RSS

Gembung – Sikil

XXI. GÊMBUNG LAN PERANGANE

Perangane gêmbung: andhêman, bokong, dhadha, gêgêr, pundhak, wangkong, wêtêng lsp.

Andhêman. Ngandhêmi kaluputan Br = ngakoni kanthi dhadhag (Andhêman = lêgokaning dhadha pênêr lan dununge ati, jantung).

Bokong. 1 Bokong tepos = ora mblêndhuk, lèpès, sabab kurang daging. 2 Bokong nyênthing = kêpara cilik rada nyonkat.3 Bokong bundêr = wangune ngèmpêri tampah utawa tèbok. 4 Bokong manjangilang = awangun kaya panjang-ilang (iki wangun sing apik dhewe). 5 Kandêl bokonge Et = sugih. 6 Kongêl = sikile dawa, gêmbunge cêndhak. 7 Kakkong = sikile cêndhak, gêmbunge dawa; dadi kosok-baline: kongêl. 8 Nyangga bokong Pt = wanita sing mèlu sêtiyar murih slamête sing lanang olèhe cêkêl-gawe.

Dhadha. 1 Dhadha-mênthok = dhadhane sato-kewan. 2 Dhadha manuk = dhadha sing mungal, kosok-baline: dhadha mringkus. 3 Ngilani dhadha Pb = ngina marang liyan. 4 Pandhadha = adhi panggulu; manawa anak lima, pandhadha uga kasêbut panêngah. 5 Aku sing ndhadhani prakara iku Pt = aku sing kudu tanggung-jawab yèn ana apa-apane. 6 Surasane layangmu wis dakdhadha Br = aku wis ngrêti surasane layangmu. 7 Enya dhadha êndi rai Br = ayo padha adu-arêp. 8 Apa kang ana ing kowe, tibakna daktadhahane dhadhaku (tamakna ing dhadhaku). 9 Sanadyan ngantos dumugi pêcahing dhadha wutahing ludira, kawula sêndika nglampahi Br = sanadyan ngantos dumugi ing pêjah pisan, sagah nindakakên. 10 Wilahan dhadha = wilahan gamêlan ing sadhuwure wilahan gulu. 11 Ora katon dhadhane = ora wani adu-arêp.

Dhodhok. 1 Dhokkur = ndhodhok + mungkur. 2 Dhodhok acung-acung Pb = ora nglakoni panggawe ala dhewe, nanging tuduh-tuduh omah sing prayoga dimalingi.

Jaja. 1 Jajabang mawinga-winga Cd = dhadhane mangangah abang kaya abange kêmbang worawaribang (Indonesia: bunga-raja). 2 Katuwêk sumangga jaja Br = nêdya dipatèni sarana dicublês dhadhane, manut (Maksude: asrah jiwa-raga). 3 Simbar jaja wulu-wawar Cd = dhadhane mawa wulu dawa-dawa. 4 Jajarumat Pb = ngrêrungokake pawarta lan nularake pawarta kang wis rinungu. 5 Suku jaja têkên janggut Br = kanthi rêkasa bangêt. 6 Têbah jaja tanya slira Br = ngusap dhadha karo ngunandika: “Gèk luputku wae apa?”

Gêgêr. 1 Gêgêr bucu = sêmu mandhukul. 2 Linggih nggêgêr Pt. = ora mingsêd-mingsêd. 3 Adu gêgêr Pt = ungkur-ungkuran lan gêgêre gathuk (lumrahe lungguh). 4 Dalane nggêgêr sapi Pp = têngah dhuwur ing pinggir êndhèk (mlêngkung). 5 Pinggirane klasa nggêgêr wêlut Pp = nglingir. 6 Golèkana gêgêre punglu Ib = mratelakake gawat lan angêle ngèlmu gaib. (Punglu = mimis).

Gembol. Darbe gembolan Et = duwe kaluwihan sing durung tau dituduhake marang liyan. 2 Sing digembol mrojol, sing dikandhut mrucut Pb = apa sing wis dinarbe ilang. 3 Digembol ora mrojol, dibuwang ora kumrosak Pt = pêpindhane kawruh utawa ngèlmu, diênggo ya kêna, ora diênggo ya kêna.

Gêmbung. Ora gêmbung ora irung Pb = mlarat lan ora nduwèni kaluwihan apa-apa.

Kandhut. 1 Ala kandhutane Et = ala watake. 2 Ngandhut 4 sasi = nggarbini, nggantung sari, mêtêng. 3 Ngandhut watu Pb = ngincim-incim marang liyan. 4 Ngandhut godhong randhu Pb = mencla-mencle gunême.

Kurêb. 1 Kumurêb ing abahan Br = masrahake pati-uripe. (Abahan = ganjêling gulu kang arêp ditigas). 2 Salumahe bumi sakurêbing langit Pt = sadonya kabèh, sajagad-rat. 3 Nglumahake ngurêbake Pb = bêbesanan kaping pindho, dhisike urun wadon banjur urun lanang. 4 Mbathok mangkurêb Pp = mlêngkung tumrap lumahing dalan, têngah dhuwur ing pinggir êndhèk. 5 Godhong mangkurêb lumahna, sing mlumah kurêbna Pt = golèkana sing titi. (Ukara iku lumrahe dingêndikakake dening ratu sing dhawuh ngupaya putri kang lolos saka kadhaton).

Lumah. Lumah tangan Pt = ora melu cawe-cawe.

Lungguh. 1 Ora kobêr lungguh Pt = ora kobêr ngaso, têrus nyambut gawe bae. 2 Gêdhe kalungguhane Et = gêdhe pangkate. 3 Nglungguhi klasa gumêlar Pb = kari nêmu kapenake, kabèh wis sarwa sumadiya. 4 Nglungguhi klasa pêngulu Pt = dialap bojo dening ipe kaprênah tuwa ing sapatine mbakyune.

Monthok. 1 Susune monthok = gêdhe mêntêr-mêntêr. 3 Malik monthok Pb = malih kayakinane, ora têtêp panêmune. 3 Monthok atine Pt = mongkog, mantêp bangêt.

Pundhak. 1 Pundhak brojol = pundhak awangun ndhêngklèh, mayat mangisor. 2 Pundhak nraju mas Cd = rata, padha kiwa-têngêne. 3 Njunjung pundhak Pt = nglairake ora ngrêtine marang bab sing ditakokake. 4 Nglangkahi pundhak Bs = matur marang dhêdhuwuran tanpa lantaran lêlurahe.

Pusêr. 1 Pusêrbumi Pd = nagarane Wong Agung Menak (Amir Ambyah, Jayènrana). 2 Pupak-pusêr Pt = coplok pusêre, pothèl pusêre. 3 Dina pupak-pusêr Pt. = dina kang kalima saka laire.

Silit. Silit-kodhok = pungkasane balung ula-ula. 2 Wêdi rai wani silit Pb = ora wani adu-arêp (wanine mung grundêlan ana ing buri bae).

Wangkong. 1 Miyak wangkong Pb = mbiyak wangkong = ngandhakake wadining liyan. 2 Nggêpok wangkong Pb = gunêman nganti ngrêmbug utawa nyrèmpèt cacade wong sing dijak gunêman.

Wêtêng. 1 Wêtêng dhedhuk Pt = wêtêng gêdhe ludhuk, wêtêng gêdhe akeh tadhahe pangan. (Dhedhuk = gêdhe ludhuk). 2 Gêndhewane ngadhal mêtêng Pp = kaya kadhal mêtêng, yaiku ing têngah gêdhe, kiwa-têngên mêrit. 3 Kasèp-lalu wong mêtêng sêsuwêngan Bs = kasèp bangêt (pêpindhane wanita, nalika isih prawan ora suwêngan, olèhe suwêngan barêng wis mêtêng). 4 Ngêbuk wong mêtêng Bs = ambêk-siya bangêt, sawênang-wênang bangêt.

Wudêl. Ora duwe wudêl Pt. = ora duwe nalar.

XXII. TANGAN

Dasanama: Tangan = asta, buja, bujaka, lungayan. Darwane tangan: 1 Ceko (cekoh) = bengkong lan ora kêna dilêncêngake. 2 Kwaga = cêndhak sêmu bengkong, nanging kêna ditêkuk lan dilêncêngake. 3 Nggêndhewa pinênthang Cd = sikute nêkuk mlêbu. Pakartining tangan: nyêkêl, ngusap, kêplok, têbah, nyêmbah, ngêmpit, ndhodhog, mbapang, acung-acung, nyèrèd, ngêmpit, nabok, nyangga lsp. Drijining tangan: jêmpol, panuduh, panunggul, driji-manis, jênthik.

Asta. 1 Atawing asta Br = njêbèbèhake tangan ing sadhuwur mripat supaya ora silo pandulune. 2 Nikêl asta Br = nguncupakên asta = nyêmbah. 3 Kajonjang sumangga asta Br = manawi badhe dipun-kêthok tangan kula, sumangga; maksude pasrah pati-urip. 4 Tapak asta Ki = tandha tangan; uga atêgês: lorodan, turahan pangan. 5 Asta candhala Bs = cêngkiling, sênêng milara, ènthèngan tangan. 6 Diasta Ki = dicêkêl, utawa digitik. 7 Kajongjang sumangga asta, katigas sumangga jangga, katuwêk sumangga jaja = manawi badhe kakêthok tangan kula, katigas gulu kula utawi kacublês dhadha kula, sumangga.

Acung. Dodok acung-acung = nuduhake papan sing arêp dimalingi. (Dodok = saèmpêr têlik kongkonane pulisi utawa durjana).

Awe. 1 Sêdhakêp ngawe-awe Bs = katone mênêng, satêmêne sing ajak-ajak tumindak ala. Utawa: wis marèni padatane ala, satêmêne isih kapengin nindakake manèh. 2 Mulane jênêng para adoh ingsun awe, cêdhak ingsun rakêtake Br = mulane kowe ingsun timbali. 3 Sadêdêg sapangawe Pt. = sadhuwuring awak punjul sadawaning tangan diacungake.

Banda. 1 Gawene mung mbanda tangan Pt = ora gêlêm nyambutgawe. 2 Mbanda kalani Pt = nglawan, tur panglawane ora gampang dikalahake. 3 Rok-bandawala-pati Kw = pêrang tandhing nganti ana sing mati salah siji. 4 Lawanan banda Bs = mêmungsuhan karo wong sing apês. 5 Nagabanda Kss = arane têmbang Gêdhe.

Bapang. 1 Suwêng bapang (bapangan) = suwêng awangun njêbèbèh. 2 Layangan bapangan = layangan sing kaya mawa swiwi. 3 Ana bapang sumimpang Bs = nyingkiri prakara kang bisa gawe kurang prayoga (nyilakani).

Bau. 1 Bau-dhêndha Kw = têgêse lugu: alêngên gada, maksude: kuwasa bangêt. 2 Ratu nyakrawati bau-dhêndha Kw = ratu kang prasasat ngêrèh jagad (kuwasa bangêt). 3 Bau-laweyan = wong wadon sing darbe cacad dhêkik ing poking baune. 4.

Dana bau Pt = udhu bau, têtulung angkat-junjung tanpa ngalap opah. 4 Pagawean bau-suku = pagawean angkat-junjung. 6 Prasasat ilang baune têngên Pt = prasasat ilang kêkuwatane, marga wong sing dadi andêl-andêle wis ora ana. 7 Yèn kowe bisa nyêmpal bauku kiwa-têngên, kêna Sumbadra dadi garwamu (Sêsumbare Baladewa) = manawa kowe bisa ngalahake aku, kêna Sumbadra koboyong. 8 Saking jêjêging panggalihe Wrêkudara, sanadyan baune dhewe manawa salah iya disêmpal Pd = sanadyan sadulure dhewe manawa luput iya pinidana. 9 Enthèngan bau Pt = sênêng têtulung rumagang ing gawe. 10 Bandha bau Pt. = mung pawitan bau, tanpa kapintêran. 11 Bau-dhanyang = kayu sing tumamcêp ing saka lan nyangga blandar utawa pangêrêd. 12 Bau-sastra = buku kang ngêmot têgêse têmbung-têmbung. 13. Sawah sabau = ¼ jung = ¼ karya = ½ kikil = 2 lupit = 4 iring = 8 idu = l6 kêcrit = 500 ubin = kira-kira 7000 m2. l4 Sing mbau-rêksa = sing manggon lan nguwasani. 15 Bau kapine Bs = ora padha pangrêngkuhe marang siji lan sijine. (Pine = beda. Kapine = dibeda, digawe kacèk). 16 Dirgabau Pd = danawa mawa bau dawa sing ditatas tangane dening Ramawijaya nalika ngupaya Sinta, danawa malih warna dewa lan dhawuh marang Ramawijaya supaya mratapa ana ing wukir Rêksamuka. 17 Arjunasasrabau Pd = Ratu ing Maèspati (titising Wisnu). 18 Baurêksa = ratune baya aran Jalumampang.

Driji. 1 Adriji gunting (Gathutkaca) Pd = mawa driji sêntosa bangêt. 2 Ngêmut driji Pt = ora kêpanduman apa-apa. 3 Gêgêlang munggwing dariji Ws = ali-ali.

Jêmpol. 1 Gambarane jêmpol Pt = apik bangêt. 2 Kalêbu wong jêmpolan Pt = kagolong wong pêng-pêngan. 3 Olèhe njênthik arêp dijêmpol Pt = barang olèhe njaluk arêp dijaluk.

Junjung. 1 Njunjung ngêntêbake Pb = ngalêmbana, nanging ngêmu surasa ngrèmèhakle. 2 Dijunjung ing aluhur Br = sinêngkakake ing aluhur = diunggahake pangkate. 3 Pêrang junjungan Pd = pêrang tanpa gêgaman (sing kuwat njunjung mungsuhe, iku sing mênang).

Gayuh. 1 Nggayuh-nggayuh luput Pb = kang dijangka ora klakon. 2 Nggayuh tawang Pb = wong sèkèng darbe panjangka gêdhesing mokal kalêksanane. 3 Gêgayuhan luhur Pt = idham-idhaman utama.

Gêgêm. 1 Nggêgêm dhuwit. 2 Nggêgêm watu Pb = ngincim-incim nêdya namakake piwalês, nanging sinamun. 3 Nggêgêm tangan Pt = kêsèd, wêgah rumagang ing gawe.

Kanaka. 1 Kêthik kanaka Pt = ora tau nyambut gawe, kapenak uripe. 2 Sarpakanaka Pd = rasêksi putrane rêsi Wisrawa miyos saka Dèwi Sukèsi. 3 Yudakanaka Ws = pêrang buku,maksude kukur-kukur, sasmitane têmbang Pangkur. 4 Kalpa sru sêmune kanaka putung Pl = pralambange Sunan Mangkurat Têgalarum kang misuwur siya, nganti akèh andêl-andêling nagara kang tumêka ing tiwas marga pinidana. Kalpa sru, ngibarat: ora sugih pangapura; kanaka puthung, ngibarat: andêl-andêl kang padha dipatrapi paukuman nganti tumêka ing tiwas.

Kêmpit. 1 Ngêmpit Pt = ngêdolake baranging liyan tampa opah utawa bêbathèn. 2 Ngêmpit-ngindhit Pt = nyambut gawe kanthi repot, luwih saka sawarna. 3 Dikêmpit kaya wade, dijuju kaya manuk Bs = diopèni bêcik lan diwêlêg ing pangan.

Kêplok. 1 Panêmune kêplok Et = cocog. 2 Kêplok bokong Pt = nyuraki wong kasangsaran. 3 Kêplok ora tombok Pb = melu sênêng-sênêng, nanging ora melu kelangan wragad. 4 Kêplokana saka kadohan Pd = tontonên lan surakana saka ing kadohan (pêrange, olèhe ngadu tyasa).

Kojong. Sajimpit sakojong Pb = ora adil pangêdume, ana sing tampa sathithik, ana sing akèh.

Kuku. 1 Kuku pancanaka Pd = kukune darah Bayu. Dewa, manusa wanara sing kasinungan daya bisa mangrèh bayu (angin) padha mawa kuku pancanaka (Bathara Bayu, Wrêkudara, Anoman). 2 Sakuku irêng Pp = cilik bangêt; yèn ditrapake ing katrêsnan, katrêsnan sing ora êntèk-êntèk, widada; pêpindhane kuku irêng, dikêthok sore, esuk wis thukul manèh. 3 Angêt kemuku Pt = mangêt-mangêt.

Lêngên. 1 Gêdhèn-gêdhènan lêngên Pt = ungkul-ungkulan karosan, ngadu karosan. 2 Mêrang lêngên Pb = ngungasake kuwanèn lan kadigdayan sarana mêrang lêngêne dhewe, ngêmu surasa nantang.

Pikul. 1 Sapikul sagendhongan Pb = dundum waris miturut wêwaton: pandumane wong lanang tikêl lorone pandumane wong wadon. 2 Mikul dhuwur mêndhêm jêro Bs = agawe kuncarane wong-tuwa (bapa-biyung). 3 Ali-ali gunung sapikul = ali-ali amripat têlu.

Putung. 1 Sumbare kaya bisa mutung wêsi bligèn Pt = sumbare mêmêdèni (Gligèn = gilig + an = giligan, gligan, mingsêd dadi: gligèn). 2 Sing malang-malang putung, sing rawe-rawe rantas Br = kabèh sing ngegol-egoli sêdyane, kêna disirnakake. 3 Putung kasawatna, rêmuk kasawurna Pd = prasêtyane punggawa marang ratu, lumrahe punggawa kang nêdya nindakake ayahaning ratu mapag yudaning mungsuh; maksude: manawa nganti kalah karo mungsuh pratandha ora pantês tampa kapracayan, suka-rila diêjura pisan dening Sang Prabu.

Sangga. 1 Disangga pangane Pt = diwènèhi pangan. 2 Atine sangga-runggi Pt = sujana, ora pati pracaya. 3 Ora kêna disangga miring Pt = ora kêna digêgampang. 4 Abot sanggane Pt = ora gampang. 5 Sinangga krama Pt. = dienaki ing rêmbug supaya sênêng. 6 Arang kang kuwawa nangga[13] yudane Br = arang-arang sing kuwat nandhingi, langka sing kuwat nglawan pêrang. 7 Sangga wang = wange disangga ing èpèk-èpèk. 8 Panggung sangga buwana = arane panggung Surakarta, isi sêngkalan atêgês taun 1198 (pa agung utawa murda 8, song 9, ga 1, buwana 1).

Sèrèd. 1 Payung sèrèd Pt = payung upacara sing mawa corak putih, kuning lsp ing pinggire. 2 Adu jago seredan Pt = jago sing kalah dadi darbèke wong sing mênang jagone. 3 Nyèrèd pring saka pucuk Bs = pagawean gampang dadi angèl, marga kliru caraning panggarape.

Sikut. 1 Sikut pêthèlPd = sikut kang sêntosa bangêt (Gathutkaca). 2 Disikut Pt = dikon lunga, diêndhih, diganti dening wong liya pangkate, kalungguhane lsp). 3 Gêdhe sikute Pt = akèh tampane dhuwit mirunggan (kajaba pamêtu utawa blanjane sing baku). 4 Ngrabèkake sikut Pb = priya njarag senggolan karo wanita utawa kosok-baline (ana ing papan rame).

Tangan. 1 Lumah tangan Pt = ora mèlu cawe-cawe, mulane moh mèlu tanggung-jawab.2 Usap tangan = kacu. 3 Dawa tangane Et = climut. 4 Kakèhan tangan Pt = pagawean wis diêmèk (digarap) dening wong pirang-pirang gênti-gêntèn. 5 Enthèngan tangan Pt = sênêng milara (nganggo tangan), cêngkiling. 6 Angon ulat ngumbar tangan Pb = maspadakake ulating liyan ditangguh limpene nêdya dikutil barange. 7 Nabok nyilih tangan Bs = namakake panggawe ala sarana kongkonan. 8 Têmu tangan Br = panggih asta Ki = ijab, dhaup. 9 Ditampani tangan loro Pt = ditampani kanthi sênênging ati. 10 Sida karasa ing tangan Br = dipilara. 11 Tanganmu êgarna P= kowe nyambut-gawea. 12 Dawa tangane = climut.

Cangklak. 1 Satru munggwing cangklakan Pb = mungsuh kang kacêdhak (isih sadulur, nunggal pagawean lsp). 2 Nyangklak bangêt yèn aku lêlayanan dhewe karo panjênêngane, mulane prayoga lantarna Pt = marga pangkate luwih gêdhe, bangêt tinimbang pangkatku, aku ora têkan arêp lêlayanan dhewe karo panjênêngane, mulane njaluk lantaran kowe.

Cekoh. 1 Cekoh kokoh Pt = dhokoh lan sêngkut bangêt pamangane. 2 Cekoh regoh Pt = wis ora bisa nggêlawat, marga wis tuwa bangêt.

Cingkluk. Gawene cingkluk ing pasar Pt = ngêmis, pêpriman.

XXIII. SIKIL

Dasanama: 1 Sikil = suku, sampeyan, panjênêngan, pada, samparan, carana, jêng. 2 Lumaku = lumaksana, lumaksita. lumaris, lumakswa, lumampah, tumindak. 3 Tapak = lari, lacak, tepak, tilasing. Darwaning sikil: 1 Impur = yèn mlaku dhêngkule mlêbu (arêp gathuk). 2 Wagah = yèn mlaku dhêngkule manjaba (mangun aksara O). 3 Kêncèt = sikile sing siji luwih dawa tinimbang sijine. 5 Lumpuh = ora kuwat nyangga awak, satêmah ora bisa mlaku. Pakartining sikil: lumaku, lumayu, njêjak, mancal, nêndhang, ongkang-ongkang, ngidak, sila lsp.

Adêg. 1 Adêg-adêg = praboting aksara Jawa, uga diarani ada-ada. 2 Adêg-adêg antêp = anggêr ngadêg banjur tiba. 3 Adêg-adêg saka = mubêng sêsêr katone nganti kaya ora obah. 4 Ngadêg jêjêg pindha tugu sinukarta Pp = ngadêg jêjêg tanpa obah kaya rêca. (Sinukarta = dipundhi-pundhi, diaji-aji. Kaya tugu sinukarta = kaya tugu sing diaji-aji, yaiku kaya rêca). 5 Mati ngadêg Pt. = mati isih nggêjêjêr (saka wêdine karo mungsuhe, marga kagèt lsp). 6 Madêg senapati = dadi senapati. 7 Ngêdêgake sayêmbara = nganakake sayêmbara.

Bêgagah. 1 Sikil mbêgagah = mêngkang, mêthanthang. 2 Tinimbang mati mringkus luwih bêcik mati mbêgagah Pt. = tinimbang nungkul marang mungsuh (ora wurung tumêka ing pati marga dipatèni utawa mati-ngênês dening disiya-siya), aluwung mati marga lumawan ing pêrang.

Dlamakan. Dlamakane sajari miring Cd = dlamakane tipis bangêt (putri).

Drojog. Dumrojog tanpa larapan Br = (têkane, sowane) ora nganggo lantaran, marga ora ngaturi priksa ing sadurunge.

Dugang. 1 Didugang = ditêndhang nganggo pucuking dlamakan. 2 Dugang mirowang Pb = sing sakawit ngrewangi, wasanane dadi mungsuh.

Dhêngkul. 1 Pawitan dhêngkul Pt = ngabotohan tanpa pawitan dhuwit, sing dianggo udhu totohan olèhe utang mungsuhe ngabotohan. 2 Ngikêt-ikêti dhêngkul Bs = ngopyahi dhêngkul, nasabi dhêngkul = mikolèhake sanak-sadulur. 3 Dhêngkul ikêt-ikêt Bs = wong bodho didadèkake pangarêp (lumrahe marga isih sadulur). 4 Landhêp dhêngkul Pt = wêlu bangêt atine, ora gathèkan, ora lantip. 5 Adhêngkul paron Pd = dhêngkule sêntosa bangêt (Gathutkaca). 6 Wis sadhêngkul Bldh = wis wayahe kêna dirangkul (tumrap bocah wadon), têgêse wis ngancik diwasa. 7 Gawene mung ngêkêp dhêngkul Pt = ora gêlêm rumagang ing gawe. 8 Kêndhangan dhêngkul Pt = ngenak-enak ora nyambut gawe (marga pagaweane wis rampung).

Jajah. 1 Ngrupak jajahaning mungsuh, ngêlar laladaning rowang Pd = nêlukake mungsuh lan nagarane diaturake marang gustine (ratune). 2 Njajah desa milang kori Pb = njajah têkan ing ngêndi-êndi, dalasan papan sing kurang wigati mêksa disatitèkake kaanane.

Jangkah. Isih amba jangkahe Pt = isih akèh sing dijangka; isih bisa njangka sing muluk-muluk.

Jêjêg. 1 Pangadilane jêjêg Et = adil, ora bau kapine. 2 Pikirane ora jêjêg Et = rada edan. 3 Njêjêgake adêging praja Pt = agawe kuwating nagara. 4 Kêndhile ora jêjêg Pt = kurang mangan, ora bisa ngliwêt akanthi ajêg.

Jinjang. Jinjang api goyang Pb = api-api pracaya, sajatine ora ngandêl.

Entar (mentar). Mentar palayangan Bs = lunga têkan ngêndi-êndi tanpa jujug, ngumbara.

Idak (pidak). 1 Midak ilat Pd = kurang ajar. 2 Pidak padarakan cèkèl longaning bale Br = turune wong asor, sudra. 3 Pidak sikil jawil mungkur Pb = wong kang wis kêkêthikan. 4 Ora kêna kêpidak wayangane Pt = ketoke kaya ora duwe kêkuwatan (marga saka alusing tindak-tanduke). 6 Midak supata Pb = nêrak wêwalêre dhewe. 7 Ngidak gêni blubukan Bs = nêmu cilaka marga saka kurang wêweka.

Layu. 1 Sirna marga layu Br = mati. 2 Lêlayu = tumbak kang pucuke mawa gêndera cilik. 3 Klayu = kapengin mèlu. 4 Nglayoni = ngabari bab kêsripahan. 5 Mlayu ngêmprèt = têgêse lugu: mlayu karo muni prèt-prèt (kaya unine gajah), maksude: mlayu bantêr bangêt. 6 Mlayu sipat kuping = lonjongbotor, lonjong êndhog, lonjong mimis, lumayan bantêr bangêt. 7 Mburu lumayu Bs = ngarah barang kang nglêngkara bisane kêna. 8 Ngaturake kidang lumayu Bs = nuduhake kamelikan kang nglêngkara bisane kêcêkêl. 9 Dhadhakan nglayoni = rêmbug kang ngèrèni, rêmbug susulan kang murih wurunge lsp.

Laku. 1 Laku ngiwa Pt = atindak sèdhèng (tumrap wanita). 2 Turune wong ahli laku Pt = turune wong sênêng tirakat (pêndhita). Têmbung “laku” ing ukara iku ora atêgês lakuning suku, nanging lakuning kalbu. 3 Nulada laku utama Pt = nirua tindak kang luhur. 4 Wong sing lara wis lêlaku Pt = sêkarat. 5 melua salaku jantrane Pt = apa sing ditindakake kowe melua nindakake. 6 Sumur lumaku tinimba Bs = wong sing kumudu-kudu ditakoni. 8 Gawene nglakokake dhuwit Et = ngutangi dhuwit sing panyaure mawa anakan. 9 Kêbo lumaku dipasangi Bs = wong sing njarag supaya diwènèhi pagawean abot. 10 Dohe lakon karo gêthèk Pt = dohe manawa dilakoni dharat mbutuhake wêktu 1 ½ awan. 11 Manggung dadi lakon Pt. = tansah ngalami ora kapenak, sangsara. 12 Dhalang ora kurang lakon Pb = wong iku lumrahe ana-ana bae akale, ora bisa kêntèkan akal. 13 Trimaa sing nglakoni mangsa trimaa sing momong Pt = sanadyan wong sing disiya-siya trima, Gusti Allah mêsthi ora bakal marêngake lan bakal malêsake. 14 Lakon Bratayuda Pd = lakon wayang nyaritakake pêrange darah Barata (Pandhawa karo Kurawa). 15 Panah salakon = cacahe papat. 16 Krêtu cilik salakon = 120. 17 Krêtu gêdhe salakon = 52. 18 Domino salakon = 28. 19 Keputungan laku = ora bisa nêrusake ihtiyare. 20 Sastralaku = patrape maca utawa gunêman, aksara swara diucapake mawa aksara sêsigêg ing wêkasane têmbung sangarêpe.

Laksana. 1 Darma sulaksana Pb = atindak adil, alaku bêcik. 2 Teja-teja sulaksana Kw = kang acahya sumunar kaya teja, satriya. 3 Bèrbudi bawa laksana Br = sênêng wèwèh lan nêtêpi kang dadi ujare.

Lampah. 1 Sêkar agêng Rêtnamulya lampah 12 = sabên sapada-pala ana 12 kêcap; sarèhne têmbang gêdhe iku ana 4 pada-pala, dadi gunggunging kêcape ana 4 x 12 = 48 kêcap, 2 Sastra lampah = Mr. sastra laku.

Langkah. 1 Nglangkahi sadulur tuwa Pt = ndhisiki omah-omah, olèhe omah-omah luwih dhisik tinimbang sadulure tuwa. 2 Nglangkahi titir Bs = nyêkêl durjana tanpa pamit marang wong sing nguwasani panggonan dununge durjana.

Lacak. 1 Kelangan lacak Pt = ora bisa têrus nglari (nggolèki) sarana nurut lacake. 2 Kêlacak kêpathak Bs = wong ala kang wis ora bisa ngungkiri kaluputane amarga wis kêbuktèn.

Lumpat. 1 Lumpat kidang Pb = ora urut lan ana sing diliwati. 2 Dipalangana mlumpat, didhadhunga mêdhot Pt = ora kêna diêndhakake karêpe. 3 Nglumpati sadulure tuwa Pt = ndhisiki omah-omah, nglangkahi. 4 Kêbo lumumpat ing palang Bs = ngadili prakara ora manut undhang-undhang kang wus ditêtêpake.

Lumpuh. 1 Lumpuh ing sastra Et = wuta ing sastra, ora bisa maca lan nulis. 2 Korêpsi iku nglumpuhake nagara Et = agawe ringkihing nagara. 3 Lumpuh ngidêri jagad Bs = wong sèkèng nanging pikirane lunja-lunja njangka sing sarwa nglêngkara.

Lunga. 1 Lunga pêrang putung watange Pl = pralambange Radèn Fatah nênêlukake para adipati kang durung ngrasuk Islam dibiyantu para Wali lan para mukmin, akèh wong mukmin sing tumêka ing tiwas. 2 Alêlungan datan kongsi bêbasahan kêsêlak kampuhe bêdhah Pl = pralambange Radèn Jaka Tingkir, jumênênge ratu durung ngalami mukti wibawa kêsêlak seda.

Murang. 1 Murang marga Et = têgêse lugu: nyimpang dalan, ora ngambah dalan sing satêmêne, maksude: atindak ala. 2 Murang sarak Et = nyimpang saka sarak (saraking agama), atindak ala (ora manut pitutur). 3 Murang krama Pt = murang tata, nyimpang saka tata-krama, diksura.

Ongkang-ongkang. Gawene mung ongkang-ongkang Pt = ora nyambut gawe, mung prentah-prentah bae.

Pada. 1 Pada kang kanggo ing adangiyahe layang-kiriman warna têlu: I Pada andhap … tumrap layang marang wong tuwa (dhêdhuwuran). II Padamadya … tumrap layang marang sapadha-padha. III Pada-luhur … tumrap layang marang wong nom (andhahan). 2 Pada kang kanggo ing têmbang (kang tinulis ing sastra Jawa) warna papat: I Pada-gêdhe, awujud pada-madya … kanggone ing sabên wêkasaning padane têmbang, unine mangajapa. II Purwa-pada … kanggone ing wiwitaning carita kang sinawung ing têmbang unine bêcik. III Madya-pada … kanggone ing wêkasane pupuh manawa arêp ganti pupuh anyar, unine mandrawa, têgêse: tangèh utawa adoh (tangèh tumêkane tamat). IV Wasanapada … kanggone ing wêkasane carita kang sinawung ing têmbang, unine iti. têgêse tamat. 3 Têmbang sapada = salagon (Indonesia: sebait). 4 Pada lingsa = pada siji (kanggo panutuping gatra). 5 Pada lungsi = pada loro, kanggo panutuping ukara. 6 Pada pangkat = pada kang dianggo ngapit-apit angka Jawa, utawa dianggo tandha manawa arêp nyêbutake barang luwih saka loro kanthi urut-urutan lsp. 7 Pada pacak = awujud das ingapit-apit pada lungsi, dianggo panutup ing crita gancaran kang tinulis ing sastra Jawa. 8 Sapada-pala = salaku (salampah), saperangane têmbang Gêdhe utawa têmbang Kawi. Têmbang Gêdhe iku sabên salagon (sêbait) mêsthi ana 4 padapala = padadirga = 1 padeswara. 9 Ngaras pada Br = têgêse lugu: ngambung sikil, maksude: ngèstu pada, nyêmbah. 10 Sadpada Kw = kewan asikil nênêm (gangsir, jangkrik, lalêr lsp). 11 Pada-wadana = golonganing rai, rupa. 12 Marcapada Kw = janaloka, manuswapada, alam-donya. (Pada = panggonan). 13 Ngraup pada Br = ngrungkêpi sikil (lumrahe marga rumangsa kaluputan, njaluk pangapura).

Padal. 1 Madal tamba Pt = ora ana tamba sing bisa agawe warasing larane. 2 Madal sumbi Pb = madoni prentah kang atêgês ora tumuli nindakake pakon. 3 Madal pasilan Br = lunga saka ing pajagongan utawa pasewakan. (Sawênèh ana sing ngandhakake: madal pasihan, iku ora bênêr). 4 Madal wicara Pb = madoni dhawuh.

Pancal. 1 Pancal panggung = sikile papat pisan mawa ulês putih, nanging ulêsing awake ora putih (tumrap jaran). 2 Kêpancal sêpur Pt = kasèp ing angkate sêpur, kêtinggal sêpur. 3 Mancal donya Pt = tinggal donya, mati. 4 Wanita mancal priya Pt = wong wadon ngêmohi marang sing lanang. 5 Prau mancal = mangkat lêlayaran. 6 Mancal kêmul Pt = mangan ing wayah sore (ora patia warêg). 7 Nyêmpal sambi mancal Bs = njupuk barange wong sing dipondhoki (utawa wong sing tunggal saomah) banjur lunga.

Para. 1 Pêpara = lunga midêr-midêr prêlu ngenggar-enggar ati sarana bêdhag-pikat. 2 Mara-awak Pt = mara-bau = têka ing omahe wong prêlu rewang nyambut gawe, nanging ora nggawa piranti. 3 Mara-uni Pt = têka ing omahe wong sing lagi repot (dandan-dandan) ora têtulung, mung prêlu ngobrol. 4 Mara dagang ing pasar = dêdagangan ana ing pasar. 5 Mara dhayoh = têka ing omahe wong prêlu tilik lsp. 6 Mara tangan Pt = milara nganggo tangan. 7 Janma mara mati, sato mara mati Br =papan sing sangar bangêt, manawa ana manusa utawa kewan sing ngambah ing papan iku tumêka ing pati. 8 Piring para Pt = piring ala, dudu piring adèn-adèn.

Sandhung. 1 Sandhung jêkluk tiba kabruk mung si … = sing tansah diucapake mung si … (marga saka bangêting trêsnane). 2 Akèh sandhungane Et = kêrêp nêmu alangan. 3 Sandhung-lamur = daging rajakaya kang dumunung ing dhadha. 4 Sandhung watang Pt = prakara sing ora kêna ditêrak, manawa ditêrak ana arale. 5 Nyandhung cêpaka sawakul Pb = olèh kabêgjan gêdhe tanpa kinira ing sadurunge. 6 Kêsandhung ing rata kêbêntus ing tawang Pb = nêmu bêbaya sing ora dinyana-nyana babar pisan. 7 Satriya kêsampar-kêsandhung Pl = Satriya kang kasêbut ing Jangka Jayabaya bakal jumênêng Ratu ing nagara Kêtangga (alas Kêtangga); sadurunge jumênêng wong-wong akèh sing kêtambuhan, marga Sang Sinatriya ora ngatonake kasatriyane. Ya Satriya iku kang kasêbut uga ana ing parlambang “Tunjung putih sêmune pudhak sinumpêt”.

Sikara. Gêndhak sikara Pt = mialani wong, ganggu-gawe marang liyan.

Sikil. 1 Sikil bumbung mata laron Pt = unèn-unèn sing lumrah dianggo mêmoyok gajah. 2 Dadi sikil Pt = marakake bola-bali kudu lumaku marani, niliki lsp. 3 Sikil digawe êndhas, êndhas digawe sikil Pb = kanthi rêkasa bangêt, bêbasan nganti nungsang njêmpalik.

Sila. 1 Sila panggung = silane wanita, dhêngkul ora nggêpok jogan. 2 Sila timpuh = silane wong sêmbahyang, bokonge sinangga dlamakan. 3 Sila tumpang = silane dhalang, sikile têngên tumumpang ing sikile kiwa. 4 Trap-sila = trap (patrap) + sila (bêcik) = patrap bêcik. 5 Pancasila prakara bêcik warna lima, yaiku: kabangsan, kasucian (kêtuhanan Yang Maha Esa), kamanungsan (Perikemanusiaan), panguwasaning rakyat (kedhaulatan rakyat) lan kaadilan (keadilan sosial). 6 Susila ing warna Br = bagus (ayu) rupane. 7 Sila mabukuh tumungkul amarikêlu, muka kadya konjêm bantala Br = lungguh sila akanthi urmat tumungkul bangêt, raine kaya mèpèd ing lêmah. 8 Susila anor-roga Br = warnane bagus (ayu) tur andhap-asor. 9 Susila tyase ngumala Br = rupane bagus (ayu) tur luhur ing budi. 10 Nambutsilaning akrama Br = omah-omah. jêjodhoan, kawin.

Suku. 1 Suku-dirga = suku-mêndut = sandhangan suku kang aswara dawa. 2 Ngraup suku Br = ngrungkêbi sikil, lumrahe marga rumangsa kaluputan (njaluk pangapura). 3 Sidhakêp asukutunggal, nutupi babahan hawa-sêsanga Br = carane muja samadi, tangane sidhakêp, sikile dadi siji (rapêt), kabèh dalane hawa-napsu kang cacahe 9 ora makarti. (Babahan hawa-sêsanga yaiku: mripat 2, kuping 2, cangkêm 1, bolongan irung 2, palanangan utawa pawadonan 1 lan jubur 1). 4 Suku jaja têkên janggut Br = kanthi rêkasa bangêt. 5 Ora ketang nglimang sukoni Pb = sanadyan kanthi rêga larang mêksa daktêmpuh (daksêrang). 6 Disuku = ditrapi sandhangan suku (tumrap aksara Jawa).

Tapak. 1 Tapak jalak = corekan prapatan minangka lêlirune tandha tangan. 2 Tapak-paluning pandhe Br = kabèh gêgaman kang saka wêsi. 3 Tapakdara = kayu sanggan dêbog sing dianggo nyimping wayang. 4 Tapak-asta Ki = tandha-tangan, uga atêgês: turahan pangan (lorodan). Sawênèh ana sing nêmbungake: tapak asma, iku luput. 5 Tinggal tapak jêro Bs = ora nêtêpi kasaguhan. 6 Tumapake sasi iki = tanggale siji sasi iki. 7 Tumapaking gawe = wiwit tumindaking gawe. 8 Nggolèki tapake kuntul anglayang Ib = ngulati (maksude: nyumurupi) kêplasing nyawa. 9 Napak tilas Pt = nganggo cara kaya carane wong sing diganti kalungguhane. 10 Gênti tapak Pb = wong mangan kang gênti ajang, ajang siji dianggo wong loro gêntenan: uga atêgês: wong loro kang lakune untap-untapan bae.

Tilas. 1 Tanpa tilas Pt = tanpa lari, tanpa tabêt, ora ana tandha-tandhane babar pisan. 2 Ngalap tilasane Suta Pt = ngêpèk randhane Suta. 3 Mbuwang tilas Pt = nindakake apa-apa dianggo nutupi panggawe ala sing mêntas dilakoni. 4 Namuntilas Pb = ngidaki tapake maling, ngilangi tapaking durjana. 5 Napak tilas = Mr. tapak.

Tindak. 1 Tindak macan lupa Cd = laku macan luwe yaiku lêngkèt-lêngkèt obah ngiwa-nêngên mêndat-mêntul. 2 Satindak sapêcak Pb = doh-cêdhaking sadulur; sadulur sing wis adoh ngibaratake satindak, sing isih cêdhak dingibaratake sapêcak. 3 Gliyak-gliyak yèn tumindak Pt = sanadyan kanthi alon nanging têrus ditandangi, suwe-suwe mêsthi klakon rampung. 4 Ngêdohake tindak dudu Pt = nyingkirana panggawe ala, aja nglakoni panggawe ala.

Trajang. 1 Nrajang gawar Pb = nêrak undhang-undhang nagara. 2 Nrajang grumbul ana cèlènge Bs = njarag ngambah papan kang ana bêbayane.

Tracak. Kewan atracak wungkul = kewan atracak siji (jaran, kuldi lsp), kosok-baline: kewan atracak bêlah, yaiku kewan kang tracake mawa sigaran (kêbo, sapi lsp).

Tut. 1 Tut wuri ndayani Pb = panuntun (Guru, wong tuwa) kang mènèhi kamardikan bab ada-ada marang sing dituntun, mung mènèhi pituduh utawa pamrayoga ing saprêlune, nanging bisa njalari gêdhening wohe ada-ada mau. (Ada-ada = inisiatip). 2 Nututi balang wis tiba Bs = nusuli gunêm kang wis diucapake utawa kasaguhan kang wis dijanjèkake. 3 Nututi layangan pêdhot Bs = ngarah baline barang sapele kang wis ilang, saupama sêdyane bisa kalêksanan ora gathuk karo rêkasane. 4 Rasa ngangsu, randha loro anututi pijêr atukar Pl = pralambange satriya oncat saka praja yaiku P. Mangkubumi lan Radèn Mas Said, ingêlud wadyabalane S. Pakubuwana III lan saradhadhu kompêni kang kurang saiyêg, wasanane P. Mangkubumi jumênêng Sultan Hamêngkubuwana I lan R. M. Said jumênêng P. Mangkunagara I.

Cèkèh. Cèkèh mêkèkèh Pt = sikil kang manawa dianggo mlaku katon mênga amarga engkar.

Colot. Colotan lan cablèkan Pb = wong ngêdolake baranging liyan olèh ujuran saka wong sing prentah ngêdolake lan uga saka wong sing nuku barang iku.

Undur. 1 Mundur mapan Pt = ulah mundur (prajurit), mundure marga prêlu mranata gêlaring baris murih prayogane, ora marga nêdya mlayu. 2 Mundur palarasan Br = lunga saka ing pajagongan (pasowanan) tanpa pamit. 3 Mundur uncêg Bs = kêkarêpan kang têrus ngangsêg, ora ana mêndhane. 4 Ngunduri tuwa Pt = sangsaya tuwa. 5 Kêkarêpane maju-mundur Et = ora mantêp, sajak gojag-gajêg. 6 Maju ewuh mundur kêpaluh Pb = yèn sêdyane ditêrusake mêsthi bakal ngalami ora kêpenak; yèn diwurungake mêsthi bakal kapitunan. 7 Undur-undur = arane kewan sagara bangsane yuyu. 8 Jame diundurake Et = digawe luwih rindhik (rêmbên).

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: