RSS

Kriya – Rai

XI. KRIYA, PANGUPAJIWA

Dasanama: 1 Gawe = kirtya, karti, kardi, karya, yasa. 2 Nyambut-gawe = makirtya, makarti, makardi, makarya, nambutkarya (yèn atêgês golèk pangan = ngupaboga, ngupajiwa). Arane kriya (tukang, pangupajiwa): 1 Para = ngêdolake mas-intên. 2 Blantik = bakul rajakaya (jaran). 3 Molang = bakul kêbo. 4 Kundhi = gawe barang saka lêmah. 5 Mranggi = gawe wrangka. 6 Pandhe = gawe gêgaman saka wêsi. 7 Empu = gawe gêgaman saka wêsi-aji. 8 Sayang = gawe barang saka têmbaga. 9 Jlagra = tukang natah watu. 10 Undhagi = gawe barang saka kayu (Tukangkayu). 11 Dhalang = nyritakake wayang. 12 Kusir = nglakokake dhokar. 13 Supir = nglakokake motor. 14 Masinis = nglakokake mêsin (sêpur). 15 Gamêl = ngrumat jaran. 16 Pakathik = nuntun jaran. 17 Panêgar = ngajari jaran. 18. Srati = ngopèni gajah. 19 Niyaga = nabuh gamêlan. 20 Mrêbot = nabuh bêdhug. 21 Kêmasan = barang saka mas (slaka lsp). 22 Koki = olah-olah. 23 Juru madhaharan = olah-olah ing dalême bangsa luhur. 24 Grêji = ndondomi. 25 Calak = nêtaki. 26 Pangobèng = buruh mbathik. 27 Singanagara = lêgojo, tukang nindakake ukum kisas (ukum pati). 28 Tuwa-buru = abdining ratu kang pakaryane mbêburu. 29 Grêma = tukang mbêburu (dudu abdining ratu). 30 Tuwa-rawa = abdining ratu juru miyasa iwak. 31 Inya = tukang nusoni. 32 Emban = tukang momong. 33 Gêmblak = gawe barang kuningan. 34 Banjarwaru = wong sing nglamarake (mawi opah). 35 Congkok = lantaran bêbesanan (tanpa opah). 36 Jomblang = nglantarake bêbedhangan. 37 Lurah-têkèk = jomblang, lêlurahe palanyahan. 38 Gandhèk = nglantarake dhawuhe ratu (nawala-dalêm). 39 Blandhong = tukang nêgor kayu (punggawa desa). 40 Kere = pêpriman, ngêmis. 41 Maling = tukang nyolong. 42 Lonthe = lèndhi, tlêmbuk (bisa kagok Banyumas). 43 Bakul = dodolan. 44 Sudagar = sambiwara, sambewara, bakul gêdhe; yèn Sudagar bangsa Indhu jênênge koja. 45 Juragan = dagang gêdhe bangêt. 50 Wali = mêncarake agama Islam. 51 Badal = wêwakil ing babagan agama. 52 Pangon = tukang angon. 53 Padang = tukang adang. 54 Wuruk = nglakokake pedhati (grobag, kreta). 55 Kerata = mbêburu (grêma).

Wong ala: 1 Maling = nyolong wayah bêngi. 2 Kècu, koyok, kampak = maling akèh wayah bêngi kanthi pamêksa. 3 Culêng = kècu sing lêbune kaya maling, gêlêm mêmatèni. 4 Garong = wayah awan utawa bêngi, wong akèh, sarana pamêksa. 5 Begal = wong siji utawa loro ngadhang dalan lan njaluk kanthi pamêksa. 6 Nyêbrot = ngrêbut gawan utawa panganggo banjur mlayu. 7 Nyêlêr = nglimpe njupuk barang sing diadhêp dening sing duwe banjur lunga. 8 Mblurut = nyolong barang sajabaning omah ing wayah awan (ing memean lsp). 9 Mbarak = nyolong rajakaya ing kandhang wayah bêngi. 10 Mbradhat = nyolong rajakaya wayah awan ing pangonan. 11 Kutil = nyêlêr barange liyan kang digembol utawa digawa ing papan rame. 12 Ngubut-ubut = nyolong ing omahe wong wayah esuk. 13 Nayap = nyolong ing omahe wong wayah awan. 14 Njelag = ngapusi ana ing dalan. 15 Milah = ndudut kêris si diênggo (saka buri). 16 Mbêdhog = nyêkêl kewan iwèn sing lagi saba (pitik lsp). 17 Bajag = begal ing sagara.

Dagang. 1 Dagang tuna andum bathi Bs = gawe kabêcikan sarana lantaran wong liya. 2 Pêdhèt ndagangi Pt = wiwit bisa mlaku. 3 Pagaweane didagang Pt = disêsuwe, supaya akèh wêtuning opahe.

Dhalang. 1 Dhalang opah-opah Bs = wis rêkasa tanpa pituwas, malah tombok. 2 Ana sing ndhalangi Pt = sing ngêthuk-éthukake rêmbug murih dadine. 3 Lungguh ngêdhangkrang kaya dhalang Bp = lungguhe katon angkuh. 4 Kaya dhalang kurang sajèn Pp = wong carita utawa gunêman sing sajak katon kurang grêgêt-saut, sêmu kêmba. 5 Dhalang ora kurang lakon Pb = wong iku lumrahe ana-ana bae akale. 6 Dhalang krubuhan panggung Bs = wong sing sanalika kandhêg gunême, marga kuwêlèh. 7 Dhalang Kandhabuwana Pd = Wisnu nêdya mbatalake mêmangsane Kala sing wis diparêngake dening Bathara Guru lan dèwi Uma, tumurun ing Marcapada dadi dhalang aran Kandhabuwana kanthi pangêndèr Nyi Saruni (malihane Brama) lan panjake aran Ki Panjakdhalangklungkung (malihane Narada), caritane wayang aran lakon Amurwa-Kala.

Durjana. 1 Durjana mati raga Pb = durjana sing atekad pati. 2 Durjana murang karsa Bs = panggêde kang murang saka parentahe. utawa pangadilan sing murang saka pangadilane. (Dur = ala. Jana = wong).

Dhustha. 1 Anirna dhustha Pb = têtulung wong ala murih aja nganti kêcêkêl pulisi. Kukila kang among dhustha Ws = kulik, bênce, tuhu. 3 Dhinustha Kw = dicolong.

Êmban. 1 Bayi diêmban ujung = diêmban sikile nggêjojor lan rapêt dadi siji. 2 Bocah umur 9 sasi diêmban pèkèh = diêmban sikile ngêtapêl. 3 Jumênênge ratu diêmbani ingkang paman = panguwasane diwakili ingkang paman (marga kurang umur). 4 Pindha sêsotya coplok saking êmbanan Pd = pêpindhane putri kang oncat (lolos) saka kraton. (Sêsotya ngibarat: putri: êmbanan = blêngkêring ali-ali sing ditrapi sêsotya, ngibarat kraton). 5 Ngêmban dhawuh Bs = nglantarake dhawuh. 6 Êmban cindhe êmban siladan Bs = ora adil pangrêngkuhe, pilih-sih. 7 Sotya murca saking êmbanan Cd = candrane mangsa Kasa, akèh gêgodhongan sing padha rontog (wit brindhil).

Êmpu. Asmane êmpu: 1 Supadriya. 3 Supa-nom: putrane Jaka Supa. 4 Supagati. 5 Jigja: putrane Supagati. 6 Singkir asal saka Madura. 7 Sarap ing Blambangan. 8 Pitrang: asmane Jaka Supa nalika ana ing Blambangan. 9 Bêkêljati.

Gêntho. Gêntho tlengsor Pb = wong ala ngulandara (nyolong ana ing paran).

Kere. 1 Kere munggah ing bale Bs = wong asor didadèkake priyayi. 2 Kere nêmoni malêm Pp = kere mênangi Mulud = mêmangan kanthi dhokoh bangêt lan tinggal tata.

Koja. sudagar bangsa Indhu). Mênthung koja kêna sêmbagine = rumangsane ngapusi, satêmêne kapusan.

Lèndhi. Lèndhi mahas Pb = lonthe sing marèni panglonthene.

Maling. 1 Maling arêp Bs = nyênyilih apa-apa ora dibalèkake, malah banjur dinarbe. Utawa: ngilangake barang silihan ora gêlêm nglironi. 2 Maling atma Pb = maling sing ngarah pati. 3 Maling nêbu sauyun Pb = sabrayat (sasadulur, tunggal saomah) dadi wong ala kabèh. 4 Maling raras Pb = maling rêtna, maling dèndhèng = nyidra asmara. 5 Maling kêbunan Bs = wong têka ing plataraning liyan (wayah esuk) prêlu nindakake pangapus marang wong sing duwe plataran. (Kêbunan = kêna ing êbun, marga ora ana sajrone wangon, mung ana ing plataran bae). 6 Maling timpuh Pb = ndandani barange liyan kanthi opah, ngêlong barang sing didandani (Kayata: kêmasan sing awatak slingkuh, gêlêm ngêlongi êmase barang sing didandani). 7 Maling sandi Pb = nêdya nandukake panggawe ala, nanging carane ora ngatarani. 8 Maling sakuthu Pb = maling sing wis sarêmbug karo tanggane wong sing nêdya dimalingi. 9 Maling sadu Pb = wong ala sing tindak-tanduke katon kaya bêcik. 10 Sajuligane maling lawas-lawas mêsthi pinidana Pt = wong ala lawas-lawas mêsthi konangan tindake ala. 11 Maling totos Pb = gêgêdhuge maling, benggole gêntho. Tolos = jêjênggul, lêlurah). 12 Maling samun Pb = wong nêmu barang ora rêpot marang pamarentah. 13 Maling aguna Pb = wong ala sing pintêr bangêt nandukake pialane.

Saksi. 1 Saksi rumêmbe Pb = saksi susulan. 2 Saksi ngiwak-iwak Pb = saksi sing mung awêwaton krungu swara (swaraning padu, tantang-tinantang lsp), ora ngrêti dhadhakane lan kadadeane. 3 Saksi pondhongan Pb = saksi sakuthah = saksi gawewan (sadulur utawa mitra). 4 Saksi kulina darma Pb = saksi sing paturane marang pangadilan adhêdhasar kabêcikan utawa katêmênan. 5 Saksi maha ciri Pb = saksi sing ora pinracaya dening pangadilan, marga wis misuwur wong ala watake. 6 Saksi aji Pb = saksi bangsa luhur (wong gêdhe). 7 Saksi ngandha gêrah Pb = saksi akèh paturane ngayawara marang pangadilan (Gêrah Kw = gludhug). 8 Durkara saksi Pb = saksi sulaya padha saksi. 9 Saeka saksi Pb = sagolong pikir karo sing padha saksi. 9 Saeka saksi Pb = sagolong pikir karo saksi gawean. 10 Akadang saksi Pb = wong prakaran

sing muruki saksi carane matur marang pangadilan. 11 Akutha saksi Pb = sumendhe marang paturane saksi. 12 Karoban saksi Pb = wis akèh wong sing mêruhi panggawene ala (ora bakal bisa mungkir manèh). 13 Saksi dana Pb = saksi wong sugih. 14 Saksi wanto Pb = saksi Guru. (Wanto = wantya). 15 Ina saksi Pb = prakara kang kurang kuwat saksine, kayata: mung asaksi siji, asaksi wong sing kurang jêjêg èngêtan lsp.

Tani. 1 Tani bêntil Pt = wong tani sing mungkul bangêt, tani bangêt. 2 Patani = patanèn = sênthong têngah, ora dianggo kamar-turu, mung pangantèn sing mêntas têmu lumrahe diturokake ing patani (patanèn, kobongan, pabongan).

XII. AWAK

Dasanama: 1 Awak = angga, badan, lingga, dhiri, dheha, sarira, salira, raga, tubuh, wanda.

Pawakan: 1 Lêncir = dhuwur, nanging ora kaduk. 2 ndlondèng = dhuwur kêpara kuru. 3 Cebol = kaduk cêndhèk, luwih bangêt tinimbang pèndhèk. 4 Cebol kêpalang = yèn ngadêg êndhèk, yèn lungguh katon dhuwur. 5 Kakkong = sikile cêndhak, gêmbunge dawa. 6 Kongêl = sikile dawa, gêmbunge cêndhak. 7 Pidêksa = dêdêg sêdhêngan tumrap priya. 8 Srêntêg = dêdêg sêdhêngan tumrap wanita. 9 Sadhepah = kêpara êndhèk, dhadhane jêmbar. 10 Ngringin sungsang = awake perangan dhuwur cilik (kaya wit wringin diwalik).

Pawakan wayang. Pawakane siji-sijine wayang diarani “wanda”, wayang siji terkadhang mawa wanda luwih saka sawarna, kayata Baladewa. Baladewa sing dianggo jêjêran wayah sore (gêndhing pathêt 6), wayah bêngi gêndhing pathêt 9) lan prak-esuk (gêndhing pathêt Manyura) apadene Baladewa sing dianggo ing carita pêrang paa “wanda wayang” saw. Ing ngisor iki tuladha “wanda wayang” sawatara:

1 Baladewa – sêmbada, kagèt, gègèr, paripêksa. 2 Krêsna – gêndrèh, rondhon, mawur. 3 Janaka – mangu, pangasih, kinanthi, pangawe. 4 Puntadewa – panuksma, malatsih, puthut. 5 Wrêkudara – lintang, gurnat, mimis. 6 Setyaki – akik, wisuna. 7 Karna – bedru, lonthang. 8 Dasamuka – bugis, bêlis. Ratu buta (kajaba Dasamuka) – barong, macan. 10 Bathara Guru – arca, karna. 11 Suyudana – jangkung. 12 Sêmar – brêbês, dhunuk, ginuk. 13 Garèng – Wregul, kancil.

14 Pètruk – jêglong, moblong. 15 Bagong – gilut, gêmbor. 16 Bathari Durga – gêdruk, gidrah. 17 Sembadra – rangkung. lentreng. 18 Srikandhi – patrêm, golèng.

Angga. 1 Angga pindha prabata Pp = awake kaya gunung, gêdhe bangêt. 2 Kari anggana Kw = kari ijèn (maune ana kancane). 3 Wrêdhu-angga Kw = lintah. Wrêdu = ulêr). 4 Dipa-angga = dipangga Kw = mawa awak gêdhe, yaiku gajah. 5 Anggana-raras Kw = wanita ayu. 6 Yoga angangga yogi = darbe-pambêkan kaya Guru. têmuwa.

Awak. 1 Awak pèndhèk budi ciblèk Bs = wong sor tur budine uga asor. 2 Awak-awak Pt = ora adus wuwung (ora digrujug têkan ing sirah), adus mung ing gêmbung bae. 3 Minangka awak-awaking panggêdhe Pt = wêwakile panggêdhe. 4 Lara ati, ora lara awak Pt = sêrik, ora lara (awake). 5 Sumêngka pangawak braja Br = sowan bangsa luhur tanpa ditimbali: utawa: sowan ratu tanpa nganggo lantaran.

Badan. 1 Badan-alus = jiwa, suksma. 2 Badan-wadhag = awak kang kasatmata, raga. (Ing jaman biyèn têmbung “raga” atêgês: nafsu, nanging ing jaman saiki ditêgêsi: awak). 3 Bêbadan = pakumpulan.

Dhiri. 1 Dhiri pribadi Kw = awake dhewe. 2 Mandhiri Kw = madhêgdhewe, ora kawêngku ing liyan. Watak dhiri = angkuh, ora sumanak.

Lingga. 1 Alingga bathara Br = asalira dewa, dadi dewa (sawise mati). 2 Kalingga nata Bp = prakara sing wis kêlêtan jumênênge ratu liya. 3 Dahat kalingga murda Br = dipundhi-pundhi bangêt, dièstokake bangêt (dhawuhe, pangandikane lsp). 4 Kalingga warsa Br = têmbung sing dadi awak-awake têmbung andhahan. 6 Lingga-andhahan = andhahan sing kêna dianggêp lingga, lumrahe kêna dianggo bêbarênagan karo têmbung “pating”. 7 Kriya-lingga = têmbung kriya sing awujud lingga, kayata: adus, dandan, dolan lsp).

Raga. 1 Anor raga Br = andhap-asor. 2 Nglugas raga Br = namur laku sarana manganggo prasaja (supaya wong-wong ora padha ngrêti). 3 Ngrêraga Br = ngadi raga, ngadi salira, ngadi busana, mêmacak awak. 4 Raga karana Br = nêngsêmake, agawe tuwuhe sih-trêsna. 5 Ora raga Br = tanpa maujud. 6 Among raga Br = among salira, ngapenakake awak, ora ngaya-aya. 7 Wiraga Br = solah bawa sing nêngsêmake (digawe-gawe). 8 Mêsu cipta mati raga Br = prihatin, tirakat,ulah tapa. 9 Manting raga Br = kosok-baline: among salira utawa among raga. 10 Ngraga suksma Br = ngoncatake suksma saka ing badan wadhag. 11 Mêndhêm raga Br = mêndhêm kula, namur murih ora katon yèn bangsa luhur. 12 Bagawan Mintaraga = bagawan sing mratapa ing guwa Witaraga (dumunung ing wukir Indrakila) yaiku Ciptaning (Janaka). 13 Imbal lir mandaraga Pp = gilir-gumanti (swarane) kaya unining gamêlan Mandaraga = gamêlan, asale saka têmbung Sangsêkêrta: mardangga, atêgês: kêndhang.

Salira. 1 Salirane = kang salira, kowe. 2 Salira dana Pb = sarwa rila marang barang-darbèke. 3 Têbah jaja tanya salira Br = ngusap dhadha karo ngunandika: “Gèk luputku bae apa?” 4 Mbêlah salira Pt. = olèh biji utawa wilangan ing dolanan pèi 340 luwih; yèn luwihe 1 aran mbêlah salira, yèn luwihe 2 aran mbêlah salira, mangkono satêruse têkan mbêlah salira 9. 5 Kawuk ora wêruh marang salirane = wong asor dadi luhur, lali yèn biyèn asale saka wong asor.

Cebol. Cebol nggayuh lintang Bs = wong sèkèng darbe panggayuh gêdhe. 2 Cebol pêlikan Bs = wong sing pangupajiwane dianggêp asor, sanajan ora kêna diarani nistha. (Melik iku dianggêp pagawean sing asor). 3 Cebol kêpalang = cebol tur kakkong.

XIII. ÊNDHAS

Dasanama: Endhas = pathak, thothok, sirah, mastaka, mustaka, murda, kêpala, ulu, kumba, utamangga.

Pakartine êndhas: Gèdhèg, mèlèng,manthuk, gela-gelo, ndhingkluk, ndhêngangak, pacak-gulu lsp.

Wangune êndhas: 1 Anggandhèn = kaya gandhèn. 2 Maesan = perangan ing buri rata (ora njêndhol). 3 Thokthing = sirah sing cilik bangêt, saka camboran wantahan thothok + kathing.

Endhas. 1 Endhas gundhul dikêpêti Bs = wis kapenak saya luwih dikapenakake. 2 Endhas digawe sikil, sikil digawe êndhas Pb = kanthi rêkasa bangêt. 3 Gêdhe êndhase Et = kumlungkung. 4 Kêgêdhèn êndhas kurang utêg Pb = kêgêdhèn panjangka kurang kapintêran. 5 Diulungake êndhase digondhèli buntute Bs = ing lair rila, ing batin isih owêl, toging êndon ora diwènèhake. 6 Embuh, ora wêruh êndhas trasi Pb = bênêr-luput ora praduli, sadulur kudu dibelani. (Ing padhalangan sing sok dicaritakake mangkono Radèn Wrêkudara). 7 Tawon êndhas = tawon sing omahe gumandhul lan gêdhene nganti saêndhas wong. 8 Endhasing banjir Et = ilining banjir kang katon ing ngarêp dhewe awujud sangkrah utawa anggrah-anggrah.

Gèdhèg. Si gèdhèk lan si anthuk Bs = wong loro sing wis padha kêkêthikan.

Githok. Ora ngilo githoke Pt. = ora ngèlingi (ora sumurup) marang kasèkènganing awake dhewe.

Gundhul. Panase kaya mêcah-mêcahna gundhul Pp = panas sing bantêr agawe ngêlu, rasane sirah nganti kaya mêngkap-mêngkap arêp pêcah. 2 Endhas gundhul dikêpêti = Mr êndhas. 3 Klêbon Cina gundhulan = kêtêkan wong ala banjur kapusan.

Kêpala. 1 Kêpala desa = panggêdhene desa, lurah desa. 2 Dikêpalani = dipanggêdhèni. 3 Netra kêpala Kw = mripat lumrah, mripat kang katon iki, kosok-baline: netra pramana (Netra pramana bisa sumurup, sanadyan netra lumrah iki mêrêm). 4 Gègèr kêpala Bs = ratu gugat-ginugat karo sêntana.

Kumba. 1 Kumbakarna Pd = asmane senapati ing Alêngka, adhine Prabu Dasamuka. 2 Diêdu kumba Bs = diêdu sirah padha sirah, kayata Maesasura lan Lêmbusura (Ratu lan patih ing Guwakiskêndha) seda barêng marga diêdu kumba dening Subali. 3 Kumbayana Pd = asmane Durna nalika isih timur. 4 Dityakumba lan Aswanikumba = putrane Kumbakarna.

Mèngèng. Nadyan awrat botên badhe satriya mèngèng dhatêng kuwajibanipun Br = satriya têmtu nêtêpi dhateng kuwajibanipun, sanadyan awrat kados punapa.

Murda. 1 Aksara murda = aksara maha-prana, aksara gêdhe. 2 Ngêndhat tali murda Br = ngalu pati sarana nggantung. 3 Praja kabali murda Bs = Ratu nggugat marang kawula (rakyat). 4 Tinigas murdanya Kw = dikêthok sirahe (gulune). 5 Yèn bangga rampungana, cangkingên murdane Br = yèn ora manut patènana, sirahe gawanên mrene (katura marang ingsun). 6 Murdaningrat ing jagad pramuditaya Br = kêpalaning jagad kabèh, ratu ing sajagat-rat.

Mustaka. 1 Kapêtak ing mustaka Br = dipêndhêm ing sirah, maksude: dipundhi-pundhi bangêt. 2 Wastra tumrap mustaka Ws = ikêt. 3 Mustakawèni Pd = putri adhine Prabu Bumiloka ing Imaimantaka (kagarwa Priyêmbadraputrane Janaka).

Pathak. 1 Dipathak = dibalang sirahe nganggo barang atos. 2 Kêpathak kêlacak Bs = ora bisa ngungkiri kaluputane, marga wis kêbuktèn. Jaman biyèn ana kêbo ilang, lacake têkan pomahane wong: omahe wong iku digledhah, tinêmu ana pathake kêbo sing ilang; wong sing duwe omah kêpêksa ngakoni manawa dhèwèke sing nyolong kêbo iku.

Sirah. 1 Cacah sirah Pr. = mung dietung cacahe utawa kèhe bae, tanpa ngelingi gêdhe-cilike lan ala-bêcike. 2 Trisirah Pd = putrane Dasamuka. 3 Pajêg pasirah Pt = pajêg kang diwajibake marang kabèh wong. 4 Pangkat pasirah = bangsane kêpala desa, lurah desa.

Sundhul. 1 Kêmbang sundhul-langit Pt. = kêmbang kênanga. 2 Disundhul puyuh = diumbulake dhuwur (tumrap yun-yunan). 3 Kêsundhulên Pt. = durung disapih biyunge wis mêtêng. 4 Ora bisa nyundhul kapintêrane Suta Pt. = ora bisa madhani.

Thothok. 1 Dithothok = ditamani thothoke nganggo gêgêring athik-athikan driji. 2 Ora thothok-jawil Bs = ora wêwarta marang wong sing pantês dijaluki rêmbug. 3 Aluwung cilik thothok bêthik, tinimbang gêdhe êndhas resePt. = aluwung barang cilik sing pangaji tinimbang gêdhe kurang pangaji.

Tungkul. 1 Ditungkulake Et = ditinggal lunga sarana dilimpèkake, ditilapake. 2 Aja kêtungkul mangan enak turu kapenak Pt. = nduwènana prihatin. 3 Nungkul Kw = têluk marang mungsuh. 4 Mungkul olèhe sinau Pt. = tumêmên, ora slèwèngan. 5 Tungkul = Ws Jênu tawa.

Ulu. 1 Ulu ati = pulung ati, lêgokaning dhadha kaprênah pênêr karo dununge ati. 2 Mantri ulu-ulu = mantri irigasi. 3 Ulubalang = senapati. 4 Karangulu Kw = karang (panggonan) + ulu (sirah) = panggonane sirah, yaiku bantal. 5 Ngarangulu Pt. = ngalap bojo mbakyu-ipe, marga kakangne mati. 6 Ana ing ulon-ulon, tumrap paturon utawa kuburan; kosok-baline: ana ing dagan (kaprênah sisih ngisor, ing papan dununge sikil). 7 Pangulu = panggêdhene agama. 8 Têkèk mati ulone Bs = nêmu cilaka marga saka gunême dhewe. 9 Uluguntung = cantrik, cèkèl, manguyu, jêjanggan. 10 Kolu (ka + ulu) = kêlêg, bisa klêbu.

Utamangga. Pinocok utamangganira Kw = dikêthok sirahe.

XIV. RAI, BATHUK.

Dasanama: 1 Rai = pasuryan, praupan, muka, wadana. 2 Pipi = pangarasan. 3 Janggut = kêtêkan, sadhêgan. 4 Rupa = (potongane rai) citra, warna, dhapur (kasar). 5 Bathuk = palarapan, têgêse: papan larap, yaiku rêrênggan bathuk awujud blèbèkan mas. Bathuk dikramakake inggil palarapan, sabab jaman biyèn para luhur padha mawa rêrênggan larap.

Bathuk. 1 Bathuk nonong = cunong, manyul. 2 Bathuk banyak = kaduk nonong. 3 Bathuk lêngar = kaduk amba. 4 Bathuk nyela cêndhani Cd = kaya sela cêndhani (marmêr), yaiku alus sumorot. 5 Bathuk ngungkal gêrang Cd = kiwa-têngên kaya mawa sogokan. 6 Thukmis Pt. = priya kang awatak: manawa sumurup wanita sing bathuke klimis (ayu) banjur tuwuh sênênge. 7 Sadumuk bathuk sanyari bumi Bs = prakaran bab wanita lan palêmahan lumrah nganti ditohi pati.

Dhapur. 1 Ala dhapure Ks = ala rupane. 2 Ora dhapur = ora mèmpêr. 3 Dhapur jigja ganda wulung = kêris sing ganjane karo wilahane seje warnane. 4 Kêris dhapur naga-lumaksana = kêris mawa luk. 5 Kêris dhapur naga-tapa = kêris tanpa luk (lêncêng). 6 Jaksa pring sadhapur = pangadilan kang pangarsa lan wargane kabèh nunggal sasadulur.

Janggut. 1 Janggut nggolèng = nyanthuk, uwange gêdhe. 2 Kanggo obah-obah janggut Pt. = dipangan nalikane kêpengin mêmangan, tinimbang ora ana sing dipangan. 3 Suku jaja têkên janggut Br = kanthi rêkasa bangêt.

Muka. 1 Dasamuka Pd = Rawana, putrane Rêsi Wisrawa kang pambayun miyos saka garwa Dèwi Sukèsi. (Putrane Dèwi Sukèsi papat: Dasamuka, Kumbakarna, Sarpakanaka, Wibisana). 2 Mantrimuka = patih. 3 Rêksamuka arane gunung papane Ramawijaya kêtêmu karo Anoman kang sapisanan. 4 Gohmuka Pd = utusane Prabu Danaraja Ratu Lokapala kang dipatèni dening Dasamuka. (Nalika Anoman diobong ana ing Alêngka, awake kêpanjingan sukmane Gohmuka). 5 Yaksamuka Pd = utusane Dasamuka sing didhawuhi ngupaya mustaka pêndhita 1000 arêp dianggo nêkani pêpanggile Dèwi Citralangêni putri ing Tunjungpura. 6 Wahmuka-Arimuka Pd = arane ditya loro sing dipatèni Sêmar, nalika Sêmar arêp dhaup karo dèwi Kanastrèn (putrane Prabu Sasrasudarma ing Pulorajapêthi). Uga arane ditya loro sing kadadean saka banyu kawah lan ari-arine putri kêmbartêlu (Amba, Ambika lan Ambalika). 7 Muka kadya konjêm bantala Br = raine kaya mèpèd ing lêmah (saking tumungkule). 8 Parangmuka Kw = mungsuh.

Pipi. 1 Pipi ndurèn sajuring Cd = kaya durèn sajuring, yaiku pipi sing lancap. 2 Pipine wis kêmpong-perot Pt. = kuliting pipine lêlêmpitan, marga wis tuwa bangêt.

Rai. 1 Rai gêdhèg Bs = rai teki, rai dhingklik, rai trumpah, ora idhêp isin. 2 Napuk rai Bs = gawe wirang ana ing pasamuwan. 3 Enya dhadha êndi rai Pt. = ayo padha adu-arêp (aja mung muna-muni ana ing buri). 4 Wêdi rai wani silit Pb = wanine mung muna-muni ana ing buri, yèn adu-arêp ora wani.

Rupa. 1 Luwih rupa kurang candra Br = isih luwih endah rupane wong sing dicandra tinimbang karo olèhe nyandra. 2 Salahrupa Pt. = malah dadi wêwujudan sing anèh lan mêmêdèni, kayata malih danawa gêdhe bangêt (tiwikrama). 3 Rupane kiwa Et = ora bagus, ora ayu. 4 Sanadyan ala tanpa rupa, wong tuwa kudu diajèni Pt. = sanadyan rupane ala tur sèkèng, wong-tuwa wajib diajèni. 5 Rupane kaya jambe sinigar Pt. = rupane padha jèblês (kayata: Subali karo Sugriwa, Anoman karo putrane kang aran Trigangga).6 Yèn ana rupa dudu rupa, aja kurang wêweka Pt. = yèn ana barang anèh nyalawadi, di ngati-ati. 7 Rupakenca lan Kencakarupa Pd = Putrane Palasara kang miyos saka Dèwi Kêkayi (putrane Prabu Kekaya ing nagara Kencakapura). 8 Nir tan rupa kadulu Skl = sêngkalan wêkasane buku Jangka yasan Ranggawarsitan sing diucapake dening Jakalodhang (atêgês taun 2100).

Citra. = rupa, tulis. 1 Wicitra = linuwih rupane (bagus, ayu). 2 Cinitra = ditulis, digambar. 3 Juru citra = panitra, jurutulis. 4 Citragada lan Citrawirya = putrane Sêntanu miyos saka Dèwi Durgandini.

Wadana. 1 Pada-wadana Pt. = coraking rai, rupane. 2 Pangkat wadana – kliwon, panggêdhene dhistrik. 3 Prang Wadana = asmane P. Mangkunagara sadurunge yuswa 40 taun.

Wang. 1Wang malang = wang sing sêmu njêbèbèh (kalêbu ala). 2 Sanggawang = nyagak wang nganggo èpèk-èpèk. 3 Wang nyangkal putung Cd = wang sing wêkasane sajak awangun mojok, nanging ramping ngrêsêpake. 4 Kêmba wang = mêmangan utawa gunêman mung tinimbang nganggur.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: