RSS

Crita Pengalaman

Pengalaman Numpak Sepur Sepisanan

            Nalika liburan sekolah semester setunggal  taun 2008 kepengker kula lan rayi-rayi kula dipunajak bapak lan ibu kula nuweni bibi kula ingkang manggen ing Sala. Bapak mrayogekaken supados kula lan rayi-rayi kula gadhah pengalaman enggal anggenipun bidhal lan wangsulipun badhe numpak sepur Pramex. Mireng ngendikanipun Bapak makaten wau kula lan rayi-rayi kula remen sanget sebab kula dereng nate numpak sepur.

            Bakda subuh kula lan rayi-rayi kula sampun dipungigah Ibu supados enggal enggal adus lan sarapan. Boten kesupen ibu nyawisaken sangu ingkang awujud tetedhan lan toya pethak  kagem kanca nalika numpak sepur. Jam 07.00 bidhal dhateng Stasiun Lempuyangan. Pranyata nalika dumugi wonten ing Stasiun Lempuyangan sampun kathah tetiyang ingkang antri mundhut tiket sepur. Wonten ingkang mundhut tiket tujuan Jakarta, Surabaya, dalah Sala. Keleresan kala semanten ngleresi libur akhir taun lan libur 1 Muharram, dados tetiyang wau badhe nanjakaken liburanipun.  Nalika bapak antri mundhut tiket, ibu ngajak kula lan rayi-rayi kula mrikani sepur ingkang mandheg ing Stasiun. Raosipun kula kepingin sanget enggal-enggal numpak sepur. Langkung-langkung rayi kula Gilang saben wonten sepur ingkang mandheg ing Stasiun mesthi adreng sanget kepingin enggal-enggal numpak sepur.

            Jam 09.00 ketingal sepur Pramex saking Kutaarja mlebet Stasiun Lempuyangan. Kapireng wara-wara saking petugas Stasiun bilih sepur Pramex badhe lumampah ing jalur 1 sedaya calon penumpang jurusan Sala – Balapan supados samekta. Nalika sepur mandheg ing jalur 1 lan pintu sepur sampun mbikak Bapak enggal-enggal ngajak lumebet ing sepur. Jebulipun sedaya gerbong sampun kebak penumpang ingkang jejel riyel uyel-uyelan, dados kula mboten komanan kursi. Kepeksa kula lenggah ing jrambahing sepur. Kamangka pangangen-angen kula, kula kepingin numpak sepur ingkang sekeca boten sumuk boten benter, lenggah ing kursi kanthi mardika saengga saget ningali sesawangan ing sauruting rel sepur. Senajan mekaten nanging kula lan rayi-rayi kula rumaos remen sanget sebab menika mujudaken pengalaman sepisanan numpak sepur ingkang boten saget kula supekaken.

Dumugi ing Stasiun Prambanan kathah penumpang ingkang mandhap, bok menawi penumpang-penumpang kala wau badhe plesir wonten Candhi Prambanan wonten ing gerbong ingkang kula panggeni kathah kursi ingkang kosong saengga kula saget lenggah kanthi sekeca, boten sayah, lan saget nonton sesawangan ing sauruting rel sepur. Sinambi gegojegan kaliyan rayi-rayi kula boten kraos sepur sampun dumugi ing Purwasari.bapak ngajak mandhap badhe gantos numpak bus jurusan Sukoharjo tumuju dalemipun Bulik Dewi.

Wonten dalemipun Bulik Dewi kula nyipeng namung kalih dinten. Wangsulipun tumuju Yogja ugi numpak sepur Pramex. Nalika sepur Pramex lumebet lan mandheg ing Stasiun Purwasari kanyata sepur sampun kebak penumpang  jejel riyel uyel-uyelan kados dene nalika mudhik Lebaran. Kula nyrantos dumugi ing Stasiun Balapan bok menawi dumugi Stasiun Balapan kathah penumpang ingkang mandhap. Jebul mleset panginten kula, penumpang malah saya tambah kathah. Kula gumun lha penumpang penumpang saking arah Yogja menika badhe dhateng pundi, kok boten mandhap ing Stasiun Balapan kamangka Setasiun Balapan punika tujuan pungkasan menawi saking Yogja. Lajeng penumpang-penumpang kala wau minggah saking pundi lan badhe dhateng pundi ? Menapa namung sepur-sepuran, kepingin pados pengalaman numpak sepur kados kula menika ? Pitakenan-pitakenan punika engga sepriki ingkang dereng kapanggihaken wangsulanipun. Kepeksa wangsulipun tumuju Yogja kula numpak sepur wonten ing jrambah sepur malah kepara badhe mapanaken bokong kemawon angel.

(Seratan: Pratista Anindya Siwi Sekolah/Kelas    : SD N Rogoyudan/ V)

Sikil Buntung 

(Saka kadohan, Edi mlayu nggendring, marani Budi kang lagi lungguhan ing emperan omah)

Edi      : “Bud….Budi….Hiiiiiii…..gila aku.”

Budi    : “Lho, ngapa ta Ed, mlayu-mlayu krenggosan, isih karo kirig-kirig.”

Edi      : (Menggeh-menggeh)

              “Anu….,ana…..ana….tabrakan, hiiiiiiii…ngeri pokoke.”

Budi    : “Lha iya, sing ngeri iku apane?”

Edi      : “Ana wong wadon ketabrak trek gandheng, gudras getih, sikile….sikile, Hiii…. ilang siji.”

Budi    : “Lha kok bisa ki piye?”

Edi      : “Lha ya embuh, sangertiku ya kaya ngono kuwi kok.”

(Dumadakan saka kadhohan kledhang-kledhang Agus teka, banjur nrambul celathu)

Agus    : “Ah, sing kleru ki Edi kok.”

Edi      : “Lho Gus, kowe kok bisa nglerokake aku. Apa kowe weruh dhewe?”

Agus    : “Lho piye ta kowe ki, lha wong sing ketabrak trek gandheng iku tanggaku , je!”

Budi    : “Apa bener Gus, jarene Edi sikile ilang siji?”

Agus    : “Huuuu….sing ra dhamang ki si Edi, ilang piye, wong asline pancen sikile buntung kok!”

Edi      : “Piye? Karepmu ki buntung wiwit dhisik pa piye?”

Agus    : “Lho, dudu karepku Ed, sing dakkarepake ki wiwit cilik pancen wis cacad buntung sikile.”

Edi      : “Oooooooooooo……”

((Edi lan Budi mlongo terus ngguyu kepingkel-pingkel)

Buta Huruf

       Durung suwe iki, ponakanku crita simbahe putri, nalika ditawani kaca mata dening tukang optik klilingan. “Mbah, pundhuti kaca tingal nggih. Murah-murah, lho. Mangke yen simbah sampun ngangge, pandelenganipun sansaya cetha. Utamanipun maca huruf, dalah angka-angka.” Ujare bakul kaca mata.

       “Kangge menapa ta Mas?” Pitakone Mbah Krama.

       “Simbah niku lho, guyon. Reginipun mirah lho Mbah. Mangkih njenengan saged maos kanthi cetha. Dicobi nggih Mbah?” Pandheseke bakule, karo ngetrapake kaca mata ing mripate Mbah Krama.

       “Pripun Mbah? Sampun cetha? Hurufe tambah ageng ta Mbah?”

       “Boten saged je Mas!”

       “Nggih, gantos sing niki!” Ujare bakule, kang anggone ngetrapake  kaca mata nganti bola-bali.

       Nganti punjul saka kaping lima , Mbah Krama tetep sumaur ora bisa. Bakule nganti judheg. Putune sing kawit mau ngawasake saka njeron omah, banjur metu.

       “Mas…. Simbah kula niku buta huruf, boten saged maca nulis”, Kandhane karo ngguyu kemekelen.

       “Ooo…..pantesan. Diduduhi huruf gedhe-gedhe, tetep ora bisa maca.” Bakule kaca mata banjur lunga sajak gela.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: