RSS

Kuping – Irung

XV. KUPING.

Dasanama: Kuping = talingan, karna, karni. Rêrênggan kuping: suwêng, anting-anting, sumping, cêplik.

Wangune sumping (wayang): 1 Pudhak sinumpêt (pudhak satêgal) = agême Wrêkudara. 2 Surèngpati = agême para ratu (Krêsna, Suyudana lsp). 3 Wadêran = agême satriya lan bambangan (Janaka lsp). 4 Kêmbangkluwih = agême para satriya sing apolatan sêmu mbranyak (Samba lsp). 5 Gajah-ngoling = agême putri (Dèwi Ratih, Tara, Sukèsi lsp). 6 Pring sadhapur = sumpinge danawa pracore (buta rucah).

Karna. 1 Karna binandhung Pb = têgêse lagu: kuping dirangkêp, maksude: krungu kabar ora saka êtuke, krungune marga dikandhani dening liyan. 2 Kalpika pasrèn karna Ws = ali-ali rêrêngganing kuping, yaiku anting-anting. 3 Adipati Karna Pd = putrane Bathara Surya miyos saka Dèwi Kunthi. 4 Gohkarna Pd = pratapane Wibisana sawise sèlèh kaprabon.

Kuping. 1 Ngoroki kuping Pb = ngandhani. 2 Kuping budhêg dikoroki Pb = wong sing ora krungu lan pancène ora prêlu krungu mêksa dikandhani. 3 Sipat kuping Pt. = lumayu rikat bangêt. Jamur kuping = jamur kang wangun lan kaanane kaya kupinge manusa, lumrahe tuwuhe ana ing prabatang (watang, wit). 5 Kandêl kupinge Pb = ora idhêp isin (sanadyan krungu têmbung sing pantês agawe isine mêksa ora isin). 6 Ngabangake kupung Pb = agawe muring.

Rungu. 1 Krungu têmbang rawat-rawat Br = têgêse lugu: krungu unine barang ditabuh mung lamat-lamat, ora cêtha, maksude: krungu kabar sing durung ngrêti nyata lan orane. 2 Kêmbang sengon, nom-nom suda prungon Pr = kanggo ngunèni wong (nom) sing kurang têngèn pangrungune. 3 Kulak warta adol prungon Pb = têtakon pawarta lan ngandhakake pawarta kang wis rinungu. 4 Anon rungu Br = ngrêrungokake pawarta.

Talingan. 1 Lir sinabit talingane Pp = kaya siniwal kupinge, marga krungu têmbung utawa pawarta sing agawe muring bangêt.

XVI. MATA

Dasanama: 1 Mata = aksi, èksi, mripat, netra, soca, caksu, caksuh, tingal. 2 Wêruh = anon, uning, uninga, udani, wrin, wikan, upiksa, upaksi. 3 Ndêlêng = ndulu, miyat, nupiksa, mriksa. 4. Katon = kasatmripat, kasatmata, kèksi, kengis, kawistara, kawuryan, kawangwang, ketok.

Pakartine mata: wêruh, nonton, sumurup, ndêlêng, nyipati (kapinujon wêruh), dhêngêr (wêruh lan ngrêti), tumon (wêruh sadhela), anon, ngrungu (wêruh lan krungu), ngujiwat (nolèh sakêplasan mawa ulat manis kanthi sasmita kêdhèp), nglirik, mlerok (marga ewa), mlêruk (nuduhake ulat ala), mandêng, nginjên, ngintip (ndêlêng saka pandhêlikan), manthêlêng, macicil, mandêlik, mlirik, nyawang, ngulat-ulatake, ngingêtake, ngliling.

Darwane mripat: awas, blêrêng, cadhok, blolokên, buwananên (kabuwanan), lamur, mamak, pice, wuta, rèbès, rèmbès.

Bêdhahane mripat: 1 Blalak-blalak = ora kaduk amba lan katon rêsik. 2 Mbalut = sêdhêngan ambane sêmu njait lan luruh rada kocak. 3 Lindri = sêdhêngan ambane lan luwês. 4 Liyêp = lèking mripat rada ciyut, nanging luwês. 5 Talup = tlapukane sing sisih dhuwur tumindhih tlapukan sing ngisor (kaya mripate wanita Cina). 6 Suthup = pucuke mripat kêpara mangisor, alise dhuwur ngarêp. 7 Ciyut = mripat ciyut mawa tlapukankandêl. 8 Mlolo = amba arang kêdhèp. 9 Kriyip-kriyip = ciyut kêrêp kêdhèp. 10 Pêndul = amba sêmu mandhukul.

Bêdhahane mripat wayang: 1 Têlêngan – Wrêkudara lsp. 2 Plêlêngan – Bathara Kala lsp. 3 Kêdhondhongan – Kartamarta lsp. 4 Kêdhêlèn – Sêcaki lsp. 5 Liyêpan – Janaka alsp. 6 Kriyipan – Sêmar lsp. 7 Kêlipan – Cakil lsp.

Anguk. 1 Anguk-anguk kubur Pt = wis mèh mati. 2 Dianguk-anguki = diadhang, arêp wêruh wis têka apa durung.

Blolok. 1 Blolokên = ora sumurup marga blêrêng. 2 Kêtonjok blolok Bs = nyatur wong, ora ngrêti manawa wong sing dicatur ana ing panggonan kono.

Gênah. Wis gênah wis tanah Pt = wis cêtha manawa turune wong bêcik; wis ngrêti têmênan.

Katara. Ala katara, bêcik kêtitik Pb = ala, sanadyan diumpêtake ya mêsthi bakal katon, bêcik ora dipamèr-pamèrake ya bakal diwêruhi wong akèh.

Katon/ton. 1 Katon cêpaka sawakul Pb = disênêngi dening wong akèh. 2 Mandhêg padhang, alingan saya katon Bs = nêdya ngungkiri panggawe ala kang wis ditindakake, nanging carane ngatarani, malah njalari saya katon cêtha lupute. 3 Ora katon dhadhane Pt. = ora wani adu-arêp. 4 Anjar katon Br = tigas kawuryan = lagi sumurup sapisan, durung têpung. 5 Ngatonake siyunge Bs = nuduhake panguwasane utawa kuwanène. 6 Salah-ton Pt = kliru pandulune. 7 Nontoni Pt. = têka ing omahe wong prêlu ndêlêng wanita sing nêdya dialap bojo. 8 Aja katon mata Pt = aku aluwung ora wêruh.

Kasatmripat. Sagêt dados agal saklangkung agêng. lêmbat botên kasatmripat Br = sagêd tiwikrama (dados danawa agêng sangêt) lan sagêd ngical.

Kêdhèp. 1 Kêdhèp têsmak Pb = nyawang suwe tanpa kêdhèp. 2 Kaya ilang dikêdhèpake Br = nyawang tanpa kédhèp, sabab manawa kêdhèp kuwatir yèn sing disawang ilang (lunga) ing sajrone wong sing nyawang iku kêdhèp. 5 Sakêdhèp netra Br = sapandurat, sapungu, sadhela bangêt. 6 Yèn ora ilang dakkêdhèpake, dak untal malang mangsa ngambaha ing cêthak Pd = yèn kowe ora enggal lunga (sumingkir) …

Lamur. Nggutuk api lamur Bs = maeka marang liyan nganti nêmu cilaka, nanging banjur api-api orangngrêti lan takon sababe wong liya mau nêmu cilaka.

Lèk. 1 Lèk-lèkan = ora turu ing wayah bêngi (wong akèh). 2 Cagak-lèk Pt = srana supaya bisa bêtah mêlèk. 3 Wong lanang padha lèk sanga Pt = padha dene wong lanang lumrah, sing olèhe ana ing guwa-garba 9 sasi. 4 Rupane rada mêlèk Pt. = rada ayu (bagus). 5 Pitulikur wimbaning lèk Kw = wêtuning rêmbulan kang kaping 27, maksude: tanggal 27 (sasi Jawa). 6 Micakake mata mêlèk Pt = ngira ora wêruh marang wong kang satêmêne wêruh (ngrêti). 7 Yèn arêp rabi, lèkna mripatmu sing amba; yèn wis rabi, rêmna mripatmu Pt = yèn arêp ngalap bojo, di wêweka pamilihmu wanita; yèn wis darbe bojo aja melik marang wanita liya.

Liling. Kaliling sajroning ati Br = tansah katon, gumantung tuntunging ati.Liring. 1 Mbalang liring Br = pasang liring, nglirik sakêplasan kanthi ulat manis. 2 Dipindêr ing liring Br = tansah sinawang-sawang. 3 Ujungan liring Pt = lirik-lirikan, adu ulat. 4 Kêtaman ing sambang liring Pt. = nandhang lara asmara, marga kêtaman liriking wong kanthi ulat manis. Longok. Barêng dipracaya banjur longok Pt = kurang wêweka, gêlêm candhak-cêkêl lsp. Mata. 1 Mata-itik = bolongan ing klambi dianggo ngancingake bênik. 2 Mata dêruk = bolongan ing klambi dianggo ngêtrapake bênik. 3 Mata-iwak = cuplak (korèng) sing ngurêng. 4 Mata-dhuwitên Pt = petung bangêt marang dhuwit, tanpa ngelingi rasa sosial lsp. 5 Mata yuyu Pp = mata sing tansah êmbik-êmbik kaya arêp ngangis; utawa atêgês: cingèng, gampang nangise. 6 Mata-lele = putih kaya matane gêmak (sêmining têmbako). 7 Mata loro Pt = mangro tingal, ngalap dho, ora mung ngantêpi sawarna (Dho = ro). 8 Mata-mataning mungsuh = mungsuh sing nginjên kaanane wadya-bala lan gêlaring barise. 9 Mata-pitaning asrama Br = matapitayaning asrama = wong sing tinanggênah ngawat-awati asrama. 10 Mata walangên Pt = mêlèk, nanging ora wêruh (kabuwanan,buwananên). 11 Kaca-mata = têsmak, kaca-tingal. 12 Kranjang mata era = kranjang sing nam-namane arang. 13 Mata kranjang Pt = yèn sumurup apa-apa tuwuh sênênge. 14 Endhog mata-sapi = êndhog dicêplok. 15 Matane nganti ndlolèr Pt = ngingêtake nganti suwe tanpa kêdhèp. 16 Panèn mata pailan gulu Bs = wêruh panganan warna-warna, nanging ora melu ngrasakake, sêbab ora diwènèhi. 17 Mata-mata kapèn kaya kowe kulup Prêmadi Br = (pandêlêngku ora cêtha, kaya dene kaling-kalingan) apa kowe Prêmadi, ta? (Kapèn = ka + ape + an. Ape = aling-aling, rana. Kapèn = kaling-kalingan). 18 Nyolok mata Pt = tumindak

Liring. 1 Mbalang liring Br = pasang liring, nglirik sakêplasan kanthi ulat manis. 2 Dipindêr ing liring Br = tansah sinawang-sawang. 3 Ujungan liring Pt = lirik-lirikan, adu ulat. 4 Kêtaman ing sambang liring Pt. = nandhang lara asmara, marga kêtaman liriking wong kanthi ulat manis.

Longok. Barêng dipracaya banjur longok Pt = kurang wêweka, gêlêm candhak-cêkêl lsp.

Mata. 1 Mata-itik = bolongan ing klambi dianggo ngancingake bênik. 2 Mata dêruk = bolongan ing klambi dianggo ngêtrapake bênik. 3 Mata-iwak = cuplak (korèng) sing ngurêng. 4 Mata-dhuwitên Pt = petung bangêt marang dhuwit, tanpa ngelingi rasa sosial lsp. 5 Mata yuyu Pp = mata sing tansah êmbik-êmbik kaya arêp ngangis; utawa atêgês: cingèng, gampang nangise. 6 Mata-lele = putih kaya matane gêmak (sêmining têmbako). 7 Mata loro Pt = mangro tingal, ngalap dho, ora mung ngantêpi sawarna (Dho = ro). 8 Mata-mataning mungsuh = mungsuh sing nginjên kaanane wadya-bala lan gêlaring barise. 9 Mata-pitaning asrama Br = matapitayaning asrama = wong sing tinanggênah ngawat-awati asrama. 10 Mata walangên Pt = mêlèk, nanging ora wêruh (kabuwanan,buwananên). 11 Kaca-mata = têsmak, kaca-tingal. 12 Kranjang mata era = kranjang sing nam-namane arang. 13 Mata kranjang Pt = yèn sumurup apa-apa tuwuh sênênge. 14 Endhog mata-sapi = êndhog dicêplok. 15 Matane nganti ndlolèr Pt = ngingêtake nganti suwe tanpa kêdhèp. 16 Panèn mata pailan gulu Bs = wêruh panganan warna-warna, nanging ora melu ngrasakake, sêbab ora diwènèhi. 17 Mata-mata kapèn kaya kowe kulup Prêmadi Br = (pandêlêngku ora cêtha, kaya dene kaling-kalingan) apa kowe Prêmadi, ta? (Kapèn = ka + ape + an. Ape = aling-aling, rana. Kapèn = kaling-kalingan). 18 Nyolok mata Pt = tumindak kurang prayoga ana ing sangarêpe wong liya. 19 Maniking mata Br = kang ditrêsnani bangêt. 20 Ngrabèkake mata Pt = priya nyawang marang wanita (utawa kosokbaline). 21 Pête samata = saêlas, sablindhi. 22 Nglimbang mata = ngrêsiki mripat sarana mêlèk sajroning banyu rêsik dicampuri uyah sathithik. 23 Kasatmata Kw = katon. 24 Prabu Satmata Pd = Bathara Wisnu nalika jumênêng Ratuning nagara Gilingwêsi. 25 Natmata ing brangta Br = agawe lêganing sêngsêm. 26 Wis rada kêmata Pt = wis patut didêlêng. 27 Mataram Kss = saka têmbung Latin “matri” atêgês: ibu, yaikuYogyakarta, Ngèksiganda. (Mataram, karimbag guru-wanda dadi: matarum; mata, karimbag guru-dasanama dadi ngèksi. Rum (arum) iku araning ganda, utawa: sing arum iku ganda. 28 Mata-mata kapèn = mripat kurang cêtha pandulune, dene kaling-kalingan. Kapèn = ka+ape+an. Ape = aling-aling.

Mripat. 1 Mripat mblalak kocak Cd = mblalak sêmu kêdhêr nêngsêmake. 2 Mripat ndamar kanginan Cd = kaya damar kanginan kêdhêr lèp-lèp, maksude: mripat sing mblalak kocak. 3 Kasat mripat = katon. 4 Sagêd dados agal saklangkung agêng, lêmbat botên kasatmripat = sagêd tiwikrama, lan sagêd ngical.

Mumuk. 1 Mamak-mumuk Pt = wis ora cêtha pandulune. 2 Budhug-mumuk Pt = doyan mangan-turu.

Netra. 1 Netra lir baskara kêmbar Br = kaya srêngenge loro, amba bangêt. 2 Trinetra Pd = Bathara Guru; jêjuluk Trinetra: anetra têlu, sing siji yaiku netra pramana. 3 Netrane kadya mong Br – mripate kaya mripat macan, amba bangêt. (Mong = sardula, macan). 4 Sakêdhèp netra = sapandurat, sapangu, sakêdhap sangêt.

Padhang. 1 Padhang ulate Et = padhang langite, katon bingar, katon sênêng. 2 Padhang rêmbulan = wayah wêngi kang mawa padhanging rêmbulan. 3 Wêruh padhang-hawa Br = lair saka ing guwa-garba.

Pandêng. 1 Pandêngan karo srêngenge Bs = mêmungsuhan karo wong sing nduwèni panguwasa. 2 Gadhah pandêngan lare èstri = sawangan sing didhèdhèki bakal dilamar. 3 Kuda ngrap ing pandêngan = kuda titihan ratu dipraboti kanggo sawangan (tontonan) ing sacedhake pagêlaran.

Pêtêng. 1 Wêngi pêtêngan = wêngi ora ana rêmbulan, kosok baline: padhang rêmbulan. 2 Pêtêng lêlimêngan Br = pêtêng ndumuk irung, pêtêng ndhêdhêt. 3 Lêmbupêtêng Bb = putrane ratu kang siningidake, miyos kakung saka garwa pangrêmbe (sêlir),kayata: putrane Brawijaya-wêkasan kang miyos saka Dèwi Sapudhi putri ing Wandhan uga karan Lêmbupêtêng.

Rêm. 1 Rêm-rêm ayam Pt = layap-layap mèh turu, nanging isih krungu. 2 Mêrêm-mêlik Pt. = antarane mêrêm karo mêlèk, mèh turu. 3 Aku ora mêrêm Et = aku gêlêm mèlu mikir uripmu, aku gêlêm têtulung marang kowe.

Soca. 1 Asoca bathara Br = waskitha bangêt, wêruh sadurunge winarah. 2 Têbu tuwuh socane Bs = rêmbug wis dadi banjur ana sing nyetani. 3 Kaya kinjêng tanpa soca Pp = blasuran, mak-makan lan narab-natab tindake.

Tênga. 1 Tumênga sêpa, tumungkul sêpi Br = ora ana sing dijagakake. 2 Kêna tinênga-tênga Br = kêna dijaluki tulung samangsa prêlu (kêslêpêk ing butuh). 3 Atimu têngakna, nuli tungkulna Br = uripmu tandhingên karo wong sadhuwurmu lan sangisormu, supaya atimu aja tansah lunja-lunja. 4 Tumêngaa ing akasa, tumungkula ing pratiwi Br = sambata marang bapa-biyungmu, marga kowe arêp dakpatèni. Akasa ngibarat: bapa, pratiwi ngibarat: biyung.

Tingal. 1 Malik tingal Bs = nyelaki kayakinane, uga atêgês: mari sêtya olèhe suwita, mbalik ngiloni mungsuh. 2 Olèh kadang ing tingal Br = olèh wanita sing agawe panujuning ati. 3 Têrus ing tingale Br = waskitha, sidik, wêruh sadurunge winarah. Mbuwang tingal Br = mlerok amarga ewa. 5 Mbalang tingal Br = mbalang liring, nandukake ulat sagêbyaran karo mèsêm minangka sasmita tandhaning sih-trêsna.

Tolèh. Mandhêg-tumolèh Pt = mandhêg-mangu, gojag-gajêg, kuwatir mbokmanawa ana bêbaya.

Ulat. 1 Ulat bêning lêri Sn. = suntrut, ora katon bingar. 2 Angon ulat ngumbar tangan Pb = maspadakake ulate wong ditangguh limpène nêdya dikutil barange. 3 Ana daulate ora ana bêgjane = ana ungup-ungupe bakal olèh kabêgjan, nanging kabêgjan iku ora sida tumêka. (Daulat = ungup-unguping kabêgjan). 4 Daulat bêcik Pt = bakal olèh kabêgjan. 5 Kurang ulat Pt = kurang wêweka. 6 Ulat madhêp ati karêp Pt = atine wis kêpengin, tur dhasar wis lawas pangarêp-arêpe. 7 Pasang ulat Pt = ngatonake ulate supaya dingrêtèni manawa ora sênêng. 8 Ajèr ulate Et = katon bingar (sênêng). 9 Diulati ala Pt = diplêruki. 10 Mulat tenge Kw = kapitontonên amarga kangên. 11 Diulat-ulatake Pt = diwaspadakake sapari-polahe. 12 Cahya Mulat Pd = cahya sing tiba ing kaendran banjur pêcah dadi widadari 7, yaiku: Supraba, Gagarmayang, Wilutama, Irimirim, Warsiki, Surendra, Tunjungbiru. 13 Mulat salira = nintingi dhiri pribadi supaya wêruh marang pribadinesing njalari bisa wêruh marang Pangerane. l4 Arane polatan: Tajêm (satêmêne agêtês landhêp = antêng sajak mikir. Rêgu = arang cêlathu sêmu angkuh. Sumèh = yèn gunêman kaworan èsêm. Jatmika = antêng ing lair têrus batine. Njêlalat x tajêm. Sirung = polatane katon pêtêng. Njênggurêng x sumèh. Jinêm = antêng jatmika. Njabrut = mrêngut sêmu mêcucu. Klicutan = ulate wong kuwirangan.

Ungak. 1 Ungak-ungak pagêr arang Bs = injên-injên nêdya njupuk baranging liyan. Utawa:njajagi kapintêran utawa kasugihaning liyan. 2 Wis ungak-ungak kubur = wis mèh mati.

Upaksi. 1 Niru upaksi Pb = ora wêruh dhewe, ngrêtine marga dikandhani liyan. 2 Krêti minangka upaksi Pb = pakarti minangka dadi tandha-yêkti.

Wêruh. 1 Wêruh cos walang-tatune Pb = wêruh tibane gêgaman sing njalari anane raja-tatu utawa raja-pati. 2 Wêruh cipta durung ana Br = waskitha, wêruh sadurunge winarah. 3 Ora wêruh alip bengkong Pb = wuta-sastra Arab; yèn wuta-sastra Jawa ditêmbungake: ora wêroh pa pincang. 4 Ora wêruh marang wong-tuwa Pt = ora mikir uripe wong-tuwa, wêgah têtulung. 5 Weruh ing grubyug ora wêruh ing rêmbug Pt = melu ombyake wong akèh, nanging ora ngrêti maksude. 6 Ora wêruh tata-krama Pt = diksura, kurang ajar.

Wuta. 1 Wuta-sastra = ora bisa maca lan nulis. 2 Wuta tanpa krama Pb = kelangan apa-apa ing wayah bêngi ora rêpot marang sing kawogan. 3 Mutatuli Pt. = ora mraduli apa-apa (nekad).

XVII IRUNG

Dasanama: 1 Irung = grana, nasika, parsana. 2 Ambêkan = napas, niswasa, uswa, uswasa.

Darwane irung: Mbangir = sêdhêngan gêdhene, pucuke sêmu lancip. 2 Nyunthi = cilik awangun apik. 3 Tèsèk = pèsèk, pucuke têmpak. 4 nyêprok = pucuke gêdhe. 5 Dhêmpok = gêdhe nanging pèsèk. 6 Nyêngar = sajak njêgrag. 6 Rungih = cilik mbangir. 7 Ngudhup mlathi = kaya kudhup mlathi = sêdhêngan gêdhene, luwês wangune lan mbangir.

Ambêkan. 1 Unjal ambêkan = nyêdhot napas. 2 Ngêngkên ambêkan = ora ambêkan sawatara suwene.

Ambu. 1 Ambunên sikutmu, mambu apa Pt. = elinga marang cacadmu dhewe. 2 Mambu ati Pt = wanita krasa yèn diêsir dening priya utawa kosokbaline. 3 Ora mambu bocah Pt = ora mèmpêr bocah (solah-tingkahe, kasênêngane lsp.). 4 Oramambu wong lanang Pt = ora mèmpêr wong lanang; utawa: wanita sing durung kêgêpok wong lanang. 5 Ora mambu wong wadon Pt = wanita sing ora mèmpêr wanita; utawa priya sing durung tau gêgêpokan karo wanita. 6 Ora mambu wong Jawa Pt = ora mèmpêr manawa wong Jawa (sabab ora ngrêti babar-pisan marang kabudayan Jawa). 7 Ora mambu sêga-jangan Pb = ora mambu enthong-irus = wong liya, dudu sadulur. 8 Momor sambu Pb = têlik sing momor mungsuh lan melu salaku-jantrane. 9 Mambu kulit-daging Pt = isih kaprênah sadulur. 10 Mambu dhêm Pt = wis ora angêt (rada kasèp nganti adhêm).

Amis. 1 Dewi Rara Amis Pd = Dewi Durgandini, uga pêparab Gandawati, Sayojanagandi, Sêtyawati, garwane Palasara, sadulure Prabu Durgandana ing Wiratha. 2 Yèn ana amis-bacine Pb = manawa nuju nêmoni ora kapenak.

Aras. 1 Aras kêmbang Pt = gampang tampa sihing panggêdhe. 2 Ngaras pada Br = nyêmbah. 3 Pangarasan Ki = pipi.

Arum. 1 Arum-manis = arane panganan. 2 Jênênge arum Et = misuwur bêcik. 3 Ngêndika arum Et = ngêndika alon amanis. 4 Sintên sinambut ing rum Br = sapa jênêngmu. 5 Sang Abimanyu rum-arum Br = kêkasih Sang Abimanyu, asma Sang Abimanyu. 6 Jinêm-rum Kw = jinêm-mrik, jinêm-sêkar, jinêm-sari, jinêmwangi, paturon apik (angganda wangi, sinêbaran kêmbang). 7 Sang arum = sang putri.

Bacin. 1 Lênga bacin = lênga saka ampasing parudan krambil sing diwayokake nuli diêpe banjur digiling. 2 Idu bacin = idu ing wayah esuk bakda tangi turu. 3 Bacin-bacin iwak = ala-ala sanak, manawa ana sangsarane iya ora têgêl.

Jingus. Kapok-kawus dijingus wong ora urus Pt = wong wadon palanyahan digarap priya ugal-ugalan tur ora diwèhèni dhuwit.

Ganda. 1 Gandane arum jamban Sn. = bangêr bangêt, bacin bangêt lsp. 2 Gandamana Pd = putrane Gandabayu ratu ing Cêmpala, utawa: ipene Prabu Drupada ing Cêmpala. 3 Manaduganda Kw = manadukara, mangayubagya, jumurung. 4 Ngèksiganda Kss = Mataram Yogyakarta. 5 Nuwilaganda Bs = nyanak-nyanak marang wong gêdhe. 6 Durniti ganda rasa Bs = olèh ganjaran saka tindake kang nistha, kayata: ngaturake (madulake) alaning liyan marang panggêdhe banjur diparingi ganjaran. 7 Ganda kentir sêmune liman pêpeka Pl = pralambange Sri Pamêkas ing Pajajaran (Prabu Silihwangi) dilabuh dening Siyungwanara, amarga saka kurang wêweka. 8 Gandawati = rara Amis.

Grana. Grana rungih pindha kêncana pinatar Cd = mbangir kaya mas digosok nganggo patar.

Irung. 1 Anggêr irung Pt = kabèh wong. Dawa irunge Pt = kisinan, kêcelik. 3 Ora gêmbung ora irung Pt. = mlarat bangêt lan ora nduwèni kaluwihan apa-apa. 4 Aksara irung = na nya, ma, nga.

Napas. 1 Mêgêng napas Pt = ngêngkên ambêkan. 2 Jaran napas = jaran ulês klawu sulak kuning. 3 Napase sêsêk = angèl ambêkane.

Uswa. Banjutên uswa kawula Br = (Dhuh dewa) aku bêcik patènana bae.

Wangi. 1 Banyuwangi Bb = arane panggonan (kutha) nalika Brawijaya-wêkasan mbukak bumbung kang isi banyu, banyune ngganda wangi; kosok-baline Bangêrwarih (Probolingga) = arane panggonan nalika Brawijaya-wêkasan mbukak bumbung kang kapindhone, banyune ngganda bangêr (Buku Darmagandhul). 2 Julungwangi = arane wuku sing kasanga. 3 Silihwangi Bb = asmane Ratu Pajajaran. 4 Wêwangi Br = pêparab, jêjuluk, têngran, sêsilih, asma. 5 Glagahwangi = Dêmak, Bintara.

 

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: