RSS

Aluring Sedulur

VII. DANAWA

Dasanama: Danawa = rasêksa (wadon rasêksi), yaksa (wadon: yaksi), diyu, wil, danuja, ditya, kalana, kala, asura, buta. Kaanane danawa: 1 Angga pindha prabata (Prabata = gunung). 2 Tutuk lir wiwaraning guwa (Wiwara = lawang). 3 Grana pindha canthiking baita (Canthik = cucuking prau ngarêp-buri). 4 Netra lir baskara kêmbar. 5 Godhèg-wok simbar-jaja wulu-wawar (Wok = wulu ing sangisor janggut. Simbar-jaja = bris. Wulu-wawar = wulu sing dawa-dawa). 6 Alise sumingkal (Singkal = perangane waluku kang tinancêban kêjèn). 7 Idêpe angisi (Kisi = kalêbu praboting tênun dianggo ngikal bênang, gêdhene sadriji, dawane watara 20 cm). 8 Simbar-jaja kadya walingi (Walingi = sukêt kang tuwuh ing rawa, dhuwure nganti 2 m, gêdhene watara sadriji).

Panganggone. (lan pirantine): asumping pring sadhapur, asabuk ula-lanang, akalung ula-wêlang, asogok untu pêdhang, acuthik kuping klewang (Kabèh sarwa mêmêdèni).

Swarane: Antop-sêgu pindha gludhug sèwu, petak lir gêlap ngampar.

Yèn nêpsu: Lir sinabit talingane, jaja-bang mawinga-winga, sinabêta mêrang sagèdhèng “bêl” mubal dahana. Netra andik angatirah, imba têpung, idêp mangada-ada, waja gathik, kumêlut padoning lathi. Saking bangête nggêgêt waja, kecoh murusariyak ludira. (Sinabit = siniwal, sinuwèk, jaja-bang = dhadha mangangah abang, Mawinga-winga = kaya kêmbang sêpatu, kêmbang wora-waribang, bunga-raja, Mêrang sagèdhèng = gagang pari 2 pocong. Ngatirah = kaya godhong katirah, yaiku abang. Imba têpung = alise tikêl. Mangada-ada = ngadêg, njêgrêg. Marus = ludira, gêtih).

Buta. 1 Buta pracore Pd = buta asor, buta urakan. 2 Buta kala-wadya Pd = buta sing kaananing awake anèh, cacad, ora lumrah. 3 Buta ijo = buta sing mawa pulas ijo pralambange aluamah (doyan mangan-turu). 4 Buta terong Pd = wangune irunge kaya terong. 5 Buta cakil Pd = untune nyakil (nyongat mêtu). 6 Katbuta lan Kotbuta Pd = pêpatihe Menakjingga Adipati Blambangan. Têmbung “katbuta, kotbuta” têgêse: nêpsu bangêt. 7 Dasa buta mati Tjd = candrane wong minum 10 sloki. 8 Buta Locaya Kss = sing ngratoni lêlêmbut ing Kêdhiri sakulone kali Brantas, pamanggone ing guwa Selabale dumunung ing gunung Klothok (Yèn sing ngratoni lêlêmbut ing sawetane Brantas Tunggulwulung, pamanggone ing gunung Kêlud).

Danawa. 1 Rota danawa Kw = buta galak. 2 Danawa (dênawa) = lumrah dikerata, ngêdên – hawa (hawa-nêpsu ala).

Diyu. Ndiyu wrêksa Bs = wani marang pamarentah, pangadilan utawa panggêdhe.

Ditya. 1 Dityakumba lan Aswanikumba Pd = putrane Kumbakarna, 2 Raditya Kw = srêngenge.

Yaksa. 1 Yaksadewa Pd = Bathara Kala jumênêng Ratu ana ing nagara Selahuma utawa Selatama  lan nyedani Anoman sarana gada malihane Bathara Brama (Lakon Mayangkara, Mayangkara iku Anoman). 2 Kreta apangirid turanggayaksa Pd = kreta Jatisura, yaiku kretane Ramawijaya kang ing salêbare pêrang Alêngka sinimpên Wibisana. lan pamburine banjur sinimpen dening putrane Wibisana kang asma Prabu Bisawarna (Ratu ing Singgêla).

Rasêksa, Sastra-jendra ayuningrat pangruwating rasêksa-diyu Pd = (piwulang) ngèlmu utawa kawruh linuwih sing bisa mêmayu-ayuning jagad. Ing padhalangan sing kocap mbabar Sastrajendra ayuningrat pangruwating rasêksa-diyu yaiku Rêsi Wisrawa marang Dèwi Sukèsi.

VIII. WONG

Dasanama: Wong = jana, janma, jalma, manus, manusa, manusya, manuswa, tiyang, nara. Têmbung “wong” bisa dirimbag dadi: mong, momong, winong, winong-wong, kawong, pawongan lsp.

Among. 1 Among dagang = laku dagang dêdagangan. 2 Among kisma = ulah lêmah, among tani, têtanèn. 3 Among hyun Kw = among raras, among raras karasikan, among lulut, among rêsmi, sih-sinihan. 4 Among praja = nyêkêl paprèntahan. 5 Among slira = among raga, ngapenakake awak, sakapenake murih awake ora rêkasa. 6 Among tuwuh = kang rumêksa urip, yaiku Gusti Allah. 7 Kaki among nini among = lêlêmbut lanang-wadon sing rumêksa jabang-bayi.

Jana. 1 Ja (lair) + na (sing) = sing lair, dadi manungsa. 2 Durjana Kw = dur (ala) + jana = wong ala (maling lsp). 3 Janaloka Kw = jana + loka (jagad, alam) = jagade manusa, alame wong, yaiku Marcapada, alam-donya (Uga arane cantrik sing ngoyak-oyak Prêgiwa lan Prêgiwati). 4 Kajanapriya Kw = (têgêse lugu: dilanangake) misuwur, kasusra, kontap, kongas, komuk, kajuwara, kondhang, kaonang-onang, kawêntar, kalok, kaloka. 5 Disujanani = disanggarunggèni, kurang dipracaya tindak-tanduke. 6 Sarjana = wong kang wis putus ing kawruh. 7 Sujana = wong kang luhur kabatinane.

Janma. 1 Janma mati murka Pb = cilaka marga saka murkane. 2 Bisa tatajanma = bisa gunêman kaya manusa. 3 Giri-lusi janma tan kêna ingina Pb = salagine cacing sing ora bisa nggrêmêt mêksa têkan ing pucaking gunung; apa manèh manungsa, saya ora kêna diina; mulane aja sok ngina marang sapadha-padha. 4 Janma mara mati, sato mara mati Br = papan sing angkêr bangêt, manusa utawa kewan sing ngambah mêsthi tumêka ing pati. 5 Manjanma Kw = nitis dadi manusa. 6 Sirêp janma Pt = wêktu bêngi wis sêpi wong, watara jam 11. 7 Pilih janma kang udani Br = arang wong kang mangêrti (sumurup). 8 Wis njalma Pt = wis njilma, wis njanma, wis kaya wong, maksude wis ora galak, ora jarah.

Koja. 1 Akal koja Pb = akal kanggo ngapusi sing alus bangêt. 2 Mênthung koja kêna sêmbagine Pb = rumasane ngapusi, satêmêne kapusan, marga sanadyan olèh sêmbagi, sêmbagi iku larang bangêt rêgane. (Mênthung ngibarat: ngapusi. Rumangsane iku rêgane larang bangêt).

Landa. Landa godhong, macan ompong, bêdhil kosong Pt = unèn-unèn kang kêrêp kêprungu ing jaman panjajahan, maksude: wong Jawa ora kêna ambêk-wani; sanadyan marang Landa-godhong pisan (dudu Landa totok), marang macan sing tanpa untu lan marang bêdhil sing tanpa isi ya kudu wêdi (Apa manèh marang Landa totok).

Mong/momong. 1 Kêparênga ingkang putra kula mong Pt = ingkang putra kula suwun dadosa semah kula. 2 Trimaa sing nglakoni mangsa trimaa sing momong Pt = sanadyan wong sing disiya-siya trima, Gusti Allah mêsthi ora marêngake lan bakal malêsake. Wong sing sêsêmbranan, manawa krungu ukara mangkono iku adhakane sok nyambungi: “Sing momong manèh oraa trima, hla wong sing nglakoni bae trima”. 3 Drêman golèk momongan Pb = wis akèh tanggungane ndadak nindakake apa-apa sing njalari wuwuh akèhe tanggungan (Drêman = wong wadon sing sugih anak). 4 Lêgan golèk momongan Pb = wis kapenak ndadak nindakake apa-apa sing njalari rêkasane. 5 Momongmurka = patihe Prabu Niwatakawaca ratu ing Imaimantaka.

Nara. 1 Narapraja Kw = punggawa nagara, priyayi. 2 Naragiyota Kw = punggawa prau (Indonesia: anak kapal). 3 Narayana Pd = Krêsna. 4 Narasoma Pd = Salya.

Cina. 1 Kaya Cina craki Bs = cêthil bangêt, petung bangêt. 2 Enggon cina didoli dom Bs = wong pintêr diumuki. 3 Klêbon cina gundhulan Bs = kapusan. (Jaman biyèn kabèh Cina mêsthi kuciran; yèn ana Cina gundhulan, mêsthi Cina ala).

Wong. 1 Wong kumpra Pt = wong asor. 2 Wong branggah Pt = wong tani sing darbe rajakaya. 3 Wong urakan Pt = wong asor, sudra. 4 Wong mutihan Pt = wong sing mungkul marang agama. 5 Wong abangan Pt = wong sing ora nglakoni sarengating agama. 6 Disarang wong Pt = ora disênêngi wong. 7 Wis kawong Pt = wis akèh wong sing ngrêti utawa têpung. 8 Mada kawongan Pb = nacad, ing batin sajatine isih sênêng. 9 Lawas-lawas kawongan godhong Bs = wong ngabdi iku lawas-lawas mêsthi ora kanggo. (Kawongan godhong = kadunungan sêsipatan kaya godhong, manawa wis ora ana gunane banjur dibuwang). 10 Pawong mitra Pt = mitra sing kalêbu rakêt, mitra kulita. 11 Pawongan Pt = abdi wadon ing kraton bangsane para nyai. 12 Wong mati ora kêsasaban bumi Bs = wong sêngsara bangêt uripe, pêpindhane kaya wong sing wis mati, nanging durung dikubur. 13 Ora diwongake Pt = dianggêp dudu wong, disapèlekake bangêt. 14 Kasèp-lalu wong mêtêng sêsuwêngan Bs = barêng wis mêtêng sêsuwêngan, aran kasèp). 14 Aluwung kalah wang tinimbang kalah wong Pt = aluwung kapitunan nanging prawira, tinimbang olèh kauntungan nanging nistha. 15 Ora wêruh marang wong tuwa Pt = lali marang wong tuwa (ora gêlêm mikir bab uripe, wêgah têtulung lsp). 16 Winongwong jawata Bs = têgêse lugu: diêmong dening dewa, maksude: klakon sabarang kang sinêdya. 17 Ana wong ngoyak macan, dèn wadhahi bumbung = Mr macan.

IX. BOCAH, LANANG, WADON, JAKA, RARA Lsp

Dasanama: 1 Bocah = larya, rarya, lare, rare, walaka. 2 Lanang = priya, jalu, jalêr, kakung. 3 Wadon = stri, èstri, wadu (Wadu + an = wadon), wanita, dyah, juwita, dayita (dayinta), rini, rèni, gini, putri, lumrah dipêpindhakake: kusuma (kêmbang) utawa rêtna (sêsotya). 4 Prawan = rara, kênya, dhara, dhere (tumrap pitik). 5 Atêgês lanang-wadon (diarani têmbung yogyaswara): dewa-dewi, gana-gini, sarêksa-rasêksi, apsara-apsari, parameswara-parameswari lsp.

Bocah sukrêta (lumrah diruwat sarana ditanggapake wayang lakon Amurwa-Kala): 1 Julung kêmbang = lair barêng lan plêthèking surya. 2 Julung sungsang = lair wêktu surya mèh surup. 4 Julung caplok = lair barêng lan suruping surya. 5 Tawang-gantungan = kêmbar utawa dhampit, nanging kang laire lêt dina. 6 Kêmbar = loro lair barêng lanang kabèh utawa wadon kabèh. 7 Dhampit = loro lair barêng lanang-wadon. 8 Sumala = cacad wiwit lair mula. 9 Bungkus = lair isih kêbuntêl kêndhangan. 10 Jêmpina = lair durung mangsane (lagi 8 sasi utawa kurang ana ing guwa-garba). 11 Margana = lair ana ing dalan. 12 Wahana = lair ing papan rame. 13 Cêmani = pakulitan irêng mulus. 17 Wungle = bule. 18 Salewah = perangane awak kiwa-têngên ora padha (warnane). 19 Gondhang-kasih = kêmbar sing beda pakulitane (upama: siji bule, sijine cêmani). 20 Wuyungan = lair ing mangsa gègèr (ana pêrang, gunung njêblug lsp). 21 Jadah = ora karuwan bapakne, utawa: laire bocah iku wong tuwane durung ijab.

Bocah. 1 Bocah wingi sore Pb = wong (wis diwasa) dipepindhakake isih bocah, marga isih nom, durung darbe pangalaman. 2 Dhudha bocah Pb = jêjaka sing ditinggal mati pacangane. 3 Ora mambu bocah = ora mèmper bocah.

Dhudha. 1 Dhudha kêmbang Pt = dhudha sing durung darbe anak. 2 Dhudha bocah Pb = jêjaka sing ditinggal mati pacangane. 3 sugih anak. 4 Dhudha kalung = dhudha sing darbe anak wadon wis gêdhe. 5 Dhudha calak = wong lanang sing purik. 6 Dhudha bantat = arane lêmud sing manawa nyakot njalari jenthol. 7 Dhudha ngasag = arane pêri. 8 Cangkir dhudhan = cangkir tanpa lambaran (lambarane wis pêcah utawa ilang). 9 Dhudha kasmaran = arane lagu têmbang Pangkur (lumrahe laras slendro).

Jaka. 1 Jaka jêbug = jaka sing wis tuwa. 2 Jaka-tuwa = arane manuk bangsane bèthèt. 3 Jaka kulama-kala = bocah lanang sing mèh ngancik diwasa (umur 16 taun). 4 Jaka-bèlèk = arane lintang (asorot abang). 5 Jaka-rara bojo kawitan (nalika têmune lanange isih jaka lan wadone isih rara utawa prawan). 6 Jaka Lodhang = arane buku karangan Ranggawarsitan, isine: Jaka-Lodhang (awujud wanara) mêdhar jangkane jaman marang Panji Putra. 7 Jaka Sangkala = pêparape Ajisaka (putrane Empu Anggajali utawa Prabu Iwaksa ing nagara Surati tlatah Indu). 8 Jaka Tingkir = Banyakwidhe. Hadiwijaya, Mas Karèbèt, ratu Pajang. 9 Prabu Jakapitana Pd = Prabu Suyudana ing Astina. 10 Jaka Tarub (Kidang Têlangkas) Bb = Putrane angkat Ki Agêng Tarub kang krama widadari asma Nawangwulan, pêputra Nawangsih.

Kênya. 1 Prabu Kênya Bb = Ratu Ayu Kêncanawungu ing Majapait (Dèwi Subasiti) kagarwa Damarwulan. 2 Kênya-puri Kw = papane para kênya (ing kraton). 3 Gunung kêndhêng sêmune kênya musoni Pl = pralambange S. Pakubuwana I, jumênênge Sunan wis sêpuh, nanging isi sok manggalih prakara sing rèmèh. 4 Kênya-Kêdhiri Kss = arane têmbang Gêdhe. 5 Wèni-kênya = arane lagu têmbang Sinom. 6 Kênya-wadu Pd = arane punggawane yaksendra awujud rasêksi manganggo lanang (Lumrahe sinêbut: Emban Kênyawadu).

Lanang. 1 Lanang kêmangi Pb = wong lanang sing jirih. 2 Mêtua, nyata lanang!Pt = yèn nyata kêndêl, ayo tandhing karo aku. 7 Kaya lanang-lananga dhewe Pt = kaya mung awake dhewe sing duwe kêkêndêlan. 4 Bawang lanang Pt = bawang sing tanpa siyungan. 5 Wong lanang padha lèk sanga Pt = padha dene wong lanang sing olèhe ana ing guwa-garba 9 sasi. 6 Sada lanang Pt = sada sing mawa kasiyat (lumrahe dianggo sabêt). 7 Lêlanange jagad Pt = wong sing kêndêl dhewe sajagad. 8 Sadulur pancêr lanang Pt = sadulur saka bapa.

Lare. 1 Kapi-lare Pt = wong kang awatak kaya bocah (mbocahi). 2 Lareangon = arane ula cilik awarna abang lan irêng. 3 Turu-lare Kss = arane lagu têmbang Dhandhanggula (lumrahe mawa laras pelog pathêt 6).

Prawan. 1 Prawan sunthi Pt = prawan kêncur. bocah wadon sing mèh ndungkap diwasa (prawan cilik, watara umur 13 taun). Prawan = nêdhênge mbabar prawa = praba = sorot). 2 Prawan gêndhor Pt = prawan kawak, prawan sing wis lungse, wis tuwa.

Priya. 1 Kulik priya Ws = Tuhu. 2 Priyambada Pd = putrane Janaka sing nggarwa Mustakawèni = kondhang, misuwur. 4 Utamane priya ndarbènana: curiga, wisma, turangga, wanita, kukila = Mr. curiga.

Randha. 1 Randha lanjar Pt = randha sing durung darbe anak. 2 Randha tanggung Pt = randha isih rada nom. 3 Randha kisi Pt = randha caluk, randha kuwat, randha sing darbe anak lanang wis gêdhe. 4 Randhakuning Pt = arane sawah sing sangar. 5 Lèpèk randhan Pt = lèpèk sing wis tanpa cangkir (cangkire wis pêcah utawa ilang). 6 Randha Widada Pd = asmane Srikandhi nalika namur laku ngupaya Janaka, nalika samana Janaka lagi mratapa ana ing Giripura asma Bagawan Endrajatikusuma. 7 Mbok randha Dhadhapan Kss = randha sing ora kawruhan jênênge, yaiku randha sing dingèngèri Dèwi Sêkartaji utawa Kèn Limaran (Candrakirana) ing sadurunge kagarwa Panji Putra. 8 Randha-kêmul Pt = arane panganan. 9 Randha samaya Pt = arane bakal klambi saka tênunan.

Rara. 1 Rarabentrok Kss = arane têmbang Gêdhe sing lumrahe dianggo mbawani gêndhing Montro. 2 Rara gêdhang Pt – prawan sing mêtêng. 3 Rara Mêndut Bb = putri boyongan saka Pathi sing nêdya digarwa Tumênggung Wiraguna ora gêlêm, malah banjur gandhèng karo Pranacitra. Rara Mêndut iku putrane Kyai Janala ing kutha Pathi, nganti saprene kampung sing biyèn diênggoni Kyai Janala diarani kampung Janalan. 4 Nyai Rara Kidul Bb = widadari Nawangwulan sawise oncat saka Jaka Tarub kondur mênyang Kawidodarèn ora ditampa dening para widadari (marga dianggêp wis ora suci), banjur tumurun mênyang donya manèh dêdunung ana ing samodra Kidul ngratoni lêlêmbut. 5 Dèwi Rara Irêng Pd = Sumbadra, Dèwi Bratajaya. 6 Palara-lara Pt = parara-rara = para nyai sing isih nom (ing kraton), utawa: sêlir sing durung diningkah. 7 Lung gadhung sêmune rara nglikasi Pl = pralambange Sunan Mangkurat putrane S. Pakubuwana I, bagus rupane, cacade rada thukmis. 8 Rara ngangsu randha loro anututi pijêr atukar Pl = pralambange jaman P. Mangkubumi lan R. M. Said madêg suraning panggalih sing wusanane P.Mangkubumi jumênêng Sultan Hamêngkubuwana I lan R. M. Said jumênêng P. Mangkunagara I.

Wadon. 1 Wong wadon abau laweyan Pt = wanita sing darbe cacad dhêkik ing poking baune, yèn omah-omah, sing lanang ora dawa umure. 2 Wong wadon cowèk gopèl Pb = wong wadon iku mung kari sakarêpe wong lanang; pêpindhane cowèk sing gopèl, isih dianggo kêna, dibuwang iya kêna. 3 Wong wadon iku swarga nunut nraka katut Pb = bêgjacilakane wong wadon iku gumantung marang sing lanang (bojone). 4 diwadonake Pt = dianggêp wong wadon, maksude: wong lanang sing dianggêp ora nduwèni kêkêndêlan. 5 Ora mambu wong wadon Pt = wong wadon sing tindak-tanduke lsp ora mèmpêr wong wadon. 6 Wong wadon iku paribasane “karubyuk kabotan pinjung”. Pt = wong wadon iku ora bisa cancingan.

Wala. 1Walagita Kss = arane têmbang (gêndhing) laras pelog, geronge lumrahe ganggo[8] unèn-unèn: kêmbang adas lsp. 2 Pancawala Pd = putrane Puntadewa. Manut buku Mahabarata, Pancawala putrane dèwi Drupati awujud bocah lima: 1 Pratiwindya patutan karo Yudhisthira. 2 Sutasoma patutan karo Bima. 3 Srutakirti patutan karo Arjuna, 4 Satanika karo Nakula, 5 Srutasena karo Sadewa. 3 Sabuk-wala Pt = bêbêdan, jarite sing saparo dianggo kêndhit. 4 Suwala Kw = bangga, ora miturut, nglawan.

X. ALURANING SADULUR.

Dasanama: 1 Sadulur = kadang, kadeyan, sanak (sa + anak), warga, wangsa, wandawa, sêntana. 2 Anak = wêka, suta, siwi, sunu, tanaya, putra, atmaja, yoga, bani. 3 Bapa = sudarma, yayah, rama, bapak. 4 Biyung = biyang, êmbok, wibi, rena, umi, ibu. 5 Turun = trah, têdhak, thuras, wijil, rêmbês. 6 Atêgês anak utawa turun: Pandhawa = turun Pandhu. Kurawa = turun Kuru. Yadawa = turun Yadu. Ragawa = turun (putrane) dèwi Ragu, yaiku Ramawijaya.

Arane turun: 1 Turun udhèt = turune wong asor. 2 Turune wong ahli laku = turune wong kulina tirakat. 3 Pidak padarakan cèkèl longaning bale = turun sudra. 4 Trahing witaradya = turune wong linuwih. 5 Turasing satriya = turune satriya (prajurit). Têdhaking amara tapa = turune pandhita. 7 Wijiling andanawarih = rêmbêsing madu = turune bangsa luhur. Turun wolu: anak, bapa (biyung), êmbah (putu), buyut, canggah, wareng, udhêg-udhêg, gantungsiwur, grêpak-senthe (gropak-senthe).

Uruting anak: 1 Pambarêp (pambayun). 2 Panênggah, panggulu. 3 Pandhadha; yèn anake kabèh mung lima, pandhadha iku uga diarani: pênêngah pamadya, pamade. 4 Sumêndhi utawa sumêndhe (kakang wuragil). 5 Wuragil (waruju).

Anak miturut cacahe: 1 Ontang-anting = anak lanang 1. 2 Unting-unting = anak wadon 1. 3 Ugêr-ugêr lawang = anak lanang 2. 4 Kêmbang sapasang = anak wadon 2. 5 Gêdhana-gêdhini = anak 2 lanang-wadon. 6 Sêndhang kaapit pancuran = anak 3 panêngahe wadon. 7 Pancuran kaapit sêndhang = anak 3, panêngahe lanang. 8 Sarimpi = anak 4 wadon kabèh. 9 Saramba = anak 4 lanang kabèh. 10 Pandhawa (Pandhawa pancala-putra) = anak 5 lanang kabèh. 12 Padangan = anak 5 wadone 1 (uga diarani: Pandhawa madhangake). 13 Pipilan = anak 5 lanange 1 (uga diarani Pandhawa ipil-ipil). 14 Pandhawa nyandhangi = anak 6 wuragile wadon. 15 Pathok = anak akèh panêngahe lanang. 16 Gendhong = anak akèh panêngahe wadon. 17 Sumarak = anak akèh lanange mung 1 utawa wadone mung 1.

Arane sadulur: 1 Adhi-ipe = bojone adhi. 2 Kakang-ipe = bojone mbakyu. 3 Mbakyu-ipe = bojone kakang. 4 Pripean = padha dene ngalap. 5 Paman = adhine lanang bapa utawa biyung. 6 Bibi = adhine wadon bapa utawa biyung. 7 Uwa = kakange utawa mbakyune bapa utawa biyung. 8 Nak-sanak = nak-dulur = tunggal êmbah. 9 Misan = tunggal buyut. 10

Mindho = tunggal canggah. 11 Ming têlu = tunggal warèng. Lan sabanjure.

Anak: 1 Anak angkat = anak pèk-pèkan, yèn wiwit cilik diarani anak pupon. 2 Anak-mas = bocah Jawa sing dipèk anak bangsa Eropah (Walanda). 3 Anak pujan = anak sing anane sarana dipuja, kayata: Garèng iku anake pujan Sêmar. 4 Anak anung anindhita Br = anak sing linuwih tanpa cacad. 5 Anak-putu = turun. 6 Atine sagunung anakan = mongkog bangêt. 7 Sagara anakan = sagaran, banyune lubèran saka sagara. 8 Anakane dhuwit = rèntê, uyahan. 9 Anak-anakan timun Bs = ngêpèk anaking liyan, barêng wis gêdhe dialap bojo. 10 Anak molah bapa kêpradah Pb = wong nêmu rêribêd marga saka luputing tindake anake. 11 Abot anak karo têlak Pb = luwih mrêlokake kaprêluaning anake tinimbang karo kaprêluaning awake dhewe. Iku wong-tuwa sing utama, dene sing asor: abot têlak karo anak. 12 Sêmut irêng anak-anak sapi Pl = pralambange Dèwi Sapudhi putri saka Wandhan, pakulitane irêng manis, kagarwa Brawijaya-wêkasan, pêputra Lêmbupêtêng. 13 Jumambak manak, jumêbêng mêtêng = wanita sing kêrêp bangêt manak.

Bapa: 1 Bapa kêsulah anak kêpolah Bs = anak wajib tanggung-jawab prakarane bapakne sing wis mati (Nyauri utange lsp). Takon bapa Pt = bocah wiwit lair durung tau sumurup bapakne, barêng wis gêdhe nakokake (Takone lumrahe marang biyunge utawa êmbahne). 3 Bapa-babune desa Pt = sing mêngku lan nguwasani desa. 4 Adam-Kawa iku bapa-babune wong sadonya Pt = Adam-Kawa iku sing nurunake wong sadonya. 5 Bapa-paman Pt = pak-cilik, adhine lanang bapa utawa biyung. 6 Anak molah bapa kêpradah = Mr anak.

Buyut. 1 Buyutên = tangane, sikile lsp. obah nrêthêk marga wis tuwa bangêt. 2 Kabuyutan Kw = papane para pêndhita, sanggar pamujan. 3 Satru bêbuyutan Pt = satru turun-tumurun.

Kadang. 1 Kadang-katut Pt = dadine kadang karo wong liya, marga ana sadulur sing dialap bojo dening wong liya mau. 2 Kadang konang Bs = sing diaku mung sadulure sing sugih, sing dadi priyayi, sing nduwèni kaluwihan. 3 Kêndhit mimang kadang dewa Bs = kalis ing bêbaya. 4 Olèh kadang ing tingal Pt = olèh wanita sing dadi panujuning ati. 5 Akadang saksi Pb = marahi marang saksi carane matur marang pangadilan, supaya wong sing marahi iku olèhe prakaran bisaa mênang. 6 Kadang-kadeyan Kw = sanak-sadulur, kadang warga.

Kakang. 1 Kakang-adhi Pt = sadulur tumruntun; entar: ora akèh kacèke, mèh padha gêdhene. 2 Kakang kawah adhi ari-ari Pr =tinimbang laire bayi, kawah luwih dhisik, ari-ari luwih kari. 3 Kakang-mbok Pd = mbakyu.

Kaki. 1 Kumaki Pt = darbe ambêg kaya wong kaki-kaki, maksude: kaya wong wis sugih pangalaman, kumintêr. 2 Pancakaki Pt = wong sing dadi pinituwaning desa. 3 Kaki Prabu Gathutkaca Pd = têmbung “kaki” panyêbut marang priya kaprênah nom kang kinasih. 4 Nganti kakèn-kakèn ninèn-ninèn Pt = lêstari têkan tuwa (olèhe jêjodhoan). 5 Wis kaki-kaki = wis tuwa bangêt (tumrap priya).

Naya (tanaya). 1 Naya = Winayang, mangsa Kanêm. 2 Badranaya Pd = Nayantaka, Sêmar. 3 Nayagenggong = putrane Sabdapalon.

Nini. 1 Nini-nini kêmul kandhi Tyk = kacang. 2 Kumini = kuma + nini, diwancah sarana mbuwang perangan têngah: kum(an)ini = ambêke kaya wis nini-nini, kaya wis sugih pangalaman, kumintêr. 3 Nini Dèwi Pd = têmbung “nini” panyêbut marang wanita kaprênah nom kang kinasih. 4 Nini Thowok = nini Towong = dolanan (tontonan) sing digawe wuwu lan siwur pinêtha wong-wongan (kêsurupan lêlêmbut). 5 Nini paès Bs = ndandani barang sing wis rusak bangêt.

Putra. 1 Bisa mancala putra mancala putri Br = bisa molah-malih warna dadi apa-apa. 2 Lir panjangputra dhawah ing sela Pp = kumêpyuring panone priya lan wanita kang gathuk ing pandulu lan padha dene kasinungan rasa sih-trêsna. 3 Pangeran Panji Putra Bb = Pangeran-putra ing Jênggala (Panji Asmarabangun, Inukêrtapati) sing nggarwa Sêkartaji (Candrakirana). 4 Prabu Banaputra Pd = Ratu Ayodya sing pêputra Dèwi Sukasalya utawa Dèwi Ragu, dadi kaprênah eyange Ramawijaya. (Sasedane Banaputra sing jumênêng Ratu Ayodya Dasarata). 5 Rêsi Kanekaputra Pd = Narada, pêpatih ing Suralaya, kahyangane ing Sidiudalulad.[9] Manut buku Purwakandha, Narada kakange Bathara Guru, sabab hyang Tunggal pêputra 4: Puguh (Togog), Punggung (Sêmar), Manan (Narada), Btr. Guru. 6 Darmaputra Pd = Puntadewa.

Sadulur. 1 Sadulur asu Pt = sadulur tunggal biyung. 2 Sadulur sarilak Pt = sadulur palihan = sadulur tunggal suson, kayata: Abiyasa karo Dewabrata (padha dene disêsêpi Dèwi Durgandini). 3 Sadulur kringkêl Pt = tunggal guwa-garba, bisa uga tunggal bapa barang. 4 Sadulur tunggal wêlad Pt = tunggal bapa-biyung (Jaman biyèn pangêthoke ari-ari nganggo wêlad. Tunggal wêlad = wêlad sing dianggo ngêthok ari-arine nunggal). 5 Sadulur sinarawèdi Br = sadulur sing rakêt bangêt; apikingsrawunge pêpindhane kaya sêsotya sing wis disarawèdi (digosok).

Sanak (sa + anak). 1 Sanak kêtêmu dalan Pt = mitra kulita. 2 Ora sanak wong, sanake mung dhuwit bae Pt = bangêt petunge marang dhuwit, nganti ora ngèlingi sadulur utawa mitra. 3 Angrong prasanakan Bs = ndhêmêni bojone sadulur utawa mitra. 4 Tuna satak bathi sanak Pt = tuna sathithik ora dadi apa, sok ugêr bisa wuwuh kuwanuhan. 5 Dudu sanak dudu kadang, yèn mati mèlu kelangan Pt = wong liya, nanging yèn nganti nêmu ora kapenak mêsthi dibelani. 6 Bacin-bacin iwak, ala-ala sanak Bs = sanadyan ala, isih sanak, yèn ana apa-apane mêsthi ora tega.

Suta. 1 Suta, Naya, Dhadhap, Waru, Gati, Niti Pt = nyêbutake wong-wong sing ora kawruhan jênênge. 2 Sutawijaya Bb = Panêmbahan Senapati, Mas Ngabèhi Loring Pasar, Ratu Mataram I. 3 Suta manut ing bapa Tyd = candrane mangsa Katêlu, gadhung, wi lan gêmbili wis wiwit katon mrambat (ing pagêr lsp).

Tunggal. 1 Tunggal rasa Pt = tunggal kawruh kabatinan. 2 Tunggal kokoh Pb = tunggal pagawean, olèhe mangupajiwa tunggal sapanggonan. 3 Sang Hyang Tunggal Pd = kahyangane ing Alangalangkumitir, dewa sing pêputra: Wijamantri, Ismaya, Manikmaya (miyos saka garwa Dèwi Rêkathawati) lan Darmastuti, Dewanjali. Lodra (miyos saka Dèwi Drêmani). 4 Sêdhakêp asuku tunggal = carane muja-samadi, yaiku tangane sêdhakêp sikile manunggal. Tunggal Guru = padha dene nampa piwulang saka sawijining Guru, kayata Prabu Jayabaya karo Ajar Subrata, gurune asma Maulana Ali Samsyu Zain.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: