RSS

Kulit-Uteg

XXIV. KULIT, DAGING

Dasanama: Kulit = walulang, wacucal, carma, kusika. Guluh = bolot, dhangkal, rêrêgêd sing tumèmplèk ing kulit.

Bolot. 1 Kulite kokot-bolotên Pt = akèh bangêt guluhe, katon rêgêd bangêt. 2 Ngadhêp cèlèng bolotên Bs = sêsrawungan karo wong awatak ala.

Busik. 1 Tan busik Kw = ora tata sathithik-thithika. 2 Adol lênga kari busik Bs = dundum barang, awake dhewe ora kêpanduman.

Daging. 1 Kumêd daging Pt = ora bisa lêmu, sanadyan ora kurang mangan. 2 Nitipake daging saêrêp Pb = têtêmbungan kang lumrah diucapake dening wong kang masrahake anake wadon marang wong lanang kang ngalap bojo. 3 Mêwahana ratdaging kayuwanan Br = (pangèstunipun gusti) ndayanana indhaking urat lan gading (maksude: kêkuwatan) tuwin kawilujêngan. (Kayuwanan = ka + yuwana + an = kaslamêtan, karahayon). 4 Kêdagingan Pt = kêtaton nganti kiris têkan ing daginge.

Dhèndhèng. 1 Maling dhèndhèng Bs = nyidra asmara. 2 Kucing sandhing dhèndhèng Bs = priya kumpul karo wanita ora wurung gampang tuwuhe pakarti kang kurang prayoga.

Jangêt. Jangêt kinatêlon Pb = pirukunan kang sêntosa bangêt. Ing jaman biyèn ana pirukunan kang diarani “Jangêt kinatêlon”, yaiku pirukunan (pakumpulan) kang diêdêgake dening R. M. Suwardi Surjaningrat (Ki Adjar Dewantara), Dr. Tjiptamangunkusuma lan Walanda-Indo aran Douwes Dekker (Setyabudi). Jangêt = tali sing digawe saka walulang.

Gajih. 1 Nggajih = akèh gajihe (marga lêmu). 2 Mênangi gajih Pb = mênangi kapenake, ora melu nglakoni rêkasane.

Kulit. 1 Kulit-ayam = kulit kang tipis bangêt (lapisan kulit kang dhuwur dhewe). 2 Gêdhèg kulitan = gêdhèg saka kuliting pring, kosok-baline: gêdhèg atèn-atèn. 3 Kandêl kulite Pb = kandêl kupinge = ora idhêp isin. 4 Isih mambu kulit Pb = isih kalêbu sadulur. 5 Mitra kinulit-daging Pb = mitra kang wis manjing dadi sadulur. 6 Wayang kulit = wayang walulang, wayang sing digawe saka walulang, kayata wayang Purwa.

Lulang. 1 Pindhang lulang Ws = krècèk (ukara candhake lumrahe muni: kacèk apa aku karo.. ). 2 Kêkudhung walulang macan Bs = nganggo aling-aling wong sing nduwèni panguwasa (sêngadi diutus didhawuhi lsp.), supaya bisa kalêksanan sedyane. 3 Dagang lulang bolong, dhuwite kumrompyong, dagangane ora kalong Pt = têtêmbungan kang dianggo nyênyamah wong wadon palanyahan utawa lonthe (Indonesia: perempuan lacur).

Mayang. 1 Disêndhal mayang Pd = dicabut nyawane dening dewa kanthi dadakan, kayata: Pandhudewanata. 2 Mayangkara = Bagawan Kapiwara, yaiku jêjuluke Anoman sawise mbêgawan, barêng wis tuwa..

Carma Ngagêm trumpah madukacarma Pd = mawa trumpah saka walulang. Madukacarma = am + paduka + carma = têmbung iku satêmêne wis atêgês: mawa trumpah walulang. Paduka = trumpah.

XXV. RAMBUT, WULU,LAR

Dasanama: Rambut = rema, wèni, kesa, roma, sinom, jatha (uga atêgês, siyung).

Atêgês rambut (mawa rambut utawa wulu): Alis (imba) sadhuwure mripat. 2 Idêp (ibing) ing tlapukan. 3 Sinom (weni) ing dhuwur bathuk. Yèn sing cêndhak-cêndhak jênênge kêtêp. 4 Lungsèn = rambut ing sadhuwure bathuk gadhuk karo gêlung (sing mawa lungsèn kayata Janaka). 5 Athi-athi ing sandhing kuping. 6 Brêngos ing sadhuwuring lambe. 7 Godhèg ing pipi. 8 Cambang sing ngêbaki pipi. 9 Jenggot ing janggut. 10 Wok ing tênggok (sangisore janggut). 11 Simbar utawa bris ing dhadha. 12 Ingus ing sajrone irung. 13 Jêmbut ing pawadonan utawa planangan. 14 Kèlèk ing cangklakan. 15 Wulu-puhun utawa wulucumbu ing jêmpol sikil. 16 Wulu-kalong utawa wulu-langsêp, wulu lêmbut alêmês. 17 Wulu-sètan, rambut (wulu) sing dununge manjila. 18 Brewok = godhèg kêtêl dawa. Wangune gêlung. 1 Kondhe = gêlung lumrah (wanita Indonesia sing akèh-akèh agêlung kondhe). 2 Têkuk = gêlung sing mung ditêkuk bae, pucuke dislêmpèdake ing poking rambut. 3 Kadhal-mènèk = gêlung-têkuk sing pucuke dislêmpèdake ing jungkat. 4 Gêlung bungkus = gêlunge wanita Tionghwa. 5 Gêlung bokor = gêlunge pangantèn. 6 Gêlung Ciyodha = gêlung loro (wanita Pasundhan). 7 Gêlung federal = gêlung bundêr ing têngah bolong. 8 Gêlung pare karantan = gêlung sing pucuke diklèwèrake.

Gelung wayang: 1 Gêlung kêkêling = kaya gêlunge wong Kêling, kayata gêlunge Puntadewa. 2 Gêlung minangkara utawa gêlung supit-urang = gêlung kang wangune kaya angganing urang diplêngkungake, kayata gêlunge Janaka. (Minangkara = minangka + sêsêlan in. Mangkara Kw = urung). 3 Gêlung gêmbêl = mlêngkung kaya gêlung minangkara, nanging ing têngah rapêt akêkêt, ora bolong kaya gêlung minangkara, kayata gêlunge Jayadrata.

Alis. 1 Dangir alis Pt = kêrik alis, digawe supaya wangune bisa nanggal sapisan. 2 Alis nanggal sapisan Cd = njlirit kaya wangune rêmbulan nuju tanggal siji (sasi Jawa). 3 Wêlas tanpa alis Pb = iku paribasan sing wis kêlantur, bênêre muni: wêlas têmahan lalis = wêlas marang liyan kang wusanane agawe kasangsarane. 4 Alise ngroning imba Cr = kaya ron imba, tipis anjlirit. 5 Alis nyingkal Cd = kaya singkal, yaiku alis sing kandêl bangêt. Singkal = peranganing wluku sing ditancêbi kêjèn). 6 Ngincangake alis Pt = ngobahake alis (obahe mandhuwur). 7 Kêgiwang kincanging alis Pt = kêpencut mêmanising wanita. 8 Tikêl alise Pt = gathuk alise kiwa lan têngên, amarga nêpsu. 9 Mung saalis Pp = mungsajlirit, cilik bangêt, upamane tumrap iris-irisan jênang. 10 Mawa sipat alis = nganggo pulas irêng ing alise (sing digawe saka mangsi bak utawa cêlak).

Athi. Athi-athi ngudhup turi Cd = kaya kudhuping turi, yaiku mlêngkung mamburi (pucuke lancip).

Brêngos. 1 Brêngos kêtogan = brêngos cêndhak ora ngrêsêpake. 2 Brêngos nglalêr mencok Pp = cêndhak ngrêsêpake, kayata brêngose Hitler. 3 Brêngos caplang (capang) = dawa nylakênthang lan kêtêl, kayata brêngose Stalin. 5 Brêngos njlêkèthèt = cilik (tipis) anyênthang, kayata brêngose Sêtyaki. 5 Brêngos ngawêt = mayuk mangisor lambe. 6 Ngawêt brêngose Et = kisinan, kuwirangan. 7 Brêngos ngulêr kèkèt = kaya ulêr kèkèt, kayata brêngose Wrêkudara. 8 Brêngos ula-nglangi = kaya ula nglangi, kayata brêngose Dursasana. 9 Brêngos kèplèh = ora njêgrag, pucuke sèngklèh. 10 Kèplèh brêngose Et = kisinan, kuwirangan.

Jambul. Kongsi jambul-wanên Pt = nganyi tuwa bangêt (Têgêse lugu: jambule wis mêtu uwane).

Jenggot. 1 Jenggot nyanthuk = jenggot kang pucuke mayuk mangarêp. 2 Sambêl jenggot = sambêl parudan krambil. 3 Bubut-bubut jenggot Pt = ora tau nyambut gawe abot, kapenak bangêt uripe. 4 Nadyan akeh kawulaningsun kang sakêpêl sisih rawise, pinangku jenggote Pd = sanadyan kawulaningsun akèh kang wis tuwa lan jalaran saka tuwane iku wis sugih pangalaman … (Ukara iku lumrahe isih ana têruse kang surasane ngalêmbana marang wong sing dijawawansabda Sang Prabu).

Gombak. 1 Ora gombak ora kuncung ambêke kaya tumênggung Pt = mlarat lan ora nduwèni kaluwihan apa-apa, nanging ladak bangêt. 2 Radèn Ajêng Gombak = putrane putri bupati Kêdhiri sing kagarwa Bagus Burham (Pujangga Ranggawarsita).

Idêp. 1 Idêpe angisi Pp = kaya kisi, wuluning idêp gêdhe-gêdhe lan dawa-dawa bangêt. Kisi iku praboting tênun piranti sing dianggo ngikal bênang, gêdhene watara sadriji, dawane 2 dm. 2 Idêp mangada-ada Cd = njêgrag, marga nêpsu. 3 Idêp tumêngèng tawang Cd = pucuke mlêngkung mayuk mandhuwur, uga sok ditêmbungake idêp ngêtonggèng. 4 Paku idêp = paku kang cilik bangêt.

Kuncung. 1 Sata kuncung Ws = mêrak. 2 Kuncung nganti gêlung Pb = wiwit cilik nganti tumêkane diwasa (tuwa). Jaman biyèn kabèh bocah lanang kuncungan, manawa wis diwasa banjur gêlungan; yèn ikêt-ikêtan gêlunge banjur dadi mondholan.

Lar. 1 Lar panjawat = lar gêdhe ing swiwi. 2 Ngêlar kombang Pp = kaya êlar kombang, yaiku warnaning untu kang disisig (banyon). 3 Ngêlar gangsir Pp = kaya lar gangsir, mawa sêrat gêdhe-gêdhe (tumrap klobot). 4 Nggajah êlar Pb = kumlungkung, nglairake gak-kêdugane. 5 Bisa mabur tanpa lar Pd = bisa njumantara (Gathutkaca). 6 Gagak nganggo laring mêrak Bs = wong cilik sing uripe, panganggone lsp kaya wong gêdhe. 7 Tautate ngrupak jajahaning mungsuh, ngêlar laladaning rowang Br = wis tau nêlukake mungsuh lan nagarane diaturake marang gustine (muwuhi jêmbaring laladane gustine). 8 Kinêbutan ing lar badhak Pd = dikêbuti nganggo tepas gêdhe sing digawe saka laring mêrak. 9 Gangsire manglar = wis mêtu êlare, wis mawa lar. 10 Pêdhang ngêlar walang Pp = kaya lar walang, pucuke lancip. 11 Pêdhang ngêlar bango Pp = kaya lar bango, pucuke ora patia lancip.

Lancur. Samba lêlancure praja Dwarawati Br = Samba têtunggule wong ing nagara Dwarawati, sing bagus dhewe.

Rambut. 1 Rambut nyambêl wijèn Pp = pating plêlik sêlap putih. 2 Rambute wis mabluk Pt = wis akèh bangêt uwane (wis tuwa). 3 Rambut bajang Pt = rambut sing wiwit lair durung tau dicukur; samangsa dicukur, panyukure nganggo upacara. 4 Kumrambut = wis mèh kênthêl (tumrap kilang sing digênèni arêp digawe glali utawa gula). 5 Ora nggrantês sarambut pinara pitu Br = babar-pisan ora sêrik ing ati. 6 (Rambut) jumambak manak, jumêbêng mêtêng Pb = wong wadon kang drêman bangêt, sugih anak. Sabên rambuting anake wayah jumambak duwe anak manèh, nalika rambuting anake jumêbêng wiwit mêtêng. (Jumêbêng = ngarêpake jumambak). 7 Tapa wuda sinjang rambut Pb = patrape tapa Nimas Ratu kalinyamat (putrane Sultan Trênggana sing kagarwa Pangeran Hadiri Bupati ing Kalinyamat).

Rema. 1 Rema mêmak ngandhan-andhan Cd = rambut lêmês akêtêl sarta mêndhak-mêndhukul ngombak banyu. 2 Datan nggrantês sarema pinara sasra Pp = babar-pisan ora sêrik ing ati. 3 Rema ngêmbang bakung Cd = kaya kêmbang bakung.

Simbar. 1 Simbar jaja wulu-wawar Cd = dhadhane mawa wulu dawa-dawa. 2 Simbar jaja pan kadya walingi Cd = wulu ing dhadhane gêdhene sawlingi-wlingi; wlingi iku bangsa sukêt sing tuwuh ing rawa, gêdhene watara sadriji, dhuwure nganti 2 m.

Sinom. 1 Sinoman = wong nonoman sing dadi paladèn ing omahe wong duwe gawe. 2 Sinome micis wutah Cd = kaya picis wutah, yaiku pating kruwêl bundêr-bundêr ana ing bathuk. Picis =dhuwit kêthip saka slaka. 3 Sang lir sinom Br = sang putri, sang dèwi.

Wèni. 1 Wènikênya = arane lagu têmbang Sinom. 2 Mustakawèni Pd = putri ing Imaimantaka adhine Prabu Bumiloka, kagarwa Priyêmbadra putrane Janaka.

Wulu. 1 Wulu wawar = wulu sing dawa-dawa. 2 Wulu-dirga = wulu-mêlik, sandhangan wulu kang pamacane kudu dawa (ing sastra Jawa). 3 Wulu wêtuning bumi = kabèh pamêtuning bumi, kayata pari, palawija lsp. 4 Mawulu = arane paringkêlan kang kaping nênêm. (Arane Paringkêlan: Tungle, Aryang, Warukung, Paningron, Uwas, Mawulu). 5 Pitik trondhol dibubuti wulune Bs = wong sèkèng kêmalingan nganti êntèk-êntèkan; utawa: wong sèkèng diwajibake mbayar warna-warna, kêpêksa ngêdoli barang-barange nganti êntèk. 6 Atine mêtu wulune Pb = tuwuh drêngkine, panastène lsp. 7 Ora gigrig wulune salamba Pt = babar-pisan ora tatu. 8 Wulu-cumbu = abdi kinasih. 9 Wulu cumbu Madukara Ws = Sêmar, Garèng, Petruk lan Bagong. 10 Utange arang wulu kucing Sn = utange akèh bangêt, pirang-pirang ênggon. 11 Bubutana wulune kathik bisa mabur Ck = manuk bubut ana wulune (darbe wulu), manuk kathik bisa mabur. 12 Macan galak wulu badhak Ck = barongan.

XXVI. BALUNG, GÊTIH, SUNGSUM

Dasanama: 1 Balung = walung, tulang, asthika, dalêngka, tosan. 2 Gêtih = marus, rah, ludira. Adaini = bayu gêdhe, dalan gêtih ing gulu. Ngêtokake adaini = nandangi pagawean kanthi kamêmpêngan.

Balung. 1 Lunglit = balung + kulit = kuru bangêt. 2 Balung kuwuk = arane panganan sing digawe saka tela diêdang, diirisi, digorèng banjur digangsa. 3 Balung pêking Bs = wong sèkèng. 4 Canthang-balung = abdi-dalêm kalonthangan sing dadi lêlurahe tlèdhèk. 5 Kaya dilolosi balunge Br = ilang kêkuwatane, ngalumpruk tanpa daya. 6 Balung tinumpuk Bs = ngrabèkake anak lanang luwih saka siji bêbarêngan. 7 Ngumpulake balung pisah = njodhokake bocah sing isih kaprênah sanak murih rakêt olèhe saduluran. 8 Madu balung tanpa isi Bs = ngrêmbug prakara sapele nganti rêgêjêgan. 9 Mbalung usus Bs = kêkarepan kang kêndho-kêncêng; pêpindhane usus, yèn nuju warêg kêncêng amênthêng-mênthêng, nanging sadhela bae (ngêlih) banjur ngalumpruk, kêndho. 10 Wis rumasuk ing balung-sungsum Pt = wis manjing ing sanubari lan angèl ilange, kayata: kayakinan, katrêsnan lsp.

11 Wangsalan sing nganggo têmbung “balung” kayata: Balung pakèl, alok-alok huse (Pelok). Balung jagung, saguhku isih janggêlan (Janggêl). Balung janur, sapa jujur sida luhur (Sada). Balung krambil, trêsnane ethok-ethokan (Bathok). 12 Balunganing orah = kayu-kayu sing dadi raganganing omah. 13 Ora ana balung-rine Pb = ora gawe sumêlang apa-apa. 14 Titilaras balunganing lagu = titilaras (noot) lajêring lagu, tanpa cengkok (tumrap têmbang).

Gêtih. 1 Gêtih kalas = gêtih rêgêd, yaiku gêtihe wong duwe anak. 2 Gêtih matêng = gêtih kênthêl awarna abang-irêng. 3 Kêmatus gêtih = tansah (isih)ngêtokake gêtih ing salêbare duwe anak. 4 Tanah wutah-gêtih = tanah kalairan. 5 Takêr gêtih = takêr marus, takêr ludira = paprangan kang ngêtokake gêtih akèh. 6 Wêdi gêtih = ora wani gêtih = jirih. 7 Durung wêruh gêtih = durung nggarap sari, durung wêruh banyu, durung kèl. 8 Prabu Yudhisthira agêtih putih = suci panggalihe. 9 Ora nggêtihi Et = ora mbêbayani (tumrap mungsuh). 10 Gêtih cinelung balung cinandhi Pb = têtêmbungan kang lumrah diucapake samangsa wong sumurup raja-tatu utawa raja-pati. Cinelung = diwadhahi celung (cupu). 11 Gora gêtih nêmu riris Bs = wong misah wong kêrêngan ana ing pakarangane, wasana kêtaton (marga kêtaman gêgamane wong sing kêrêngan). 12 Ora nêdya gêlung manawa durung klakon kramas gêtihe Kurawa Pd = pratignyane Dèwi Drupadi, amarga wis tau digawe wirang dening Kurawa (Dursasana), yaiku nalika Pandhawa kalah main dhadhu karo Kurawa.

Otot. 1 Ngotot = rosa bangêt, kêncêng bangêt (awake). Entar: mathênthêng bangêt olèhe pêpadon, ora gêlêm kalah. 2 Otot kawat balung wêsi Pd = sarwa kêncêng sêntosa otot-balunge (Gathutkaca).

Sungsum. 1 Asungsum gêgala Pd = mawa sungsum jabung, dadi balunge saya atos. Digêgala = diisèni gala, diisèni jabung, maksude: diisèni kasêktèn, diwêlêg ing kawruh, supaya têguh-timbul lan wantêr atine. 2 Jênang sungsum = jênang glêpung bêras didèkèki juruh.

XXVII. UTÊG, ATI

Dasanama: 1 Akal = budi, budaya, nalar, reka, pikir, angên-angên. 2 Karêp = niyat, sêdya, karsa, kayun, maksud, esthi, cipta, praya, parasdya. 3 Ati = galih, tyas, nala, wardaya, kalbu, prana, manah. 4 Pintêr = wasis, nimpuna, widigda, baud, wignya, lêbda, limpad, kartiyasa, widura. 5 Wicaksana = waskitha, sidik, têrus ing tingale. 6 Bodho = gêblêg, pêngung,

pingging, mudha, dama, punggung, kumprung, jugul. 7 Bungah = sênêng, gêmbira, bingar, bigar, enggar, girang, lalita, harsaya, harsana, trustha, wijah. 8 Susah = rudita, rudatin, tikbra, manastapa, turida, sêdhih, kingkin, duhka, duhkita, rudah, kung (nahênkung), wigêna, sêkêl, galana, bunêk, wiyoga, wiyadi, sungkawa. 9 Lali = limut, limput, supe, kemêngan, klepyan, kêsupèn. 10 Kêsêngsêm = brangta, brangti, rimang, kasmaran, wulangun, wuyung, tura, gandrung. 11 Murka = angkara, kêthaha, loba, dhakah, srakah, ngangsa-angsa. tamak. 12 Isin = wirang, lingsêm, merang, mirong.

Akal. 1 Akal bulus Pt = cara ngapusi kang kurang julig, gampang dingrêtèni dening wong kang nêdya diapusi. 2 Akal koja Pt = cara ngapusi kang julig bangêt. 3 Merang akal karo okol Pt = kapintêran iku luwih mênang tinimbang karosan.

Angsa. Durga ngangsa-angsa Pb = wong kêthaha, wong angkara-murka.

Ati. 1 Lara ati Et = sêrik. 2 Agawe pinggêting ati Et = njalari sêrik. 3 Nggadho ati Et = njarag agawe sêrik. 4 Atine maras Pt = kuwatir, dhêg-dhêgan. 5 Atine mbêdhêdhêg Pt = mongkog bangêt. 6 Atine ngongkang Pt = gêla marga kacuwan. 7 Atine sangga-runggi Pt = sujana, kurang pracaya marang tindak-tanduking liyan. 8 Atine njêlu Pt = anyêl bangêt. 9 Atine êmpuk Et = gampang dijaluki. 10 Ngenaki ati Et = agawe sênênging ati. 11 Dhangan ing ati Pt = sênêng, lêga-rila. 12 Têrusing ati Pt = lair-batin, ora mung lêlamisan. 13 Woding ati Et = kêkasih, wong kang ditrêsnani bangêt. 14 Olèh ati Et = tampa sih, disênêngi. 15 Pèkên atine Et = ngudia supaya kowe disihi. 16 Pulung ati = lêgokan ing dhadha pênêr lan dununge ati. 17 Mungkar atine Et = banjur dadi mantêp bangêt. 18 Matêng ati Pt = sing matêng lagi ing jêro (tumrap wowohan). 19 Mulung atine Et = tuwuh rilane gêlêm mènèhi. 20 Nglunthung atine Et = têrus bae gêlêm manut-miturut. 21 Tinarbuka atine Et = olèh wêwêngan kang njalari bisa ngrêti marang bab kang maune dianggêp angèl. 22 Runtuh atine Et = tuwuh wêlase lan banjur gêlêm têtulung. 23 Atine lurus Et = jujur, ora gêlêm slingkuh. 24 Gumantung tuntunging ati Br = tansah kelingan (marang kêkasih). 25 Ati bengkong olèh oncong Pb = darbe sêdya ala olèh dalan prayoga. 26 Atine mêtu wulune Pb = tuwuh drêngkine, panastèn lsp. 27 Aja kaduk ati bela tampa Pt = aja kêjêron panggagase kang banjur tuwuh rasane sak-sêrik. 28 Kêgimir atine Pt =kêgiwang atine, kenyut dening pangiming-iming, marga sumurup barang apik, rupa ayu lsp. 29 Gumlêdhêg atine Et = mangkêl bangêt nganti kaya umob glêdhêg-glêdhêg lan kumudu-kudu mara tangan. 30 Dadi ati Pt = dadi pikiran, kêpêksa kudu tansah nggagas. 31 Mambu ati Pt = krasa yèn diêsir dening wong (tumrap wanita diêsir dening priya, yèn priya diêsir dening wanita). 32 Satru ati Pt = mungsuh mung ing batin. 33 Ulat madhêp ati karêp Pt = wis lawas olèhe kêpengin, lan ing batin tansah ngarêp-arêp. 34 Dahwèn ati opèn Pb = nglairake panacad marang barang supaya wong liya ngêmohi, prêlune nêdya dialap dhewe. 35 Kang dadi pandam-pandoming ati Br = kang gawe padhanging ati lan tuduh dalan kang tumuju marang panggawe bêcik. (Pandam = pêpadhang, diyan. Pandom = piranti tuduh keblat utawa wêktu). 36 Wis kêcêkêl lambe-atine Pb = wis disumurupi watak-wantune. 37 Entènana bolonging atine Pt = sabarna nganti têkan bombong atine. 38 Di ngati-ati = diprayitna, di wêweka. 39 Eyang-eyung atine Pt = miyar-miyur atine, ora kêncêng. 40 Entèk atine Et = ilang atine = kuwatir bangêt. 41 Mutungan atèn Et = kakon atèn. 42 Ala atine Et = ala watake. 43 Pêgêl atine Pt = anyêl, mangkêl. 44 Rudah ati Pt = susah. 45 Mlêtik atine Pt = gampang ngrêtine marang kawruh utawa ngèlmu, satêmah dadi pintêr. 46 Cilik atine = cilikan atèn = gampang wêdine. 47 Gêdhe atine Et = tatag. 48 Lamba atine = atine ora rangkêp Pt = kurang prayitna. 49 Punuk ati Bs = wong sing guru-alêman. 50 Nugraha ati kirda Bs = priya wèwèh apa-apa marang wanita liya (dudu sadulure dhewe) kanthi pangarêp-arêp supaya wanita mau tuwuh rasane sih-trêsna. 51 R.A. Patah Ati (utawa Rara Bêruk) = anake wadon Modin ing desa Matah sing kagarwa R. M. Said (Mangkunagara I). 52 Lobok atine = momot, sabar.

Batin. 1 Lair-batin Pt = ya laire ya batine, ora mung lêlamisan. 2 Macak ngayang batin Pt = manganggo sarwa bêcik (mompyor bangêt).

Brangta. Kandhuhan brangta Kw = kandhuhan rimang, kedanan, kêpencut, kasmaran (nandhang lara asmara).

Budi. 1 Budi arda Kw = pangangsa-angsa. 2 Ngulir budi Br = mbudi-daya, ngreka-daya kanthi bangêt. 3 Genjah ing budi Pt = ora antêpan. 4 Tuna ing budi Br = bodho. 5 Wong ahli budi Br = wong pintêr. 6 Awak pèndhèk budi ciblèk Bs = turunewong asor tur watake uga asor. 7 Budi daksêmbadani (daktandhingi). 8 Utang budi Pt = kapotangan kabêcikan. 9 Sadu budi Kw = utama bangêt watake, suci.

Bungah. 1 Mbungahi = bungah kang kaduk. 2 Bungahe kaya nunggang jaran ebeg-ebegan Pb = bungah bangêt.

Daya. Daya-sastra Kss = aksara Jawa kang dianggêp nduwèni daya mbrêngêngêng tumrap ing ukara kang sinawung ing têmbang, kayata ing ukara “bêdhah praja boyong putri”, têmbung “bêdhah” lan “boyong” kudu duwaca “mbêdhah” lan “mboyong”. Samono iku manawa tinulis ing sastra Jawa. 2 Ngalumpruk tanpa daya Br = ilang kêkuwatane. 3 Dibudi-daya = diakal-akal kanthi pangudi. 4 Tanah kabudidayan = lêmah jêmbar kang disewa dening pakumpulan dagang ditanduri têmbako, têbu lsp. 5 Kabudayan = babaring nalar pambudidayaning manusa awujud kagunan, kapintêran, jogèt lsp. 6 Sana-budaya = arane papan, utawa pahêman kang ngadani prakara sing gêgayutan karo kabudayan (ing Yogyakarta).

Jugul. 1 Jugul-mudha Kw = mudha-dama, bodho bangêt. 2 Dianggo jugul Pt = dianggo sêsulih.

Girang. 1 Girang-girang = bungah-bungah marga mênang pêrang lsp. 2 Aja gugup girang-girang gumuyu Br = aja kêsusu bungah-bungah. 3 Kêmbang girang = araning corake bathikan.

Karêp. 1 Bèncèng karêp = beda karêpe. 2 Aja sakarêp-karêp = aja mung sagêlêmu dhewe bae. 3 Dudu karêpe dhewe Pd = (anane lêlakon utawa kadadean mangkono iku) ana sing kagungan karsa yaiku sing Maha Kuwasa, dene manusa mung sadarma tumindak utawa nglakoni. 4 Ulat madhêp ati karêp = lair-batin wis gêlêm (sênêng) kanthi mantêp têmênan.

Manah. 1 Lêmbah manah Pt = andhap-asor. 2 Prayogi sampeyan manah-manah rumiyin Kr = sampeyan pikir. 3 Srikandhi maguru manah Pd = arane lakon wayang-purwa.

Nalar. 1 Nalare pating saluwir Pt = kêrêp nggagas sing ora-ora. 2 Mulur nalare Et = bisa nggagas dawa, ora banjur buntu. 3 Pêcah nalare Et = wis bisa migunakake pikirane.

Pikir. 1 Ora jêjêg pikire Et = miring utêke, rada edan, owah date. 2 Aja mikir sing ora-ora Pt = aja nggagas prakara sing bisa njalari kurang prayoga.

Praya. 1 Saeka praya Kw = saabi-praya = saiyêg, rukun bangêt. 2 Nyuda praya Bs = nyuda kaluhuraning liyan. 3 Nekad praya Pt = nekad nuruti dêrênging ati.

Prana. 1 Têmbunge bisa nuju prana Pt = agawe sênênging ati. 2 Kêpranan Kw = kêkênan atine (ing têmbung kang agawe sênêng). 3 Mranani = nggawe sênênging ati.

Punggung. 1 Mudha-punggung Kw = bodho bangêt. 2 Ngamuk punggung sura tan taha, nirbaya nirwikara Br = ngamuk kanthi nekad bangêt ora wêdi apa-apa. 3 Amèk punggung Pb = njupuk baranging liyan tanpa têmbung.

Sabar. 1 Ora sabaran = cêpak nêpsune. 2 Sabar-drana = sabar bangêt. (Drana = darana = sabar). 3 Sabar tawêkal = sabar-sarèh sajrone nandhang kasusahan, sajrone nampa cobaning Pangeran.

Suka. 1 Suka-suka nêmu duka Pt = bungah-bungah wasanane nandhang susah. 2 Suka pari suka = sênêng-sênêng. 3 Suka-rêna = bungah lan sênêng. 4 Suka-rila = kanthi sênêng lan rila. 5 Suka-nrima = suka-sukur = matur nuwun. 6 Suka-wibawa Kw = bungah-bungah lan sênêng-sênêng.

Tibra. Tibra layu Kw = araning wêktu mbênêri mèh suruping surya, kaananing gêgodhongan kaya layu ngalêntrih, pêpindhane wong lagi nandhang tibra utawa tikbra (susah). Layu = alum.

Cipta. 1 Cipta-ripta Kw = gagasan, nalar. 2 Saciptane dadi Kw = kang sinêdya kalêksanan. 3 Pêlênging cipta Br = kêplasing gagasan, kang kaèsthi, sing dipikir. 4 Ciptawalaha Pd = jaran pangiriding kretane Krêsna (kabèh cacahe papat, yaiku: Ciptawalaha, Abrapuspa, Sukantha lan Senasêkti). 5 Mêsu cipta Br = ngulirbudi, kanthi ngêtog pambudidayane. 6 Ciptaning = Arjuna nalika tapa ing wukir Indrakila (ing guwa Witaraga), Witaraga = Jawa-Kuna atêgês: panyandhêting hawa napsu.

Utêk. 1 Utêke mati Et = ora bisa migunakake pikirane. 2 Utêkmu ana ngêndi? Pt = kapriye pikiranmu, apa ora kanggo mikir? 3 Ora polo ora utêk Pb = gêblêg bangêt, babar-pisan ora nduwèni pikiran. 4 Kêgêdhèn êndhas kurang utêk Pt = kêgêdhèn panjangka kurang kapintêran.

Uwas. 1 Aja uwas-sumêlang = aja kuwatir. 2 Sapa uwas tiwas Pt = sing sapa kuwatir ing ati gampang nêmu cilaka. 3 Araning dina paringkêlan (sadwara): Tungle, Aryang, Warukung, Paningron. Uwas, Mawulu.

Wardaya. 1 Pangudasmaraning wardaya Br = panglocitaning ati, ciptaning ati. 2 Buwênging bawana kacapan lêpasing wardaya Br = têbaning ati (gagasane manusa) bisa nglimputisaindênging bawana, bisa nyakup sakabèhing kawruh . 3 Sinuksmèng wardaya Br = dilêbokake ati (batin), ing nalika maca.

Wijah. 1 Sandhangan wijah Kss = sandhangan wignyan (kalêbu sandhangan panyigêging wanda, lêlirune sigêg h). 2 Iwak mijah = padha nggrombol (nalikane ana banjir). 3 Pitik wijah = pitik lumrah, maksude dudu pitik kêbirèn. 4 Wong wijah = wong lumrah, wong urakan.

Wirang. 1 Diwêwirang = digawe supaya isin. 2 Kuwirangan = nandhang isin. 3 Wirang mbêbarang Pb = wong sing ngandhakake kuwirangane. 4 Utang wirang nyaur wirang Pt = wong agawe wiranging liyan diwalês wirang. 5 Wêdi wirang wani mati = tinimbang urip nandhang wirang aluwung mati (lumawan pêrang).

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: