RSS

Pangan

XXXI. PANGAN, BUMBU, PAKARÊMAN

Dasanama: Pangan = baksa, baksana, boja, bojana, boga, bukti. Arane pamangan: 1 Sarapan, têgêse: semekan, mangan ing wayah esuk. 2 Madhang = mangan ing wayah awan utawa sore. 3 Mancal-kêmul = mangan ing wayah sore ora pati warêg. 4 Buka = mangan wayah sore tumrap wong pasa.5 Saur = mangan wayah bêngi tumrap wong pasa. 6 Tajil = mangan nyamikan ing wayah sore tumrap wong pasa. 7 Maêm = mangan tumrap bocah cilik. Pamangane kewan. Mr. kaca 121.

Boja. 1 Binoja-krama Br = disugata minangka pakurmatan (tumrap tamu). 2 Gantung boja Pt = wis ningkahan, nangingdurung dikêpyakake sarana karamean (marga durung duwe wragad), kosok-baline: gantung kawin = wis dikêpyakake kanthi karamean, nanging durung ningkahan (ngêntèni tibane wêktu sing prayoga, dina sing bêcik).

Bojana. 1 Bojianaandrawina Br = suka pari-suka sarana dhahar lan ngunjuk maneka warna. 2 Kêmbul bojana = dhahar sêsarêngan.

Boga = 1 Ngupa-boga Kw = golèk pangan. 2 Antaboga Pd = dewa kang akahyangan ing Saptapratala, garwane asma Dèwi Suprêti, pêputra Nagagini lan Nagatatmala.

Dhahar. 1 Cêgah dhahar miwah guling Br = tirakat sarana ngurangi mangan lan turu. 2 Juru madhaharan Ki = tukang olah-olah ing dalême bangsa luhur. 3 Botên karsa dhahar atur kawula Ki = ora gêlêm nggugu kandhaku. 4 Padharan Ki = wancahane padhaharan, wêtêng.

Jangan. 1 Jangan bêning = jangan gêgodhongan (ora kênthêl). 2 Jangan sop = kaya jangan bêning, nanging sing dijangan luwih apik (kênthang, kubis lsp.) sarta nganggo bumbu mrica. 3 Jangan mênir = jangan bêning bayêm karo jagung nom. 4 Jangan bobor = jangan mawa santên cuwèr tanpa lombok. 5 Jangan lodhèh = jangan mawa santên lan lombok. 6 Semur = mawa bumbu kecap lan mrica. 7 Têrik = mawa santên kênthêl tanpa lombok. 8 Gudhêg = jangan gori mawa santên lan tumbar. 9 Brongkos = mawa bumbu kluwak lan lombok. 10 Jangan bumbu-sura = mawa bumbu jêruk purut lan sêre. 11 Car-cor kaya kurang janganan Pb = gunêman sing ora patut (saru). 12 Manis-jangan = arane wit sing klokopane rasane pêdhês asêdhêp.

Jênang. 1 Jênang baro-baro = jênang abang ditêngahi putih lan dicampuri gula-krambil. 2 Bonang-baning = jênang abang-putih. 3 Jênang alot = jênang glêpung kêtan lan gula. 4 Krêsikan = jênang saka bêras kêtan disangan nuli didhêplok karo gula. 5 Jênang dlima = jênang saka pathi tela sing digaringake lan digawe mawa warna abang, putih lsp. 6 Jênang cadhil = jênang glêpung bêras kêtan diplintèni. 7 Jênang saren = jênang glêpung kêtan diirêngi nganggo landhane klaras. 8 Jênang sungsum = jênang glêpung bêras mawa juruh. 9 Jênang kangrang = jênang bêras kêtan (mawa santên). 10 Jênang salayah Bs = wong-wong kang wis golong pikir. 11 Jênang dodol tiba wêdhi Bs = rêmbug wis dadi banjursing njalari jugare. 12 Kajênangan kaebora Bs = arêp dikapakake mangsa bodhoa, wis dipasrahake. Ebor = cidhuk mawagaran dawa. 13 Dijênangake abang Pt = diwènèhi jênêng (kanthi dibarêngi karo slamêtan jênang abang).

Gêrèh. Walik gêrèh Pb = wong siji nyangga pasaosan marang wong luhur rong panggonan: utawa wong loro nggarap pagawean sadina sewang-gêntenan.

Gula. 1 Gula-drawa Kw = gula jêmèk, gula lèdèng, arane têmbang Dhandhanggula. 2 Gêndera gula-klapa = gêndera abang-putih. 3 Ngalêm lêgining gula Bs = ngalêm marang panggêdhe utawa wong pintêr. 4. Ngêmut lêgining gula Bs = dititipi barang diêlongi saka sathithik, dijaluk ora tumuli diwènèhake. 5 Ana gula ana sêmut Bs = papan sing ana kamelikan mêsthi ditêkani wong. 6 Sêmut marani gula Bs = wong marani papan kamelikan (pangan).7 Jênang gula Ws = glali. 8 Rênggang gula Sn = rakêt bangêt sêsrawungane. 9 Lambe dhamis nggula satêmlik = dhamis lan cilik. 10 Kêmbang-gula = prêmèn.

Intip. 1 Dadi intiping nraka Pt = dicêmplungake (manggon) ing dhasaring nraka. 2 Ngintip Kw = nginjên. 3 Mintip-mintip = mêtu sathithik (pucuke utawa sirahe).

Kênul. Jêminul kaya kênul Pt = unèn-unèn tumrap bocah sing tambêng ora gêlêm nggatèkake.

Kinang. 1 Buntêl kadud ora kinang ora udud Pb = nyambut-gawe kanthi opah borongan, tanpa ingon lan tanpa wedang. 2 Sapanginang Pp = sadhela bangêt. Yèn nginanga durung abang, idua durung asat = sadhela bangêt. 3 Dak kinange jambe-suruhe Pb = dak lamare, dak-alape dadi bojoku. 4 Nyonyah nginang = arane kêmbang, warnane putih ing têngahe abang.

Kluban. Cangkême urab-uraban kaya kurang klubanan Pt = sênêng ngucapake têmbung saru. (Kluban = kulub + an = kuluban, nuli dipluta dadi: kluban. Kulub = godhog).

Kokoh. 1 Tunggal kokoh Pb = tunggal sapagawean. 2 Tinggal kokoh Pb = ngoncati pagawean sing durung rampung.

Lênga. 1 Adol lênga kari busik Pb = wong dundum ora kêpanduman. 2 Rêmbuge kaya wêlut dilêngani Pb = gunême mencla-mencle. 3 Kaya banyu karo lênga = sadulur kang ora rakêt, têpunge kalis bae.

Lisah. Lisah jayèngkatong = lênga agême ratu, yèn dilèlètake mrimat njalari wêruh lêlêmbut.

Madu. 1 Swarane pait madu Sn = madu kalah manis karo swarane, dadi atêgês: swara sing arum amanis bangêt. 2 Sirat-sirat madu Pd = têtêmbungan manis mung dianggo ngenaki ati, mung dianggo ulas-ulas utawa lêlamaisan bae. 3 Mubra-mubru blabur madu Pb = sarwa kacukupan ing sakabèhe. 4 Kebanjiran sagara madu Pb = olèh kabêgjan gêdhe bangêt. 5 Rêmbêsing madu Br = turune bangsa luhur. 6 Brakithi angkara madu Bs = wong tiwas marga saka kamelikan. 7 Pindha madu pinasthika Br = kang pinunjul dhewe. 8 Panêmbahan Madurêtna = Trunajaya.

Pangan. 1 Kêcocok ing pangan Pt = dadi lara, marga mangan apa-apa kang pancène kudu disirik. 2 Palang mangan tandur Bs = pinracaya rumêksa apa-apa malah ngrusak. 3 Nggêdhèkake pangan Pt = nêngênake bangêt marang pangan, kurang prihatin. 4 Main mangan Pt = sênêng mêmangan, mburu mogèling ilat lan klimising lambe. 5 Wis akèh olèhe mangan uyah Pt = wis akèh pangalamane. 6 Turu longan mangan longan Wc = olèhe turu diêlong, olèhe mangan uga diêlong, dadi maksude: nglakoni prihatin.

Pelas. Tapihan tangkêp pelas Pt = prasasat mung ditangkêpake bae, marga jarite kurang dawa.

Pindhang. 1 Pindhang wutah Pt = nêdya duwe gawe (mantu) wis sumêkta sauba-rampene, wasana kêpêksa diwurungake, marga ana alangan dadakan (pangantène lunga lsp). 2 Pindhang lulang Ws = krècèk (lumrahe ukara candhake muni: kacèk apa aku karo si …).

Puluk. 1 Puluk dhêkêm Pt = puluk sing gêdhe lan tênêt. 2 Nggêdhèkake puluk Pt = nggêdhèkake pangan, ora nduwèni prihatin. 3 Nampèl puluk, nêbak wong mangan Pb = nyênyongah rêjêkining liyan, rêjêki kang pancène tumiba dadi wurung.

Rampadan. Yiyidan munggwing rampadan Bs = wong asor ing budi (nistha) kumpul karo wong-wong kang padha abudi luhur.

Rujak. Parikan nganggo têmbung rujak. 1 Rujak cêngkir, pantês diwadhahi cangkir; mlipar-mlipir, solahe wong duwe êsir. 2 Rujak nanas, pantês diwadhahi gêlas; tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. 3 Rujak dhondhong, pantês diwadhahi lodhong; ati njontong, ngêntèni wong ora condhong. 4 Rujak polo = gadane Wrêkudara. 5 Rujakbêling = gadane Jayadrata. 6 Diolah bumbu-rujak = arane lawuhan.

Saji. Numpang saji Bs = duwe anak wadon wis nampa dhuwit tukon saka priya, wasana anak wadon iku banjur didhaupake karo priya liya kang uga mènèhi dhuwit tukon; dadi nampa dhuwit tukon rangkêp, tumpang.

Sambêl. 1 Munthu katutan sambêl Bs = dadi sadulur, marga katut sadulure sing dialap bojo. 2 Rambute nyambêl wijèn Pp = pating plêlik sêlap putih (uwanên).

Sêga. 1 Sêga lulut = sêga pangantèn (mawi dicampuri kêtan lan bumbu kunir). 2 Sêga gurih = sêga wuduk, sêga mawa santên. 3 Sêga mêgana = sêga-kluban ing jêrone êndhog. 5 Sêga pondhoh = sêga dibêbak nuli diirisi banjur didèkèki parudan. 6 Sêgo golong = sêga sing pangolahe diêngi lan digolong-golong. 7 Bocah sumêga = lagi nêdhênge akèh pamangane. 8 Sêga kêbuli = sêga dicampuri daging lsp. 9 Sêga-jagung = jagung diliwêt utawa diêdang. 10 Sêga pênak = sêga pulên = sêga sing nganggo diêngi. 11 Sêga ramês = sêga lan lêlawuhan dicampur. 13 Mambu-mambu yèn sêga Pb = sanadyan ala wong isih sadulur. 14 Sêga sakêpêl dirubung tinggi Ck = salak.

Sêkul. 1 Sêkul urug Pb = wèwèh marang wong sugih. 2 Sêkul pamit Pb = wong têka ing pagawean kasèp, têkane ing salêbare wong-wong (kancane nyambut-gawe) padha diingoni. 3 Durung disêkuli Pt = durung dikanji, isih lêmês: tumrap têmbung blenderan atêgês: durung mangan.

Tajin. 1 Tajin dhahar miwah guling Br = ngurangi mangan lan turu (Tajin Kw = cêcêgah, ngurang-urangi). 2 Mumbul-mumbul kaya tajin Pb = ati kang tansah lunja-lunja, ora kêna diêndhakake.

Trasi. Ora wêruh êndhas trasi Pb = bênêr-luput ora dipraduli. sadulur kudu dibelani. Utawa: priya kang ora opèn marang pagaweane wanita (bojone).

Candu: 1 Urik klèlèt candu-tike Pb = atindak nakal, ora barès; pêpindhane kaya bakul candu nguriki klèlèt saka bêdudan diwadhahi impling lan diêdol, diawadake candu têmênan. 2 Rokoke nyandu = (kaya) mêtu candune.

Uyah. 1 Digêbyah kaya uyah Pt = dianggêp padha bae. 2 Uyah padha asine Pt = lumrahe unèn-unèn iku dibanjurake: nanging atine wong ora padha bae. 3 Uyah kêcêmplung sagara Bs = wèwèh marang wong sugih. 4 Diuyah-asêmi Pb = dialêmbana luwih saka samêsthine. 5 Wis akèh olèhe mangan uyah = akèh pangalamane.

Upa. 1 Diupa-upa Pt = didulang saka sathithik. 2 Caca upa Pb = ngrênggangake pamitran utawa pasaduluran. 3 Ana dina ana upa Pb = wong sing ora nyumêlangake bab pangan. 4 Ngupaboga = ngupa-jiwa, golèk pangan. 5 Upa-rêngganing tarub Kw = barang-barang kang kalêbu ampilan kaprabon, kayata: banyak-dhalang, sawunggaling, ardawalika lsp. 7 Diupakara = diupakarya, diupagawe, diopèni kanthi bêcik.

XXXII. SANDHANGAN

Dasanama: Sandhangan = panganggo, busana, agêm-agêman, wastra. Sing klêbu sandhangan: Ikêt, bêbêd (tumrap wanita: tapih), klambi, sabuk, kêndhit, pênding, kathok, kêbayak, sayak, kotang, slendhang, kalung, gêlang, suwêng, ali-ali, anting-anting, pêniti, tusuk-kondhe lsp.

Sandhangan sapangadêg, tumrap priya: bêbêd, klambi, ikêt. Tumrap wanita: tapih, klambi, slendhang.

Sandangan wayang, kayata: Topong-makutha = agême Krêsna, Baladewa lsp. 2 Topong-kêthu = agême Bathara Guru, Karna lsp. 3 Kêthu-dewa = agême para dewa. 4 Kêthu-têmpak = agême para pêndhita. 5 Ukup = tutup gêlung. 6 Garudha-mungkur = kancing gêlung pinêtha sirahe garudha kang trape mungkur. 7 Dawala = pita tali rambut ngiras dadi rêrênggan. 8 Jamang sada-saêlar lan jamang-sungsun = rêrênggan bathuk. 9 Sumping = rêrênggan kuping. 10 Praba = rêrênggan gêgêr awangun kaya swiwi. 11 Ulur-ulur = kalung kang têrus kumlawèr sambung karo pênding. 12 Kêlat-bau = rêrênggan ing bau, wujude ana warna têlu: 1 Naga mêmangsa utawa naga ngangrangan, agême ratu. 2 Clumpringan agême punggawa. 3 Bogêman agême darah Bayu (Anoman, Wrêkudara). 13 Gêlang = rêrênggan ugêl-ugêl, wangune: gêlang kana (agême Janaka lsp), gêlang nagendrarêsmi utawa naga mêmangsa (agême para ratu), gêlang clumpringan (agême Prahastha lsp), gêlang Candrakirana (agême Bayu, Sena, Anoman). 14 Gêlang-kroncong – gêlang sikil (jaman saiki atêgês: gêlang-tangan cilik-cilik akèh). 15 Badhong = rêrênggan kang trape ing antarane pupu, gumantung. 16 Uncal-kêncana = rêrênggan kumlèwèr sing digawe saka blèbèkan mas. 17 Uncal wastra = rêrênggan kumlèwèr sing digawe saka barang sêmbêt. 18 Cênthingan = pucuking dodod para putri kang nglèmbrèh sadhuwur bokong. 19 Simparan = pucuking dodod para putri kang kangsrah ing lêmah. 20 Pamêkan (kasêmêkan, mêkak) = tutup payudara. 21 Jubah = klambi landhung agême para dewa. 22 Slendhang = rêrênggan pundhak agême para dewa. 23 Lan liya-liyane.

Bêbêd. 1 Jêbên bêbêd Pt = bocah lanang wayahe sênêng sinau nganggo bêbêd (umur 8 – 9 taun). 2 Nanggung yèn ana bêdahing bêbêde lan gêmpaling wrangkane Pb = nanggung yèn nganti karusakan, kapitunan lsp.

Bêsus. Durung pêcus kêsêlak bêsus Pb = durung sêmbada wis tuwuh karêpe sing ora-ora, kajaba wis kêpengin omah-omah lsp.

Busana. 1 Ngadi busana Br = ngadi sarira sarana manganggo sarwa bêcik. 2 Ngasuk busana Br = nganggo sandhangan, dandan. 3 Dhasar sulistya ing warna sinêmbuh endahing busana Br = dhasar rupane bagus (ayu) tur manganggo sarwa endah. 4 Bayêm arda, ardane ngrasuk busana Ws = lumrahe ukara candhake muni: mari antêng, bêsuse saya kêtara. (Latêng utawa klatêng, bêsus). 5 Mbêsêmake busanane basa = ngrusakake kaendahane basa.

Dandan. Wurung dandanan Pt = ora kanggo ing gawe, ora dadi wong bêcik.

Jarit. 1 Babat jarit = wadhuke rajakaya, panunggalane: babat galêng, babat sumping, babat tawon. 2 Jarit pêpali Pt = jarit lurik ciyut acorak malang dianggo uba-rampening sasrahan. 3 Jarit esuk-sore Pt = jarit pasar-sore = jarit kang coraking bathikane wolak-walik ora padha, kayata: sing sasisih kawung, sisih liyane parang-rusak; kosok-baline: jarit lamba. 4 Jarit luwas ing sampiran Es = kapintêran ilang, marga ora tau kanggo.

Gandar. 1 Mung olèh gandare bae Pt = mung olèh rupa bagus (ayu). 2 Gandar iras Pt = gandar karo wrangkane ora sambungan.

Gêlang. 1 Têmu gêlang Pt = bundêr lan wêkasane gathuk. 2 Gêgêlang munggwing dariji Ws = ali-ali. Dhapure gêlang: Sigar pênjalin, lilit-wi, rante, ulan-ulan, bebekan, kroncong (gêlang akèh cilik-cilik). Dhapure gêlang wayang: 1 Nagendrarêsmi agême ratu. 2 Gêlang Kana agême putri lan satriya. 3 Clumpringan agême punggawa. 4 Candrakirana agême darah Bayu (Anoman, Wrêkudara).

Gêmbring. Ora gêmbring ora waring Pb = ora nyandhang, mlarat bangêt. Gêmbring = tênunan tipis angramyang. Waring = bangsane kadut alus sok dianggo jubah.

Ikêt. 1 Dhêngkul ikêt-ikêt Bs = wong bodho didadèkake pangarêp (marga isih kaprênah sadulur). 2 Ngikêt-ikêti dhêngkul Bs = ngopyahi dhêngkul, nasabi dhêngkul = mikolèhake sadulure dhewe. 3 Sèkêt = 50 (sa + ikêt).

Indhing. Kudhung indhing Pb = priya sing kalah bangêt karo wanita (bojone). Indhing = cawêting pawadonan nalika nggarap sari.

Kampuh. 1 Kampuh kang pêra sigine Pd = kampuh kang isih anyar. 2 Kampuh pudhak sinupit Pt = nganggo dodod kang sisih têngên ing sadhuwur dhêngkul. 3 Mirong akampuh jingga Pb = madêg kraman, mbalela. 4 Alêlungan datan kongsi bêbasahan, kêsêlak kampuhe bêdhah Pl = pralambange Jaka Tingkir,olèhe jumênêng Ratu ing Pajang durung nganti mukti wis seda.

Kathok. 1 Jêbên kathok Pt = bocah lanang wayahe sênêng sinau nganggo kathok (umur 5 – 6 taun). 2 Kathok kalèt = kathok cêkak kang sajak krakêt ing kulit. 3 Kathok gêmbyong = kathok amba, nanging cêkak. 4 Gondhèlan kolor kathok Pb = wanita sing mung manut-miturut marang priya (bojone).

Kaca. 1 Kaca paesan = kaca gêdhe (pangilon) sing dianggo ngilo nalika dandan. 2 Kaca-mata = kaca-tingal Ki = têsmak. 3 Kacanagara Pd = Guritna, Gathutkaca. 4 Dadi kaca-bênggala Pt = dadi tuladha. 5 Mripate kaca-kaca Pt = mripate kêbak luh, arêp nangis.

Kêndhit. 1 Wêdhus kêndhit Pt = wêdhus sing saka wêtêng têkan gêgêre mawa corak putih. 2 Kêndhit mimang kadang dewa Pb = wong sing kalis ing bêbaya.

Kêthu. Kêmbang sempol sêmune lêbe kêkêthu Pl = pralambange S. Sedakrapyak lan Sultan Agung mungkul bangêt marang agama Islam. Kêmbang sempol = tunjung, trate.

Klambi. 1 Klambi blênggèn = klambi mawa plisir bênang-mas. 2 Udan kumlambi Pt = udan riwis-riwis, nanging bisa njalari têlêsing klambi kang dianggo. 3 Malik klambi Pb = mbalik ngiloni mungsuh. 4 Wangune (potongan) klambi: bêskapan, surjan, tutupan, bukakan, kurung, kuthung, jubah.

Sabuk. 1 Sabuk wala Pt = bêbêdan, jarite sing saparo dianggo kêndhitan. 2 Sabuk galêng Pb = sugih palêmahan (sawah). 3 Sabuk udaraga Pt = sabuk mawa corak maneka warna. 4 Sabuk bara Pt = sabuk mawa gombyok.

Sandhang. 1 Sandhang-walikat = piranti dianggo ngangklèk kêris. 2 Sandhang-lawe = manuk bangsane cangak, warnane irêng. 3 Sowan panggêdhe mawa sandhangan dinês= sandhangan kang didhawuhake (ing jaman biyèn). 4 Sandhangan sapangadêg = tumrap wong lanang: ikêt, klambi lan jarit; tumrap wong wadon: slendhang, klambi lan jarit. 5 Abot sing nandhang tinimbang sing nyawang Pt = luwih abot wong sing nindakake (nglakoni) tinimbang wong sing mung ngira-ira (ora nglakoni). 6 sandhang-sandhang rowang Pb = kêna ing tarka (didakwa) banjur ngèmbèt-èmbèt kanca utawa sadulur. 7 wong urip iku butuhe sing baku: sandhang, pangan lan papan Pt = bakuning butuhe wong urip: panganggo, pangan lan omah.

Sinjang. Tan kobêr apêpaès amangun sinjang Pl = pralambange Sunan Pakubuwana IV lan V ora kobêr mbangun nagara, marga saka akèhe rêribêd kang dialami.

Sumping. Wangune sumping: 1 Surèngpati agême para ratu. 2 Wadêran agême bambangan lan satriya (kayata Arjuna). 3 Gajahngoling agême para putri. 4 Kêmbangkluwih agême Nakula-Sadewa lsp. 5 Pudhak sinumpêt agême Wrêkudara.

Suwêng. Kasèp-lalu wong mêtêng sêsuwêngan Pb = kasèp bangêt; pêpindhane wanita, nalika isih prawan ora bêsus, olèhe bêsus nganggo suwêng barang barêng wis mêtêng.

Tapih. 1 Jêbên tapih Pt = bocah wadon sing lagi wayahe sênêng sinau nganggo tapih (umur 5 – 6 taun). 2 Kesasaban tapih Pb = priya sing kalah prabawa karo wanita (bojone). 3 Kêndho tapihe Pb = wanita sing gêlêman, kaurmatane diurah-urahake marang sadhengah priya. 4 Gondhèlan poncoting tapih Pb = priya sing mung manut-miturut marang wanita (bojone).

Têsmak. Kêdhèp têsmak Pb = nyawang suwe ora kêdhèp-kèdhèp. 2 Têsmak bathok, mata mlorok ora ndêdêlok Pt = têsmak dhingklik, têsmak watu = wong mamak ora ndêdêlêng.

Topi. Topi pacul-gowang = topi-lakên sing ing ngarêp njêbèbèh, ing têngah krowak.

Cancut. Cancut tali-wanda Br = tandang sarana panganggone ditalèkake ing wanda (awak).

Caping. 1 Caping bèbèk = caping undhuk = caping gêdhe saka blarak utawa clumpringe pring (sing nganggo lumrahe wong angon bèbèk). 2 Caping basunanda Pd = capinge Gathutkaca. 3 Caping gunung = caping sing lancip. Tumrap wangsalan, têmbung “caping gunung” batangane iya caping lancip, maksude “icipana”.

Cawêt. 1 Kêriga sacindhile abang, cawêta têkan wadone Pd = wadyabalamu wêtokna kabèh, sing asipat wadon konên cawêtan (padha majua barêng ngroyok aku). 2 Wedang lêlaku tumpêr cinawêtan Bs = bocah karamjadah (ora karuwan bapakne).

Cindhe. Gêdhang apupus cindhe Bs = kabêgjan kang nglêngkara, prakara kang mokal. 2 Emban cindhe êmban siladan Bb = ora adil pangrêngkuhe, pilih-sih.

Cincing. 1 Randha cincing Pt = arane pagêr sing ora nggêpok lêmah (ngongkang). 2 Cincing-cincing klêbus Pb = (wong duwe gawe) wêgah ngêtokake dhuwit akèh, mulane olèhe têtuku apa-apa dicumpèni saka sathithik, toging êndon malah dadi saya luwih akèh wragade.

Clana. 1 Clana pokèk = clana amba, nanging cêkak. 2 Clana panji-panji = clana kang kaprênah dhêngkul mawa bênik.

Cundhuk. 1 Cundhuk mêntul = cundhuk awujud têtironing kêmbang, yèn dianggo katon mêntul-mêntul. 2 Cundhuk laris Pt = sudaning rêrêgane barang dianggo srana supaya olèhe dodolan bisa laris. 3 Durung cundhuk acandhak Pb = durung nganti ngréti bab sing dirêmbug wis kêsusu ngudhoni rêmbug. 4 Panêmumu cundhuk karo panêmuku = salaras, cocog.

Wade. Dikêmpit kaya wade, dijuju kaya manuk Pb = diopèni kanthi bêcik lan diwêlêg ing pangan (supaya enggal gêdhe).

Wastra. 1 Wastra lungsêt ing sampiran Pb = kapintêran ilang. marga ora tau kanggo. 2 Wastra bêdhah kayu pokah Pb = kêtaton nganti putung balunge.

Wuda. 1 Wuda blêjêd = wuda babar-pisan (tanpa awêr-awêr). 2 Said kawudan Pb = palapuran sing kurang têrang. 3 Emboke wuda anake tapihan Ck = pring lan bung; pring tuwa lumrahe clumpringe wis gogrog, bung isih kabuntêl ing clumpringan. 4 Tapa wuda sinjang rambut Kss = patrape mratapa Nimas Ratu Kalinyamat (ana ing wukir Danaraja). 5 blaba wuda = saka bangêting lomane, nganti awake dhewe kêcingkrangan.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: