RSS

GUDHANGAN

Kepleset Kulit Gedhang

1

Kaya padatan, esuk-esuk bocah telu mangkat sekolah bebarengan. Kang digunem sadalan-dalan warna-warna; kalebu ulangan kang bakal diparingake Ibu Guru Ambarwati mengko jam kaping sapisan. Yakuwi ulangan IPA.
Rumangsa akeh kang durung ngreti, sinambi mlaku Bambang maca buku, sinau IPA. Karo sadhela-dhela takon marang Junaedi lan Partana. Bambang goreh atine. Jebul akeh bab kang pancen durung dingerteni. Mula bola-bali takon marang kancane.
Ujug-ujug, klusud, glayar-glayar, breg, prak. Bambang kepleset kulit gedhang; tiba krengkangan; sikile keplengkang; bokonge kanteb ing pinggir dalan; bukune mencelat; drijine tangan tengen getihen kesaruk betonan; clanane reged lan kebarut-barut. Ngadeg wiwit krasa perih-perih. Bambang dieterake mulih digolekake obat abang. Sidane Bambang dipamitake, ora melu ulangan.
Wong tiba, kepleset, kesandhung kuwi lumrah. Nanging bab lelakone Bambang kasebut prayoga dadi pengalaman lan pepeling. Jer mlaku ing dalan karo maca iku sejatine klebu nerak tatakrama. Wis kabukten, yen kurang ngati-ati, bisa kacilakan, kaya Bambang kuwi. Wong mlaku karo maca ateges ora nggatekake sakiwe tengene. Kurang anggone nggatekake sapepadhane. Mung mburu karepe dhewe. Mung mburu cukupe dhewe.
Mula, dieling-eling, aja padha nganti nemahi bab kaya lelakone Bambang kuwi
Kajaba iku:
• Aja mlaku sinambi memangan!
• Aja mlaku karo dandan, mbenakake panganggo, ngilo karo jungkatan utawa pupuran!
• Mlaku ing dalan kanthi lumrah, ora ninggal pangati-ati. Ora menga-mengo. Ora ndhingkluk bae. Ora karo gojegan.
• Mlaku karo wong liya sabisa-bisa gawe tentrem lan ngayomi wong liya.
• Mlaku ngliwati wong liya kudu ngadhepi wong liya kasebut, aja ngungkurake.
• Mlaku ing omah aja nganakake swara kang mbribeni sing lagi turu. Luwih-luwih yen ana sing lagi lara.
• Mlaku ing dalan kang rame utawa dalan gedhe prayogane jejer loro-loro ora ngebaki dalan lan mlaku ing sisih kiwa, ora gojegan sakarepe dhewe, ngematake kahananing dalan kang diliwati, supaya ora kejeglong utawa kepleset.
• Menawa mlaku nglancangi wong liya, gelema uluk-uluk kanthi matur: ‘mangga’, ‘nuwun sewu ngrumiyini, lan sapanunggalanipun
• Mlaku ing ngarepe wong tuwa utawa wong kang lagi lenggahan utawa jumeneng becike matur: “Nuwun sewu. ndherek langkung” sinambi awak mendhak sethithik.
• Mlaku bebarengan karo wong tuwa utawa wong kang diajeni, awake dhewe ngaturi tindak dhisik, banjur nututi ing mburine. Saliyane iku nyaosi dalan utawa mbukakake lawang, kanthi leren sedhela ing sacerake lagi melu mlebu.
• Manawa nyabrang dalan gedhe yen ana zebra cross prayogane ya liwat zebra cross mau.

Kuwi tatakramane wong mlaku. Tatakrama kang tumuju marang kabecikan, marang keslametan. Yen ora dienggo, yen ora digatekake, adate marakake mbilaeni. Yen ora ngati-ati dadi sembrana. Wong sembrana watake lena. Amarga ora ngati-ati, amrga ora nganggo tata karma, Bambang tiba keplengkang kepleset kulit gedhang.
(M.A Sudi Yatmana, 1992 : 39-40)

Ki Hajar Dewantara

2Sapa sing ora kenal karo Bapak Taman Siswa utawa Bapak Pendidikan Nasional Ki Hadjar Dewantara, tokoh sing duwe lelabuhan mbangun jagading pendidikan ing Indonesia. Ki Hadjar Dewantara nalika isih timur asma R.M. Suwardi Suryaningrat isih kalebu dharah biru awit Panjenengane wayahe Kanjeng Gusti Paku Alam III. Perjuwangane Ki Hajar Dewantara diwiwiti minangka jurnalis ing pirang-pirang layang kabar . Nalika panjenengane nulis artikel kanthi judul “Als ik een Nederlander was “(Umpama Aku Dadi Wong Landa) ndadekake nesune Pemerintah Kolonial Belanda. Mula panjenengane banjur dibuwang ing Negara Walanda . Ki Hajar Dewantara Karo Douwes Dekker, ngedegake layang kabar De Expres. Ki Hadjar aktif dadi pengurus Boedi Oetomo lan Sarikat Islam. Sakbanjure karo Cipto Mangun Kusumo lan Douwes Dekker — dijuluki ”Tiga Serangkai” . Panjenengane ngedekke Indische Partij, organisasi politik kaping siji ing Indonesia sing kanthi tegas nuntut Indonesia mardika. Ing jaman Jepang, perjuwangane Ki Hadjar Dewantara tetep makantar ora kendho . Karo Soekarno, Hatta, lan Mas Mansur, dijuluki “Empat Serangkai”, mimpin organisasi Putera. Nalika mardika, Ki Hadjar dadi Menteri Pengajaran Kapisan.
Tumapaking Hardiknas (Hari Pendidikan Nasional) kuwi pas karo dina pengetan wiyosane swargi Ki Hadjar Dewantara utawa RM Soewardi Soerjaningrat, tanggal 2 Mei 1899. Ing jagade pamulangan apadene panggulawenthahane para siswa swargi Ki Hadjar Dewantara wis kondhang ngedegake lan dadi pimpinane Pawiyatan Taman Siswa, sing madeg ing Ngayogyakarta tanggal 3 Juli 1922.
Jejere Ki Hadjar Dewantara minangka bapak Pendidikan Nasional wis kawentar amarga sukses ngesuhi pawiyatan Taman Siswa kuwi. Semboyan telung larik kang misuwur kanthi Tri Logi Kepemimpinan kanggo jagad pamulangan utamane ing tanah Jawa wis dudu barang sing aeng maneh. Telung prakara sing dadi semboyane Pendidikan Nasional kuwi dadi srana hanggulawenthahe para siswa ing pawiyatan kanggo lelantaran nggayuh idham-idhamane, yaiku sepisan, Ing ngarsa sung tuladha , tegese ing sangarepe para siswa guru kudu taberi maringi tuladha sing becik-becik . Kaping pindhone, Ing madya mangun karsa , tegese : ing tengah-tengahe para siswa guru kudu kuwagang nggugah semangate kanggo ngangsu kawruh linambaran tekad sregep sinau.Kaping telune, Tut wuri handayani , tegese guru minangka pamong kudu siyap siyaga ngawat-awati para siswane saka mburi kareben padha kuwagang madeg dhewe utawa mandhiri kanggo hanggayuh idham-idhamane sing luhur kang murabaki kanggo nusa lan bangsane.
(Saka maneka warna sumber )

Garebeg Sekaten

3Garebeg Mulud asring kasebat Sekaten. Garebeg Sekaten kapendhet saking namaning gamelan pusaka Kyai Sekati ing kraton Ngayogyakarta. Gamelan Kyai Sekati dumados saking kalih prangkat gamelan, inggih punika gamelan Kyai Gunturmadu kaliyan Nagawilaga.
Gamelan Kyai Sekati dumunung wonten ing pagongan sisih ler lan pagongan sisih kidul ing kompleks Mesjid Agung Kraton Ngayogjakarta. Gamelan punika dipunthuthuk tanpa kendhat, kajawi ing wayah salat lan malem Jemuah dumugi salat Jum’at. Gendhing-gendhing ingkang dipunungelaken sedaya anggitanipun para wali sanga. Utaminipun Sunan Kalijaga, Sunan Bonang, Sunan Giri, lan Sunan Kudus. Gendhing-gendhing kala wau ancasipun kangge syiar agami Islam. Pramila nama-namaning gendhing ngangge basa Arab kanthi lafal basa Jawi. Tuladhanipun Salatun Subinah, Ngajatun, Sumiyah,lan Jaumi.
Ing Kalender Jawi, wulan Hijriyah Robiul Awal kasebat wulan Mulud. Sekaten utawi Garebeg Mulud kawontenaken dening Kraton Kasultanan Ngayogyakarta ing wulan Robiul Awal. Satunggal minggu saderengipun pengetan miyosipun Nabi Muha Muhammad SAW. Dening masarakat ing Surakarta lan Ngayogyakarta garebeg Mulud limrahipun kangge pisowanan.
Adicara ingkang baku inggih punika Garebeg Mulud utawi Pasowanan Mulud utawi Sekaten. Adicara punika awujud kegiyatan waosan utawi pengajian riwayat Nabi Muhammad SAW lan salawat Nabi. Adicara punika kawontenaken ing Masjid Agung Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadingrat dening Kyai Kanjeng Pengulu. Biasanipun Sri Sultan utawi Sri Suhunan tedhak saperlu ngrawuhi adicara punika. Ing pasowanan punika Sultan caos sedhekah kangge para kawula ingkang dipun wastani nyebar udhik-udhik.
Enjingipun medal gunungan pinangka puncaking adicara Sekaten utawi Garebeg. Pareden Gunungan ing Sekaten punika awujud tumpeng ingkang isinipun sekul saha ubarampe saking asili bumi. Pareden utawi Gunungan tansah dipuntengga dening tetiyang ingkang badhe ngalap berkah. Sasampunipun dipundongani kangge keslametan, kawilujengan , kasantosaning raja , sentana miwah sedaya kawula, gunungan lajeng dados rebutan masarakat ingkang sampun andher nengga wiwit enjang.

Sejarahe Sumpah Pemuda

4

Saben tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia padha mengeti dina Sumpah Pemuda. Kadadean kasebut dipengeti saben taun. Amarga lelakon mau dadi daya kekuwatan kanggo nggugah rasa semangat lan tekade bangsa Indonesia anggone bisa uwal saka regemane kaum penjajah.
Ing sakawit bangsa Walanda tekane ana ing bumi Indonesia iku mung arep dagang. Gegandhengan nyumurupi kemakmurane negara Indonesia banjur tuwuh karepe kepengin nguwasani. Kabeh kekarepane mau banjur dileksanakake kanthi cara-cara kang kasar lan julig banget. Wekasane bangsa Walanda bisa nguwasani bumi Nuswantara sakisine nganti telung atus seket taun lawase.
Ana sawetara priyayi kang ngendika, manawa kalahe bangsa Indonesia dhek rikala nglawan Walanda amarga gegamane kalah modern. Bab iku mujudake Sawijining alesan sing kurang trep utawa kurang gumathok. Coba saiki kita priksani Perang Diponegoro. Pangeran Diponegoro anggone nglawan penjajah Walanda nganti limang taun suwene yaiku taun 1825 – 1830. Ing samengko kita bandingake karo Perang Dunia I kang suwene mung patang taun lawase yaiku taun 1914 – 1918.
Kanthi mangkono Perang Diponegoro bisa kanggo bukti manawa kekuwatan rakyat sing nyawiji dadi sawijining kekuwatan sing ampuh, ora gampang dikalahake. Bukti liyane maneh yaiku rikala perang kamardikan kabeh rakyat Indonesia anggolongake tekad nyawiji ngusir penjajah Walanda saka bumi Indonesia. Dadi cekak aose kalahe bangsa Indonesia anggone nglawan penjajah iku amarga ora ana persatuan lan kesatuan antarane bangsa Indonesia dhewe.
Gegandhengan bukti-bukti kang wis nyata manawa persatuan lan kesatuan iku mujudake gegaman kang ampuh, pemudha-pemudha kang wektu iku isih asipat kesukuan lan kedhaerahan padha nganakake konggres. Konggres Pemudha sing kapisan yaiku tanggal 2 Mei 1926. Dene Konggres Pemudha sing kapindho tanggal 28 Oktober 1928. Ana ing Konggres Pemuda sing Kapindho iku organisasi-organisasi kepemudaan kaya ta Yong Java, Yong Sumatra, Yong Selebes, Yong Ambon padha nyawiji ngikrarake persatuan Indonesia. Dene ikrar kasebut kanthi jeneng Sumpah Pemuda.

Lemah Tetanen

5

Ing wanci sore Ahmadi marani simbahe sing lagi ngaso ing emper pinarak ing lincak, bareng putune nyedhaki Mbah Marta banjur ngacarani ngendikane mangkene:
Simbah : Ana apa le, kok njanur gunung kowe nyedhaki simbah, apa ana bab kang
wigati apa le?
Ahmadi : Kasinggihan Mbah, saestunipun kula menika rak ngemban tugas saking
Bapak Guru kula bab pasiten ingkang kangge tetanen, kamangka kula kirang paham bab pasiten wau!
Simbah : Lha apa sing ora kok ngerteni bab lemah tetanen mau?
Ahmadi : Pasiten ingkang saged dipuntanemi menika rak kathah sanget wujudipun
ta Mbah, lajeng menika menapa kemawon Mbah?
Simbah : Pancen bener, lemah tetanen iku wujude maneka warna ing antarane sing
dak sumurupi yaiku sawah, pategalan, pakebonan, pagagan, babadan,
talun, pagajih, lan sapanunggalane.
Ahmadi : Kula suwun Simbah kersaa paring katrangan satungal-satunggalipun bab
pasiten kala wau!
Simbah : Sawah mono lemah sing ditanduri pari mawa galengan kang dileni banyu utawa katiban banyu udan, dene wujude sawah dhewe ana loro yaiku sawah sorotan lan sawah tadhahan.
Ahmadi : Menapa bentenipun sawah kekalih wau Mbah?
Simbah : Manawa sawah sorotan iku sawah kang diileni banyu saka irigasi, dadi senajan mangsa ketiga ya bisa ditanduri. Dene sawah tadhahan, iku sawah kang mung njagagake saka banyu udan, dadi bisane ditanduri ya mung ing mangsa rendheng.
Ahmadi : Salajengipun kados pundit katrangan sanesipun Mbah?
Simbah : Pategalan yaiku lemah sing ditanduri pala kasimpar, palawija utawa pala kependhem.
Ahmadi : Manawi pakebonan lan pekarangan menapa wonten bentenipun Mbah?
Simbah : Kekarone pancen lemah ing sakiwa tengene pomahan, nanging sing mbedakake mung jinising tanduran ing kono. Manawa pakebonan iku ana tandurane pala kependhem, pala gumantung lan pala kirna kaya dene tanduran ing ing pategalan. Dene pekarangan ditanduri tanduran sing ora suwe umure upamane kacang lanjaran, tomat, gedhang, kates lan sapanunggalane. Malah saiki pekarangan mung ditanduri kembang kanggo pepasren wae.
Ahmadi : Menawi sawah, pategalan, pekarangan lan pakebonan menika kula asring miring Mbah, nanging manawi , pagagan, babadan, talon, lan pagajih kok kula awis-awis miring, menika kados pundi Mbah?
Simbah : Pancen lumrahe bocah saiki wis arang-arang ngerti bab tetanen, mula aku bungah banget dene Bapak Gurumu isih nggatekake babagan tetanen iki. Mangkene ya le, pagagan iku sawah sing ditanduri pari gaga, ngarepake mangsa rendheng. Babadan iku palemahan sing sadurunge dadi sawah awujud alas lan dibabadi luwih dhisik. Talun iku sawah sing mapane ing pegunungan, tulas palemahan bera ing gunung. Dene pagajih iku palemahan ing sakiwa tengene kali utawa bengawan, sing kala mangsane lemahe dijupukake saka kali utawa bengawan mau, supaya kali bengawan mau dadi jero.
Ahmadi : Bab asiling tetanen Mbah, menapa menika pala kasimpar, pala wija, pala kapendhem lan pala kirna?
Simbah : Pala kasimpar iku, tanduran kang wohe ana ing sadhuwuring lemah kayata: semangka, waluh, bligo, jipang, timun, lan sapanunggalane. Yen palawija tanduran kang ditandur ing sawah saliyane pari, kayata: jagung, dhele, kacang brol, lan sapanunggalane. Manawa pala kapendhem iku wohe ana ing sajeroning lemah, tuladhane: kenthang, tela, gembili, uwi, tales, lan sapanunggalane. Dene pala kirna iku tanduran kang nduweni umur dawa kayata: pelem, duren, nangka, rambutan, klapa, lan sapanunggalane.
Ahmadi : Wah pranyata pangertosan bab tetanen lan pasiten wau migunani tumrap kula mbah, katrangan saking simbah menika badhe kula serat ing buku minangka njangkepi tugas saking Bapak Guru, pramila kula matur nuwun sanget dhateng simbah, ingkang sampun kersa mbiyantu anggen kula ngrampungaken tugas menika.
Simbah : Iya le , enggala ngrewangi Bapakmu kana!

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: