsorotan srêngenge. Saêndhêg amun-amun = lêmbut bangêt.

Bagaspati. 1 Bagawan Bagaspati Pd = pêndhita ing Argabêlah (Giripurna) sing pêputra Pujawati (kagarwa Salya banjur asma Sêtyawati). 2 Mbagaspati Pb = pangucap diksura nglawan panggêdhe utawa pangadilan.

Boma. Bomapati Pd = Bomantara, Ratu Trajutrisna (putrane Krêsna miyos saka Pratiwi).

Daru. 1 Kêtiban daru Pt = olèh wahyu, pulung, kabêgjan gêdhe. 2 Kêna ing darubêksi Pt = nêmu cilaka marga saka pangrenahing liyan (diracun, dituju-layar lsp).

Erawati. 1 Gêtêr-patêr dhèdhèt-erawati Pd = gumlêgêr swaraning blêdhèg. 2 Dèwi Erawati Pd = putrane pambayun Prabu Salya, kagarwa Wasi Jaladara (Baladewa, Kakrasana).

Irawan. Bambang Irawan Pd = putrane Janaka miyos saka dèwi Ulupi ing pratapan Yasarata.

Kilat. Cukat kadya kilat, kêsit kadya thathit = tandang kang cukat-trêngginas bangêt.

Langit. 1 Kandhang langit kêmul mega Br = ora duwe omah. 2 Bisa njara langit Pb = pintêr bangêt. 3 Têkan ing langit sap pitu Pt = dhuwur bangêt (tumrap pangkat lsp). 4 Padhang langite Et = katon bingar polatane, sênêng. 5 Salumahe bumi sakurêbe langit Pt = sajagad-rat.

Lintang. 1 Colok lintang Br = lêlungan wayah bêngi tanpa obor lsp. (mung tampa pêpadhange lintang). 2 Sura kalpa sêmune lintang sinipat Pl = pralambange Panêmbahan Senapati olèhe mênêlukake[8] para adipati kang sêtya marang darahe SultanPajang tanpa wadyabala akèh, durung nganti rampung kêsêlak seda. 3 Cebol nggayuh lintang Bs = wong sèkèng darbe panjangka gêdhe (mokal bisane kalêksanan). 4 Adoh lintang binalang kayu, cêpak cupête tangèh kênane Br = panjangka, angarêp-arêp, panyuwun lsp. sing tangèh bisane kalêksanan. 5 Kalintang Kw = dahat, bangêt.

Mega. 1 Mega malang Pd = lapisan mega sing dhuwur dhewe. 2 Othak-othak mega Pt = dhuwur bangêt. 3 Mega = ulêsingdara.

Prabangkara. Jurusungging Prabangkara Bb = putrane Brawijaya I kang wasis bangêt nggambar.

Rêmbulan. 1 Ayune kaya rêmbulan Pp = ayu bangêt, danar-danar. 2 Padhang rêmbulan = wayah bêngi sing mawa soroting rêmbulan, kosok-baline: wêngi pêtêngan. 3 Rêmbulan kantha = rêmbulan ing sasi Jawa sadurunge tanggal 14-15, kosok-baline rêmbulan panglong = rêmbulan ing tanggal tuwa sasi Jawa. 4 Rêmbulan purnama-sidhi = rêmbulan kang sêmpurna, tanggal ping 14 – 15 sasi Jawa.

Srêngenge. 1 Pandêngan karo srêngenge Pb = mêmungsuhan karo wong kuwasa (panggêdhe). 2 Srêngenge pine, banyu kinum. bumi pinêndhêm, gêni pinanggang Slk = pangadilan sing ora bau-kapine. Têrange kaya padhange srêngenge, jêjêge kaya banyu sajrone wadhah, alusing pandangune marang sing prakaran ngibarat bumi pinêndhêm (andhap-asor), tibane putusan kaya gêni.

Sudama. 1 Asaraya sudama Pb = mènèhi sraya marang durjana. (Sudama = lintang, pêpindhane pitulungan kang diwènèhake, atêgês: awèh pêpadhang).

Surya. 1 Suryakantha = piranti diênggo ndêlêng barang lêmbut supaya katos gêdhe. 2 Pasuryan Ki = praupan, rai. 3 Surya kang miyos ing dalu Ws = rêmbulan. 4 Suryadilaga = jêjuluke K. G. Pakualam sadurunge yuswa 40 taun.

Thathit. 1 Thathit ngima-unthit Pb = nuduhake panguwasane.

Tawang. 1 Idêp dumêngèng tawang Cd = idêp ngêtonggèng, pucuke mayuk mandhuwur. 2 Kêsandhung ing rata kêbêntus ing tawang Pb = nêmu bêbaya sing ora kinira-kira. 3 Tawang-gantungan Pt = bocah kêmbar utawa dhampit sing laire lêt dina. Pd = arane nagara kang ratune asma Prabu Dasaswara (Dasakumara), iku yitmane Dasamuka. 4 Nggayuh tawang Pb = njangka prakara sing mokal. 5 Nggayuh ing tawang pêjah tan wikara Pb = nêdya nyêkêl durjana, wasana tumêka ing tiwas pinrajaya durjana sing nêdya dicêkêl.

Candra. 1 Candrakirana = dèwi Sêkartaji, garwane Panji Putra. 2 Candramawa = arane ulêse kucing. 3 Candradimuka = kawah ing Suralaya. 4 Luwih rupa kurang candra = isih luwih endah rupane tinimbang karo olèhe nyandra.

XLIII. GÊNI

Dasanama: 1 Gêni = latu, api, apyu, agni, bahni, dahana, brama, guna, anala, siking, pawaka, puya. 2 Sorot = sunar, cahya, ujwala, sunu, sênên, praba, prawa, sirat, kênyar. 3 Obor = colok, suluh, oncor, oncong. 4 Kobong = kobar, kawlagar, kêbêsmi, tinunu.

Agar. 1 Gêni agaran = gêni olèh-olèhane ngagar. 2 Ngagar = gawe gêni sarana kayu digosokake. 3 Ngagar mêtu kawul Pb = nggêgêsah nanging ora pasah. 4 Kayu agaran = kayu sing diênggo ngagar. 5 Diagar-agari = diagag-agagi supaya wêdi.

Angêt. 1 Awake angêt Pt = rada lara (mriyang). 2 Timbangane angêt Pt = luwih abot sathithik saka mêsthine, kosok-baline: timbangane adhêm = kurang saka samêsthine. 3 Angêt kêmuku Pt = mangêt-mangêt. 4 Dingêt = dipanasi, digodhog manèh (tumrap panganan).

Arêng. 1 Arêng-watu = jasad irêng saka kayu kang kêpêndhêm ing lêmah (ngêmu lênga). 2 Ngaturi glondhong pangarêng-arêng Br = nyaosi pisungsung.

Bêsêm. 1 Mbêsêmake basa Jawa Et = ngrusakake kaendahane basa Jawa. 2 Mbêsêmake payung Pb = njalari sudaning kaluhuran.

Dahana. 1 Argadahana Pd = kahyangane Bathara Brama. 2 Smaradahana Kss = buku karangane Empu Darmaja, nyritakake: Bathara Guru mratapa, dilêpasi jêmparing Pancawisaya dening Kamajaya kang agawe badharing tapane, wasana Kamajaya banjur diobong dening Bathara Guru nganggo gêni kang mêtu saka têlênging palarapane Bathara Guru.

Gêni. 1 Nggêni = njêjaluk mrèntèk-mrèntèk. 2 Nggêniyara = tapa mung mangan sarwa mêntah. 3 Gêniraga = arane lurik utawa bêndera awarna abang. 4 Gêni pinanggang Bs = lagi nêpsu tampa wêwadul, saya muntap nêpsune. 5 Duk sandhing gêni Bs = wanita kumpul priya gampang tuwuhe bab kang ora prayoga. 6 Ora ana gêni tanpa kukus Bs = manawa ana lêlakon (kadadean) apa-apa mêsthi ana kabare. 7 Gêni guntur nilabêna Slk = prentahe panggêdhe kudu tumindak. 8 Ngidak gêni blubukan Pb = nrajang pakewuh tanpa wêweka. 9 Gêni salah Pt = gêni sing ora karuwan sangkane. 10 Pati-gêni =tirakat tanpa mangan-ngombe lan ora wêruh gêni sarta soroting srêngenge (ana ing sênthong bae). 11 Balung gêni Ws = mawa. 12 Suwandageni Pd = pêndhita ing Ardisêkar (bapake Sumantri lan Sukasrana). 13 Wisargêni[9] Pd = putrane Janaka sing miyos saka widadari Dèwi Drêsanala. 14 Idu gêni Pb = klakon ing sagunême, digugu ing wong. 15 Balung gêni Ws = mawa.

Kukus. 1 Kukusan = piranti diênggo ngukus. 2 Kukus gantung Ws = sawang. 3 Nagara dhuwur kukuse Pt = misuwur, kuncara. Ora ana kukus tanpa gêni Bs = ora ana kabar tanpa kanyatan; yèn ana kabare, êmbuh gêdhe cilike mêsthi ana kadadean sing njalari anane kabar. 5 Kumukus = mêtu kukuse; arane bangsa bumbu; arane lintang. 6 Kukuse kumêlun = nglandeng gêgulungan..

Urub. 1 Kanggo urub-urub = diênggo dadèn-gêni. 2 Atine murub Et = nêpsu bangêt. 3 Sandhangane murub-mubyar = momplyor bangêt, pating glêbyar. 4 Murub drajate Pb = akèh rêjêkine.

Obong. 1 Obong-obongan bale si gala-gala Pd = lakon wayang nyritakake Pêndhawa diobong Kurawa, dituduhi dalan-ngungsi dening garangan putih. 2 Ngobong wong Pt = nggêgêsah wong. 3 Mati obong = mati alêbu tumangan (mbelani patining guru-lakine).

Obor. 1 Kêpatèn obor Pb = kelangan lacak aluraning sadulur. 2 Nagara gêdhe obore, padhang jagade Pb = sakèhing prakara dititi-priksa kanthi adil.

Panas. 1 Panasbaran = panasbaranan = panastèn, gampang panas atine, nêpson. 2 Panas atine Et = muring lan mèri marang liyan. 3 Sing ngungkuli panasing gêni iku panasing ati Pt = panasing ati luwih mbêbayani tinimbang panasing gêni. 4 Dhuwitpanas Et = dhuwit kang dudu duwèke dhewe, yèn diênggo bisa nyilakani. (Dhuwite pakumpulan sing dadi tanggungane utawa dhuwit nagara). 5 Nglakoni panas-pêrih Pt = rêkasa lan kangèlan (susah). 6 Panastis = lara malaria (kaanane awake sadhela panas, sadhela atis utawa adhêm). 7 Panas karo panas dadi adhêm Ck = wedang panas disiramake gêni. 8 Adhêm karo adhêm dadi panas Ck = banyu adhêm dicêmplungi prongkolan gamping.

Suluh. 1 Suluhan = padone mripat sacêdhake irung. 2 Gêdhang suluh = matêng ana ing wit. 3 Nyuluh kodhok = golèk kodhok nganggo suluh (obor). 4 Asung sêsuluh Br = mènèhi pituduh. 5 Wayang suluh = wayang sing tuwuhe ing jaman perjuwangan (taun 1946), kanggo nênangi sêmangating rakyat.

Colok. 1 Dicolokake = dituduhake kalawan têrang-têrangan. 2 Asu abobot colok = abuntut irêng ing pucuke putih. 3 Nyolok mata Et = nindakake pakarti ala ing sangarêpe wong.

Wongwa. Nyaruk wongwa Pb = nyanak marang mungsuh. Wongwa Kw = gênimawa.

XLIV. WARNA

Arane warna: 1 Putih = dawala, pinge, pingul, seta. 2 Abang = jingga, jingga-loka, rêkta. Irêng = langking, krêsna. 4 Ijo = wilis. 5 Biru = bintulu. 6 Kuning = jênar, punar. 7 Gadhing = putih sêmu kuning. 8 Dadu = abang nom. 9 Jambon = abang-nom sumringah. 10 Kapuranta = kuning-tuwa. 11 Wungu = warna kaya awu.

Ulês: 1 Kêbo lamus = irêng sêmu klawu. 2 Kêbo bule = putih. 3 Jaran dhawuk = irêng kêcampuran putih. 4 Kucing kêmbang-asêm = abang sêmu kuning. 5 Jaran bopong = kuning mawa sikil irêng. 6 Jaran kêmbang-durèn = kuning. 7 Jaran lêmah-têlês = abang sêmu kuning. 8 Jaran (jangkrik) dragêm = abang sêmu irêng. 9 Jangkrik jrabang = abang. 10 Jangkrik jlithêng = irêng. 11 Kucing candramawa = irêng, sikil lan êndhase putih. 12 Jago wido = wulu ing gêgêre mawa pinggiran ijo. 13 Jago wiringgalih = abang, sikile irêng. 14 Jago wiringkuning = asikil kuning. 15 Jaran pancal = sikile putih. 16 Jaran pancalpanggung = putih sikile papat pisan. 17 Jaran napas = klawu sulak kuning. 18 Jaran prumpung = kuning sêmu putih. 19 Jaran janjan = sêmu kuning.

Warna sing bangêt: putih mêmplak (putih mulus), abang mbranang, kuning gumrining (ngunir bosok), ijo royo-royo, irêng thunthêng, biru kêcu.

Corake gêndera: 1 Gula-klapa aciri cakra = abang-putih têngêr cakra, gêndera prajurit tamtama. 2 Pare anom (ijo-kuning) aciri cakra, gêndera prajurit carangan. 3 Gêniroga (têngah irêng pinggir abang) tanpa ciri, gêndera kanayakan Gêdhongtêngên lan Gêdhongkiwa. 4 Alaskobong (têngah abang pinggir irêng) tanpa ciri, gêndera kanayakan kêparak-kiwa lan kêparak-têngên. 5 Bangotulak (manuk bango ulês tulak: têngah putih pinggir irêng), gêndera kawadanan kanayakan. 6 Sêkartêlêng (têngah biru pinggir putih), gêndera abdidalêm wadana. 7 Irêng aciri wanara-seta nyêkêl wit wringin, gêndera nayakasèwu. 8 Irêng aciridanawa- cêngkah lan wanaraseta,  gêndera wana gladhag. 9 Irêng aciri sastra Arab (pamburine diganti warna: putih-biru-abang), gêndera Kapatihan. Dasanama: Gêndera = panji, dwaja, lêlayu, rontèk, dludag, umbul-umbul, tunggul.

Abang. 1 kanggo abang-abang lambe Pt = diênggo ngenaki atine sing dijak gunêman. 2 Ngabangake kuping Et = agawe muring. 3 Cahyane abang dluwang Sn = pucêt bangêt. 4 Dijênangake abang Pt = diwènèhi jênêng. 5 Bang-bang wetan = wayah ngarêpake surya mlêthèk, langit ing sisih wetan katon abang. 6 Nyêkêl bang-bang aluming praja Br = nguwasani nagara lan tanggung-jawab ala-bêcike. 7 Ngabang-bironi Pt = (cahyane cat abang cat biru) judhêg lan bingung kêslêpêk ing butuh lsp. 8 Yèn nginanga durung abang, idua durung asat Br = lagi sêdhela bangêt. 9 Akampuh polèng bang-bintulu, Pd = adodot polèng abang-biru (Wrêkudara, Anoman). 10 Bayi-abang = bayi mêntas lair. 11 Wong abangan = ora nglakoni sarengate agama.

Dhawuk. 1 Wis dhawuk Pt = wis tuwa (bangêt).

Jingga. 1 Sêmangka jingga = sêmangka ing têngahe (ing jêrone) abang. 2 Menakjingga Pd = Adipati Blambangan kang mbalela marang Prabu Kênya Majapait, malah nêdya nggarwa Sang Prabu. 3 Ngagêm kampuh jingga tinêpi = mawa kampuh sing pinggire awarna abang. 4 Mirong akampuh jingga Pb = madêg kraman.

Jlithêng. 1 Jangkrik jlithêng = jangkrik irêng. 2 Jlithêng kakangku = pangundange Wrêkudara marang Krêsna, sabab Krêsna irêng (cêmani).

Ijo. 1 Ngijo = tuku pari ing sadurunge diênèni. 2 Cahyane ijo Pt = pucêt marga kuwirangan. 3 Ijo-pupus = ijo-gadhung, ijo-nom. 4 Isih lawa ijo Pt = isih lamban (ora anak ora bojo). 5 Gêdhang kapok gêdhang ijo, wong mondhok dadi bojo Pr = sok diênggo nyêngèsi wong mondhok sing banjur dadi bojone sing dipondhoki (anake). 6 Ijoan = (matur) lèsan, ora nganggo layang. 7 Kêbo-Ijo = Mr. Kêbo.

Irêng. 1 Katrêsnane sakuku irêng Pp = cilik, nanging lêstari ing salawase. 2 Rara Irêng Pd = Sumbadra. 3 Irêng-manis Pt = irêng, nanging ngrêsêpake. 4 Irêng cêmani = irêng têrus têkan jêrone. 5 Sêmut irêng anak-anak sapi = dèwi Sapudhi putri saka Wandhan, irêng manis, kagarwa Brawijaya pêputra Lêmbupêtêng.

Kuning. 1 Sunan Kuning Bb = Mas Garêndi jumênêng Sunan dibiyantu wadyabala kuning, yaiku jaman huru-hara Tionghwa (jamane S. Pakubuwana II taun 1740). 2 Gada Wêsikuning = arane sawah sing sangar. 5 Randhu-kuning = randhu sing kayune kuning kêna diênggo sarungan kêris.

Putih. 1 Putih njaba Pt = ing lair katon suci, batine ora suci. 2 Agêtih putih Pt = suci. 3 Tanah mutihan Pt = desa sing ora diwajibake mbayar pajêg (jaman biyèn), lumrahe ing kono ana pasareane bangsa luhur. 4 Mutih Pt = tirakat mung mangan sêga thok. 5 Pêndhitaning antiga, putih jaba jêro kuning = ing laire katon suci, nanging batine darbe sêdya ala.

Rêkta. 1 Pala rêkta Ws = (woh awarna abang) bolu. 2 We rêkta kang muroni Ws = anggur.

Seta. 1 Radèn Seta Pd = putrane pambayun Prabu Maswapati ing Wiratha. 2 Wanara-seta Pd = Anoman, Sênggana. 3 Seta-Kumitir Pd = putrane Patih Logêndèr ing Majapait.

Tunggul. 1 Tunggul panantang = layang panantang pêrang. 2 Lading tunggul = lading awangun saèmpêr arit. 3 Têtunggul = kang pinunjul dhewe. 4 Panunggul = driji têngah, uga atêgês: mripate suwêng utawa ali-ali ing têngah dhewe. 5 Wilahan panunggul = (wilahane gamêlan laras pelog) wilahan bêm. 6 Tunggul Amêtung Bb = adipati Tumapêl, garwane asma Kèn Dhèdhès, pêputra Anusapati. 7 Tunggulnaga = songsonge Puntadewa, songsonge Jayèngrana.

Warna. 1 Sulistya ing warna Br = ayu (bagus). 2 Mancala warna Kw = malih warna. 3 Kawarna (winarna) Br = kacarita, kocap. 4 Prabu Bisawarna Pd = Ratu Singgêla nalika timure asmane Dêntawilukrama (putrane Wibisana). 5 Gêndera Dwiwarna = Sang Saka, Sang Merah-putih. 6 Basa dwiwarna = têmbung-têmbung kang ora ana kramane, nanging ana kramane inggil, kayata: gêlang-binggêl, rambut-rema lsp. 7 Basa triwarna = têmbung-têmbung sing ana kramane lan uga ana kramane inggil, kayata: jarit-sinjang-nyamping, mangan-nêdha-dhahar lsp.

Wilis. 1 Nglalêr wilis Pb = atindak nistha, nguthuh ora idhêp isin. 2 Wadyabalane tan kêna winilis Kw = wadyabalane ora kêna dietung, tanpa wilangan, akèh bangêt.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: