RSS

Salah Kaprah Basa Jawa

SALAH KAPRAH BASA JAWA

Seratanipun para jamhur basa Jawa saking UNY : Mulyana, Suwardi Endraswara, Afendy Widayat.
1. Acara — Adicara
Tembung “acara” biasane digunakake kanthi serampangan pinangka jarwan basa Indonesia “ acara”. Ana ing tradhisi Jawa, mligine ana ing mantenan utawa sesorah liyane, kaanggep kurang trep. Tembung “adicara” dipigunakake ana ing acara ritual kang sipate gumbira, bungah, seneng, ropyan-ropyan. Dene ana ing acara kang sedhih, susash lan sakral luwih becik migunakake tembung “upacara”.
Tuladha :
– Adicara salajengipun lain-lain.
Tembung “adicara” uwis bener, nanging tembung “lain-lain”, luwih prayoga manawa kaganti tembung ”manasuka, adiwarni, utawa mancawarni”

2. Ambal warsa — tanggap warsa
“Ambal warsa” saka tembung “ambal = bali”, lan “warsa = taun. “Ambal Warsa” ateges “dibolan-baleni saben taun” yen basa Indonesia “Ulang taun”.
“tanggap warsa” saka tembung “tanggap = ngadhepi” lan “warsa = taun”
“tanggap warsa” = rame-rame mbeneri taun anyar yaiku saben tanggal 1 Sura. Mula kang trep menawa kanggo negesi “ulang taun = ambal warsa” dudu tanggap warsa.

3. Akhir-akhir iki, kari-kari iki, akir-akir iki — ing wektu-wektu pungkasan iki
“akhir-akhir iki, akir-akir iki ” lan tembung “kari-kari iki “, mujudake jarwan saka basa Indonesia “akhir-akhir ini”. Dene basa Jawa kang trep “ing wektu-wektu pungkasan iki”
Tuladha :
– Akhir-akhir iki akeh sumur sing wis padha asat banyune (pengaruh basa Indonesia)
– Ing wektu-wektu pungkasan iki akeh sumur sing wis asat banyune (luwih trep lan njawani)

4. Antara liya — antarane
“antara liya” mujudake jarwan saka basa Indonesia “antara lain”. Dene sing bener yaiku “antarane”
Tuladha :
– Piranti tukang iku, antara liya: graji, pukul cathut, lan pacul (luput)
– Piranti tukang iku, antarane: graji, pukul, cathut, lan pacul (bener)
5. Bakalan — bakal
Tuladha :
– Klambimu kuwi ora bakalan garing yen ora panas. (luput)
– Klambimu kuwi ora bakal garing yen ora panas. (bener)
Dadi tanpa panambang –an
6. Bener — pener
“Bener”, maknane “bener”= ora kliru, nduweni orientasi”aji (nilai) kang asipat normatif.
“pener” = cocok, pas, trep karo karo swasanane.
– Akeh wong kang padha migunakake basa kanthi bener, nanging ora pener

7. Bisa uga (bisa juga, juga bisa)
Tuladha :
– Kajaba bisa nyanyi, Siman bisa uga dadi pranatacara. (luput)
– Kajaba bisa nyanyi, Siman uga bisa dadi pranatacara. (bener)
8. Caos lebetan, caos input —caos pamrayogi
“caos lebetan” lan “caos input” pengaruh basa Indonesia lan basa manca dadi durung kalumrah ing basa Jawa. Malah tembung “caos lebetan” nduweni teges “mligi” lan “lekoh” (seksual). Tuladha:
– Nuwun sewu, kula badhe caos lebetan ngengingi perkawis menika (luput)
– Nuwun sewu, kula badhe caos input ngengingi perkawis menika (luput)
– Nuwun sewu, kula badhe caos pamrayogi ngengingi perkawis menika (bener)

9. Cemawis — cumawis
Tembung iki satemene nduweni teges kang padha, nanging menawa kapirid saka paramasastra tembung “cumawis” luwih trep amarga anane seselan”um”. Tembung “cemawis” dipigunakake ing basa lisan utawa pacelathon.
Tuladha:
– Sedaya rakiting dhedhaharan sampun cumawis wonten ing panti boga.

10. Cocog, cocok
Tembung loro iki asring gawe bingung ana ing tata tulis. Ing basa Jawa kang kalumrah migunakake “cocog” (konsonan /g/ luwih manteb), manawa sing dikarepake “mathuk, selaras”
Tuladha :
– Aku rada cocog karo panemune Pak Adi. (mathuk)
– Dlamakanku sikil kecocok eri. (ketusuk)
– Sega kuwi aja dipangan amarga wis dicocok kirik. (diambus, dipangan)
– PR-e apa wis dicocogake? (dikoreksi bener lupute)
Dadi sawise ditrapke ing ukara katon bedane.

11. Dede, sanes
Tembung “dede” (krama) = dudu (ngoko) = bukan (basa Indonesia); nuduhake bedane jeneng wong, aran, lan liya-liyane
Tembung “sanes”(krama) = liya (ngoko) = lain (basa Indonesia); nuduhake beda-bedane pandarbe.
Tuladha :
– Menika buku, dede potlot.
– Menika sanes buku kula

12. Dereng berpengalaman — taksih cubluking kawruh, taksih bodho mbaliluning manah, taksih kopong ing pangawikan, taksih tebih saking kasampurnan, tiyang cedhak watu adoh ratu, taksih sepi ing pangawikan.

13. Didukung, didhukung — disengkuyung
“didukung” saka basa Indonesia, yen ditulis cara basa Jawa “didhukung”. Sateme ing basa Jawa wis ana sing tegese padha yaiku “disengkuyung”
Tuladha :
– Program pembangunan saka pemerintah bisa kaleksanan yen didhukung dening rakyate.
– Program pembangunan saka pemerintah bisa kaleksanan yen disengkuyung dening rakyate.

14. Dipunbikak, dipunmilai —- dipunawiti, dipunwiwiti
“dipunbikak, dipunmilai” tembung iki jarwan saka basa Indonesia “dibuka, dimulai” dadi ora bener manawa dipigunakake dening pambiwara. Semono uga tembung “dipunawiti” kurang pener manawa kanggo miwiti adicara/upacara dening MC amarga tembung “dipunawiti” mono satemene saka tembung “dipun + awit + i”. Tembung “awit” bisa ditegesi “jalaran, amarga” Dene tembung kang trep yaiku “dipunwiwiti” saka lingga “wiwit”
Tuladha :
– Sumangga adicara ing siyang punika dipunbikak kanthi waosan basmallah. (luput)
– Sumangga adicara wiwahan ing dalu punika tumuli dipunmilahi. (luput)
– Sumangga adicara wiwahan siang punika tumunten kita milai (luput)
– Sumangga adicara wiwahan ing dalu punika tumunten dipunwiwiti (bener, pener)

15. Dipunmulyakaken …. ingkang satuhu minulya
Tembung “dipunmulyakaken” antuk pangaribawa saka basaIndonesia “dimuliakan”. Iki ora trep menawa dipigunakake ing basa Jawa, amarga tembung iki dipigunakake kanggo wong sing wis jenat. Kaya dene kuburane dimulyakake kanthi dikijing utawa dicungkup. Dene manawa kanggo wong sing isih sugeng/tamu nganggo tembung “ingkang satuhu minulya”

 

Komentar ditutup.

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: