RSS

Ratu – Prajurit

IV. RATU.

Dasanama: 1 Ratu = pramèswara, aji, datu, katong, raja, nata, sri pamasa, pamase, naradipa, naranata, naradipati, narapati, narèswara, narpati, narendra (nalendra), buminata, bumipati, prabu, narpa. 2 Pramèswari = nareswari, narpadayita (narpadayinta), natadèwi, mahisi, biniaji, sori. 3 Kraton = kadhaton,dhatulaya (dhatu = ratu + laya = panggonan), pura, puri, puraya, kadhatwan, prasada.

Aji. 1 Aji jaran guyang = aji dianggo nggunani (ngarah) wanita. 2 Aji panglimunan = aji sing marakake bisa ngilang. 3 Aji jaya-kawijayan = aji sing njalari bisa mênang. 4 Aji wringin-sungsang = aji sing njalari ora pasah gêgaman. 5 Aji sirêp begananda = aji sing dianggo nyirêpi wong supaya turu kêpati. 6 Diaji-aji = dipundhi-pundhi. 7 Ajisaka Bb = putrane Empu Anggajati utawa Prabu Iwaksa Ratu ing nagara Surati. 8 Samiaji Pd = panyêbute Krêsna marang Puntadewa, maksude: sanadyan Puntadewa Ratu cilik lan Krêsna nata binathara, panganggêpe Krêsna marang Puntadewa kaya marang sapadha-padhane (sasami-sami aji). 9 Aji godhong jati aking Pb = tanpa aji babarpisan. 10 Sasi Aji = sasi Bêsar. 11 Bêlah aji Pb = kelangan barang ana ing titipan tampa lêliru saparoning rêga.

Katong. 1 Jayakatong Bb = Ratu Kêdhiri sing mbêdhah Singasari ing jamane Prabu Kartanêgara. 2 Lisah Jayèngkatong Pd = lênga agême ratu yèn diwêdhakake ing mripat njalari bisa sumurup lêlêmbut. 3 Dewakatong Pd = asmane Pandhudewanata sawise aslira dewa (wis seda).

Narpa. 1 Narpa-wandawa Kw = santananing ratu. 2 Narpendah Kw = narpa + endah = ratu kang sulistya ing warna, kayata Ratu Ayu Majapait. 3 Kunarpa Kw = bangke. 4 Narpadayinta = narpawadu, garwane ratu, pramèswari. 5 Narpasunu, narpasiwi, narpatmaja, narpaputra.

Nata. 1 Srinata Kss = têmbang Sinom. 2 Kalingga nata Pb = prakara kang wis kêlêtan jumênênge ratu (anane prakara iku ing jamane ratu sing dhisik).

Panji. 1 Panji Angrèni Kss = arane buku yasan Pangeran Adimanggala, nyritakake dhaupe Panji Putra karo Dèwi Angrèni lsp. 2 Panji Putra Bb = Panji Asmarabangun. Panji Inukartapati, Pangeran Putra Jênggala kang nggarwa Dèwi Sêkartaji (Candrakirana, Kèn Limaran, putri Daha), lan Dèwi Angrèni. 3 Panji klanthung Pt = wong angguran (werkloos), gawene mung klonthang-klanthung. 4 Clana panji-panji = clana sing ing dhêngkule mawa bênik. 5 Panji loro sêmune Pajang-Mataram Pl = pralambange ing tanah Jawa (Kajawan) ana ratu loro, S. Pakubuwana III ing Solo lan Sultan Hamêngkubuwana I ing Yogyakarta (P. Mangkubumi).

Pangeran. 1 Pangeran = Gusti Allah; sêsêbutaning putara ratu lan sêntana kang diangkat putra (Pa + ang + hèr + an = papan sing pantês dianggo manggon, kang dijaluki pangayoman. Hèr = ênggon). 2 Pangeran Putra = pangeran, putraning ratu. 3 Pangeran sêntana = pangeran sêntananing ratu (diangkat didadèkake pangeran, diangkat putra). 4. Pangeran Angabèhi = sêsêbutane putra ratu sing sêpuh dhewe miyos saka garwa ampeyan. 5 Pangeran-pati = pangeran adipati anom = pangeran calon jumênêng ratu.

Prabu. 1 Prabu-anom = pangeran-pati. 2 K.G.P. Adipati Arya Prabu Prangwadana = asmane K.G.P. Mangkunagara ing sadurunge yuswa 40 taun; yèn ing Yogyakarta K.G.P. Adipati Arya Prabu Suryadilaga (K.G.P. Pakualam). 3 Mrabu = kaya prabu (ratu), maksude: pantês bangêt, gagah lan ngêngrêng. 4 Sèlèh kaprabon = lèrèh saka olèhe jumênêng ratu.

Raja. 1 Raja-kaya = satêmêne atêgês: rajaning barang, saiki atêgês: kêbo, sapi, jaran. Wong akaya = wong sing darbe barang, saiki atêgês: wong sugih. 2 Raja-brana = rajaning brana (barang, bandha), yaiku barang-barang sing akèh pangajine. 3 Raja-pèni = rajaning pèni (kaendahan), yaiku barang-barang kang awarna pèni (endah), kayata: sêsotya, mas lsp. 4 Raja-darbe = barang-barang kang dinarbe. 5 Raja-kaputran = sandhangan lan rêrênggane pangantèn lanang. 6 Raja-kaputrèn = sandhangan lan rêrênggane pangantèn wadon. 7 Raja-tatu = tatu kang mbêbayani marga kêrêngan, tiba lsp. 9 Raja-putra = putrane ratu, kosok-baline: raja-putri. 10 Raja-tadi = raja-pèni. 11 Raja-singa = lêlara bangsane bêngang. 12 Raja-wrêdi – jasad awarna biru dianggo dhasare êmbanan intên lsp. 13 Rajamala Pd = putrane Palasara kang miyos saka Dèwi Watari (sadulure Rajamala asma Rêkathawati kagarwa Maswapati Ratu Wiratha), Rajapatni = pramèswari. 15 Ngreka raja Pb = prakaran ngaku darbe saksi ratu utawa bangsa luhur. 16 Sinduraja =Jayadrata, Tirtanata. 17 Nagaraja = sing pêputra Dèwi Pratiwi, Bomanarakasura lan Pratiwanggana. 18 Antarêja = putrane Wrêkudara miyos saka Dèwi Nagagini.

Ratu. 1 Ratuning kusuma Br = têtunggule putri. (Kusuma = kêmbang, Putri dipêpindhakake kêmbang). 2 Ratu Ayu Kêncanawungu Bb = Ratu Putri ing Majapait (Dèwi Subasiti). 3 Kangjêng Ratu Agêng = sêsêbutane pramèswari kang wis randha. 4 Kangjêng Ratu = sêsêbutane pramèswari. 5 Ratu Alit (Ratu Anggèr) = sêsêbutane putrine ratu kang sêpuh dhewe (pambayun) lan sing wis krama. 6 Rinatu-ratu = diaji-aji bangêt. 7 Mbondhan tanpa ratu Bs = tumindak sasênênge dhewe, ora mraduli anane anggêr-anggêr lsp. 8 Pararaton Bb = buku kang nyritakake Kèn Arok lan para Ratu Majapait. 9 Nimas Ratu Kalinyamat Bb = putri sing tapa wuda sinjang rambut, yaiku putrane Sultan Trênggana sing kagarwa Pangeran Hadiri Bupati iki Kalinyamat (Jêpara).

Sunan. Sunan = saka têmbung: suhun + an = suhunan (têgêse: sing disuhun-suhun, sing dipundhi-pundhi), diwancah sarana mbuwang perangan têngah dadi: Su(hu)nan, iku sêsêbutane ratu (Solo) lan para wali 9, yaiku: 1 Sunan Ampèl asale saka Campa, asmane sing satêmêne Radèn Rachmat. 2 Sunan Bonang (Makdum Ibrahim) putrane Sunan Ampèl, dêdalêm ing Bonang (Tuban). 3 Sunan Drajad (Masih Munat) putrane Sunan Ampèl, dêdalêm ing Drajad (Sêdayu). 4 Sunan Kalijaga iku Wali Jawa, dêdalêm ing Kadilangu (Bintara), nalika timur asma R. M. Said, putrane Tumênggung Wilatikta (Jêpara). 5 Sunan Kudus. 6 Sunan Gunungjati (Fatahillah), nurunake para Ratu Cirêbon. 7 Sunan Giri (Radèn Paku) sing ngêdêgake mêsjid ing Grêsik. 8 Maulana Mahgribi utawa Malik Ibrahim asal saka Pèrsi, dêdalêm ing Loron (6 km saka Grêsik). 9 Sèch Siti Jênar.

V. NARAPRAJA – 1)

Kang kalêbu narapraja (jaman biyèn): 1 Patih = nindyamantri, mantrimuka, mantringayun, mantriwrêdha, warangkapraja, yèn jaman saiki = Pêrdana Mêntêri. 2 Nayaka = Mêntêri. 3 Panêkar = punggawa kang minangka sêsêkar (rêrênggan) = Mêntêri Nêgara. 4 Bupati = bu, atêgês: sipat, kaanan; pati atêgês: ratu = narapraja kang asipat kaya ratu. 5 Kliwon = kalih + ewu + an = kalihewuan = kalihewon, mingsêd pakêcapane dadi: kliwon, saiki kira-kira padha karo wadana. 6 Panewu = camat. 7 Rangga = camat. 8 Purohita = guru ing kraton ngiras dadi pujangga. Ing jaman saiki “purohita” atêgês: suwita (ngèngèr kanthi maksud ngangsu kapintêran). 9 Jaksa = panggêdhening pangadilan. 10 Pêngulu = panggêdhening agama. 11 Dêmang = lêlurahe bêkêl lan uga lêlurahe kapulisèn. 12 Panatus = lurah dewa (ana manèh kang aran: panèkêt, panglawe). 13 Jagawèsthi = pulisi (Wèsthi atêgês: bêbaya). 14 Jagabaya = pulisi-desa. 15 Jagakarsa = upas (pêsuruh). 16 Jaga-bela = algojo, singanagara, tukang nindakake ukum kisas. 17 Gandhèk (cacahe mêsthi loro) = tukang nglantarake dhawuhe ratu (utawa nawala dalêm). Lsp.

Catur manggala, atêgês: panggêdhe cacahe papat, yaiku: 1 Patih, 2 Purohita (Guru), 3 Jaksa, 4 Pêngulu.

Dêmang. 1 Demang ngiras tangkilan Bs = tamu ngiras dadi paladèn. 2 Ndêmang = (ing dolanan pèi) olèh biji utawa wilangan 400 utawa luwih. 3 Ndêmang salira = olèh wilangan 400 kurang sathithik, nanging luwih saka 390. Yèn 39l = ndêmang slira siji, 392 = ndêmang slira loro; sabanjure têkan ndêmang slira sanga.

Jaksa. Jaksa pring sadhapur Pb = pangadilan sing pangarsane dalasan para wargane kabèh isih nunggal sadulur.

Empu (atêgês: tuan). Empu Sendhok ± ratu ing Jawa – Wetan (929 – 947) kang pamburine diganti Darmawangsa (Têguh). Empu ahli gawe gêgaman saka wêsi-aji: 1, Empu Gandring (jaman Singasari) gawe kêris kanggo Kèn Arok; sing tumêka ing seda disuduk nganggo kêris iku: Empu Gandring, Tunggul Amêtung, Kêbo Ijo, Kèn Arok, Anusapati. 2. Empu Supadriya – Kêris Condhongcampur, pusaka Majapait. 3 Empu Supa (putrane Supadriya) – Kêris Sangkêlat (pusaka kratos tanah Jawa) lan kêris Crubuk (agême Sunan Kalijaga). 4 Empu Sura (putrane Supa) – Kêris Pasopati (klêbu pusaka kraton tanah Jawa). 5. Empu Jigja (putrane Supagati) – Kêris Jigja. 6. Empu Singkir (Madura) – Kêris Singkir. 7 Empu Pitrang (asmane Supa sajrone ana ing Blambanagan) – Kêris Tilamupih. 8. Supa Nom (Ki Nom) – Kêris Nagasasra, pusaka kraton Majapait.

Empu (Pujangga) Pangripta buku: 1 Empu Kanwa – Arjunawiwaha. 2 Triguna – Krêsnayana. 3 Empu Manoguna : Sumanasantaka. 4 Empu Darmaja – Smaradahana. 5 Empu Sêdhah – Baratayuda. 6 Empu Panuluh – Hariwangsa lan Gathutkacasraya. 7 Empu Tan Akung – Wrêttasancaya lan Lubdaka. 8 Empu Prapanca – Nagarakrêtagama. 9 Empu Tan Tular – Arjunawijaya.

Gandhèk. 1 Tanpa cêcala gandhèk sakêmbaran Pd = (ing sadurunge rawuh) tanpa utusan gandhèk sakêmbaran sing didhawuhi ngabari (paring nawala). 2 Basa gandhèk (basa nggandhèk) Bb = basa sing kedaling pakêcapan kaya gunême gandhèk, yaiku wanda sing mawa a kudu diucapake jêjêg, ing jaman saiki diarani: basa bandhèk. Dadi têmbung “gandhèk” mingsêd pakêcapane malih “bandhèk”. Kang dhisik dhewe nganggo basa mangkono iku gandhèk ing kraton Pajang, saka dhawuhe Sultan Hadiwijaya (Jaka Tingkir).

Guru. Guru-alêman = wong kang kapengin dialêm. 2 Guru-bakal Br = barang-barang sing durung awujud dandanan, saupama arupa mas, mas sing isih awujud blindhèn utawa prongkalan. 3 Guru-dadi Br = barang-barang sing wis awujud dandanan, saupama arupa mas wis awujud gêlang, ali-ali lsp. 4 Guru-laki = wong lanang dadi guruning somah. 5 Guru-lagu = dhong-dhinging swara ing wêkasane gatra têmbang Macapat. 6 Guru-wilangan = cacahing wandane têmbang Macapat ing sabên sagatra-gatrane. 7 Aja guru-guru nêpsu = aja kêsusu. 8 Guru-dina = ala-bêcike dina. 9 Purwakanthi guru-swara = purwakanthi kang nunggal swara, kayata: kudu jujur, yèn kowe kêpengin luhur. 10 Purwakanthi guru sastra = purwakanthi sing nunggal sastra (aksara), kayata: wanita sugih wawasan wasis asung wêwarah. 11 Saka-guru = sakaning omah sing dumunung ing têngah cacahe papat, kosok-baline: saka pananggap. 12 Guru, kêna digugu lan ditiru Kr = Guru kudu pantês dadi têpa tuladhaning liyan. 13 Diguroni = dijaluki warah. 14 Maguru = nggêguru, golèk kawruh (ngèlmu). 15 Guru-sajati = Guru kawruh kabatinan (kang tuduh dalan mamrih sampurnaning pati. Kayata tumrap Wrêkudara, sing dadi gurune sajati Dewa Ruci). 16 Guru Gaib = panuntun Gaib, tumrap Theosofie sinêbut meester, papane mêjang sinêbut Pasênêtan Suci (de witte Loge).

17 Têmbung “Guru” ing kawruh sêngkalan (atêgês: wêwaton) ana warna wolu, yaiku:

a). Guru-sastra, wêwaton sastra. Yèn sastrane padha, sanajan têgêse beda, watak-wilangane dianggêp padha, kayata: nabi atêgês wudêl, karo nabi sing atêgês panuntuning agama, watak-wilangane padha, yaiku padha-dene awatak 1.

b). Guru-wanda, wêwaton wanda. Yèn nduwèni wanda padha, dianggêp padha watak-wilangane, kayata: tri karo putri, padha-dene awatak 3.

c). Guru-dasanama, wêwaton dasanama. Yèn têgêse padha utawa mèh padha, dianggêp padha watak-wilangane, kayata: pratiwi karo bantala, padha-dene awatak l.

d). Guru-sarana, wewaton sarana (piranti). Piranti karo gunane, dianggêp padha watake, kayata: panah karo pêrang, padha-dene awatak 5. (Gunane panah iku kanggo pêrang).

e). Guru-warga, wêwaton golongan. Yèn nunggal golongan, dianggêp padha watake, kayata: cêcak karo mênyawak, padha-dene awatak 8 (golongan kewan rumangkang, reptiel).

f). Guru-karya, wêwaton karya (pakarti). Barang karo pakartine (pakaryane), dianggêp padha watake, kayata: tangan karo nyêmbah, padha-dene awatak 2 (nyêmbah iku pakartine tangan).

g). Guru-darwa, wêwaton darwa (sipat, kaanan). Barang karo sêsipatane dianggêp padha watake, kayata: panas karo gêni, padha-dene awatak 3 (panas iku darwane gêni).

h). Guru-jarwa, wêwaton jarwa (surasa). Têmbung karo surasane, dianggêp padha watake, kayata gègèr karo obah, padha-dene awatak 6. Sing njalari anane gègèr iku marga wong-wong padha obah pating bilulung. Sanadyan ana apa bae, yèn wong-wong padha mênêng bae, ora bakal gègèr.

Pangulu. Nglungguhi klasa pêngulu Bs = dadi bojone ipe-lanang kaprênah tuwa ing sapatine mbakyune.

Pujangga = ahli basa lan ahli ngripta sing asêsêbutan Empu (Mr. kaca 17): 1 Sunan Bonang – Suluk Wujil. 2 Sunan Panggung – Suluk Malangsumirang. 3 Pangeran Karanggayam – Nitisruti. 4 Sultan Agung – Nitipraja. 5 Kartamursadhah – Manikmaya. 6 R. Ng. Yasadipura I (nalika timur asma Bagus Banjir) – Cêbolèk, Babad Pakêpung, Babad Gyanti, Tajusalatin, Johar Manik, Wulang Sewaka lsp. 7 Yasadipura II (Tumênggung Sastranagara) – Arjunasasra, Darmasunya, Sasanasunu, Wicara Kêras. 8 Sunan Pakubuwana IV – Wulang rèh. 9 R. Ng. Sindusastra – Arjunasasrabahu. 10 R. Ng. Ranggawarsita (nalika timur asma Bagus Burham) – Jayèngbaya, Hidayatjati, Pustakarajapurwa, Pari sawuli, Cakrawarti, Aji Pamasa, Witaradya, Kalatidha, Paramayoga, Cêmporèt lsp. 11 Pangeran Kusumadilaga – Jagal Bilawa, Sêmar jantur, Kartawiyoga. 12 K. Mangkunagara IV – Wedhatama, Tripama, Salokatama, Wirawiyata lsp. 13 R. T. Tandhanagara – Papeling, Baruklinthing. 14 M. Ng. Mangunwijaya – Asmaralaya, Lambangpraja, Trilaksita. 15 Padmasusastra (Wirapustaka) – Tatacara, Pathibasa, Paramabasa, Warnabasa, Urabsari, Durcaraharja.

Rangga. 1 Ranggawarsita Bb = asmane Pujangga-Jawa kang wêkasan (1870). Ing sasedane Ranggawarsita saprene, durung ana Pujangga-Jawa manèh. 2 Ranggalawe Bb = asmane Adipati ing Tuban (kaprênah pamane Prabu Kênya Majapait) kang seda prang-tandhing karo Menakjingga (kêtaman gada wêsi-kuning). 3 Ngrangga = ndêmang kaping pindho urut-urutan (ing dolanan pèi).

Tumênggung. 1 Pujangga Radèn Tumênggung Sastranêgara Bb = R. Ng. Yasadipura II, 2 Ora gombak ora kuncung ambêke kaya tumênggung Bb = ora nduwèni kaluwihan apa-apa, nanging ambêg gumêdhe, ladak. 3 Babah Tumênggung = sêsêbutane Tionghwa sing aran Han Tik Ko, yaiku sing nuku kutha Prabalingga saka panguwasane pamrentah Walanda taun 1811 – 1813.

VI. PRAJURIT – 2)

Dasamana: 1 Bala = wadya, koswa, tantra, wadya-bala, bala-koswa, bala-tantra, wrahatbala, prajurit, sena. 2 Senapati = bathamantri, senapatya, pramugari, bretyapati, narawara, panglima, hulubalang, gêdhigmanggala, manggalaning prang, gêgêdhuging prang. 3 Pêrang = pupuh, yuda, jurit rana, rok, bandawala, rok-bandawala, laga, bandayuda, pancakara, judhi. 4 Paprangan = adilaga, payudan, pabaratan, ranangga, rananggana, palagan. 5 Mênang = jaya, unggul, sasab, mimpang. 6 Kalah = Kawon, kasoran, kêlindhih, kêtitih, kêplayu, kèngser, kapracondhang, kajodhi. 7 Mungsuh = ripu, parangmuka.

Atêgês mlayu ngoncati mungsuhe (marga wêdi): ngucira, mêtu saka ing blabar kawat, tinggal glanggang colong playu. Watake prajurit; 1 Wêdi wirang wani mati. 2 Tinimbang mati mringkus, luwih bêcik mati mbrêgagah (Tinimbang nungkul, ora wurung dipatèni utawa tumêka ing pati marga disiya-siya, luwih bêcik mati marga lumawan ing prang).

Candrane panganggone: 1 Sing nganggo putih kumpul padha putih kaya kuntul nêba (kuntul sarawa). 2 Sing nganggo abang kumpul padha abang kaya wukir kawlagar (Kawlagar = kobar). 3 Sing nganggo kuning kumpul padha kuning kaya podhang rêraton. 4 Sing nganggo irêng kumpul padha irêng kaya gagak rêraton.

Candraning lakune: 1 Untabing wadya-bala kaya sela-brakiti = candraning akèhe utawa dawaning baris, sêlur prasasat tanpa pêdhot, ndlidir bae. 2 Untabing wadya-bala pindha wrêdu-angga sasra = candraning lakune kang tansah barêng panjangkahe, yèn disawang kaya kumêlaping lintah sèwu bêbarêngan. Wrêdu = ulêr. Wrêdu-angga = lintah.

Candraning paprangan: 1 Swarane gong-bèri, tambur, kalasangka, têmpuk lan gathiking watang sarta pangêmprèting dipangga-mêta, miwah pambêngingèhing turangga kaya mbêlah-mbêlahna bumi (kaya njugrug-njugrugna langit). 2 Polahe wadya-bala kaya gabah dèn intêri, tandange kaya banthèng kêtaton. 3 Kèhing pêpati kaya babadan pacing (mratelakake kèhe bêbathang pating glimpang). 4 Kèhing pêpati kaya sulung alêbu gêni (mratelakake sabên ana prajurit sing maju ing pêrang mêsthi tumêka ing pati, utawa: maju-maju mati). 5 Ing paprangan prasasat banjir gêtih asarah bangke.

Panantange prajurit: 1 Ayo padha ngadu wulêding kulit, atosing balung = ngadu tyasa, ngadu kasêktèn. 2 Ayo padha gandhèng kunca = gandhèng pojoking dodot supaya aja nganti ana sing bisa mlayu salah siji. 3 Ayo padha ngadu siyunge Bathara Kala = sudukan (nganggo kêris). 4 Ayo padha lancaran warastra = panah-pinanah.

Sêsumbar: 1 Njêrokna jagang, ndhuwurna kapurancang, ora wurung nagaramu dakgawe karang-abang. Jagang = jugangan kang ngubêngi bètèng. Kapurancang = kayu utawa pring lancip-lancip dipasang ing sadhuwure tembok bètèng pating crongat. (Tangan ngapurancang = kaya kapurancang, yaiku drijine tlusup-tlusupan). 2 Apa ora kulak warta adol prungon yèn … (isine titik-titik iku jênênge wong sing sêsumbar) tau-tate ngrupak jajahaning mungsuh, ngêlar laladaning rowang, mbêdhah praja mboyong putri. 3 Apa kang ana ing kowe, tibakna daktamèngi dhadha. 4 Kêriga sacindhil abang, cawêta sawadone. 5 Aja gênti mara, barênga mara, daktandhingi padha ijèn, ora-orane daktinggal mlayu. 6 Majua sayuta ngarsa, sakêthi wuri. 7 Ampyakên kaya wong njala, krubutên kaya mênjangan mati. 8 Papak mangsa padhaa (sanadyan padha mêksa isih ana kacèke). 9 Yèn ora ilang dakkêdhèpake, dak-untal malang mangsa ngambaha ing cêthak (Yèn ora enggal lunga utawa sumingkir marga dalane arêp dak-ênggo liwat, mêsthi dak untal malang kanthi gampang). 10 Ngungsia têkan lak-lakaning naga, mangsa wurunga karasa ing tanganku (Mêsthi klakon dakpilara). 11 Kêkêjêra kaya manuk branjangan, kopat-kapita kaya ula tapak-angin, daksaut daksabêtake prabatang sirna kuwandamu. 12 Tumêngaa ing akasa, tumungkula ing pratiwi = sambata marang bapa-biyungmu (arêp diprajaya, Akasa, ngibarat: bapa. Pratiwi, ngibarat: biyung).

Prajurit sêkti. 1 Punjul ing apapak = luwih tinimbang sapadha-padha. 2 Bisa manjing ajur-ajèr, mancala putra mancala putri = bisa molah-malih warna. 3 Tan pasah tapak-paluning pandhe, sisaning gurenda = sakabèhe gêgaman wêsi ora bisa nêdhasi (ora mêmpan ing awake). 4 Tinatah mêndat jinara mèntèr = ditatah ora pasah, diêbur ora bisa kêtaton. 5 Sagêd dados agal sakêlangkung agêng (tiwikrama), lêmbut botên kasat-mripat (sagêd ngical).

Tandange prajurit: 1 Kaya banthèng kêtaton (Kadi andaka tawan kanin) = tandang kang mêmêdèni bangêt. 2 Kaya sikatan nyambêr walang = rikate yèn mrawasa mungsuh. 3 Kaya jangkrik mambu kili = tandang sing waringutên bangêt. 4 Endha mangiwa endha manêngên pindha prênjak tinaji = kaya prênjak dilêpasi pasêr utawa panah, rikating endhane yèn nêdya pinrawasa dening mungsuh. 5 Cukat kadya kilat, kêsit kadya thathit = tandang kang sarwa kêbat-cukat-trêngginas-trampil.

Pangamuke prajurit: 1 Ngamuk punggung = ngamuk kaya pangamuke wong bodho, nekad tanpa petung (Punggung = bodho). 2 Ngamuk punggung sura tan taha nirbaya nirwikara = ngamuk kanthi nekad bangêt ora ana barang sing diwêdèni. 3 Nêmpuh byat manrang parangmuka = nêmpuh karthi[5] sêrêng marang mungsuh. 4 Nêmpuh byat tarwrin ing pringga = nrajang kanthi sêrêng ora wêruh ing bêbaya. 5 Mrawasa-pinrawasa = silih-ungkih, gênti unggul gênti kêlindhih. 6 Manjing jagang, ngrangsang bètèng, ngganthol kapurancang = nêdya ngrabasa mungsuh kang ana ing sajroning bètèng.

Atêgês kalah: 1 Ngucira ing yuda = ora sêmbada, mlayu ngoncati mungsuhe. 2 Oncat saka blabar-kawat = mlayu (Blabar-kawat = glanggang mawa watês kênthêng kawat). 3 Tinggal glanggang acolong playu = mlayu saka glanggang kanthi nglimpèkake (marga wêdi utawa ora wani karo mungsuhe. . Glanggang = papan adu-adu utawa ngadu tyasa).

Atêgês nungkul: 1 Nguncupakên asta = nyêmbah. 2 Asrah bongkokan = sarèhne wis rumangsa kalah, gêgamane dibongkoki (bêdhil, panah lsp) dipasrahake marang mungsuhe. 3 Asrah jiwa-raga = masrahake pati-urip, nêdya diuripi apa dipatèni, manut bae. 4 Kumurêb ing abahan = mangkurêb ing ganjêling gulu, nêdya ditigas gulune ya manut (Abahan = ganjêl gulu kang arêp ditigas). 5 Manglung jangga = gulune diulungake, yèn arêp ditigas ya manut. 6 Kajongjang sumangga asta, katuwêk sumangga jaja, katigas sumangga jangga = arêp dikêthok tangane, dicublês dhadhane apa ditigas gulune, manut bae.

Bala. 1 Durbala Kw = Dur (ala) + bala (kêkuwatan) = kêtaman ing kêkuwatan ala, rusak. 2 Bala-pêcah = barang-barang sing gampang pêcah (piring, cangkir lsp). 3 Balasrèwu Pd = candhabirawa, aji-ajine Prabu Salya saka Bagaspati (mara-sêpuhe), dayane bisa nêkakae setan akèh. 4 Ratu bandha-bandhu sugih bala Pd = ratu sugih bandha, sugih sadulur lan darbe wadya-bala akèh. 5 Dadya-bala bacingah Pd = wadya-bala campuran (manungsa karo rasêksa, manusa karo wanara, utawa manusa karo rasêksa lan wanara). 6 Kesisan-bala = kêntèkan bala.

Baris. Gelaring baris: 1 Baris pêndhêm = pacak-baris dhêdhêmitan. 2 Baris êmprit nêba = wadya akèh nêmpuh bêbarêngan. 3 Garudha nglayang = panatane wadya ana sing pinêtha cucuk, swiwi kiwa-têngên, buntut lan anggane garudha. 4 Wulan tumanggal = gêlaring baris awangun satêngah buwêngan (ora têmu-gêlang). 5 Hardacandra = (rêmbulan purnama) awangun buwêngan gêdhe. 6 Cakrabyuha = panatane wadya padha karo hardacandra.7 Supit-urang = panatane wadya ana sing pinêtha supiting urang kiwa-têngên, buntut lan anggane. 8 Brajasutiksnalungid = (panah landhêp) panatane wadya ing papan rupak supaya bisa ulah maju-mundur. 9 Ngêpung wakul mbaya mangap = panatane wadya awangun bundêr ngêpung mungsuh, lan ana sing ngrabasa mungsuh pinêtha angaping baya. 10 Jaladri pasang (samodra rob) = panatane wadya ana sing pinêtha pulo, alun lan prau.

11. Gilingan rata = panatane wadya ana sing pinêtha angganing rata, rodha kiwa-têngên lan buming kreta kiwa-têngên. 12 Dirada mêta = panatane wadya ana sing pinêtha tlale, gadhing lan anggane gajah kang lagi mêta.

Yuda. 1 Yuda kanaka Ws = pêrang kuku, kukur-kukur, sasmitane têmbang Pangkur. 2 Mangsah yuda Kw = magut jurit, magut pupuh, maju pêrang. 3 Sarayuda = arane gêndhing, lumrahe dibawani nganggo Dhandhanggula Turulare. 4 Yudayana = putrane Parikêsit kang gumanti kaprabon ing Astina (yèn manut Mahabarata putrane Parikêsit asma Janamijaya).

Mungsuh. Ngingu satru nglêlêmu mungsuh Pb = mbêciki marang mungsuh.

Pêrang. 1 Pêrang lèrès = pêrang nglimpe ulah mundur. 2 Pêrang popor = pêrang rukêt nganggo popor (marga wis kêntèkan obat-mimis. Popor = garan bêdhil). 3 Pêrang sabil – pêrang nglabuhi agama. 4 Pêrang takêr marus = takêr ludira = pêrang nganti ngêtokake gêtih akèh. 5 Pêrang tandhing = pêrang ijèn (siji mungsuh siji). 6 Pêrang ngarêp = pêrang adu-arêp ora limpe-linimpe, kosok-baline pêrang lèrès. 7 Pêrang simpangan = pêrang gagal = pêrang ing wayah sore durung ana pêpati (Wadya-bala saka nagara loro pêthukan ana ing dalan, rêbutan dalan dadi pêrang, wasana padha sêsimpangan). 8 Pêrang kêmbang = pêrang bakda jêjêr pêndhita (gara-gara), satriya karo danawa, wis ana pêpati (danawane mati); diarani pêrang kêmbang, sabab minangka kêkêmbange utawa pêpucuke pêrang ing sabanjure utawa candhake. 9 Pêrang tanggung = pêrange wadya têngahan (tanggung), dhuwur-dhuwure sing maju pêrang lagi patih, ratune panggawe ala durung ngêtoni jurit. 10 Pêrang brubuh = pêrang amuk-amukan akèh pêpati, ratuning panggawe ala uga mati utawa têluk. 11 Mêrangi hawa-napsu = nyandhêt (nyêgah) kêkarêpan ala. 12 Mêrang lêngên Pb = ngungasake kêkêndêlan (sarana mêrang lêngêne dhewe). 13 Mêrangi tatal Bs = mindho-gawèni (ora mbabar-pisani).

Prajurit. 1 Prajurit rucah = prajurit arahan, prajurit asor. 2 Prajurit jajar = prajurit sing asor dhewe. 3 Prajurit jagakarya = prajurit sing kuwajibane babagan ubarampene pêrang. 4 Prajurit tamtama = prajurit pilihan. 5 Prajurit bayangkara = prajurit sing rumêksa ratu (Indonesia: pengawal). 6 Prajurit jajèngsêkar = prajurit jêjaranan. 6 Tapane prajurit ana ing gunung wêsi (gunung gêni) Kss = kuwajibane prajurit iku abot toh nyawa, luwih abot tinimbang tapane pêndhita sing mung dhêdhepok ing gunung lumrah, dudu gunung wêsi, dudu gunung gêni (Buku Sruti, Wirawiyata). Prajurit sinêlir = prajurit pilihan, prajurit kinasih.

Pupuh. 1 Têmbang sapupuh Kss = têmbang sawarna nganti sawatara pada. 2 Dèn pupuh Kw = digêbug. 3 Panusuling magut pupuh Ws = bêbantu (prajurit kang sumusul pêrang).

Rok. Rok-bandawala-pati Kw = pêrang-tandhing nganti mati salah siji.

Satru. 1 Satru bêbuyutan Pt = satru turun-tumurun. 2 Satru ati = satru batin, satru sing ora katara. 3 Nglêlêmu satru Pb = mbêciki mungsuh. 4 Satru manêngah Pb = sabarang prakara sing mawa mêmungsuhan. 5 Satru munggwing cangklakan Pb mungsuh sing kêcêdhak (kanca sapagawean, sadulur).

Tandhing. 1 Nyêngka tandhing Pb = nandhingi mungsuh sing luwih kuwat bangêt. 2 Pilih tandhing Pt = arang sing kuwat nandhingi yudane, sing kuwat nandhingi kudu wong pilihan. 3 Tanpa tandhing Pt = ora ana sing ngêmbari, ora ana sing madhani. 4 Milang-miling golèk tandhing Pt = golèk kêmbaran. 5 Etung-soalan bab têtandhingan Pt = etung-soalan bab pêpadhan-pamurwat. 6 Wudhu tandhing Pt = ora ana tandhinge, ora ana sing kuwat (wani) nandhingi.

Têlik. 1 Ditêlik = diwaspadakake sapari-polahe. 2 Têlik sandi Kw = Têlik sandi-upaya = têlik kang ndingkik mungsuh. 3 Têlik mangendrajaya Kw = têlik sing namakake krenah utawa kajuligan murih cilakaning mungsuh.

Wadya. Kesisan wadya Kw = kêntekan wadya (marga wadya-balane wis padha mati utawa mlayu). Wadya bacingah = bala campuran (manungsa karo rasêksa).

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: