RSS

Unggah-Ungguh Basa

Basa iku minangka sarana kanggo komunikasi, kanggo nglantarake marang sawijining maksud utawa kekarepan marang wong sing diajak guneman. Basa uga dadi sarana kanggo nglairake panguneg-uneg kanthi cara nulis utawa maca. Mula anggone nggunaake basa kudu trep ora kena tumpang suh, kudu mangerteni marang sapa sing diajak guneman. Mula basa iku duweni unggah-ungguh. Dene unggah-ungguhing basa iku sabenere akeh banget nanging sing lumrah digunakake iku ana 4 yaiku:
1. Ngoko lugu
2. Ngoko alus
3. Karma lugu
4. Karma alus1. Basa Ngoko Lugu

Wujude: Tembunge ngoko kabeh ora ana kramane.

Panganggone:
a. Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget.
b. Menyang sing kaprenah enom.
c. Yen lagi ngunandika.
d. Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.

Tuladha:
– Kowe mengko sore sida ngampiri aku les?
– Dhik, yen arep ndelok pameran, aku mengko tulung ampirana ya!

2. Basa Ngoko Alus

Wujude: Tetembunge ngoko kacampuran karma inggil.

Panganggone:
a. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate.
b. Garwane priyayi marang sing kakung.
c. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan.
Tuladha:
– Dhik, sliramu mengko nek kondur arep nitih apa? Apa kersa
takdherekake?
– Aku mau ngundhuh pelem akeh, Panjenengan apa kersa dakaturi?
– Yen kersa mengko dakaturi sejinah.

3. Basa Krama Lugu

Wujude: Tembunge madya (ater-ater lan panambange karma)

Panganggone:
a. Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni.
b. Garwane priyayi marang sing kakung.
c. Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajade.
Tuladha:
– Sampeyan niku manawi kesah dhateng kantor napa taksih kiyat mbekta
sepedha motor mas?
– Napa ndika saking desa ngriki mawon to mas?

4. Basa Krama Alus

Wujude: Tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama)
lan krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman).

Panganggone:
a. Wong enom marang wong tuwa.
b. Batur marang bendarane.
c. Murid marang gurune.
d. Andhahan marang pimpinane.
e. Kanca karo kanca sing durung kulina.
Tuladha:
– Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu sowan dhateng
eyang, kula badhe tumut.
– Tindak-tandukipun kanca kula ingkang naminipun Edo punika lucu
sanget.

NGOKO – KRAMA

I. Bebuka :
Tegese tembung ngoko, yen ditlusur saka tembung koko, oleh ater-ater ng-, tegese ngoko padha karo ngowe, kang tegese nyebut kowe marang wong sing diajak guneman. Kanthi mangkono, tembung ngowe /ngoko mengku teges ora nganggo pakurmatan.
Saliyane tembung ngoko, ana tembung krama sing mengku teges ngurmati utawa luwih ngajeni.
Tembung ngoko lan krama iku panganggone mengku karep werna loro, yaiku :
1. Kanggo nyebut jinising tembung :
a. Tembung ngoko : godhong, pari, klambi
b. Tembung krama : ron, pantun, rasukan
2. Kanggo nyebut tataraning basa miturut undha-usuke:
a. Basa ngoko : Aku arep lunga dhisik.
b. Basa krama : Kula badhe kesah rumiyin.
Adhedhasar katerangan ing dhuwur iku, tembung ngoko ora padha karo basa ngoko, semono uga tembung krama ora padha karo basa krama. Cethane maneh, tembung beda karo basa. Mung bae perlu dimangerteni yen tembung basa ing pasrawungan padha tegese karo tembung krama. Contone kaya ing ukara loro ngisor iki :
(1) Omonganmu sing keri kuwi basakna.
(2) Omonganmu sing keri kuwi kramakna.

II. Tembung Ngoko lan Krama
Adhedhasar undha-usuk panganggone, sing pokok basa Jawa dipilah dadi rong tataran, yaiku basa ngoko lan basa krama. Tembung – tembunge uga kaperang dadi rong werna, yaiku tembung ngoko lan tembung krama. Mung bae, amarga basa sing rong tataran iku isih bias dipilah-pilahake maneh, tembung krama sing dienggo uga bisa warna-warna. Ana sing diarani tembung krama madya, krama enggon-enggonan, krama desa, krama inggil, lan krama andhap. Ing perangan liya isih ana tembung ngoko, nanging ora werna-werna kaya tembung krama .

2.1 Tembung Ngoko
Tembung ngoko iku cacahe akeh dhewe ing antarane tembung-tembung liyane. Kejaba tembung thok sing ora ana kramane, tembung-tembung liyane sing dudu tembung ngoko mesthi ana tembung ngokone. Tuladhane, tembung krama abrit, dalu, lan sakit duwe tembung ngoko abang, bengi, lan lara. Semono uga tembung krama inggil sare, rikma, lan grana ana tembung ngokone, yaiku turu, rambut, lan irung. Saliyane iku, tembung kasar kaya modar, mbadhog, lan nyekek kang uga kalebu tembung ngoko.
Ana maneh tembung liyane sing uga kapetung tembung ngoko, yaiku tembung ngoko sing ora ana tembung kramane. Dadi tembung ngoko sing dikarepake iku uga dianggep minangka tembung krama. Gandheng karo kanyatan sing kaya kuwi diarani tembung ngoko krama utawa krama ngoko. Tuladha: tembung tempe, kamar, lan kewan, ngoko lan kramane padha bae.
Banjur apa titikane tembung ngoko kuwi? Ora kabeh tembung ngoko ana titikane. Mung saperangan bae sing bisa diterangake titikane adhedhasar wujude tembung iku sing katon. Upamane adhedhasar ater-ater (awalan) utawa panambang (akhiran) sing ana ing tembung iku. Lire, tembung-tembung sing oleh  ater-ater di-, panambang –(n)e, utawa –(k)ake lumrahe kalebu golongane tembung ngoko.
Conto :
dipangan                             sikile                          nulisake
dikongkon                           parine                         macakake
digawa                                wonge                         njupukake

Titikane tembung ngoko sing liyane rada angel diterangake amarga ana gandhenge karo dumadine tembung krama saka tembung ngoko iku. Cethane, akeh tembung krama sing dumadine amarga anane owah-owahan swara ing tembung ngoko. Mula saka iku, tembung sing durung ngalami owah-owahan swara iku bisa klebu golongane tembung ngoko.

2.2 Tembung Krama

Cacahe tembung krama mesthi bae luwih sethithik tinimbang cacahe tembung ngoko awit ora saben tembung ngoko ana tembung kramane. Kosok baline, saben tembung krama mesthi ana tembung ngokone. Kajaba iku, tembung ngoko-krama sing wilangane akeh banget uga kapetung golongane tembung ngoko.
Ora kabeh tembung krama bisa diterangake titikane. Mung saperangan bae sing bisa diterangake, upamane, adhedhasar tetenger ing ngisor iki:

(1) Ater-ater lan panambang
Kena dipesthekake yen tembung sing ole ater-ater dipun-, panambang –(n)ipun, utawa –(k)aken klebu golongane tembung krama.
Conto :

dipuntanem                griyanipun                      nilemaken

dipuntampi                 tiyangipun                      njagekaken

dipunkengken            sukunipun                      mbetahaken

Tembung-tembung ngoko-krama uga bisa diwuwuhi ater-ater utawa panambang iku amarga tembung kuwi pancen bisa dadi tembung ngoko lan bisa dadi tembung krama.

Conto :
dipunbedhol (bedhol; tembung ngoko-krama)
bukunipun (buku; tembung ngoko-krama)
nerangaken (terang; tembung ngoko-krama)

(2) Owah-owahan swara
Owah-owahan swara iku bisa diterangake kanthi njejerake tembung krama iku karo tembung ngokone. Tembung sing wis ngalami owah-owahan swara kalebu tembung krama, dene tembung sing dadi asale, sing durung owah, diarani tembung ngoko.
Conto :

Ngoko                         Krama
Ganti                            gantos
dina                              dinten
mlebu                           mlebet
maju                             majeng
pari                               pantun
kuna                             kina
susah                           sisah
gugu                             gega
buruh                            berah
obah                             ebah

2.3 Undha-Usuke Tembung

(1) Tembung krama
Yen diarani tembung krama ngono bae, sing dikarepake yaiku sakabehing tembung sing dadi kramane tembung ngoko. Saperangan bisa dititeni sarana titikan kaya sing wis diterangake ing dhuwur, dene tembung krama sing liyane ditemtokake adhedhasar panganggepe masarakat. Lire, sawenehing tembung iku diarani tembung krama apa dudu, sing nemtokake masarakat. Bisa uga sing ing kene dianggep tembung krama, ing liya panggonan dianggep dudu tembung krama. Mula saka iku, krama enggon-enggonan (dhialek) kaya kuwi uga klebu golongane tembung krama. Contone: mantun (rampung), tungkas (weling) , dhekeman (kedhele), lan kirangan (ora ngerti)
Klebu uga golongane tembung krama yaiku tembung-tembung sing diarani krama desa. Nitik saka arane, tembung-tembung iku lumrahe sing nganggo wong-wong desa, dudu wong weton sekolahan, utawa dudu kulawarga priyayi. Tembung-tembung sing wis krama malah dikramakake maneh, dene tembung sing kudune ora kena dikramakake uga dikramakake. Contone: tembung krama ajrih lan jawah dikramakake dadi ajros lan jawuh, dene jenenge panggonan Kaliurang, Semarang, Wonosari, Madura dikramakake dadi Lepenurang, Semawis, Wonosantun, lan Medunten.
Ana maneh tembung krama sing diarani krama madya. Masarakat akeh sing ngerti marang tembung iki amarga pancen kerep dienggo ana ing pasrawungan saben dinane, yaiku ing pasrawungan mardika sing ora kawengku ing kaanan resmi, tata cara, utawa paugeraning guneman sing kenceng. Mula ora nggumunake menawa tembung krama madya kuwi akeh sing awujud wancahan utawa tugelane tembung krama sing umum, sing dianggep luwih becik. Conto ing ngisor iki bisa aweh gambaran bab wujude tembung krama madya sing dikarepake iku lan tembung krama sing dianggep luwih becik.

Krama Madya                                                     Luwih Becike
onten                                                                 wonten
ampun                                                               sampun
teng                                                                   dhateng
engga                                                                 mangga
mawon                                                                kemawon
njing                                                                    benjing
jengen                                                                  kajengipun
seking                                                                  saking
ngeten                                                                  makaten
riyin                                                                      rumiyin
nggih                                                                     inggih
niki                                                                        punika (ngokone iki)
niku                                                                       punika (ngokone iku)
tesih                                                                      taksih
ajeng                                                                      badhe
kalih                                                                       kaliyan
samang                                                                   sampeyan
seg                                                                         saweg
ture                                                                         criyosipun (ngokone jare)

Adhedhasar andharan ing dhuwur, saora-orane ana telung golonganing tembung sing klebu ewone tembung krama, yaiku (1) krama enggon-enggonan (dhialek), (2) krama desa, lan (3) krama madya. Tetelune dianggep ora mathuk yen dienggo guneman ing basa Jawa sing samesthine awit ana tembung liyane sing dianggep luwih mapan lan luwih becik. Kanthi mangkono, yen tembung sing dianggep luwih mapan lan luwih becik iku diarani tembung sing baku, tembung sing telung golongan iku kena diarani tembung sing ora baku.

(2) Krama inggil

Wujude tembung krama inggil beda banget karo tembung krama. Lire, akeh tembung krama sing wujude bisa digathuk-gathukake utawa ana empere karo tembung ngokone, nanging yen tembung krama inggil babar pisan ora ana empere karo tembung kramane lan uga tembung ngokone.
Tembung krama inggil digunakake kanggo ngurmati utawa ngajeni wong sing pantes dikurmati utawa diajeni. Bab iki jumbuh karo anane tembung krama inggil, yaiku krama kanggo aweh pakurmatan marang wong sing dikarepake kanthi cara ngluhurake wong iku (inggil ; dhuwur, luhur). Mula saka iku, cacahe tembunge winates, upamane:
(a) Tembung kang mratelakake pakaryan : sare, dhahar, wungu, tindak
(b) Perangane awak : grana, asta, rikma, palarapan
(c) Tembung tata pernah : panjenengan, rayi, eyang
(d) Barang darbe utawa panganggo : dalem, asma, lancingan

IMG 3

IMG 3

(3) Krama andhap

Wujude tembung krama andhap uga ora beda karo wujude tembung krama inggil . Semono uga ancas panganggone ora beda karo tembung krama inggil, yaiku kanggo ngurmati utawa ngajeni wong sing pantes kinurmatan utawa ngajenan. Mung bae, beda carane. Tembung krama inggil digunakake kanggo ngluhurake wong sing dikarepake, dene tembung krama andhap digunakake kanggo ngasorake dhiri pribadine wong sing guneman utawa sing ngurmati (andhap; cendhek, asor).
Cacahe tembung krama andhap ora akeh, malah mung sethithik banget, yaiku mung winates ing tembung-tembung sing mratelakake pakaryan. Contone : matur, nyuwun, lan nyaosi.

1a

2a

3

4

VIDEO BULE SINAU BASA JAWA

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: