RSS

Paribasan

 Paribasan

Paribasan yaiku unen-unen kang gumathok kang ngemu teges entar. Paribasan iku kanggo ngibaratake kahanan kanthi basa kang gumathok lan gampang dimangerteni dening wong liya.

Tuladha :
1) Nggarap banyu nggarap sari, menstruasi.
2) Tunggal banyu tunggil ngelmu, tunggil Guru ngelmu kaba¬tosan.
3) Banyu pinerang pasulayanipun sadherek temtu tumunten pulih sae malih.
4) Dom sumurup ing banyu atindak nyamar (alus), alampah dhedhemitan ngantos sedyanipun boten kasumerepan tiyang sanes.
5) Lebak ilining banyu andhahan limrah kangge dhawahing ka¬lepatan (Kalepatanipun pangageng limrah dipun-dhawahaken dhateng andhahanipun).
6) Ngangsu banyu ing kranjang maguru, sasampunipun angsal ngelmu, ngelmu punika boten dipun-pigunakaken.
7) Ngubak-ubak banyu bening damel reresah ing panggenan tata-tentrem.
8) Golek banyu bening maguru, madhukun.
9) Golek banyu bening. Golek pitutur kang mikolehi.
10) Golek-golek ketanggor wong luru-luru. Karepe arep golek nanging malah dijaluki.
11) Gumembrang ora adang. Bangkrut total.
12) Gupak pulut ora mangan nangkane. Melu rekasane ora ngrasakake kepenake.
13) Idu didilat maneh. Mbatalake rembug.
14) Ora ana banyu mili mandhuwur watak-wantunipun anak temtu kados tiyang-sepuhipun.
15) Di kena iwake aja nganti buthek banyune ingkang sinedya sageda kaleksanan; nanging sampun ngantos adamel gendra.
16) Caruk banyu ageng-alit awon-sae dipun-anggep sami kema¬won, dipun-racak.
17) Wani cur-curan banyu kendhi purun sumpah.
18) Pasugatanipun mbanyu mili pisegahipun lumintu, tanpa pedhot, terus kemawon.
19) Banyu gege toya mawa sekar lan minantran dipun-engge ngedusi bayi.
20) Banyu rasa jasad awujud kados jur¬juran timbel.
21) Banyu tangi toya anget (toya tawa kecampuran wedang) dipun engge ngedusi lare.
22) Banyu tawa toya wantah, sanes toya asin.
23) Toya tuli toya ingkang dipun-engge syarat njampeni.
24) Tapa mbanyuwara tapa nyirik toya.
25) Banyu windu toya kang dipun-wayokaken.
26) Diedu padha banyune dipun-eben tunggil guru ngelmu.
27) Nguyahi sagara (Uyah kecemplung sagara) nyukani punapa-¬punapa dhateng tiyang sugih.
28) Abudi sagara Jembar sagarane : sugih pangapunten, awatak momot, boten gampil serik, boten gampil muring.
29) Kebanjiran sagara madu angsal kabegjan kang saklang¬kung ageng.
30) Sagara wedhi pasiten jembar namung awujud wedhi.
31) Karsaa njembaraken samodra pangaksama karsaa paring pangapunten.
32) Adhang-adhang tetesing bun ngajeng-ajeng pawewehipun tiyang. Ngebun-ebun enjing, njejawah sonten.
33) Udan tangis kathah tiyang sami nangis.
34) Udan kethek (macan dhedhe) jawah, nanging srengenge¬nipun katingal.
35) Udan sinemeni jawah mawa swanten kumrusuk, nanging jawahipun dereng dhumawah (kang sampun jawah ing panggenan sanes).
36) Pancuran kaapit sendhang anak 3 jaleripun 1 dumunung ing tengah.
37) Sendhang.kaapit pancuran anak 3 estrinipun 1 dumunung ing tengah.
38) Kriwikan dadi grojogan prakawis alit wasananipun dados prakawis ageng.
39) Sunan Kalijaga Raden Sahid, putranipun Adipati Tuban.
40) Wedang lelaku, tumper cinawetan lare karam-jadah dipun-sirik (dipun-tebihi) dening lare-lare sanesipun, dipun-pepindhakaken wedang mili lan tumper mawa cawet.
41) Ngubak-ubak suwakane dhewe damel reresah wonten ing wewengkonipun piyambak.
42) Sumur lumaku tinimba Tiyang kang kumedah-kedah dipun-tedhani wewarah.

43) Nyumur gumuling Tiyang kang babar-pisan boten saged simpen wados, manawi miring prakawis wados dipun-criyosaken sadaya (glogok-sok) dhateng tiyang sanes, dados suraosipun langkung sanget (ngungkuli) nggenthong umos).

Sesanti

Sesanti yaiku unen-unen cekak aos kang ngemu surasa edi peni kanggo piwulang, piweling lan mimbuhi semangat. Akeh para pejuang, juru sesorah, ulama, guru lan liya-liyane kang migunakake sesanti kanggo nandhesake sesorahe marang para pamiyarsa.
Tuladha :

a. Rawe-rawe rantas malang-malang putung. Niat kang kuwat kanggo ngadhepi samubarang gora-godha.
b. Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti. Angkara murka bakal lebur dening kabecikan.
c. Sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu. Ajaran luhur kanggo ngresiki reregeting jagad.
d. Memayu hayuning bawana. Makmurake jagad saisine.
e. Memasuh malaning bumi. Ngresiki barang kang ala saka ngalam donya.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: