RSS

Tembung Lingga

Tembung Lingga

Mungguh apa ta sing diarani tembung lingga?
Terange mangkene: Sakabehing tembung kang durung owah saka asale iku aran tembung lingga:
Kayata: Jaranan linggane: jaran
Kepaten linggane: pati
Karoban linggane: rob
Miturut katranganing para sarjana kang marsudi bab basa, tembung lingga kang padha diarani asal utawa tembung kang durung ngalami owah-owahan iku, sejatine kedadean saka tembung kang anane luwih tuwa. Tembung iku diarani; tembung wod.
Gatekna katrangan iki:
Tembung wod : suk, banjur nganakake tembung lingga; pasuk, rasuk, rangsuk, susuk, desuk, isuk lan liya-liyane.
Tembung wod : pis, gawe tembung lingga: tipis, tapis, kempis, kempes, depis.
Tembung wod : lur, nganakake lingga: dulur, ulur, sulur, pilur.
Tembung wod : wur, nganakake lingga: awur, siwur, kawur, mawur, sawur, lsp.
Nanging bab iku ing kene ora bakal karowakake.

Tembung Andhahan

Tembung Kang Wis Owah saka Linggane

Tembung lingga: tekuk, kena dak-owahi dadi tembung warna-warna kayata: ditekuk, panekuk, tinekuk, tekukan, tekuk-tekukan lll.
Tembung-tembung iku mau kabeh aran tembung andhahan: Dene tembung lingga dadine tembung andhahan nganggo patrap utawa cara:
a) sarana diwenehi wuwuhan ing ngarep.
Wuwuhan iku aran: ater-ater.
Warna-warnaning ater-ater kayata:
(n) an (nj) (m) (ng)
aran Hanuswara utawa swara irung.
tak, ko, di, ka, ke, sa, pa, pi, pra, tar, kuma, kapi, a, ma, pan, pam, pang, lsp.
b) sarana diwenehi wuwuhan ing tengah, aran: seselan, yaitu: um, in, er, el.
c) Sarana diwenehi wuwuhan ing buri, aran: panambang kayat: a, i, e, an, en, ana, ake, na, ne, ku, mu.
Pandhapuk utawa panggawene tembung andhahan metu saka tembung lingga, lan owah-owahane aran ngrimbag.
Dene rimbag ing tembung andhahan yaitu:
A. Rimbag : Lingga Andhahan
B. Rimbag : Bawa
C. Rimbag : Tanggap
D. Rimbag : Guna/adiguna
E. Rimbag : Wisesa ~ na
F. Rimbag : Bawa wacaka / Dayawacaka
G. Rimbag : Kriyawacaka / karana wacaka

Lingga Andhahan

Ana sawenehing tembung kang sejatine wus dadi tembung andhahan, nanging dianggep kaya isih dadi tembung lingga. Sebabe marga tembung mau isih kena diwuwuhi ater-ater, penambang, seselan, kacara saemper tembung lingga.
Kayata upamane:
Omah, dadi lingga andhahan: somah.
Somah kena kagawe andhahan maneh upama: sesomahan;
Ubeng, dadi lingga andhahan: kubeng.
Kubeng kena kagawe andhahan maneh upama: kinubeng.
Emong, dadi lingga andhahan: pamong.
Pamong kena kagawe andhahan maneh dadi pinemong-emong lll.

Seselan

Dene kang kagolong lingga andhahan iku:
1. Tembung lingga kang oleh ater-ater sa, pa, pi, pra, tar (tra), ka.
Tuladha:
sa: sa + iji = siji
sa + olah = solah
pa: pa + omah = pomah
pa + mong = pamong
pa + ro = paro
pi: pi + wulang = piwulang
pi + ala = piala
pi + andel = piandel
pi + tutur = pitutur
pi + dana = pidana
pra: pra + kara = prakara
pra + lambang = pralambang
pra + jurit = prajurit
tar (tra): tar + tamtu = tartamtu
tar + buka = tarbuka
tar + waca = tarwaca
tra + kadang = trakadang
ka: ka + ubeng = kubeng
ka + wruh = kawruh
ka + arsa = karsa
2. Tembung lingga kang oleh ater-ater: pan (nj), pam, pang
Kayata:
pan: pan + tiyung = pancung
pan + telung = pentelung
pan + colot = pencolot
pan + teles = penteles
pan + jete = penjete
pan + delis = pendelis
3. Tembung lingga kang oleh seselan: er, el.
Sabenere er, karo el iku seselan sawarna bae, mula sok banjur bisa lira-liru..
Kayata: krelip utawa klelip
Dene trape ing tembung ana ing saburine aksara purwaning lingga, dadi:
k (er) – elip
g (er) – andul
b (el) – eber
g (el) – ereng
Tembung-tembung kang wis ana aksarane r, seselane dudu er, nanging el.
Tuladha:
abang + er = krabang (krabing)
engkat-engkit + er = krengkat-krengket
enggas-enggos + er = krenggas-krenggos
enggeh + er = krenggeh
ogel + er = krogel
uegt + er = kruget
ewer + el = klewer
ewa + el = klewa
uwer + el = kluwer
Dene tembung lingga ~ andhahan kang kasebut ing nomer 1, dadi kang oleh ater-ater: sa, pa, pri, pra, tar, ka, padha klebu jinising tembung aran, kecaba kang mawa ater-ater: tra (tar).
Lingga andhahan kang mawa ater-ater: pan, panj, pam, pang padha kagolong tembung kahanan.
Semono uga tembung kang oleh seselan: er, el¸ klebu jinising tembung kahanan;
Tembung-tembung mau padha nduweni surasa, kang kadunungan kaenan iku: akeh.
Mula kerep dikantheni tembung: pating ing ngarepe.
Kayata: Bocah-bocah pating glero, ditinggal lunga embahe.
Pange pating pantiyung, kabotan woh sing pating grandul.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: