RSS

Cangkem – Gulu

XVIII. CANGKÊM, LAMBE

Dasanama: 1 Cangkêm = lesan, tutuk, nana, waktra, cocot (kasar). 2 Lambe = lathi, bibir, kalpija. 3 Aksara lambe: ma, wa, ba, pa

Pakartine cangkêm: angop, antop, sêgu, mingkêm, mangap, nylongop, ndongong, njomblong lsp.

Pakartine Lambe: 1 Mèsêm = obahe lambe ajêg mingkêm, yèn obahe sathithik diarani mèsêm-pêndhêm. 2 Mèncêp = mènjêp, lambe ngisor nêkuk sasisih pratandha ewa. 3 Ngêprèti = ngobahake lambe nganti ana swara “prèt” pratandha ora ngandêl. 4 Nyawêti = ngawêt, lambe ngisor nêkuk lan mepet[4] untu (mripate manthêlêng). 5 Mlêcu = lambe ngisor-dhuwur dicucuthake (pratandha gêla sêmu muring).

Wangune lambe: 1 Dhamis = ngisor-dhuwur sêdhêngan lan gathuk trêp. 2 Gugut = lambe dhuwur cupêt (janggute rada kaduk dawa). 3 Nggandhul = lambe ngisor luwih sathithik. 4 Dongos = lambe dhuwur numpang lambe ngisor. 5 Ndomble =

lambe ngisor kandêl lan nggandhul, gusine katon. 6 Nyoro = lambe rada mucut. 7 Kokop = pojoke lambe ana tilase pathèk. 8 Nyigar-jambe = sêdhêngan gêdhene lan ngisor-dhuwur padha kandêl-tipise. 9 Nggula satêmlik = tipis adhamis.

Angop. Digêtak angop Bs = didhawuhi nindakake pakaryan (dening panggêdhe) kanthi dadakan.

Antop. 1 Ora antop ora sêgu Pb = ora nywara apa-apa. 2 Antop-sêgu pindha gludhug sèwu Pp = sêru bangêt (danawa).

Esêm. 1 Esême pait madu Cd = manis bangêt. 2 Akèh sing ngèsêmi Pt = sing nggêguyu (ewa). 3 Mèsêm pêndhêm = mèsêm sathithik bangêt.

Gondhang. 1 Keyong gondhang = keyong gêdhe. 2 Keyong gondhang jarak sungute Pl = Jaka Tingkir, asale saka ing papan sing akèh umbule (banyune) yaiku ing Pêngging, bisa jumênêng Ratu (ing Pajang). 3 Gondhang-gandhung – padayantra, pit. 4 Gondhang-kasih = anak loro seje pakulitane, kayata: sing siji bule, sijine cêmani (Kakrasana karo Narayana). 5 Pitik gondhang = mawa ulês kuning sêmu klawu. 6 Dibuwang ing kali gondhang Bld – dipangan. 7 Logondhang = arane lagu Sinom.

Guyu. 1 Digêguyu ing wong Pt = diewani ing wong. 2 Nungsung guyu Br = mêthukake karo sêmu mèsêm. 3 Geguyon parikêna Pb = darbe pangarah panêmbunge kanthi sêmbranan, sajak api ora, sajatine têmênan (Sêmbrana parikêna). 4 Gêguyon dadi tangisan Pt. = ing sakawit mung guyon bae, suwe-suwe dadi kêrêngan. 5 Ngguyu tuwa Bld = nangis.

Lambe. 1 Lambe-dang Pp = kaya lambening dandang, yaiku rada ndowèr. 2 Lambe satumang kari samêrang Bs = wis kêrêp mituturi, sing dipituturi mêksa ora manut-miturut, ora marèni. 3 Lambe-gangsa = congore rajakaya kang pating cringih (kêbo, sapi). 4 Lambe-gajah = perangane wilahan kêris sandhing kêmbang-kacang. 5 Dadi kêmbang lambe Pt = tansah digunêm. 6 Kanggo abang-abang lambe P. = mung dianggo ulas-ulas, ora têmênan. 7 Enthèng lambene Et = tipis lambene = sênêng nyatur liyan. 8 Wis kêcêkêl lambe-atine Pt = wis bisa mêruhi ma, wa, ba, pa.

Lathi. 1 Dados sêkar-lathi Pt = dados ginêm. 2 Lathi manggis karêngat Cd = abang, kaya abange manggis dibênthèt. (Rêngat = bênthèt, tumrap ati atêgês: sêrik). 3 Waja gathik kumêdut padoning lathi Cd = untune gathik, padone lambe kêdut-kêdut (marga nêpsu bangêt).

Cangkêm. 1 Cangkêm gatêl arang mingkêm Pt = sênêng nyatur alaning liyan. 2 Cangkêm karut Pt = nggragas, apa-apa doyan. 3 Cangkêm rusak, godhong jati krasa opak Pt = sanadyan barang sing pancène ora pantês dipangan mêksa dipangan. 4 Cangkêm palung Pt = drêmba bangêt. (Palung = arane iwak sagara). 5 cangkêm kêmalan Pt = cangkêm sing kaya kadunungan mêmala (cacad), yaiku kakehan omong, bêngak-bêngok lsp. 6 Cangkêm cucud dadi cacad Pt. = kêrêp ngucapake têmbung sing ora prayoga dadi cedha. 7 Kakehan cangkêm Pt. = kakehan gunêm, tansah gumrêmêng. 8 Cangkême urab-uraban Pt = sênêng ngunèn-unèni nganggo têmbung saru. 9 Cangkêm lucu Et = ora kêna dipracaya gunême. 10 Udhu cangkêm Pt = mung melu mangan thok, tanpa urun wragad. 11 Tuwas wis dadi cangkêm jêbul tanpa guna Pt. = tuwas wis dirêmbug gayêng jêbul ora apa-apa, tanpa paedah. 12 Jarite suwèk nyangkêm kodhok Pt = awangun maju-têlu.

Cêthak. 1 Pait nyêthak Pt = pait bangêt, prasasat krasa (lèngkèt) ing cêthak. 2 Dak-untal malang mangsa ngambaha ing cêthak Br = dak untal malang akanthi gampang. 3 Aksara cêthak = aksara Jawa: ca, ja, ya, nya.

Cocot. Pêrang potlot, pêrang cocot, pêrang otot Ks = padu rêgêjêgan nganggo layang, padu adu-arêp, gêlut (ngadu karosan, pêrang têmênan).

XIX. UNTU, ILAT

Dasanama: 1 Untu = dênta, danta, waja. 2 Siyung = jatha, saradala, jêthis. 3 Ilat = lidhah, jihwa. 4 Ompong = gutuk, guguh, dhaur. 5 Pangur = pasah, kêthik.

Dhaut. Lênggahan dhautan Ki = lênggahan (jagong) bayèn mbênêri wêktu puputan (slamêtan).

Dênta: 1 Kartil dênta Kw = ambèn pasarean sing digawe untu gajah (gadhing). 2 Nggêndhewa dênta Cd = candrane tangan kang pakulitane kuning-gadhing. 3 Payudarane muyuh dênta Cd = susune nyêngkir-gadhing. 4 Dêntawilukrama Pd = putrane Wibisana kang jumênêng Ratu ing Singgêla jêjuluk Prabu Bisawarna. 5 Dênta-wyanjana Ks = satêmêne atêgês aksara untu, nanging banjur mingsêd atêgês: carakan, yaiku urut-urutane aksara Jawa wiwit saka ha têkan nga kèhe ana 20.

Jatha. 1 Jathasura Pd = punggawa ing Guwakiskêndha, ratune asma Maesasura, patihe Lêmbusura. 2 Trijatha Pd = putrane Wibisana, kagarwa Kapi Jêmbawan ing Gandamadana pêputra Dèwi Jêmbawati.3 Parijatha Kss = arane lagu têmbang Sinom, lumrahe mawa laras slendro.

Grêgêt. 1 Grêgêt-saut Pt = tandang-grayang. 2 Grêgêt-grêgêt suruh Pt = nêpsu, nanging ora kêwêtu.

Guguh. Macan guguh Bs = wong gêdhe, sanadyan wis ilang panguwasane mêksa isih katon mêdèni. 8 Lunyu ilate = gunême mencla-mencle.

Ilat. 1 Dodol-ilat Ks = dhêmên omong goroh ngayawara. 2 Ilat-baya = arane wit bangsane cocor-bèbèk. 3 Midak ilat Pt = kurang ajar, ora ngajèni. 4 Mati ilate Et = ora bisa ngrasakake panganan. 5 Mogel ilate Pb = kêrêp mêmangan kang sarwa mirasa. 6 Dawa ilate Pb = sênêng golèk pangalêmbana mêmadulake alaning liyan. 7 Aksara ilat = aksara Jawa: ra, la, dha, nga.8 Lunyu ilate = gunême mencla-mencle.

Kêthik. Gawene mung kêthik kênaka Pt. = mukti bangêt, ora tau nyambut gawe abot.

Lidhah. 1 Lidhah gangsa = ilate raja-kaya kang pating cringih. 2 Lidhah sinambung Bs = karna binandhung = pawarta kang timbal-tumimbal.

Pangur. Gêdhe-dhuwur ora pangur Pb = wis diwasa durung ngrêti tata-krama.

Siyung. 1 Siyungwanara Bb = putrane Ratu Pajajaran kang nyedani Sang Prabu Sri Pamêkas. 2 Ngatonake siyunge Pt = nuduhake panguwasane (kêkêndêlane). 3 Siyunglaut = Adipati Blambangan sing dhawuh ndhusta kêris Ki Sangkêlat. 4 Jêruk sasiyung = saajar.

Waja. 1 Kêthik waja Ki = pasah, pangur. 2 Saking bangête nggêgêt waja, kêcoh marus ariyak ludira Cd = untune gathik bangêt nganti mêtu gêtihe, idu lan riyake mawa gêtih. 3 Waja mêngês-mêngês manglar kombang Cd = untune irêng nglaring kombang (marga sisig).

Untu. 1 Nggêtêm untu Pt = nggêgêt untu, pratandha muring utawa nêpsu. 2 Untu gêlap = unton-unton dalan sêpur (Indonesia: jalan kereta api bergerigi). 3 Jagung sauntu = jagung saêlas. 4 Nguntu walang Pp = kaya untu walang, rênggêt-rênggêt. 5 Nggantung untu Pt = wis kêpengin bangêt mêmangan. 6 Kêrot tanpauntu Bs = darbe panjangka ora duwe srana (wragad). 7 Aksara untu = aksara Jawa: na, ta, sa, da.

XX. GULU

Dasanama: Gulu = jangga, tênggak, lèhèr, lungaya (lungayan).

Jangga. 1 Wilahan jangga = wilahan gulu, tumrap gamêlan slendro sadhuwure wilahan Barang, yèn gamêlan pelog sadhuwure wilahan panunggul utawa wilahan bêm. 2 Tiba jangga = (tumrap dolanan pei) tiba nomêr loro. 3 Manglung jangga Br = têgêse lugu, ngulungake gulu, maksude: nungkul, têluk. 4 Katigas sumangga jangga Br = sanadyan arêp dipatèni sarana ditigas gulune, manut.

Gulu. 1 Gulu-ancak = gulune kewan-iwen ing perangan ngisor. 2 Gulu-banyak = gagange kêmbang gêdhang; bisa atêgês: gulu sing kaduk dawa. 3 Gulu janjang = gulu dawa nanging luwês. 4 Gulu nglunging gadhung Cd = gulu janjang sêmu mayuk mangarêp. 5 Gulu ngulan-ulan Cd = janjang. 6 Gulu kokok = kêncêng lan ngotot katon sêntosa. 7 Gulu gondhokên = gêdhe mawa lêlara, mblêndhuk lan êmpuk. 8 Anak pangulu = adhi pambarêp, kosok-baline: sumêndhi = kakang wuragil. 9 Gulune dirangkul gapyuk = dirangkul rêrikatan marga bangête sih-trêsna. 10 Pacak gulu = nglenggokake gulu (nalika njogêd). Gulu mênjing = kala mênjing, pungkasan gurung kang njêndhol. 12 Panèn mata pailan gulu Pb = sumurup pêpanganan warna-warna sing sarwa enak mirasa, nanging ora mèlu mangan (ora diwènèhi). 13 Dilakoni nêkak gulu Pt. = dilakoni nalèni gulu, direwangi kurang mangan (dhuwite dianggo ngragati panjangkane).

Kisas. Diukum kisas = diukum pati, lumrahe sarana ditigas gulune (dening singanagara).

Lênggak. 1 Lênggak-lênggak = tansah tumungkul atolah-tolèh. 2 Nglênggak = ndhangak karo nolèh. 3 Kalênggak = gulune lara marga nglênggak.

Lungayan. Rinangkul lungayanira Kw = dirangkul gulune.

Tênggak. 1 Ditênggak = diombe karo nglênggak, wadhahe utawa cucuking wadhahe ora kêgêpok ing lambe. 2 Panênggak = panggulu, anak nomêr loro. 3 Nênggak waspa Kw = ngêmbêng luh, rawat waspa.

Tigas. 1 Gulune ditigas pancing Pp = dikêthok mayat sapisan têrus tugêl. 2 Jarit sing tigas = anyar. 3 Tigas kawuryan Br = anyar katon, durung tau sumurup, durung têpung. 4 Tigas gagang Pt. = bakda diênèni têrus diêdol (tumrap pari). 5 Katigas sumangga jangga, kajonjang sumangga asta, katuwêk sumangga jaja = manawi badhe katigas gulu kula, kakêthok tangan kula utawi kacublês dhadha kula, sumangga.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: