RSS

Antologi -4

GEGURITAN ANTOLOGI SAJAK-SAJAK JAWI
Impunanipun : St. Iesmaniasita

PACEKLIK
Dening : Prijanggana

 

Anakku
Puluh-puluh wis begjaku lan begjamu
Kowe ora menangi sega beras anyar
Ora weruh biyungmu nutu pari teles

 

Anakku anak siji dak-aji-aji
Dak-golekake pangan tekan ngendi-endi

 

Mangsa ketiga dawa
Panase sumelet tanpa mega
Padaringan kothong tanpa isi

 

Anakku anak siji dak-aji-aji
Dak-ajak gagas leles pari

 

Panase sumelet tanpa mega
Anak siji dak-aji-aji
Dak-turokake ing galeng dak-kemuli

 

Anakku
Nywaraa maneh kaya mau
Dhek jinojoh kang duwe sawah

 

Anakku anak siji dak-aji-aji
Mati jinojoh wong; sinengguh colongan pari

 

KASATAN
Dening : N. Sakdani

 

Entek wengi ing panglamunan
Nunggoni teplok sumunar surem
Ndluwang coretan gumlasah sebah
Pulpen gumlethek sendhet wetune

 

O, gegantungan
Marang wicaraning panguripan
Kacingkrangan lan kaendahan
Tinatah peni sinungging edi
Jumedhul karya rerptan seni

 

Entek wengi ing panglamunan
Garing tandhus daya ciptane
Asat lenga teplok ing meja
Peteng kamar peteng uripe

 

(nanging dudu akir tumrape penyair)

 

IMBAL WACANA
Dening : N. Sakdani

 

Kang gumelar gilar-gilar isih jembar
Tatapen mawa pandengan bingar
Sisih kana gunung biru
Geneya ndhingkluk amarikelu

 

Gedrugen bumi ping pitu
Kibarna gendera pribadimu
Kanthi nyebut panjenengane
Idi palilah bakal kaparingake

 

(turua, Dani, iki wis lingsir wengi)

 

AKU PARAGANE
Dening: Rachmadi K.

 

Takona marang aku
Bapa-bapa sing krenteg wayuh
Ibu-ibu sing nedya perak

 

Aku endhog sinimpar saka patrangan
Wiji dadi – sinengguh sawijining pepalang

 

Ibuku randha saiki krama maneh
Tindak sing ngedohake rasa
Lan bapak seda ninggal randha

 

Asihku rinebut liyan
Tresnaku sangisoring semboja

 

Pepetna aku ing pantoging pitakon
Aku mung bakal bisa ngaku
Jarene anak wong

 

Sapa kang bakal ngrewes
Bocah kuru aking dhedhingklangan turut lurung?

 

LOLA
Dening: Moeljono Soedarmo

 

Lampu-lampu mati
lakune rerambatan sikile ringkih
nlusuri lawang-lawang kekancingan
thothok-thothok lirih

 

Pak, bapak ngakna, pak
yung, biyung ngakna , yung
ing jaba adheme ora jamak

 

O bapak, o biyung
aku kangen angeting asihmu
aku kangen nikmating katresnanmu,
aah,
aku banget kapang kekudanganmu
ing gebyaring lintang sayuta

 

nanging , tan ana sabawa
lampu-lampu mati
lakune rerambatan sikile ringkih
nlusuri lawang-lawang bisu
jroning dhadha isih nggegem pitakonan

 

KEBOGIRO
Dening: Sl. Soeprijanto

 

Anakku lanang wis mulih maneh, oh, ati
Saka pulo kang adoh nyabrang segara rempela
Bagus, kabar apa kang kok-gawa saka kana?
Sengara apa kang kok-sampirake ing pundhak kuwi?

 

Nyedhaka mrene, jlonet, ambruk ing pangkonan
Dimen bisa dak-serit rambutmu kang kebak awu
Baksil kang diguyurake dening tangan-tangan jail

 

Mara mrenea ngger anakku kang nate ilang!
Sulingmu kang lumuten wis dak-umbah sarana eluh
Angkaten maneh penmu kang tainen, asah
Tumuli bali nulis ing dluwang iki
Merga ana kang mokal runtuh
Omah eyub saka kejujuran

 

Anakku lanang ayo padha nembang
Esuk-esuk
Lair maneh guritan salarik:
Tunggak waja kang sepi ing tindak deksiya

 

PESAKITAN
Dening: St. Iesmaniasita

 

Mangkono sesebutan kang didarbeni saiki
Sinusupake ing mripat abang ngatirah
Pakulitan kebrangas panasing dalan-dalan kang diliwati
Sinusupake ing bau kang rinasa semplah
Pesakitan, pesakitan

 

Sawenehing nomnoman kang nggegem kapaling tangan
Sawenehing nomnoman kang mikul kapaling pundhake
Tanpa panduwa tumrap sakehing pandakwa
Tanpa pambela siji-sijia
Maju ngareping pengadilan
Nuli tanpa suwala giniring lumebu pakunjaran

 

Pira lawase ndhekem ing kene
Ngadhepi jubin adhem lan tembok-tembok kusem
Mbuwangi dina-dina tanpa piguna
Selagi brayate kentekan sandhang kasatan pangan
Ndhungkili lemah ing tegal garing nela-nela

 

Sawenehing nomnoman kang nggegem kapaling tangane
Sawenehing nomnoman kang mikul kapaling pundhake
Ngadeg samburining ruji-ruji wesi
Ninggal brayate kentekan sandhang kasatan pangan
Ninggal kayu tegoran sa-iji ing alas jati

 

Dudu kang mubra-mubru kebanjiran bandha
Mbedhal mubal saka kaskayaning negara,
Dudu kang sarwa kecukupan ngisep kringeting liyan
Kang padha mardika sanjabaning pakunjaran,
Dheweke kang ngadeg samburining ruji-ruji wesi!
Wingi konangan samdhing kayu tegoran sa-iji ing alas jati.

 

Sumber Waosan:
J.J. Ras. 1979. Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir. Jakarta : Gratifipers.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: