RSS

Banyu-Wektu

XLV. BANYU

Dasanama: 1 Banyu = arjuna, jala, jahni, jahnawi, hèr, loh (lwah), ranu, sindu, tirta, tuban, udaka, warih, we. 2 Udan = jawah, jawuh, jawoh, krêmun, rarabi, rêrêp, riris, surur, warsa. 3 Sagara = jaladhian, jaladri, jalanidhi, laut,samudra, tasik, udadi,, waudadi, arnawa. 4 Kali = lèpèn, loh (lwah), banawi, bangawan, nadhi, narmada. Awun-awun = bun (grimis) ing wayah esuk.

Banjir. 1 Banjir-bandhang = banjir gêdhe sing agawe karusakan. 2 Kêbanjiran sagara madu Pb = nêmu kabêgjan gêdhe.

Banyu. 1 Banyu gege = banyu mawa kêmbang dimantrani diênggo ngêdusi bayi. 2 Banyu windu = banyu diwayokake. 3 Banyon = wilangan pambanyune jago sing diêdu; uga atêgês: landhane taibêsi sing diênggo sisig (untu). Banyu tangi = banyu dicampuri wedang diênggo adus wong lara. 5 Mbanyuwara = tirakat sarana nyirik banyu. 6 Banyu tawa = banyu wantah, kosok-baline: banyu asin. 7 Banyu-mas = bênang-mas (dianggo mbludir lsp). 8 Banyurasa = jasad kaya jer-jeran timbêl. 9 Kabanyurasa upaya Pb = kêna mêmanise ruba (bêsêl). 10 Banyu tuli = banyu sing diênggo sarat nambani. 11 Lêbak ilining banyu Pb = wong cilik lumrah diênggo tiban kaluputan. 12 Nggarap banyu = wêruh banyu, nggarap sari, kèl. 13 Tunggal banyu Pb = tunggal guru (ngèlmu), kayata: Prabu Jayabaya karo Ajar Subrata padha dene maguru marang Maulana Ali Samsyu Zain. 14 Banyu pinêrang Pb = pasulayan sadulur enggal rukun manèh. 15 Dom sumurup ing banyu Bs = tindak nyamar dhêdhêmitan. 16 Ngangsu banyu ing kranjang Pb = maguru, sawise olèh kawruh ora diênggo. 17 Ngubak-ubak banyu bêning Pb = gawe rêrusuh. 18 Golèk banyu bêning Pb = maguru, madhukun. 19 Ora ana banyu mili mandhuwur Pb = wêwatakane anak padha karo wong-tuwane. 20 Dikêna iwake aja buthêk banyune Bs = sêdyane bisaa kalêksanan, nanging aja nganti gawe gêndra. 21 Wani cur-curan banyu kêndhi Pb = wani sumpah. 22 Pisuguhe mbanyu-mili Pp = tanpa pêdhot. 23 Mantu mbanyu mili Pb = mantu saka siji lumintu. 24 Bêbanyu = ngising. 25 Lara banyunên Pt = lara ngising. 26 Caruk-banyu Pt = gêdhe-cilik ala-bêcik dianggêp padha. 27 Banyu sinaring Pb = tansah wêweka ngulatake budining liyan. 28 Bahni nêmpuh banyu Bs = wong prakaran, sawise diadili banjur nggugat marang sing ngadili. 29 Dadia banyu moh nyawuk Pt = moh sapa-aruh. 30 Kaêdusan banyu sasiwur Pb = wong pirang-pirang tampa pawèwèh (sêga lsp) sathithik.

Blabur. Mubra-mubru blabur madu Pb = sarwa kacukupan uripe.

Bun. 1 Ngadhang-adhang tètèsing bun Pb = ngarêp-arêp pawèwèh (sih-wilasa) sing durung karuwan têkane. 2 Ngêbun-bun enjang, njêjawah sontên Ws = (bun wayah esuk = awun-awun; udan wayah sore = rarabi) nyuwun rabi, nglamar.

Jamban. Gandane arum jamban Sn = ora enak bangêt ambune (bangêr bangêt, amis bangêt).

Grojogan. 1 Kriwikan dadi grojogan Pb = prakara sapele dadi gêdhe. 2 Grojogansèwu Pd = pratapane Baladewa ing sajrone Bratayuda (saka pamrayogane Krêsna).

Guskara. Angguskara Pb = wong duwe wêwênang nggugat ora ditindakake: pêpindhane sumur, ora mili banyune. Guskara Kw = sumur.

Hèr. 1 Hèr mina(ng)kata Br = nungsung warta (pêpindhane kaya panungsunge mina utawa iwak ing banyu). 2 Hèr gung raja manung Bs = wong sugih sing bèrbudi.

Ili. 1 Ngili = ngungsi mênyang liya panggonan. 2 Jurang grawah ora mili Bs = katone loma, satêmêne cêthil. 3 Numpal kèli Pb = lêlungan lakune sarana nunut-nunut, lan tanpa jujug.

Kali. 1 Dèwi Kali – Bathari Durga. 2 Kaliyuga = arane jaman. 3 Kalijaga = asmane Wali kang nalika timure asma Radèn Sahid, putrane Tumênggung Wilatikta ing Jêpara; asma Kalijaga, marga dêdunung ing dhukuh Kalijaga (Cirêbon).

Kêdhung. 1 Dhayung olèh kêdhung Bs = darbe sêdya olèh dalan prayoga. 2 Kêdhung jêro kêna dijajagi, balik atine wong sapa sing ngrêti Pt = wong ora bisa nggagapi batining liyan. 3 Kali ilang kêdhunge, pasar ilang kumandhange (Jangka Ranggawarsitan) = titikan wiwite kaanane tanah Jawa ora nyênêngake (wong-wong padha rêkasa uripe).

Klêbus. Cincing-cincing klêbus Pb = niyate ngirit, wasana malah sangsaya luwih akèh wragade.

Kocak. 1 Kocak tandha lukak Pb = umuk pratandha kurang kapintêrane. 2 Kêbak-lubèr kocak-kacik Pb = wong owah pikire lan ndlêming, lumrahe marga kabotan ngèlmu-tuwa.

Lukak. 1 Lukak apapak Pb = wong bodho sing ambêke kaya wong pintêr, kaya bisa mapaki kapintêrane. 2 Kocak tandha lukak = Mr. Kocak.

Pacerèn. Rêsik pacerèn[10] Pt = ngunèn-unèni wong sakatoge, bêbasan nganti êntèk golèk kurang amèk (têtêmbungane sing diênggo ngunèn-unèni).

Riris. 1 Riris arda Ws = udan dêrês. 2 Udan riris = arane corak bathikan. 3 Gora gêtih nêmu riris Pb = misah wong kêrêngan wasana kêtaton, marga kêtaman gêgamane sing padha kêrêngan.

Sagara. 1 Uyah kêcêmplung sagara Pb = wèwèh marang wong sugih. 2 Rupak sagarane Pb = ora gampang ngapura luputingliyan. 3 Jêmbar sagarane Pb = sugih pangapura. 4 Ati sagara = momot-mêngku bangêt atine. 5 Disagarani Pt = disabari, dirêngkuh kalawan pangapura. 6 Sagara aestha wasa Slk = priya nyêkêl wanita kaya marang bojone dhewe. 7 Sagara wacana Slk = priya anjawat wanita (dudu bojone dhewe).

Sêndhang. 1 Sêndhang kaapit pancuran Pt = anak 3 panêngahe wadon. 2 Pancuran kaapit sêndhang Pt = anak 3 panengahe lanang.

Sindu. 1 Kali Sindu = kali Indus (ing India). 2 Sinduraja = Tirtanata. Jayadrata, Ratu ing Banakêling. 3 Sindusastra = Pujangga kang ngarang Arjunasasrabau. Sumbadralarung lsp.

Sumur. 1 Sumur lumaku tinimba Bs = wong kumudu-kudu dijaluki warah. 2 Sumur sinaba Bs = wong sing dadi jujuganing liyan kang nêdya njaluk tulung. 3 Nyumur gumuling Bs = babar-pisan ora bisa simpên wadi. 4 Sumur Jalatundha = padunungane Nagaraja kang pêputra dèwi Pratiwi (kagarwa Krêsana) lan Pratiwanggana.

Sungsung. 1 Nungsung warta Br = takon warta. 2 Nungsung guyu Br = mêthukake kanthi ulat manis (karo mèsêm). 3 Pisungsung = pawèwèh marang bangsa luhur.

Suwakan. Ngubak-ubak suwakane dhewe Pb = gawe rêrusuh ana ing laladane dhewe.

Tirta. 1 Tirta amrêta Kw = banyu wing njalari kalis ing pati. (A = ora. Mrêta = mati. Amrêta = ora mati, kalis ing pati). 2 Tirta sah saking sasana Cd = candrane mangsa Sadda (Karolas) ora ana wong kringêtên (marga bêdhidhing). 3 Tirtakandhasan Pd = nagarane Prabu Kurandhagêni (putarane asma Kartawiyoga sing ndhustha Dèwi Erawati). 4 Tirtanata Pd = Jayadrata, Arya Sindura. 5 Tirtatinalang Pd = nagarane Aswatama. 6 Tirta candra gêni raditya Slk = pangadilan sing jêjêg bangêt, ora bau-kapine; titine kaya banyu, aluse yèn ndangu kaya rêmbulan, tibane putusan kaya gêni, pariksane kaya srêngenge (raditya).

Toya. 1 Têtoya Kr = bêbuwang, ngising. 2 Atoya marta Bs = nglakoni ing saujare.

Udan. 1 Udan tangis Pt = akèh wong nangis. 2 Diudani mimis Pt = dikrutug mimis, dibêdhili. 3 Udan kêthèk (macan dhedhe) = udan, nanging srêngêngêne katon. 4 Udan sinêmèni = udan mawa swara kumrusuk nanging durung tiba, sing wis udan ing papan liya. 5 Udan woh = udan sing tlêthoke gêdhe (kêcampuran ès). 6 Udan barat = udan mawa angin.

Warih. 1 Trahing andana warih Br = turune bangsa luhur. 2 Ngangsu apikulan warih Ib = golèk ngèlmu wis alambaran ngèlmu sing arêp diwêjangake (wis sangu dhêdhasare ngèlmu iku).

XLVI. ANGIN, KEBLAT (MATA-ANGIN)

Dasanama: 1 Angin = riwut, bajra, sindhung, anila, bayu, aliwawar, tata, barat, samirana, pawana, prahara, ampuhan. 2 Ngarêp = ngarsa, ngayun, byantara. 3 Buri = wuri, pungkur, wingking, wuntat. Kering = kiwa. Kanan = têngên. Keblat: Lor = utara. Wetan = timur, purwa. Kidul = duksina. Kulon = pascima. Lor-kulon = nurwitri. Lor-wetan = narasunya. Kidul-wetan = byabya. Kidul-kulon = kaneya.

Abab. Mung abab bae = mung swara thok (tanpa kanyatan).

Angin.1Olèh angin = bisa kêtampêk angin (tumrap layangan lsp). 1 Olèh angin bêcik Pt = ana ungup-ungupe bakal tampa kabêgjan. 3 Masuk-angin = kêmbung (tumrap wêtêng). 4 Angin dharat = angin sing asale saka dharat. 5 Angin laut = angin sing asale saka sagara. 6 Samparangin = godhong turi. 7 Tanah atas-angin = tanah sing dadi tuke angin (Asia). 8 Angin silêm ing warih Slk = durjana sing ora katon sedyane ala. 9 Bisa njaring angin Pb = pintêr bangêt. 10 Kumrisik tanpa kanginan Pb = sanadyan ora ditarka, sarèhne rumangsa tumindak ala, atine ora kapenak. 11 Madu angin Pt = ngrêmbug prakara sing tanpa guna.

Bayu. 1 Tanpa bêbayu Br = lêmês tanpa kêkuwatan. 2 Bayu-bajra Kw = angin lan blêdhèg. 3 Darah bayu Pd = kang kasinungan daya bisa mangrèh lakune bayu (angin), yaiku: Bathara Bayu, Anoman, Wrêkudara, Bagawan Maenaka, Wil Jajahwrêka, Liman Situbanda, Nagakuwara lan Garudha Mahambira.

Buri. 1 Pamburi = arane punggawa desa (bêkêl). 2 Ing têmbeburi = ing besuke. 3 Obah ngarêp kobèt buri Pt = yèn sing dadi pangarêp gêlêm ada-ada (inisyatip) andhahane melu bae.

Duksina. Tan èngêt purwa-duksina Br = kantaka, kantu, kapidara, sumaput, klêngêr.

Dhuwur. 1 Wong dhuwur Et = wong apangkat gêdhe. 2 Kêmbang dhuwuran Pt = kêmbang galihan, yaiku kêmbang sing apik-apik diênggo sajèn (mawar, kanthil lsp). 3 Sing dhuwur diurugi, supaya padha karo sing êndhèk Ck = timbangan (traju, dhacinan lsp).

Hawa. 1 Hawa-nêpsu = dêrênging ati marang pêpenginan. 2 Hawa-kamurkan = pangangsa-angsa. 3 Nguja hawa = nuruti karêping ati (ala). 4 Nutupi babahan hawa sanga = kabèh pirantining pangrasa (warna 9) ora makarti.

Kiwa. 1 Papan kang kiwa Pt = panggonan sing ora adhakan, ora kêrêp diambah ing wong. 2 Rupane kiwa Pt = ora ayu (ora bagus). 3 Laku ngiwa Pt = panggawe sèdhèng (tumrap wanita). 4 Prakara iku kiwakna bae Pt = sisihna, aja kopikir.

Lor. 1 Nggutuk lor kêna kidul Pb = nyêmoni (ngunèni wong, mituturi lsp. sarana ditibakake marang wong liya). 2 Kêkarêpane ngalor-ngidul Pt = kêkarêpane ora padha (kosok-balèn).

Maruta. Katiyup maruta manda Br = kêsiliran ing angin midid, kêtaman angin silir-silir.

Ngarêp. 1 Pangarêp = pangarsa, pangayun, panggêdhe. 2 Obah ngarêp, kobèt buri = Mr. buri.

Ngarsa. Piyak ngarsa tangkêp wuri Br = ing ngarêp padha sumisih ngiwa-nêngên, ing buri tumangkêp manèh. (Para abdi ing ngarsane Sang Prabu sumisih ngiwa-nêngên, nanging banjur tumangkêp manèh ing sapêngkêre Sang Prabu, yaiku sawise Sang Prabu miyos ing papan iku).

Ngisor. Ngisor galêng dhuwur galêng Pb = sadulur saka pancêr wadon lan saka pancêr lanang.

Sisih. 1 Durung darbe sisihan Br = durung duwe bojo. 2 Prakara iku sisihna bae Pt = singkirna bae, aja kopikir. 3 Baguse tanpa sisihan = ora ana sing nimbangi. 4 Pilih-sih Pt = ora adil, ora padha pangrêngkuhe, bot-sih.

Têngah. 1 Wong satêngah Pt = edan. 2 Satêngah tuwuh Pt = satêngah umur (35-40 taun). 3 Satriya panêngah Pandhawa Ws = Janaka. 4 Nglangi ing têngah mati ing pinggir Pb = wis nggarap pagawean watara olèh saparo banjur lèrèn, ora ditêrusake. 5 Sing padu têngahana Pt = sapihên, adilana.

Têngên. 1 Papan têngên Pt = papan sing adhakan, papan sing kêrêp diambah. 2 Siswa sing kêtêngên dening Guru Pt = sing dikasihi, ditrêsani. 3 Nêngênake pangan Pt = mrêlokake bangêt marang pangan, nggêdhèkake pangan. 4 Kelangan bau têngên Pt = koncatan kanca, sadulur lsp sing gêdhe pambiyantune pagawean.

Wetan. 1 Barat wetan wijilipun Ws = angin timur. 2 Wong wetanan Pt = wong Asia, kosok-baline wong kulonan = wong Eropa, bangsa kulit putih.

Wingking. 1 Kanca wingking Pt = rabi kula (semah kula). 2 Wingking pundi pinangka, ngajêng pundi sinêdya Br = asal sampeyan ing pundi lan badhe dhatêng pundi.

XLVII. WÊKTU

Dasanama: 1 Wêktu = wayah, wanci, wêkdal, kala, mangsa, ungsum. 2 Dina = ari, wara. 3 Sasi = santun, wulan, candra. 4 Taun = warsa. 5 Awan = siyang, rina. 6 Bêngi = dalu, ratri. Arane wêktu (sajrone 24 jam). Byar jam 6. Gumatêl jam 9. Pêcat sawêt jam 10. Têngange (bêdhug) jam 12. Luhur jam 13. Lingsir kulon jam 14. Asar jam 16. Tungganggunung jam 17. Tibralayu jam 18. Sandikala jam 18. Mahrib jam 18. Bakda mahrib jam 19. Isa jam 10.30.[11] Bakda isa jam 20. Sirêp bocah jam 22. Sirêp wong jam 23. Bêdhug dawa (bêdhug bêngi) jam 24. Lingsir wêngi jam 1. Titiyoni jam 2. Jago bluruk sapisan jam 3. Jago kluruk kaping pindho jam 4. Bêdhug têlu (subuh) jam 4. Jago kluruk kaping têlu jam 5. Gagat raina jam 5. Saput lêbu (saput lêmah) jam 5.30.

Jaman gêdhe diarani Kali, manut buku Pranitiwakya ana 3 warna: I Kaliswara, diperang dadi jaman cilik 7: Kala Kukila, Kl. Buda, Kl. Brawa, Kl. Tirta, Kl. Rwabasara, Kl. Rwabawa, Kl. Purwa. II Kaliyuga, perang-perangane: Kl. Brata, Kl. Dwara. Kl. Dwapara, Kl. Pranti, Kl. Têtêka, Kl. Wisesa. Kl. Wisaya. III. Kalisangara, perang-perangane: Kl. Jangga, Kl. Sakti, Kl. Jaya, Kl. Bêndu, Kl. Suba, Kl. Sumbaga, Kl. Surata.

Arane windu: Kuntara, Sangara, Sancaya, Adi.

Arane taun: Alib, Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu, Jimakir.

Arane dina (Kawi): Soma, Anggara, Buda, Rêspati, Sukra, Tumpak, Dite.

Arane pasaran: (saka Pon): Palguna, Cêmêngan, Kasih, Manis, Jênar.

Ari. 1 Ari-ari = êmbing-êmbing. 2 Aribawana Pd = Ariloka, jangate Bathara Ari. 3 Bathara Ari Pd = Bathara Wisnu. 4 Arimurti Pd = Wisnu, uga asmane Krêsna. 5 Ariwarti Kw = (yayang) kabar dinan. 6 Kakang kawah adhi ari-ari = Mr. kawah.

Dina. 1 Dina bêcik = dina sing prayoga diênggo duwe gawe lsp. 2 Kalingga dina Pt = kêlêtan dina. 3 Dina gêdhe Pt = dina kang wigati, dina sing dimulyakake. 4 Dina naas Pt = dina sing disirik ora kêna diênggo ngadani pagawean wigati (mantu, ngêdêgake olah lsp). 5 Ana dina ana upa Pt = ora nguwatirake pangan, pracaya yèn sabên dina mêsthi bisa mangan. 6 Padinan = ditindakake (diênggo) sabên dina.

Jaman. 1 Jaman warna papat: Krêtayuga, Tirtayuga, Duparayuga, Kaliyuga. (Yuga = jaman). 2 Sajaman = 100 taun =saabad. 3 Sajaman gêdhe = 1000 taun. 4 Amênangi jaman edan Pt = ngalami urip ing jaman kasusilan rusak (moril bêjad). 5 Ora njaman Pt = ora manut kaanan (ombyaking)jaman. 6 Ora jaman ora makam Pt = ora miturut kalumrahane wong akèh; uga atêgês: ora karuwan asale. 7 Lambang jaman: a) Andêrpati Kalawisesa = jaman Pajajaran, wong-wong padha wani nglabuhi agama Siwah (Kalawisesa = Bathara Siwah). b)RajapatiDewanata = jaman Majapait, sing jumênêng ratu prasasat ratuning dewa (Raja = ratu. Pati = ratu. Rajapati = ratuning ratu, ratu agung).c) Adiyati Kalawisaya = jaman Dêmak, sing jumênêng ratu prasasat pêndhita linuwih (Adi = linuwih. Yati = pêndhita. Kalawisaya = Bathara Guru).d) Kalajangga = jaman Pajang, sing jumênêng ratu karêm ulah asmara (Kalajangga = jêjuluke Bathara Asmara).e) Kalasakti = jaman Mataram, ratu lan kawulane sênêng ulah kaprajuriatan (Kalasakti = jêjuluke Bathara Wisnu). f) Kalajaya = jaman Wanakarta. Ana ngêndi dununge nagara lan ratune, durung ana wong sing ngrêti. g) Kalabêndu = durung ana sing ngrêti pralambange nagara ngêndi.

Esuk. 1 Ésuk kêdhêle sore tempe Pt = gunêm mencla-mencle. 2 Jarit esuk-sore Pt = jarit pasar-sore = jarit sing coraking bathikane kiwa-têngên (wolak-walik) ora padha. 3 Prak-esuk Pt = mèh raina.

Gêthèk. 1 Karo gêthèk = karo tugêl gêthèk Pt = karo gêthèk dina = 1½ awan. 2 Digêthèk Pt = bênêre dibêthèk, yaiku diukum diwirangake sarana kinubêngan bêthèk supaya ditonton wong akèh.

Kala. 1 Kala-kala = ing wêktu kang ora ajêg. 2 Kalabêndu = jaman kang pakrabawan Bathara Kala, wong-wong padha rusak kasusilane. 3 Kalabêndu sêmune Sêmarang lan Têmbayat Pl = pralambange P. Dipanagara nalika madêg suraning panggalihe lan nglawan panguwasane kompêni. (Sêmarang ngibarat kompêni, Têmbayat ngibarat P. Dipanagara). 4 Kalajangga Pl = pralambange jaman Pajang, Ratu (JakaTingkir) sanayakane padha nggêdhèkake ulah asmara. (Kalajangga iku jêjuluke Bathara Asmara). 5 Kalasakti Pl = pralambange jaman Mataram, Ratu sakawulane padha sênêng ulah kaprajuritan. (Kalasakti iku jêjuluke Bathara Wisnu, Dewa awatak prajurit, sênêng mêmayu ayuning bawana). 6 Kalanadhah Pd = kêrise Arjuna, asale saka siyunge Bathara Kala dicabut dening Bathara Guru lan disabdakake dadi kêris. 7 Kaladite Pd = kêrise adipati Karna. 8 Kalapracana Pd = Ratu Gilingwêsi kang seda dening Gathutkaca; patihe aran Kasipu uga seda dening Gathutkaca (Lakon laire Gathutkaca). 9 Amurwakala Pd = lakon wayang sing lumrah diênggo ngruwat bocah ontang-anting, kêmbangsapasang, ugêr-ugêr lawang lsp. 10. Candrasangkala Kss = kala (sangkalan) sing pangetunge manut lakune rêmbulan (candra). 11 Suryasangkala Kss = kala (sangkalan) sing pangetunge manut lakune surya. 12 Sandya-kala = sandi-kala = kala (wêktu) sing nggandhèng wêktu awan karo bêngi, yaiku wêktu rêpêt-rêpêt. 13 Nggugat kala Pt = sêmpurnane kudu: nggugat kala samana = nggugat prakara sing wis kêpungkur. 14 Ngudang siyunge Bathara Kala Pb = nantang sudukan (nganggo kêris).

Mangsa. 1 Angon mangsa Pt = angon kosok = kosok = nangguh wêktu kang prayoga. 2 Mangsa pailan Pt = mangsa pacêklik, larang pangan. 3 Mangsa pagêblug = mangsa akèh wong mati. 4 Mangsa labuh = ngarêpake rêndhêng (wiwit ana udan, mangsane wiwit nggarap sawah). 5 Mangsa rêndhêng = mangsa akèh udan. 6 Mangsa marèng = ngarêpake mangsa kêtiga. 7 Mangsa kêtiga = mangsa têrang, ora ana udan. 8 Mangsa borong = mangsa bodhoa, dakpasrahake (marang kowe), aku ora mèlu-mèlu. 9 Mangsa gêlêma = mokal yèn gêlêm. 10 Mangsa-tara = mangsa ora ana udan sajrone rêndhêng. 11 Madumangsa = arane panganan. 12 Mangsa warna rolas (umure, tanggale lan candrane).

I Kasa (Kartika) 41 dina, 21/22 Juni: Sotya murca saking êmbanan (wit padha brindhil).

II Karo (Pusa) 23 dina, 1/2 Agustus: Bantala rêngka (lêmah nêla).

III Katêlu (Manggasri) 24 dina, 24/25 Agustus: Suta manut ing bapa (Wit gadhung mrambat).

IV Kapat (Sitra) 25 dina, 17/18 Sèptèmbêr: Waspa kumêmbêng jroning kalbu (tuk pipet).

V Kalima (Manggakala) 27 dina, 12/13 Oktober: Pancuran mas sumawur ing jagad (wiwit ana udan gêdhe).

VI Kanêm (Naya) 43 dina, 8/9 Nopèmbêr: Rasa mulyakasucian (akèh woh-wohwn).

VII Kapitu (Palguna) 43 dina, 21/22 Desèmbêr: Wisa kentar ing maruta (akèh lêlara).

VIII Kawolu (Wisaka) 26/27 Pebruari: Anjrah jroning kayun (akèh kucing gandhik).

IX Kasanga (Jita) 25 dina, 29 Pebruari / 2 Maret: Wêdhare wacana mulya (gangsir ngênthir).

X Kasapuluh (Srawana) 24 dina, 25/26 Marêt: Gêdhong minêb jroning kalbu (manuk ngêndhog).

XI Kasawêlas (Dhêstha, Padrawana) 23 dina, 18/19April: Sotya sinarawèdi (manuk ngloloh). XII Karolas (Saddha, Asuji) 41 dina, 11/12 Mèi: Tirta sah saking sasana (ora ana wong kringêtên, mangsa bêdhidhing).

Carane nitèni (ngetung) mangsa: Yèn sasine luwih saka 6 kudu dilong 6; yèn kurang saka 6 kudu diwuwuhi 6. Tuladha: sasi 1 (Januari) + 6 = 7; dadi sasi Januari tiba mangsa Kapitu. Sasi 11 (Nopèmbêr) – 6 = 5; dadi sasi Nopèmbêr mangsa Kalima.

Naas. Sing dianggêp dina Naas warna têlu: 1 Dina (tanggal) patine wong tuwane dhewe lan maratuwa. 2 Patine sasi lan patine taun (wêkasane). 3 Naas Nabi, yaiku: 13 Sura, Nabi Ibrahim diobong Raja Namrud. 3 Mulud, N. Adam diturunake saka swarga. 16 Rabingulakir, N. Yusup dicêmplungake sumur. 5 Jumadilawal, N. Nuh kinêlêm samodra. 21 Pasa, N. Musa pêrang karo Raja Pirngon. 24 dulkangidah, N. Yunus diuntal iwak. 25 Bêsar, N. Muhammad singidan ing guwa.

Sasi.Arane sasi Jawa: 1 Sura (Muharam), 2 Sapar, 3 Rabingulawal (Mulud), 3[12] Rabingulakir (Bakda-mulud), 5 Jumadilawal, 6 Jumadilakir, 7 Rêjêb, 8 Ruwah (Syaban),[13] Pasa (Ramêlan), 10 Sawal, 11Dulkangidah (Apit, Sêla), 12 Bêsar, (Dulhaji, Dulkijah). Sing umure 30 dina: Sura Rabingulawal, Jumadilawal, Rêjêb, Pasa, Dulkangidah. Sing umure 29 dina: Sapar, Rabingulakir, Ruwah, Sawal. Umure sasi Bêsar ing taun wuntu 30 dina, ing taun wastu 29 dina.

Taun. 1 Edan taun = edan kumat-kumatan, sataun sapisan. 2 Taun wuntu = taun dawa. 3 Taun wuntu Jawa = taun kang umure 355 dina, yaiku taun Jimakir. 4 Taun wuntu Masèhi = 366 dina, yaiku yèn cacahe taun cèplês dipara 4, nanging ora cèplês dipara 400, Pêbruari umure 29 dina. 5 Taun Jawa = 354 dina, yaiku Alip. Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu; dadi mung Jimakir thok sing taun wuntu. 6 Taun wastu Masèhi = 365 dina, Pebruari umure 28 dina. 7 Tanggale taun Jawa yaiku: Sura, biyèn manut Aboge, saiki Asapon: Alip-Slasa Pon, Ehe-Sêtu Paing, Jimawal-Kêmis Paing, Wawu-Ngahad Wage, Jimakir-Kêmis Pon.

Tumbuk. 1 Mangsa tumbuk = mangsa plêthèking srêngenge ana ing wetan bênêr (ing sadhuwure bênêr garis kêndhiting jagad utawa Katulistiwa). 2 Tumbuk-taun utawa tumbuk-cilik =wêtonan (kalairan) umur sawindu (8 taun): arane dina, pasaran, tanggale, sasi Jawa lan taune tumbuk. (Tumbuk = gathuk). 3 Tumbuk-pawukon = wêtonan umur 16 taun: arane dina, pasaran, tanggale, sasi Jawa, taune, paringkêlane lan pawukone tumbuk. 4 Tumbuk-windu utawa tumbuk-gêdhe = 32 taun: arane dina, pasaran, tanggale, sasine Jawa, taune, paringkêlane, pawukone lan windune tumbuk (gathuk, padha karo nalika laire saka guwa-garba). 5 Gajah tumbuk kancil mati ing têngah = sing apasulayan wong gêdhe, sing cilaka wong apangkat cilik (upamane carik). 6 Kêtumbuk bêntus = ngalami ora kapenak luwih saka sawarna.

Wara. 1 Pancawara = dina lima: Palguna, Cêmêngan, Kasih, Manis, Jênar. 2 Sadwara = dina nênêm utawa Paringkêlan: Tungle, Aryang, Warukung, Paningron, Uwas, Mawulu. 3 Saptawara = dina pitu: Soma, Anggara, Buda, Rêspati, Sukra, Tumpak, Dite. 4 Asthawara = dina wolu utawa Kadewan: Sri, Endra, Guru, Yama, Lodra, Brama, Kala, Uma. 5 Sangawara = dina sanga utawa Padangon: Dangu, Jagur, Gigis, Kerangan, Nohan, Wogan, Tulus, Wurung, dadi.

Warsa. 1 Anirna warsa Slk = nanduri palêmahan liyan, barêng wis mèh panèn palêmahan mau dijabêl dening sing duwe (satandurane). 2 Kalingga warsa Pb = prakara sing wis kêlêtan taun. 3 Kadalu-warsa Pt = kasèp, lungse. 4 Tanggap warsa Pt = têgêse lugu: tampa taun, maksude: ngurmati tumapake taun anyar, tanggal 1 Sura utawa 1 Januari.

Wêktu. 1 Nglakoni 5 wêktu Pt = nindakake sêmbahyang (agama Islam). 2 Arane wêktu (sajrone sadina-sawêngi): Byar jam 6. Gumatêl jam 6 (panase surya nggatêli). Pêcat-sawêt utawa wisan-gawe jam 10-11. Têngange (têngah + ing + we = têngahe awan, bêdhug) jam 12. Luhur jam 13. Lingsir kulon jam 14. Asar jam 16. Asar-êndhèk jam 17. Tunggang-gunung (srêngenge mbênêri ana ing puncake gunung) jam 17. Mahrib jam 18. Sandikala (sandya-kala) jam 18. Isa jam 20. Sirêp bocah jam 21. Sirêp wong (sirêp-jalma) jam 23. Bêdhug dawa (bêdhug bêngi) jam 24. Lingsir-wêngi jam 1. Titiyoni jam 2. Jago kluruk (sapisan jam 3, kapindho jam 4, katêlu jam 5).

Windu. 1 Windu warna papat: 1 Kunthara, 2 Sêngara, 3 Sancaka, 4 Adi. Saiki windu Adi, wiwite 1 Sura taun Alip 1899 wêkasane 30 Bêsar taun Jimakir 1906. 2 Kala siraman ing banyu windu Pp = ayêm, anyês atine. (Windu = banyu), 3 Ora mindu ora ngrêmpêlu = ora kandha babar-pisan.

Wuku. 1 Wuku 30 (Prabu Watugunung Ratu Gilingwêsi + garwane 2 + putrane 27), yaikui: 1 Sinta, 2 Landêp, 3 Wukir, 4 Kuranthil, 5 Tolu, 6 Gumbrêg, 7 Warigalit, 8 Warigagung, 9 Julungwangi, 10 Sungsang, 11 Galungan, 12 Kuningan, 13 Langkir, 14 Mandhasiya, 15 Julungpujud, 16 Pahang, 17 Kuruwêlud, 18 Marakèh, 19 Tambir, 20 Mêdhangkungan, 21 Maktal, 22 Wuye, 23 Manail, 24 Prangbakat, 25 Bala, 26 Wugu, 27 Wayang, 28 Kulawu, 29 Dhukut, 30 Watugunung. 2 Uyah sawuku = padha gêdhene karo wuku (wiji kapas). 3 Timun wuku gotong wolu = Mr. timun.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: