RSS

Wilangan-Mati

XLVIII. WILANGAN

Kawi 1 têkan 10: eka,[14] tri, catur, panca, sad, sapta, astha, nawa, dasa. Wêlasan: ekadasa, dwidasa, triyodasa, caturdasa, pancadasa, saddasa, saptadasa, asthadasa, nawadasa. Puluhan: dasa, wingsati, (wimsati, wisati), trinisat (triningsat), catwaringsat, pancasat, sasti, saptali, asiti, nawati. Atusan: sata, dwisata, trisata, catursata, pancasata, sadsata, saptasata, asthasata, nawasata. Ewon: sahasra, dwisahasra, trisahasra, lan sabanjure.

Pêpangkatan (kapisan têkan kasapuluh): pratama, dwitiya, tritiya, caturta, pancama, sastha, saptama, asthama, nawama. dasama.

Wiwit sèwu mundhak das siji-siji: sèwu, salêksa, sakêthi, sayuta, sawêndra, sabara, sagulma, sacamu, sawurda, sakirna.

Têngah, bêlah lsp.: Karo-têngah = lorone karo satêngah = 1½. Têlu-têngah = têlune karo satêngah = 2½. Kapat-têngah atus = kapatbêlah = 350. Klima-bêlah = 450. Klima-bêlah èwu = 4500. Kanêm-têngah èwu = 5500. Samas = 400. Dhomas = 800. Saêprah = salaweprah = 24. Salawe (bêntêt) = 25. Bèhji = 31, bèhro = 32 lan sabanjure têkan bèh sanga = 39. Kapatsasur 35, klimasasur 45, lan sabanjure têkan kasapuluhsasur = 95.

Dhuwit: Sasêmat = sakêton = saringgit. Sareyal = 2 rupiyah. Sarispis = srupiyah. Sagelo = sarupiyah-abang = 10 wang = 20 tèng = 100 dhuwit. Karo-tèng = satêmêne atêgês: sauwang punjul saêtèng = 15 dhuwit, kira-kira 12½ sèn. Saêton = 100.000 rupiyah.

Palêmahan: 1 karya = 1 jung = 2 kikil = 4 bau = 8 lupit = 16 iring = 32 idu = 64 kêcrit = 2000 ubin (cêngkal-pêsagi, ru-pêsagi) = kira-kira 28.000 m2.

Pari: 1 uwa = 1 amêt = 5 angga = 25 gèdhèng = 50 pocong. Bobot: 1 dhacin = 100 kati = 1.600 tail = 16.000 ci = 16.000 mata = 62.500 gram. 1 koyan = 30 dhacin.

Atêgês siji, sasisih, saperangan:, cangkir sasêle (tanpa lambaran), gula (gêdhang) salirang. Krambil salayan (½ pikul), Krambil sagluntung, bawang sabungkul, bawang sasiyung, jêruk sasiyung (saajar), durèn sajuring, durèn sapongge, nangka sanyamplung, mori sakêbar, ênjêt sapapon, ênjêt sadulit, duk sakakap, jae sarimpang, uyah sabata, uyah sakèrèk, uyah sawuku, gambir sakèrèk, jagung sajanggêl, pari sawuli (sarungge), pari sajatha, pête sakêris, pête samata, klobot saontong, gêdhang saulêr, dluwang salêmbar, têbu (pring) salonjor, bêras saêlas, têmbako sadhêlêg (satampang), têmbako saêmplek, gêndèr sarancak.

Atêgês sapisan: sakêthokan, sakêpyakan, sagêdhagan, saêndhêgan, sakêmpyangan.

Atêgês loro: gula (gêdhang) satangkêp, krambil sakanthèt, gêlang sapasang, kêbo sarakit, pelas sagandhok, pari sagèdhèng, dara sajodho, pangantèn sarimbit, gandhèk sakêmbaran.

Atêgês sagolongan: Carita wayang salakon = 7 jêjêran, yaiku: jêjêr Kawitan, jêjêr Sabrangan, jêjêr Bondhèt, jêjêr Pandhita (gara-gara), jêjêr Uluk-uluk, jêjêr Sumirat, jêjêr Rina-rina. Krêtu (cilik) salakon = 120. Krêtu gêdhe salakon = 52. Domino salakon = 28. Panah salakon = 4. Piring (gêlas lsp) salusin = 12. Jarit sakodhi = 20. Grip saêdhus = 100. Pèn saêgros = 144. Krêtas saêrim = 500 lêmbar. Krambil sajanjang = sawatara gluntung. Gêdhang saèpèk = sawatara ulêr. Gêdhang satundhun = sawatara èpèk. Pring sadhapur = sawatara lonjor. Têbu sauyun = sawatara lonjor. Kêmbang sadhompol = sawatara iji. Mrêcon sarèntèng = nganti puluhan. Iwak sasêndhatan = nganti puluhan.

Atêgês kabèh: sakojur, saranduning. Sagunging, salwiring, sanggyaning, sakabèhe. Samubarang, samukawis, saniskara. Salumahe bumi, sakurêbing langit.

Wilangan sing diênggo mbangêtake surasa: Gêdhang-sèwu. Diyan-sèwu lsp = diênggo mbangêtake kèhe (ora nganti ganêp sèwu têmênan). Sukur bage sèwu = luwih dening sukur. Sèwu bêgja = bêgja bangêt. Sèwu ora nyana = babar-pisan ora nyana. Sakêthi jumurung = jumurung bangêt. Majua sayuta ngarsa, sakêthi wuri = kroyokên sing akèh (aku). Sèwu lêpat nyuwun pangapuntên = sakathahing lêpat mugi karsaa paring pangaksama.

Atêgês cilik bangêt, sadhela bangêt: Sarambut pinara pitu.

Samêndhang. Saluguting kolang-kaling pinara sasra. Saêndhêg amun-amun. Sasiliring bawang. Sadrahing angin. Sakedhèp netra. Sapandurat. Sapangu. Satleraman. Sakêplasan. Sagêbyaran. Sagêbyaring thathit. Samatra. Sapanginang. Yèn nginanga durung abang, idua durung asat. Saêlapan. Saêlêsan. Samrica binubut = lêmbut bangêt, cilik bangêt.

Minum 1 têkan 10 sloki (candra): Eka padma sari. Dwi amartani. Tri kawula busana. Catur wanara rukêm. Panca sura panggah. Sad guna wêweka. Sapta kukila warsa. Astha sacara-cara. Nawa gra lupa. Dasa buta mati.

Wilangane prajurit: aksohini = 10 anihini = 30 camu = 90 prêtana = 270 wahini = 810 gana = 2.430 gulma = 7.290 senamuka = 21.870 pati = iku kadadean saka kumpule prajurit 109.350 + jaran 65.610 + kreta 21.870 + gajah 21.870. Baratayuda, balane Pandhawa 7 aksohini. Kurawa 11 aksohini.

XLIX. LÊLÊMBUT, LÊLARA, TAMBA

Dasanama: 1 Lara = sakit, roga, agring, marana, rapuh, gêrah, wikara. 2 Waras = saras, mari, waluya, dhangan, pulih, purna, paripurna. 3 Slamêt = sugêng, basuki, rahayu, raharja, yuwana, swasta. 4 Tatu = kanin, brana, labêt. 5 Wudunên = Ki: untarên. 6 Watuk = Ki:cêkoh. 7 Tamba = usada, jamu, mausada, mausadi, jampi. 8 Cêkok = Ki:loloh. 9 Pilis = Ki:larik (sigitan). 10 Tapêl = Ki:rakêtan. 11 Wêdhak = Ki:konyoh. 12 Pupur = Ki:tasik. 13 Sêmaput = klêngêr, kantu, kantaka, kapidara, tan èngêt purwa-duksina.

Kang kalêbu lêlêmbut: 1 Setan = bêlis, lanat (laknat). 2 Jim = lêlêmbut sing darbe bêbudèn kaya manusa. 3 Pêri = lêlêmbut wadon ayu. 4 Dhêmit = lêlêmbut manggon ing papan angkêr. 5 Lampor = lêlêmbut sok ngaton wayah awan lan sok ngêjaki bocah. 6 Cèpèt = lêlêmbut sok ngaton wayah sore lan sok ngêjaki bocah. 7 Bêkasakan = brêkasakan = lêlêmbut ing alas. 8 Tongthongsot[15] = lêlêmbut sok katon mlangkrong ing wit. 9 Banaspati = lêlêmbut awujud sirah thok sok katon tumèmplèk ing wit. 10 Gêndruwo = lêlêmbut yèn katon awujud rasêksa. 11 Wêwê = gêndruwo wadon. 12 Dhanyang = lêlêmbut sing manggon lan nguwasani panggonan. 13 Kêmamang = yèn katon awujud gêni mêngangah. 14 Wêdhon = mêmêdi awujud mayit.

Bêlis. Bojlèng-bojlèng bêlis lanat ajêjegang Pd = têmbung (ukara) sabawa, diucapake samangsa sumurup utawa krungu lêlakon sing ora agawe sênênging ati.

Dhêmit. Dhêdhêmitan = sêsingidan, ora ngêdhèng. 2 Dhêmit ora ndulit, setan ora doyan Pt = kalis saka pangganggu-gawe lêlêmbut, satêmah sanadyan kurang wêweka tansah nêmu slamêt.

Jamu. Mutah jamune pepe Bs = priya sing ilang daya-prabawane, kasêktène lsp.

Lara. 1 Lara ayu Pt = lara cacar. 2 Lara brangta = lara asmara. 3 Lara ati = sêrik. 4 Nguyang lara nggenjah pati Pb = njarag nêmu cilaka. 5 Nglarani = krasa lara ngarêpake nglairake bayi.6 Nglakoni lara-lapa Pt = nglakoni urip ora kapenak. 7 Lara atèn = gampang sêrik. 8 Lara uyang = krasa prungsang awake. 9 Lara-sêtu = bangsa sukêt sing oyode wangi. 10 Lara-irêng = candu. 11 Dèwi Lara Irêng Pd = Rara Irêng = Sumbadra. 12 Lara karuna = nangis kêranta-ranta. 13 Palara-lara = para nyai ing kraton sing isih kênya. 14 Utang wirang nyaur wirang, utang lara nyaur lara, utang pati nyaur pati Pt = wong manggawe marang liyan mêsthi bakal tampa wêwalês. 15 Lêlara iku panulake luwih gampang sarana panjaga tinimbang sarana têtamba Pt = luwih gampang njaga aja nganti kêtaman lêlara tinimbang ngilangake lêlara kang wis tumanduk ing awak (mulane kudu ngati-ati uripe). 16 Lara asmara = nandhang brangta, kayungyun, kêpencut, gandrung. Aja sing mung lara, tumêka ing pati daklakoni Pt = tekad kang wis kêncêng.

Lêmbut. 1 Lêmbut tan kêna jinumput = alus bangêt. 2 Sagêd dados agal saklangkung agêng, lêmbat botên kasatmripat = sagêd tiwikrama lan sagêd ngical.

Pilis. Ora kêna wong pilis Pt = priya sing awatak thukmis.

Pupuk. 1 Pupuk bawang = melu dolanan nanging ora diwajibake melu dadi. 2 Durung ilang pupuk lêmpuyange Pb = dipadhakake isih bocah cilik, marga durung duwe pangalaman. 3 Wrêkudara ngagêm pupuk-mas rineka jaroting asêm Pd = mas barang pangaji, pêpindhane ajine bêbudène Wrêkudara sing luhur; jarot-asêm iku sêntosa, ngibarat sêntosaning panggalihe Wrêkudara.

Purna. Purna waluya jati Br = pulih kaya kaanane ing sakawit, mari.

Sêmbur. 1 Luput sêmbur Pb = luput suwuk = ora kêna dipênggak kêkarêpane (ala). 2 Ora uwur ora sêmbur Pb = ora mènèhi pawitaning urip lan ora awèh pituduh bab laku-lakuning aurip. 3 Sêmbur-sêmbur adas siram-siram bayêm Pb = saka pujine wong akèh muga-muga bisa katêmahan (kabul kang sinêdya). 4 Timaha sêmbur = timaha sing mawa plênik-plênik irêng kaya disêmburake; yèn timaha pèlèt mawi kêkêmbangan irêng dlarèh-dlarèh.

Setan. 1 Setan katon Bs = wong sing awatak ala. 2 Nganggur iku

susuhe setan Pt = nganggur iku nggampangake tuwuhe kêkarêpan sing kurang prayoga. 3 Setan nunggang gajah Bs = mung murih kapenake dhewe (ora mraduli marang liyan). 4 Setan nggawa ting Bs = sênêng adu-adu. 5 Dibisa ngunjara setan Pt = sing bisa ngalahake hawa-napsu ala. 6 Wulu-setan Pt = wulu sing dununge manjila, nylênèh thukule.

Tamba. 1Tamba têka lara lunga Pt = unèn-unèn sing lumrah diucapake dening wong sing nêdya namakake tamba. 2 Madal tamba Pt = ora ana tamba sing bisa agawe warase.

Tapêl. 1 Isih mambu tapêl = isih nom bangêt. 2 Tapêl tracak = wêsi sing dirakêtake (jaran lsp). 3 Tapêl-watês = watêsing wêwêngkon (nagara).

Tatu. 1 Milang tatu Pb = ngetung lan nggêtuni kapitunane. 2 Tatu arang kranjang Sn = kêrêp bangêt, akèh bangêt tatune.

Cêkok. 1 Dicêkoki indhing Pb = priya kalah prabawa karo wanita (bojone), mung tansah manut-miturut ing sakarêping bojone. 2 Cêkokan = mondholaning ikêt.

Cuplak. Cuplak andhêng-andhêng ora prênah panggonane Bs = sadulur (kanca) sing njalari ala prayoga disingkirake.

Usada. 1 Maosada Kw = maha + usada = tamba sing mustajab bangêt. 2 Dhoktêr Wahidin Sudirahusada Bb = dhoktêr sing ngêdêgake Parte Pulitik aran Budi-Utama ing taun 1908.

Wêdhon. 1 Banyu wedhon Pt = banyu sing diênggo ngêdusi mayit. 2 Ana wedhon saka kulon Pl = wong kulit-putih têka ing tanah Jawa, bangsa kulonan (Landa) ngajawa (Jangka Ranggawarsitan).

Wewe. Rusake tanah Jawa kambah dening wewe putih, têbu-wulung gêgamannya Pl = rusake tanah Jawa marga kêtêkan bangsa kulonan mawa gêgaman bêdhil (Jangka Sabdapalon).

L. ILANG, MATI, BANGKE

Dasanama: 1 Ilang = sirna, nir, nis, murca, muksa, musna. 2 Mati = lalis, lampus, layon, lena, pralaya, palastra, antaka, ngêmasi, seda, surud, padhêm, murud ing kasidan jati, kondur dhatêng têpêt suci, mancal donya, sirna marga layu. 3 Bangke = wangke, pratipa, sawa, kunarpa, kuwanda, bathang, mayit, layon. 4 Rampung = paripurna, palakarta, palêstha, pulastha, labdakarya, iti,[16] ttmat,[17] katam. 5 Wêkasan = pungkasan, wasana, puwara.

Bathang. 1 Bathang gajah Bs = wong gêdhe sing wis ilang panguwasane. 2 Bathang lêlaku Bs = wong siji lêlungan ngambah dalan mbêbayani (ana begale lsp). 3 Bathang ucap-ucap Bs = wong loro lêlungan ngambah dalan mbêbayani. 4 Mbathang =nglangi mlumah. 5 Nyundhang bathang banthèng Pb = njunjung darahing aluhur sing wis apês.

Entèk. 1 Entèk jarake Pb = êntèk kasugihane. 2 Entèk golèk kurang amèk Pt = ngunèn-unèni wong ing sakatoge. 3 (Bayare) êntèk dhadhah êntèk ngomah Pt = ora diturahake, ora duwe simpênan (cèlèngan). 4 Entèk-êntèkan = rêsik, êntèk babar-pisan (tumrap kêmalingan lsp).

Ilang. 1 Ilang klilipe Et = ilang mungsuhe. 2 Kaya ilang dikêdhèpake Br = nyawang tanpa kêdhèp, sabab yèn kêdhèp kuwatir manawa sing disawang ilang utawa lunga (ing sajrone ditinggal kêdhèp). 3 Ilang-ilangan êndhog siji Pb = tekad-tekadan kelangan anak siji ora dadi apa (yèn kowe ora gêlêm manut aku). 4 kêbo ilang tombok kandhang = Mr. kêbo. 5 Sirna ilang kartaning bumi Skl = 1400 çaka, yaiku sêngkalan rusake kraton Majapait. 6 Durung ilang pupuk lêmpuyange = dipêpindhakake isih. bocah cilik

Layon. 1 Nglayoni = ngabari bab kêsripahan. Uga têgês: lêlayu nututi. Entar: nêbus barang wis mèh bur. 2 Layon kèli sêmune satriya brangta Pl = pralambange S. Mangkurat II sadurunge jumênêng Ratu ndhèrèkake ingkang rama (Mangkurat Têgalarum lolos saka kraton). 3 Dasihmu tan wurung layon = abdimu (aku) mêsthi tumêka ing pati. Kirimên layoning sêkar = kirimên kêmbang sing wis alum, maksude: kêmbang sing wis suwe ko-ênggo cundhuk gêlunganmu.

Lalis. 1 Linalisan Kw = dipatèni. 2 Wêlas têmahan lalis Pb = wêlas marang liyan sing agawe ora bêcike.

Lena. 1 Yuwana mati lena Pb = wong bêcik nêmu cilaka, marga saka kurang wêweka. 2 Yatna yuwana lena kêna Pb = wêweka njalari slamêt, pêpeka agawe cilaka.

Mayit. 1 Gotong mayit Pb = wong têlu lêlungan ngambah dalan mbêbayani. 2 Kayu buntêl mayit Pt = kayu sing ana tilasing klokopan klika awarna putih. 3 Prêkutut buntêl mayit Pt = prêkutut sing mawa wulu sêlap putih. 4 (Jaran) mathi buntêlmayit = mawa unyêng-unyêng muwêl dumunung ing suri.

Nir. 1 Nirbita Pd = putrane Srikandhi nalika malih priya têmênan asma Bambang Kandhihawa lan nggarwa Dèwi Durniti putrane Prabu Dike ing Imaimantaka; pamburine Nirbita jumênêng Ratu asma Niwatakawaca (seda dening Bagawan Ciptaning). 2 Nir tan rupa kadulu Skl = (wêkasane jangka Ranggawarsitan) taun 2100. (Têgêse ukarane: ora ana rêrupan kang pantês didêlêng, ora ana kaanan sing nyênêngake). 3 Tlaga Nirmala Pd = arane tlaga ing Ayodya kang kadadean  saka baboning cupu sing dibuwang dening Rêsi Gotama (dene tutupe cupu dadi tlaga Sumala, sing njalari Dèwi Anjani, Subali lan Sugriwa padha awarna wanara). 4 Ngamuk punggung nirbaya nirwikara Br = ngamuk kanthi nekad bangêt ora wêdi apa-apa.

Pati. 1 Pati-gêni = tirakat tanpa mangan-ngombe lan ana ing kamar bae (ora sumurup soroting gêni lan srêngenge). 2 Duwe gawe pati-gêni Pt = tanpa karamean, climèn. 3 Diêdol pati-bogor = diêdol pas, ora kêna ditêbus. 4 Mbayar pati-gawe = mbayar dhuwit minangka lêlirune nyambut-gawe gugur-gunung. 5 Turu kêpati = pulês bangêt. 6 Ora pati-pati mulih yèn durung olèh gawe = ora nêdya mulih yèn durung kalêksanan sêdyane. 7 Dipati-rasa = diilangake rasane (tumrap wong arêp dibêdhèl lan sapapadhane). 8 Patine taun = dina wêkasane taun. 9 Patine cinèkèr ayam Pl = kraman aran Dirana kêna dicêkêl banjur dicancang ing wit wringin alun-alun Kartasura, wasana tumêka ing pati marga dicocogi nganggo dom. 10 Masrahake pati-urip = nungkul, têluk, nêdya diuripi apa dipatèni manut bae. 11 Andêrpati kalawisesa Pl = pralambange jaman Pajajaran, wong-wong padha mungkul marang agama Siwah. (Kalawisesa = Bathara Siwah, Bathara Guru). 12 Kêpatèn pasaban Pb = kelangan papan pangupajiwa. 13 Kêpatèn obor Pb = kelangan lacak aluraning sadulur. 14 Ciri wanci lêlahi ginawa mati Pb = padatan ala (cacad) ora bisa ilang nganti wonge tumêka ing pati. (Ciri = wanci = lêlahi = cacad). 15 Nrênggiling api mati Pb = api-api ora mraduli, nanging satêmêne nggatèkake bangêt. 16 Nglangi ing têngah mati ing pinggir Pb = wis tumindak nggarap pagawean, nanging banjur ora ditêrusake. 17 Mati ilate Et = ora bisa ngrasakake pangan. 18 Wêdi wirang wani mati Pb = tinimbang urip nandhang wirang aluwung tumêka ing pati. 19 Têkèk mati ulone Bs = cilaka marga saka gunême dhewe. 20 Tinimbang mati mringkus luwih bêcik mati mbrêgagah Pt = tinimbang nungkul marang mungsuh ora wurung tumêka ing pati (dipatèni utawa mati marga ngênês disiya-siya) aluwung mati lumawan ing pêrang. 21 Mati ngurag Pt = mati sawise tuwa bangêt. 22 Mati pangane Pt = ilang pangane. 23 Mati ngadêg Pt = mati isih nggêjêjêr (marga saking wêdine marang mungsuh, utawa wêdi marang dêdukane ratu lsp). 24 Nyambut gawe nganti satêngah mati Pt = rêkasa bangêt (pagawean abot lan tanpa ngaso). 25 Radèn Trigantalpati Pd = Aria Suman, Sêngkuni. 26 Untung Surapati = anake angkat kaptin Mur sing pamburine dadi bupatiPasuruhan asma Tumênggung Wiranagara. 27 Pati Unus = putrane Sultan Trênggana.

Pêjah. Nggayuh tawang pêjah tan wikara Slk = nêdya nyêkêl durjana, wasana tumêka ing pati dening durjana sing arêp dicêkêl.

Sirna. 1 Sirna ilang kartaning bumi Skl = taun Saka 1400 (Masèhi 1478, rusake kraton Majapait). 2 Anirna Dhustha Pb = asung pitulungan marang durjana (murih ora kêcêkêl pulisi). 3 Anirna parusa (parosa) Pb = mbalèkake dhawuhe ratu utawa pangadilan. 4 Anirna patra Pb = nyelaki prajanjian kang tinulis. 5 Anirna lingga Pb = namur laku ana ing papane durjana prêlu nêdya ngingsêp-ingsêp pawarta (golèk katrangan). 6 Anirna daya Pb = prakaran alendhean wong sing wis mati (dadi tanpa daya). 7 Anirna pandaya Pb = prakaran alendhean wong lunga, pêpindhane kaya wong kelangan piranti. (Pandaya = piranti).

Tamat

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: