RSS

Jeroan-Idu

XXVIII. JÊROAN

Kang kalêbu jêroan: Ati, jantung, usus, bol, ginjêl, kêbuk (tumrap kewan: maras), pêru, wadhuk (tumrap kewan: rêmpêla, têlih), gurung, lêd-lêd lsp.

Bol. 1 Balik bol Bs = prakara kang wolak-walik, kayata: sing kaprênah tuwa dadi nom utawa kosok-baline. 2 Caplak cangkol kêndhali bol cêmêti tai Ks = unèn-unèn tumrap wong sing lancang ndisiki gunêm nganti agawe kisruhe wong rêmbugan. 3 Dobol ilat Ks = dhêmên nggêdobrol gunêman sing ngayawara (gawe-gawe). 4 Ngobol Ks = ngêntut, bêbanyu, (ngising).

Jantung. 1 Cinancang ing jantung Br = tumêtêp anèng jantung = tansah kelingan marga saka bangêting trêsnane. 2 Kempole njantung Pp = awangun kaya jantung (kêmbang gêdhang).

Ginjêl. Lara ginjêle Ks = lara atine, sêrik.

Gurung. Sadawanane lurung isih dawa gurung Pb = pawarta iku mêsthi bisa sumêbar têkan ngêndi-êndi.

Iso. 1 Iso-Bandhang = usus sing cilik-cilik (ususe rajakaya). 2 Iso-rêrêgan = usus sing cilik-cilik lan pating kruwêl.

Pèh. Kaparag pèh Bs = wong kang kêpêksa kêtiban prakara.

Rêmpêla. Diwènèhi ati ngrogoh rêmpêla Pb = diwènèhi kalonggaran (kamurahan) banjur njaluk supaya luwih dilonggari utawa dimurahi manèh.

Usus. 1 Usus-usus = kolor-kathok. 2 Dawa ususe Ks = sabar. 3 Mbalung usus Pb = kêkarêpan kang kêndho-kêncêng (kaya kaanane usus: yèn nuju warêg kêncêng, yèn ngêluh ngalumpruk).

Wadhuk. Wadhuk bêruk Bs = wong kang ludhuk bangêt, akèh bangêt tadhahe pangan. 2 Wadhuking rajakaya: babat galêng, babat tawon, babat sumping, babat jarit (babat lunyu). 3 Wadhuk dhedhuk = wadhuk gêdhe-ludhuk = akèh pamangane.

XXIX. IDU, LUH, UMBÊL, KRINGÊT, UYUH, TINJA

Dasanama: Idu = kecoh, ludaka. Luh = waspa. Uyuh = turas. Umbêl = gadhing. Kringêt = riwe. Tinja = tai.

Idu. 1 Idu wayu = idu bacin, idu ing wayah esuk nalikane mêntas tangi turu. 2 Sawah saidu = 1/8 bau, 62½ ubin, watara ana 875 m2. 3 Ngulu idu Pt = cêgukan[18] amarga kêpengin bangêt. Idu didilat manèh Bs = njabêl kasaguhan kang wis dijanjèkake. 5 Idu gêni Bs = klakon sagunême, digugu ing wong. Bêbasan iku sok dilanturake muni: Idu gêni, riyak mawa, sisi listrik. 6 Yèn nginanga durung abang, idua durung asat Br = sadhela bangêt.

Ilu. 1 Ilu-ilunên Pt = mung manut ombyaking liyan, ombyaking wong akèh. 2 Mambu ilu Pb = mung melu-melu bae, tanpa tekad (kayakinan).

Kêcoh. Saking bangête nggêgêt waja, kêcoh marus ariyak ludira Pd = untune gathik bangêt, nganti mêtu gêtihe, mulane idu lan riyake mawa gêtih.

Kringêt. 1 Kringêt buntêt = kringêt sing ora bisa mêtu, njalari kulit pating pruntus. 2 Tadhah kringêt = perangane klambi awujud templekan gombalan kaprênah ing antarane balung walikat. 3 Ngêpuh kringêt Pb = ngêtog karosan, atêgês: rêkasa bangêt.

Luh. 1 Tadhah luh = arane mathining jaran dumunung sangisore mripat. 2 Rawat luh = satêmêne atêgês: simpên luh (ing mripate), maksude: ngêmbêng luh, mripate kêbak luh, nanging durung tumètès. 3 Adus luh = nangis nganti suwe (lan ngêtokake luh akèh). 4 Luhe maranwayan = luhe dlèwèran. Arane mathine jaran Mr. kaca 124.

Tai. 1 Tai manuk = ênjêt (manawa diucapake ing wayah bêngi). 2 Tai bêsi = landhaning obong-obongan wêsi; uga atêgês rêrêgêding wêsi. 3 Dibêciki mbalang tai Bs = dibêciki, wasana malês ala. 4 Kêtiban tai baya Bs = kêna ing dakwa, ditarka nindakake panggawe ala. 5 Mulas tai Bs = karêm mêmangan kang enak-enak, main mangan. 6 Ngêlèr tai ana ing bathok Bs = ngokèr-okèr tai ana ing bathok = wong ngudhal-udhal prakara sing agawe wirange dhewe. 7 Taine ana kacange dicuthiki Bs = wong cêthil bangêt, nganti atindak nistha. 7 Kucinge nai Pt = kucinge manak; ditêmbungake “nai” supaya anake aja dipangan.

Tinja. 1 Kêmatus tinja Pt = lara ising-isingên ing salêbare duwe anak. 2 Tinjamaya Pd = têmbung kêlantur sing bênêre kudu: Tejamaya, yaiku kahyangane Bathara Indra.

Turas. Turasing satriya Br = turune satriya, turune prajurit.

Uyuh. 1 Kêpuyuh-puyuh Pt = nganti mêtu uyuhe tanpa dijarag (lumrahe tumrap wanita kang lumaku rikat utawa mlayu). 2 Jêrone sapuyuhan Pt = jêrone têka ing sangisor wudêl (kaprênah pênêr lan dununge impês wadhah uyuh). 3 Disundhul puyuh Pt = diumbulake nganti dhuwur(tumrap yun-yunan). 4 Nguyuh aling-alingan sada Bs = wong nêdya mbuwang kanisthane, nanging carane kurang prayoga. Utawa: nêdya marèni panggawene ala, nanging isih sêsrawungan karo wong ala.

Umbêl. 1 Durung bisa mbuwang umbêl Bs = durung bisa sisi = isih bodho bangêt. 2 Umbêl molor = araning corak bathikan, uga diarani parangcuriga.

Waspa. 1 Rawat waspa Kw = ngêmbêng waspa, mripate kêbak luh, nanging durung tumètès. 2 Waspa kumêmbêng jroning kalbu Cd = candrane mangsa Kapat, mangsane tuk padha pipêt.

XXX. SWARA, TÊMBUNG

Dasanama: 1 Swara = uni, sabawa, wakya, sraba, bane (banèn). 2 Têmbung = ujar, wuwus, sabda, wicara, wacana, ling (angling), gunêm, kandha, ucap, catur, pangandika. 3 Rame = umyang, umyung, gumuruh, atri, asrang, gumêr, gurna, gurnita, gumrêg, gumyêg, sumrêg, ramya. 4 Sêpi = samun, nyênyêt, sunya. Swara utawa unining kewan

Atur. 1 Atur uninga Ki = atur priksa, awèh wêruh. 2 Matur prasaja = matur terus têrang, ora kumbi. 3 Matur cumanthaka Kw = matur kumawani, kumêndêl. 4 Ngaturake kidang lumayu Bs = nduduhake kamelikan kang nglêngkara kênane diarah. 5 Diaturi rawuh Ki = dikon têka. 6 Atur-atur marang pandhuwur = pawèwèh marang panggêdhe. 7 Diatur = ditata.

Bane (banèn). 1 Tan ana banène walang salisik Pd = sêpi nyênyêt. 2 Aja banèn-banèn = aja kandha-kandha.

Bawa. 1 Mbawa = mbawa-swara = nêmbang (lumrahe têmbang Gêdhe utawa Têngahan) dianggo mbukani gêndhing. 2 Bawarasa Pt = rêrêmbugan bab ngèlmu gaib. 3 Tanpa sabawa Kw = tanpa sraba = ora ana swarane. 4 Anake lanang wis bawa dhewe Pt = wis madêg dhewe, ora kawêngku wong-tuwa, wis ora dadi gawene wong tuwa, wis mêntas. 5 Kêna ing panyakrabawa Br = kêna ing dakwa, ditarka. 6 Bawane isih mudha punggung Br = (sarèhne) kagawa saka isih bangêt bodhone. 7 Kawibawan Kw = kaluhuran lan kamuktèning urip. 8 Mukti-wibawa Kw = mukti bangêt, ora tau kêkurangan. 9 Têmbung arimbag bawa = têmbung andhahan kang ngêmu suara ora dijarag, kayata: kêpapag, kiris (bawa-ka), kami-gilan (bawa-kami), kapenak (bawa-kapi), kumini (bawa-kuma, pancène kudu: kumanini, nanging banjur diwancah), lsp. 10 Bawa-wacaka = araning rimbage têmbung andhahan sing kadadean saka: ka + lingga + an kang atêgês têmbung aran, kayata: kraton, kapintêran, lsp. 11 Bawa-ma tundha = têmbung dwilingga lan têmbung sing buri disêsêli um kayata: turun-tumurun. 12 Dwilinggane bawa-ma = dwilingga lan têmbunge sing ngarêp disêsêli um, kayata: tumurun-turun. 13 Solah-bawa = solah-tingkah, tindak-tanduk.

Bisik. 1 Bêbisik narendra Kw = jêjuluke ratu, asmane. 2 Bêbisik nguwuh-uwuh Bs = nêdya rêmpit marang wadi, nanging solah-bawane ngatarani (marga kurang wêweka), njalari kuwiyaking wadine.

Kêcap. 1 Ngalaha ujar sakêcap, laku satindak Pt = prayoga sing kêpara andhap-asor. 2 Sakêcap padha sakêcap Pt = dikandhani pijêr mangsuli, ora têrus manut-miturut.

Krèsèk. Kakehan krèsèk Pb = akèh kasaguhane, nanging kurang kayêktène.

Kripik. Apik kumripik nancang kirik Pb = ing lair katon apik, nanging batine ala.

Krisik. Kumrisik tanpa kanginan Pb = kêri tanpa pinêcut = sanadyan ora ditarka, sarèhne rumangsa sing nindakake panggawe ala, atine tansah ora kapenak.

Krosak. Krosak ing kene gêdêbug ing kana Pb = nggutuk lor kêna kidul = nyêmoni (mituturi, nyaruwe, nyrêngêni sarana ditibakake marang wong liya).

Mung. Disaponana rèk, dibêndhènana mung Pb = wong mratelakake apa-apa kanthi warata lan cêtha.

Omong. 1 Omong clêmang-clêmong = cêblang-cêblung tanpa têgês. 2 Sugih omong Et = akèh bangêt omonge. 3 Omong kosong Pt = gunêman ngayawara (ora nyata).

Padu. 1 Padu Jiwa dikanthongi Bs = wong kang pintêr bangêt ngikal basa (kaya wong aran Jiwa ing jaman biyèn). 2 Madu balung tanpa isi Bs = pêpadon (rêgêjêgan) prakara sêpele. Bêbasan iku kêlantur dadi muni: madu balung kêpesing.

Pêtak. 1 Pêtak lir gêlap ngampar Cd = swaraning pêtake kaya blêdhèg nyambêr. 2 Mêtu pêtake Bb = mêtu kamêmpêngane. 3 Lindhu pêtak Pt = lindhu kang nggênjot (bumi nganti gonjang-ganjing).

Rêmbug. 1 Rêmbuge wis gilig Et = wis golong, wis dadi. 2 Mêntahi rêmbug Et = agawe jugaring rêmbug. 3 Ngênthêlake rêmbug Et = nggolongake rêmbug. 4 Wêruh ing grubyug, ora wêruh ing rêmbug Pb = melu ing sapari-polahe wong akèh, nanging ora ngrêti maksude.

Sabda. 1 Sapdapalon Pd = wulucumbu Majapait têkan Brawijaya wêkasan banjur murca, sêbab moh ngrasuk Islam. Sabdapalon iku satêmêne iya Sêmar. 2 Sabda pandhita-ratu Pb = kandha mung sapisan tanpa dibalèni manèh lan ditêtêpi utawa ditindakake. 3 Ina sabda Pb = kêmalingan ora rêpot marang sing kawogan (pamarentah). 4 Kaluhuran sabda Pb = têgêse lugu: sabda panjênêngan patut dipun-luhurakên, sabab lêrês; maksude: bênêr kandhamu, mula iya mangkono. 5 Mêdhar sabda Kw = sêsorah. 6 Tanggap sabda Kw = têgêse lugu tampa gunêm (kamot ing layang kalawarti) maksude: mangsuli karangan ing kalawarti, sawise ngrêti manawa ing ariwarti utawa kalawarti iku ana kabar sing gêgayutan karo awake. 7 Dèwi Windarti disabdakake dadi tugu dening Rêsi Gotama Pd = disotake (Dèwi Windarti iku ibune Anjani, Subali lan Sugriwa). 8 Sabda tan yukti Br = gunêm goroh. 9 Sabda laksana Pb = nêtêpi wicarane. 10 Mbuka sabda Pb = prakaran, durung didangu pangadilan wis ndhisiki atur. 11 Nggupita sabda Pb = nglukita basa, ngothak-athik têtêmbungan (gawe-gawe): nggupita = nglukita, ngrumpaka, nganggit, ngarang. 12 Nibani sabda purusa Pb = misuh-misuh wong tanpa sabab. 13 Sabda amrêta Pb = gunêm sing agawe adhêming ati. (A = ora. Mrêta = mati, Amrêta = ora mati, kalis ing pati). 14. Ina sabda pralena Pb = nêmu cilaka saka gunême dhewe. 15 Mbaud sabda Pb = muruki marang saksi carane matur marang pangadilan. 16 Sabda candhala Pb = gunêm ala(mêmisuh, muring-muring). 17 Sabda minangka panggah Pb = pangadilan kang ora gingsir putusane.

Sêbat, sêbut. 1 Salang sêbat Pt = mèh padha (gêdhene). 2 Kakehan sambat-sêbut Pt = kakehan pangrêsula. 3 Nyêbut ora trima Pt = nglairake ora trimane, nggugat. 4 Ora nyêbut Pt =ora ngrumangsani yèn wis tuwa, sèkèng lsp. 5 Kasêbut ing dalêm kandha Pt = kocap ing sajrone carita.

Sêpi. 1 sêpi nyênyêt = sêpi mamring, sêpi bangêt. 2 Ora sêpi ing dhuwit = ajêg duwe dhuwit. 3 Sêpi ing pamrih rame ing gawe Pb = tanpa melik apa-apa, nanging tumindak ing gawe kanthi mêmpêng. 4 Mahas ing asêpi Br = tarak brata, mratapa, tirakat ana ing papan sêpi.

Sunya. 1 Sunyaruri Kw = alam kaalusan (alame para roh). 2 Sunyapringga Pd = pratapane Subali. 3 Argasunya Pd = pratapane Wasi Jaladara (Kakrasana). […] bangêt (kaya gumrubuging prahara awor udan). 2 Surak mbata rubuh Pp = surake wong pirang-pirang bêbarêngan (swarane mak brêg kaya rubuhing bata tumpukan). 3 Barêng nêmu kacilakan akèh sing nyuraki Pt = akèh sing nyukurake, akèh sing bungah.

Swara. 1 Swaraning pradangga ngrangin Kw = swarane gamêlan nganyut-anyut. 2 Swarane pait madu Sn = swarane manis bangêt, arum-amanis. 3 Swarane ngandul-andul Pp = êmpuk lan ngombak banyu. 4 Swarane turut usuk Pt = bêcik lan bantas kêprungu cêtha saka ing kadohan. 5 Ngumbar swara Pt = nglairake swara sêsongaran (ngêmu surasa nantang). 6 Angon swara Pt = nilingake laras lan laguning gamêlan utawa têmbang. 7 Gêdhe swarane Et = sênêng umuk. 8 Baliswara Kss = têmbung camboran utawa ukaraning têmbung sing manawa nêgêsi kudu diwalik, kayata: narpawandawa = wandawa (sadulur) + narpa (ratu), sadulure ratu. Anoman malumpat sampun = Anoman sampun mlumpat. 9 Têmbung yogyaswara = têmbung loro atêgês lanang-wadon mung beda swaraning wandane wêkasan, kayata: yaksa-yaksi lsp. 10 Kabaliswara Pb = digugat malês nggugat. 11 Aksara mandaswara Kss = aksara Jawa sing swarane mung manda-manda, yaiku aksara wa, ya,12 Aksara swara Kss = aksara latin: a, i, e, o, u, utawa aksara Jawa: a, i, o, e, u,13 Anuswara = aksara irung na, nya, ma, nga,14 atêr-atêr anuswara = atêr-atêr sigêg aksara irung: an, any, am, ang.

Têmbung. 1 Têmbunge pêdhês Et = têmbunge nylêkit, agawe sêrik. 2 Têmbunge dipluta Kss = dilong kêcape sarana ana wandane loro sing diucapake barêng (didadekake siji), kayata: sêrêt dadi: srêt lsp. 3 Têmbung nunggal-misah Kss = têmbung loro utawa luwih sing padha utawa mèh padha têgêse. 4 Ora têmbung ora lawung Pb = njupuk barange liyan tanpa nêmbung lan ora kongkonan wong liya supaya nêmbungake. 5 Kêsliring ing têmbung Pt = kêtaman ing têmbung sêrêng (banjur muring). 6 Ngasta têmbung Ki = nyêkêl cêmêthi.

Tutur. 1 Aja tutur-tutur = aja kandha-kandha marang liyan. 2 Ora luntur ing pitutur Br = wis ora kêna dituturi.

Catur. 1 Ana catur mungkur Pb = nyingkiri têtêmbungan (gunêm) kang bisa nuwuhake pasulayan. 2 Luput cinatur Pt = ora prêlu dirêmbug manèh, marga wis cêtha alane. 3 Catur wanara rukêm Cd = candrane wong minum 4 sloki. Catur Kw = papat. 4 Catur-rana sêmune sagara asat Pt = pralambange nagara 4 sing tansah pêpêrangan (Kêdiri, Jênggala, Urawan, Singasari) nganti ngêntèkake raja-brananing nagara. Catur = papat; rana = pêrang. 5 Pêrang catur = main catur, dolanan sêkak (Walanda: schaken). 6 Cacah-cucah caturan karo wong dhangling Pt = eman-eman têmên gêlêm gunêman karo wong gêndhêng, marakake ora kajèn uripe. Dhangling = gêndhêng, edan. 7 Catur manggala = panggêdhe cacahe papat, yaiku: Patih, Purohita (Guru kraton ngiras pujangga, Jaksa, Pangulu.

Criwis. Criwis cawis Pb = wong diprentah tansah madoni, nanging sumadya nindakake.

Ujar. 1 Ila-ila ujare wong tuwa Pt = ujare wong tuwa, yèn ora diturut sok malati. 2 Duwe ujar Pt = duwe kaul utawa nadar. 3 Ngujar-ujari = ngunèn-unèni wong. 4 Disogok ing ujar Pt = dijojoh ing ujar = diunèn-unèni ala. 5 Krungu têmbang rawat-rawat ujare bakul-sinambiwara Br = krungu pawarta ora cêtha bênêr-lupute utawa nyata-orane. Têmbang Kw = tabuh, sing ditabuh dianggo nggiyarake apa-apa lumrahe bêndhe. Têmbang rawat-rawat = (Krungu swara) barang ditabuh lamat-lamat. Ujare bakul-sinambiwara = kandhane wong pêpasaran, durung karuwan bênêr-lupute, nyata-orane. Sambiwara = sinambiwara = sudagar. Ila-ila = larangan (Indonesia: pantangan).

Undhat. Ngundhat-undhat alaning liyan Pt = ngundhamana alane wong liya.

Uni. Ora duwe uni Pt = ora tau nglairake pangrêsulane. 2 Gong muni sasêle Bs = mriksa wong prakaran lagi nakoni wong siji, sijine durung ditakoni. 3 Mara uni Pt = têka ing omahewong lagi repot (lagi dandan-dandan) ora têtulung, mung dondon ngobrol. 4 Wingi uni Pt = wêktu kang wis kêpungkur, nalika samana, biyèn. (Uni = nguni Kw = biyèn). 5 Muni sakênyoh-kênyohe Pt = têmbunge mung sawêtu-wêtune, tanpa dipikir dhisik. 6 Dhandhang diunèkake kuntul, kuntul diunèkake dhandhang Bs = sing ala dikandhakake bêcik, sing bêcik dikandhakake ala.

Ucap. 1 Bathang ucap-ucap Pt = wong loro lêlungan ngambah dalan sing mbêbayani; yèn wong siji: bathang lêlaku, wong têlu: gotong mayit. 2 Dadi potapanPt = dadi loke wong akèh, digunêm dening wong pirang-pirang. 3 Sinigêg gênti kocapa = caritane dilèrèni dhisik, gênti nyaritakake bab liya. (Kocap = ka + ucap).

Wacana. 1 Imbal wacana Br = rêmbugan. 2 Anta wacana Br = kêdale gunêm tumrap siji-sijine wayang. 3 Mbangun wacana Pb = nusuli layang gugat. 4 Katala-wacana Pb = lumrahe dicêkak: kacala-waca = kêtiwasan, nandhang kapitunan marga saka kliruning gunême dhewe. 5 Wêdharing wacana mulya Cd = candrane mangsa Kasanga akèh gangsir ngênthir lan garèng muni. 6 Anara wacana Pb = jaksa ngajak gunêman karo salah sijine wong sing prakaran, prasasat namakake panah marang wong sijine. Anara = an + sara (panah). 7 Prawacana = gunêm wiwitan, purwaka utawa bêbukaning rêmbug.

Wicara. 1 Wicarakêras Kss = arane buku karangane R. Ng. Yasadipura II, isi piwulang marang wong Surakarta. 2 Dora wicara Kw = gunêm goroh. 3 Ahli wicara Pt = pintêr gunêman (rêrêmbugan). 4 Wong micara = wong sing baud gunêman lan gunême ngrêsêpake.

Wuwus. 1 Nyaru wuwus Pb = nyêla-nyêla wong lagi rêmbugan. 2 Gantya kang winuwus Kw = gantya kawursita = gênti kacarita.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: