RSS

Oncek-oncek

Esuk Dhele Sore Tempe

index

Esuk dhele sore tempe, iki mujudake paribasan kang duwe teges wong kang ora bisa dipercaya omongane,  mencla-mencle, utawa plin-plan cekakan saka plinthat-plinthut. Wong kang mangkono mau mujudake wong kang pribadhine ora teguh. Sing dioyak mung golek butuhe dhewe. Mula kanggo ngarem-aremi wong kang diajak nyukupake butuhe mau banjur janji-janji sing mincuti, supaya makaryane saya sregep. Nanging apa dadine bareng wis kasil? Apa kang nate dijanjekake ora kawujudan, ora netes karo sing diomongake.

Sikap kaya ngene iki kerep banget ditindakake dening calon para pejabat publik kayata gubernur, bupati, lurah lan liya-liyane kalebu para pengusaha marang buruhe. Dienggo menehi semangat kerja, sruwa-sruwi dijanjekake sing nyenengake, nanging ora tau diwujudake.

Mula sok anane unjuk rasa, demonstrasi, dening massa pendukunge utawa lawan politike  kang nganti gawe dredah apadene dahuru lan anarkis. Aksi mogok kang katindakake dening para karyawane. Iki mau jalaran janji sing wis dikandhakake ora kawujud. ya kuwi paribasane Esuk Dhele bareng Sore Tempe….lumayan yen tempe dhele, jebul mung tempe gembus, mula wong biyen nalika nagih janji ora kawujudan banjur misuh : “Wooo….Gembus tenan!”

Wong kang molak-malik amongane, janjine ora kena diugemi, gonta-ganti kasaguhan ana ing pasrawungan bakal dicireni dening bebrayan. Kasaguhan kuwi mujudake janji sing kudu diwujudi. Eling pituture simbah….. “AJINING DHIRI SAKA KEDALING LATHI”.

Jangka Layang Nitisastra

  1. Ndungkap wekasane Kaliyuga, pranyata ora ana kang ajine ngluwihi rajabrana. Wong pinter, wong prawira, wong wicak¬sana, padha ngawula marang wong sugih. Kabeh wejangane pandhita muspra, tedhak-turune ratu akeh kang ngalami pa¬pa-sangsara, kahanane memelas. Anak nggorohi bapa, nyeda marang bapa; wong-wong sudra akeh kang padha laku dagang, njalari kajen-keringaning uripe.
  2. Jagad kerep oreg agonjang-ganjing, donya kelimpu tan pepe¬teng, ratu ora bisa nggeganjar, mandar diganjar dening wong sugih. Para warganing sandiwara padha manjing alas, padha memuja miturut lakuning Kaliyuga. Wong-wong sudra ngremehake waisya, para waisya ora ngajeni satriya (ratu), man¬dar padha nacad. Ratu ngremehake pandhita, para pandhita padha wegah manembah Bathara Siwah.
  3. Bumi ilang sucine, sandilata sirna daya amretane. Brahmana, satriya, waisya lan sudra uripe campur-bawur, padha ngru¬mangsani pribadine dhewe pandhita suci. Sawise mangang¬go kaya pandhita pinunjul, sirna tidha-tidhaning atine olehe nedya ngremehake piwulang suci, ngorakake samadi, yoga lan japa-mantra, nganggep awake dhewe kaya wis tekan ing puncaking kasunyatan.
  4. Dayane jaman Kali njalari angkara-murkane manungsa, padha bingung pikire, padha pasulayan (peperangan) rebutan pangu¬wasa. Ora ngreti panggawe kang prayoga ditindakake, padha rebut unggul karo kad’ang-kadeyane dhewe. Mungsuh dijaluki pangayoman. Wewenange dewa dikuwasani, lali marang dhar¬mane, papan-panggonan kang kramat didohi (ora ditekani), satemah dadi sepi. Sumpah (sot) lan suprasasti wis ora nda¬yani, rinusak dening wong asor kang awatak angkara-murka.
  5. Wong-wong padha ngarep-arep pawewehe wong miskin, akeh wong sangsara dadi sugih dadakan. Para durjana umure dawa, para sujana enggal palastra. Laku dursila diarani susila, watak ala diarani utama, durjana diarani sujana. Ratu manut-mi¬turut marang senapati; wong dundum milih, atindak sasar.

Tegese Tembung

Jangka = piweca, pepesthening lelampahan kang badhe kadadosan. Lambang jangka = piweca awujud pralambang. Kang misuwur piyambak jangka Jayabaya. Kajawi punika wonten jangka Sabdapalon, jangka Ranggawarsitan, jangka Sech Bakir. Kegedhan panjangka = kagengen panggayuh, kagengen kang dipun-sedya.
Nitisastra = namanipun serat abasa Jawi-tengahan babaran jaman Majapahit.
Yuga = jaman. Kaliyuga = jaman Kali. Jaman warni 4: 1. Kretayuga (jaman Kreta), 2. Traitayuga (jaman Tirta), 3. Dwaparayuga (jaman Dupara), 4. Kaliyuga (jaman Kali).
Ndungkap = meh dumugi ing. Pikiripun dereng ndungkap = dereng saged mangretos. Tuna dungkap = boten trep, keladuk tawi kirang.
Ajine ngluwihi rajabrana = pangaosipun nglangkungi bandha kasugihan kang ageng reginipun. Samiaji = Puntadewa, Yudhistira, Darmakusuma, Darmaputra, Gunatalikrama. Aji-aji = rapal (mantra, donga) kang njalari saged mahyakaken kalangkungan. Dipun aji-aji = dipun pundhi-pundhi, sinuhun-suhun. Sasi Aji = wulan besar
Wejangan = wiridan = wulangan ing babagan ngelmu ghaib (ngelmu kasampurnaning pejah)
Prawira = kendel. Wicaksana = awas, waskitha, sidik.
Muspra = tanpa tanja. Nyeda = nacad, mada, maoni.
Kelimputan = ketutupan engetipun; jalaran engetipun ketutupan, njalari kasupen.
Manjing = mlebet. Wrangka manjing curiga (namanipun: labat) = tegesipun lugu: Wadhah dhuwung manjing ing dhuwung, maksudipun: Wrangka = raga, jasmani, badan wadhag. Curiga = nyawa, suksma, rokhani, badan alus. (Suksma kedah saged mangreh raga). Raga (Jawikina) = napsu, asmara; badan.
Muja (memuja) = sembahyang, ngabekti.
Ngremehake = nyapelekaken, boten ngregeni, boten ngaosi.
Bathara = sesebutanipun dewa. Binathara = kang kinur¬matan kados dewa. Asoca bathara = anetra dewa (Jawa-kuna; diwyacaksuh), maksudipun: waskitha.
Sandilata (Jawa-kuna: osadhilata) = jinising wit-rambat kang ronipun kenging dipun-engge jampi. Sandi-asma = asma (nama) kang sinamar ing salebeti¬pun ukara utawi cakepan sekar. Sandi-upaya = paeka, krenah, kajuligan. Sandi-sastra = seratan utawi aksara winados (Inggris: code). Polisi sandi = polisi winados (Indonesia: polisi rahasia, Inggris: dedective), polisi kang panganggenipun boten kados salimrahipun polisi.
Amreta = A (boten) + mreta (pejah) = boten ketaman ing pe¬jah, kalis ing pejah. Sirna daya amretane = ical dayanipun kang njalari kalis ing pejah.
Campur-bawur = warni-warni campur dados satunggal, wor¬suh. Sekar campur-bawur = campuraning sekar warni-warni kang gandanipun wangi.
Pribadine dhewe = badanipun piyambak.
Tidha-tidhaning manah = gojag-gajeging manah.
Dayane = kekiyatanipun. Daya-daya = kanthi kesesa (enggal¬enggalan) supados enggal rampung, saged tumunten dumugi ing panggenan lsp. Reka-daya = rerigen, iguh-pratikel.
Rebut unggul = unggul-unggulan. Rebut bener = rebat lerespaben pados menang. Rebut dhucung = mlajeng ru¬miyin-rumiyinan. Rebut seneng = namung kantun milih pundi kang dipun-senengi. Rebut cukup= rebat cekap= sawontenipun kemawon, namung mbujeng cekap.
Pangayoman = pangauban, pitulungan sarta panjagi.
Dharma (darma) = kuwajiban, kautamen; pandamel sae. Sudarma = bapa.
Kramat = kasinungan daya/kasekten (tumrap pasareane para suci lsp).
Suprasasti = Indonesia: piagam yang indah. Jawa: layang kekancingan.
Sugih dadakan = ujug-ujug banjur dadi sugih, sanalika dadi sugih.
Dur (awon), kosok-wangsulipun: su (sae). Durjana tiyang awon. Sujana = tiyang, sae, tiyang abudi luhur. Dursila = pa¬trap/kalakuan awon. Susila = patrap/kalakuan sae.
Palastra = antaka, lalis, lampus, murud ing kasidan jati, seda, pejah.
Senapati = sena (prajurit) + pati (ratu) = ratuning prajurit, pangagengipun prajurit.
Sasar (utawi: sasar-susur) = klintu sanget. Nasar = nyimpang saking kang leres.

Pranata Mangsa
Pranata mangsa wis dadi paugeraning titi mangsa dening manungsa Jawa wiwit sadurunge bangsa Hindu teka saka tanah Hindustan. Pranata mangsa iku kena diarani tanggalane wong tani kang digunakake kanggo nenandur. Sanajan pranata mangsa kuwi wis mlaku kawit jaman kuna-makuna, nanging lagi nalika sasi Mei tahun 1855 ditetepake resmi dening Sri Paku Buwana VII ing Kraton Surakarta.
Asal mulane, pranata mangsa mung ana 10. Sawise saben tanggal 18 April, wong-wong padha nunggu wiwite mangsa sepisan maneh nganti tanggal 22 Juni. Mangsa tunggu iku sauntara suwene banjur ditetepake anane mangsa Dhesta (ka-11) lan Sadha (ka-12). Mula tekan saiki setahun genep 12 mangsa.
Saliyane kanggo pituduh para tani nggulawentah tetatene, pranata mangsa uga kanggo petungan watek manungsa, watek dina, naasing dina, wateking sasi, wateking tahun lan sapiturute. Pranata mangsa iku kaya mangkene :
a. Kasa –  Kartika  – 22 Juni – 1 Agustus 41 dina
b. Karo-  Pusa –  2 Agustus – 24 Agustus 23 dina
c. Katelu –  Manggasri  – 25 Agust – 17 September 24 dina
d. Kapat –  Sitra  – 18 Septem – 12 Oktober 25 dina
e. Kalima – Manggala  – 13 Oktober – 8 November 27 dina
f. Kanem –  Naya – 9 Novemb – 21 Desember 43 dina
g. Kapitu – Palguna  – 22 Desember – 2 Februari 43 dina
h. Kawolu – Wisaka  – 3 Februari – 28 Februari 26/27 dina
i. Kasanga –  Jita – 1 Maret – 25 Maret 25 dina
j. Kasapuluh – Srawana –  26 Maret – 18 April 24 dina
k. Dhesta – Padrawana – 19 April – 11 Mei 23 dina
l. Sadha –  Asuji  – 12 Mei – 21 Juni 41 dina

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: