RSS

Karya Junalistik

Jurnalistik utawa jurnalisme (saka tembung journal) ing basa Indonesia kasebut “kewartawanan”, yaiku cathetan bab kadadean sadina-dina, uga bisa diarani surat kabar. Journal yaiku saka istilah basa Latin diurnalis sing ateges wong kang nyambut gawe jurnalistik.
Ing Indonesia, istilah “jurnalistik” biyen diarani “publistik”. Istilah-istilah kuwi mau biasa diwolak-walik, nanging beda asale. Ing saperangan kampus ing Indonesia wis tau nganggo istilah kuwi mau amarga kiblate marang Eropa. Amerika banjur ngganti publistik dadi jurnalistik. Publistik uga dinggo ngrembug Ilmu Komunikasi.
Aktivitas
Kewartawanan bisa diarani coretan kapisan jroning sejarah . Pawarta kerep ditulis nalika pungkasaning wektu , nanging biasane diowahi sadurunge dibabar.
Para wartawan kerep sesambungan karo sumber sing kala-kala gegayutan karo konfidensialitas. Para pamerintahan Barat menehi jaminan kaleluasan ing pemberitaan (pers).
Pakaryan pokok ing kewartawanan yaiku paring palaporan kadadean kanthi andharan sapa, apa, kapan, ana ngendi, ngapa, lan kepiye (ing basa Inggris diarani 5W+1H) uga ngandharake kawigaten lan akibat saka kadadean utawa kang lagi trend. Kewartawanan nyakup pirang-pirang media kayata: koran, televisi, radio, majalah lan internet minangka tamu anyar ing jagading pawarta .
Sejarah
Kawitane, komunikasi tumrape manungsa gumantung karo komunikasi gethok tular. Cathetan sejarah kang gayut karo penerbitan media masa lair amarga penemuan mesin cithak dening Johannes Gutenberg.
Ing Indonesia, kagiatan jurnalistik kawiwiti dening Belanda. Para pejuang kamardikan Indonesia padha nganggo kewartawanan minangka alat perjuangan. Ing era iki Bintang Timoer, Bintang Barat, Java Bode, Medan Prijaji, lan Java Bode terbit. Ing mangsa pendudukan Jepang mengambil alih kakuasan, koran-koran iki banjur dilarang. Nanging akhire ana limang media kang oleh izin terbit: Asia Raja, Tjahaja, Sinar Baru, Sinar Matahari, lan Suara Asia.
Kamardikan Indonesia nggawa berkah kanggo kewartawanan. Pamarentah Indonesia nganggo sarana komunikasi kanthi Radio Republik Indonesia. Nalika arep Asian Games IV, pamarentah nglebokake proyek televisi. Saka taun 1962, Televisi Republik Indonesia lair kanthi eknologi layar hitam putih.
Nalika pamarentahan presiden Soeharto, akeh pembreidelan media massa. Kasus Harian Indonesia Raya lan Majalah Tempo minangka conto sing ketara ing sensor kekuasaan iki. Kontrol dicekel saka Departemen Penerangan lan Persatuan Wartawan Indonesia (PWI). Bab iki kang banjur nuwuhake Aliansi Jurnalis Independen kang mendeklarasikan diri ing Wisma Tempo Sirna Galih, Jawa Barat. Saperangan aktivis dilebokake ing kunjara.
Titik kaleluasan pers wiwit krasa maneh nalika BJ Habibie ngganti Soeharto. Akeh media massa tuwuh lan PWI ora mung dadi sawijining organisasi profesi. Kagiatan kewartawanan diatur nganggo Undang-Undang Pers Nomor 40 Tahun 1999 kang digawe Dewan Pers lan Undang-Undang Penyiaran Nomor 32 Tahun 2002 kang digawe dening Komisi

Mangga kaaturaken mlebet ing :http://www.solopos.com/jagad-jawa

Nindakake dhawuhe Gusti

Yohannes Siyamta, calon pustakawan UAJY

Kamis, 10 Januari 2013 10:00 WIB
Nikah dadi manten utawa ewuh mantu dadi peranganing upacara kang penting kanggone wong Jawa. Upacara kuwi dadi sarana nindakake dhawuhing Gusti murih mekar lan ngrembakaning sujanmi sarta lestari lan rahayuning bawana. Kajaba kuwi, ing upacara mantu uga dadi sarana manunggalake pribadi kang beda ing jenis, watak wantu sipat lan brayate.
Katandhingake saka kajat utawa ewuh liyane, ewuh mantu iki rinasa dadi luwih penting. Brayat kang amengku gati rumangsa bombong lan mongkog menawa bisa ngadani utawa nindakake ewuh mantu mau saka purwa, madya lan wasana kanthi rancak, regeng sarta semuwa.
Ing buku Tata Upacara dan Wicara Pengantin, Dr Suwarna ngandharake menawa urutaning upacara mantu kaperang dadi telu, yaiku sadurunge mantu, tumapaking gati lan sabakdane mantu utawa pasca mantu. Kapisan, perangan sadurunge mantu. Ing perangan iki, ana adicara nontoni, lamaran, asok tukon, peningsetan lan sesrahan. Kapindho, rerangkening adicara ing tumapaking gati ing antarane majang tarub, siraman, midodareni, ijab lan panggih sarta pawiwahan.
Majang tarub, diadani udakara rong dina utawa telung dina sadurunge tumapaking gawe. Lakune, kang amengku gati sinartan garwa nemplekake bleketepe, jarwa dhosoke yen wis ditumplek blek rakete peni. Tarub kang dumadi saka sapasang tebu ireng, rong janjang cengkir gadhing, rong tundhun pisang raja, rong iket pari sarta tetuwuhan liyane kang kaentha-entha minangka gapura, aweh pratandha yen kajat ewuh mantu sumadya kawiwitan.
Tebu nduweni teges anteping kalbu, cengkir gadhing ditegesi kencenging pikir, gedhang raja aweh pratandha yen penganten mengkone minangka raja lan ratu sanadyan mung sadina dene pari lan tetuwuhan lliyane minangka pralambang subur lan makmur, amrih sing kagungan kersa sumrambah penganten lan kulawangsane uga bakal makmur, widada, tulus lan raharja. Yen tarub mau wis mawujud mula banjur trep marang tegese yaiku ditata kareben murub.
Siraman, diadani ing wanci sore sadurunge midodareni. Siraman mono makna sing wigati yaiku sesuci. Ora mung ngudi resiking raga nanging, uga nggayuh resiking ati. Dene bab midodareni, maknane jaman semana calon panganten putri ngantu-anti tedhaking widadari kang tumurun dadi cahyaning panganten. Manut gotheking wong akeh ing jaman semana, Widadari mau anggone tumurun tabuh 12 wengi, mula banjur calon penganten putri ora kena mapan sare sadurunge tabuh rolas, amerga widadarine durung mudhun.
Nanging ing jaman saiki prayoga menawa malem midodareni iki digunakake kanggo nyenyadhang berkahing Pangeran kanthi donga utawa sembahyang, amrih adicara sing bakal digelar bakal lancar lan lancar uga bale somah sing bakal dibangun dening penganten sarimbit. Penganten muslim ngadani pengajian dene umat Kristen lan liyane ngadani sembahyangan.
Ijab lan panggih mujudake upacara kang baku ing ewuh mantu. Jaman saiki ijab ditindakake murih sah miturut tatacara agama lan sah uga miturut pranataning nagara. Sing ngrasuk agama Islam nindakake ijab kabul bisa ing omah, masjid utawa KUA. Kang ngrasuk kapitayan Kristiani (Kristen lan Katholik) nampa berkah utawa sakramen ijab ing greja. Mengkono uga umat liyane nindakake tata cara manut tuntunan kapitayane. Sakbakdane sah sacara agama lan nagara dibacutake kanthi upacara panggih.
Pawiwahan, minangka tandhaning puji syukur krana berkahing Pangeran sarta nyuwun pangestu marang para tamu murih brayat kang binabar anyat tansah rukun lan pinaringan berkah lan manggih rahayu. Wujud syukur iki adat sabene dipungkasi kanthi anyugata para tamu kanthi kembul bojana. Kaping telu, sabakdane mantu biyasane diadani adicara sepasaran penganten utawa boyongan. Ditindakake sepasar sakbadane ijab, boyongan sowan ing kadang besan.

Sumbang Saran, Dudu Saran Sumbang

Yohanes Siyamta :Alumnus Prodi Pendidikan Bahasa Daerah IKIP Yogyakarta lan Pustakawan UAJY

Artikel Ethnologue: Languages of the World kang kababar dening Time Almanac 2011 ngandharake lamun katitik saka akehing pawongan kang migunakake lan katandhingake karo basa-basa liyane ing saindenging jagad (sadonya), Basa Jawa mapan ing urutan kaping 12. Dene urutan kapisan tumekaning kaping lima yaiku: basa Mandarin, Spanyol, Inggris, Arab lan Hindi.
Andharan iku gawe bungah ing manah, bombonging pikir lan mongkog ing ati tumrap wong Jawa. Basa Jawa nyata ngedap-edapi lan manjila! Nanging apa ya kaya ngono sanyatane? Apa basa Jawa isih duwe daya lan piguna ing panguripaning wong Jawa saben dina? Geneya ing jaman saiki akeh panemu yen wong-wong Jawa ora seneng migunakake lan ora bisa micara basa Jawa?
Pakar filsafat lan budaya Jawa ing Sekolah Tinggi Filsafat (STF) Driyarkara, Romo Franz Magnis Suseno, nate ngandharake menawa paugeran lan wedharan kang kamot jroning budaya Jawa wis luntur merga pangaribawaning jaman modheren (modernisasi). Kacihna ing jaman saiki sansaya akeh wong sing ora seneng migunakake basa Jawa.
Kanggo ngawekani kahanan iki, penjenengane paring pamrayoga amrih basa Jawa tetep digunakake lan dilestarekake lumantar pamulangan-pamulangan ing sekolahan. Karana pamrayoga iku lan ngiras pantes ngejawantahake asiling Kongres Bahasa Jawa mula ing wektu iki wus kaleksanan. Basa Jawa manjing dadi Kurikulum Muatan Lokal ing tataran pamulangan SD tumekaning SMA. Lumaku ing tlatah Jawa Tengah, Jawa Timur lan DIY.
Ing tataran SMP lan SMA cak-cakane bisa disebut temata amarga diwulang dening para guru lulusan Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa utawa lulusan Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa. Emane, ing tataran SD sing ndhasari kawruh lan pangertine para siswa malah diwulang dening guru sampiran.
Guru sampiran yaiku guru sing ora duwe hak mulang basa Jawa nanging disampiri ayahan mulang Basa Jawa. Pawadan mau kanggo nggenepi gunggunge jam pamulangan. Yen kang disampiri duwe rasa seneng lan gelem ngudi murih kawruh basa Jawane laras lan leres (baik dan benar), para siswa bakal antuk kawruh basa Jawa kang bener lan bakal seneng migunakake basa Jawa.
Kosok balene, yen sing disampiri mau ora seneng, leleh-luweh, amarga rumangsa dudu ayahane, banjur anggone mulang mung sageleme dhewe, malah ana sing mung manut kunci–ora preduli kunci mau bener utawa luput–hla rak dadi cotho. Para siswa ora bisa lan ora mengerti, tundhane rumangsa angel lan bajur ora tresna marang basa Jawa.
Kejaba pamulangan utawa sekolah, brayat utawa kulawarga (Jawa) nduweni jejibahan melu nguri-uri lan njaga lestarine basa Jawa. Pocapan lan sesambungan jroning brayat–bapa, biyung lan para putra–prayoga banget ngulinakake lan migunakake basa Jawa. Ora-orane yen bakal rugi lan ketinggalan jaman.
Malah manut panemuku, para putra bakal duwe kaprigelan migunakake basa kang maneka-warna (multibahasa). Saora-orane, prigel basa Jawa amarga sinau lan migunakake ing omah. Dene ing sekolahan tambah kaprigelan basa liyane. Ing antarane Indonesia, Inggris, Arab, Mandarin, lan sapiturute.
Ing bebrayan agung, basa Jawa uga isih piguna lan nduweni daya. Tuladhane jroning adicara-adicara tadhisi: mitoni, selapanan bayi, supitan, mantu, pambudhaling layon lan upacara liyane, wong-wong Jawa rumangsa sengsem lan marem migunakake basa Jawa. Malah jroning pangibadah (pengajian lan sembahyangan), wong-wong Jawa rumangsa rumesep uga kanthi migunakake basa Jawa.
Kanthi andharan iki cetha menawa basa Jawa nyata isih andayani lan migunani tumrap pribadi lan bebrayan agung. Emane, ing pungkasaning 2012 ngancik taun 2013, kahanan iki bakal malik grembyang. Saperangan kanca–para guru basa Jawa–was-sumelang lan kuwatir aja-aja ing Kurikulum 2013 mengkone, mata pelajaran (mapel) Basa Jawa bakal diilangi, dikurangi utawa digabung ing mapel Seni lan Budaya. Kabeh isih dadi pradondi lan durung cetha!
Rikala para guru Basa Jawa mau ngajak rerasan lan sambat babagan iki, aku dhewe–kang uga lulusan Program Studi (Prodi) Basa Jawa nanging ora makarya ing pamulangan–mung bisa ngeyem-eyemi, caos pamrayoga lan urun rembug. Basa Jawa–lan basa dhaerah liyane–kawit biyen mula ora nate lan ora bakal kalebu ing kurikulum nasional (kurnas).
Asiling Kongres Bahasa Jawa kaping papat (2005) nduweni pangaribawa (pangaruh) becik utawa positif tumrap mapel Basa Jawa. Yen taun-taun sadurunge ing tlatah Jawa Tengah, Jawa Timur lan DIY basa Jawa mung diwulangake ing tataran SD lan SMP, wiwit t 2005 wajib diwulangake ing tataran SD, SMP tumekaning SMA/SMK, kalebu ing Kurikulum Muatan Lokal (Mulok).
Kanggo mangun kapribadening para siswa lan njaga lestarining basa, sastra lan budaya, becik lamun pamulangan Basa Jawa–lan basa dhaerah liyane–tetep dilestarekake minangka muatan lokal kaya sing saiki wis lumaku ing Jawa Tengah, Jawa Timur lan DIY. Amrih maujuding kapribadening para siwa lan aja nganti kelangan jati dhiri, mula musyawarah guru mata pelajaran (MGMP) Basa Jawa sinengkuyung pangarsa pangembating praja–Dinas Pendidikan Provinsi, kabupaten lan kutha–wajib menggalihake lan nggatekake babagan iki! Aja malah melu munthes lan mateni.
Dene yen kepeksane kudu ngurangi utawa malah bakal manunggalake jroning mapel Seni lan Budaya, kudu enggal-enggal ditata kanthi titi lan permati. Cak-cakane pancen ora gampang. Awit kudu manunggalake para guru sing wis ana kanthi kaprigelan mandhiri kang siji lan sijine ora padha. Ing antarane seni musik, seni tari, seni lukis, seni drama lan basa Jawa (dhaerah).
Taun Pelajaran 2013/2014 sing jarene kudu wis nindakake Kurikulum 2013 wektune sansaya ngangsek lan wis cepak. Petunjuk pelaksanaan lan petunjuk teknis (juklak lan juknis) kanggo kaleksanane babagan iki kudu enggal kababar lan kewedhar. Muga-muga tulisan iki dadi salah sawijining sumbang saran, dudu saran sumbang. Nuwun.

Nyuwun lan Paring Pangapura
Yohanes Siyamta, Pustakawan UAJY.

Kamis, 23 Agustus 2012 08:53 WIB | |
Apura-ingapura. Nitik saka pandhapuking tembung, apura-ingapura kalebu tembung rangkep kang nduweni teges ing antarane siji lan sijine tansah nindakake pakaryan. Nyuwun lan paring. Sing siji nyuwun pangapura lan sing disuwuni pangapura uga banjur maringi pangapura.
Padatan becik sing kelakon saka jaman semana tumeka saiki kacetha ing tradhisi sesalaman ing dina Riyadi Lebaran utawa dina Bakda. Karana owah gingsiring jaman, patrap lan tumindake sethithik ana bedane antarane jaman semana lan jaman saiki.
Jaman semana patrap apura-ingapura ing dina Riyadi Lebaran diarani ujung. Cak-cakane yaiku sok sapaa sing kepernah enom sowan marang kang luwih sepuh. Ora cukup mung sowan lan salaman. Patrape yaiku sowan, salaman kanthi sungkem – ngranu pada utawa ngambung dhengkul – sarwa matur, “Sowan kula wonten ngarsanipun ……., saperlu badhe ngaturaken sedaya kalepatan kula. Tembung kula saklimah, lampah kula sajangkah tuwin tindak-tanduk ingkang damel sengkeling manah, mugi kalebura ing dinten Riyadi menika.” Banjur kang kapernah tuwa paring wangsulan, “Semana uga aku, wong tuwa ya akeh lupute. Muga-muga kaluputanku lan kaluputanmu kalebura ing dina kang becik iki.”
Wekti iki ing kahanan kang sarwa modern, apura-ingapura tetep lestari lan katindakake nut jaman lan kalakone. Patrape sarwa ringkes lan praktis. Tetep mijekake wektu kanggo sowan lan ketemu, nanging ora banjur sungkem lan ujung kaya jaman semana. Biasane amung sesalaman kanthi ngandharake tetembungan “sugeng riyadi”, “kosong-kosong”, “padha-padha’, lan sapanunggalane. Malah yen ora bisa sowan lan ketemu, silaturhami iki banjur katindakake kanthi sesambungan lumantar telpon, sms, piranti jejaring sosial lan liya-liyane.
Ana padatan becik kang kelakon ing kampungku jroning nglestarekake apura-ingapura. Bakda sholat Ied, saben baryat padha sungkem lan apura-ingpura ing omahe dhewe-dhewe. Sawise sesalaman nunggal sabrayat, udakara tabuh sanga esuk, kabeh warganing kampung – gedhe-cilik, enom-tuwa – ora mandeng suku, budaya lan kapitayan padha ngumpul dadi siji. Sawise adicara kabukak kanthi puji pandonga lan wedharan sarwa singkes babagan Riyaya Idul Fitri, wong-wong kang wis padha kumpul mau, banjur mubeng warata siji lan sijinine sesalaman ngaturake sugeng riyadi lan apura-ingapura.
Kanthi andharan mau, cetha menawa Riyaya Idul Fitri utawa Lebaran sing tansah dipengeti ing sasi Syawal ora mung dadi pengetan wajib tumrap kaum muslim. Umat liyane kanthi kapitayan apa wae uga melu ngriyayakake. Riyaya kuwi dadi sarana nyupeketake kekadangan utawa dadi srana kanggo nyambung tali silaturahmi ing antarane para warga. Senadyan beda ing kapitayan, ing riyaya iki padha sesalaman apura-ingapura.
Ing negara kang wargane dumadi saka maneka warna suku, basa, budaya lan agama, kahanan kaya mangkene iki becik lamun tetep dilestarekake. Yen kahanan kaya mangkene iki tetep lestari bakal cinipta swasana ayem-tentrem, guyub-rukun lan kerta-raharja. Bedaning panemu, suku, basa, budaya lan agama ora njalari crah lan sulaya, nanging dadi pratandha lan wujud nyata kalakone semboyan bhineka tunggal ika.
Ganda wangi sekar melati, ngambar arum sekar setaman. Sugeng Riyadi Idul Fitri, kalebura dosa lan kalepatan. Nuwun.

 

Komentar ditutup.

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: