RSS

A

 

A

Abang-abang lambe/ Abanging lambe (pr) : 1. Kanggo samben guneman nyatur alaning liyan. 2. Kanggo lelamisan.

Abang birune negara (pr) :  Ala becike negara, adil lan orane kawulane, apa kang bakal dumadi ing sajroning negara.

Abot telak karo anak (pr) : Mung ngrembug pangane dhewe, ora ngrembug anake.

Abudi segara (pr) : Sugih pangapura, awatak momot, ora gampang serik, ora gampang muring.

Adang angliwet (bb) : Nyambut gawe bebarengan kanthi panduman asil akeh-sethithike manut abot-enthenging jejibahan.

Adedamar tanggal sepisan kapurnaman (bb) : Golek bantuan kanggo ngrampungake perkara  marang wong liya wusana oleh dalan kanggo ngrampungake perkarane  mau.

Adeg-adeg anteb (pr) : Bocah kang lagi ajar mlaku senajan bola-bali tiba nanging suwe-suwe bisa mlaku.

Adhangadhang tetesing bun (bb) : 1. Ngarep-arep pawewehing liyan. 2. Ngarep-arep rejeki tanpa gelem mbudidaya.

Adigang, adigung, adiguna (pr) : ngendel-endelake karosane, kaluhurane lan kapinterane.

Adoh lintang lukune (bb) : Bedane adoh banget, umpamane regane barang dianyang ora timbang karo tawane.

Adoh ratu cedhak watu (sl) : gambarane wong ndesa kang adoh panguripan kraton ngertine mung sawah, gunung lan watu.

Adoh sami tumiyung celak sami manglung (pr) : Dhuwure kawibawan sawijining nagara, satemah akeh negara manca kang padha suyut .

Adoh tanpa wangenan, cedhak tanpa senggolan (pr) : Gegambaran sesipataning Pangeran ing donya, adoh tanpa wangenan utawa Kang Maha Adoh lan Maha Cerak, malah ngluwihi cerake urat nadhine manungsa.

Adol ayu (bb) : Mamerake ayune supaya disenengi liyan.

Adol bagus (bb) : Mamerake kebagusane supaya disenengi liyan.

Adol gawe (bb) : Ngaton-ngatonake pagaweane supaya diarani sregep.

Adol gendhung (bb) : Kumingsun, umuk, gumedhe. Gendhung = sumangkeyan, umuk.

Adol lenga kari busike (bb) : Ngedum apa-apa awake dhewe ora komanan. Busik = kulite katon reged.

Adol sengung (bb) : Seneng sesongaran, seneng pamer. Sengung = umuk, pamer.

Adol swara (bb) : 1. Dhemen apus-apus. 2. Wong kang pagaweyane lantaran endahing swara kayata MC, penyanyi, lsp.

Adol umuk (bb) : Seneng sesongaran, seneng pamer.

Adol welas (bb) : Golek rejeki kanthi ngatonake kasusahane murih wong liya padha welas marang dheweke.

Adunen padha banyune (pr) : Diadu karo wong kang nunggal guru ngelmu.

Adu sungut (pr) : Padha dene pasang ulat (arep padu)

Aja kaya bocah cilik (pr) : aja ndalujur lugu tanpa iguh pratikel.

Aja nganti pupur sawise benjut (pr) : Ngawekani prakara kang durung klakon.

Aja nggugu karepe dhewe (pr) : wong urip kudu nduweni sipat tepa salira marang sapadha-padha

Aja nguthik-uthik macan turu (pr) : Aja ngungkat-ungkat prakara kang wis sirep.

Aja wedi pedhang upih (pr) : Ora usah kuwatir dening pangancaming liyan. Upih = clumpringan bongkot godhong jambe (jaman biyen sok kanggo bebuntel)

Ajer ulate (pr) : Polatane katon sumeh.

Ajining dhiri saka lathi (bb) :Wong iku kajen – orane bisa katitik saka guneme dhewe.

Ajining raga saka busana (bb) : Wong iku kajen – orane bisa katitik anggone nyandhang penganggo.

Ajining awak saka tumindak (bb) : Wong iku kajen – orane gumantung saka tumindake dhewe.

Akadang saksi (bb) : mulang marang saksi (mungguhcarane aweh katranganing lanjratan/ pengadilan)

Akal buki (bb) pikirane wong tuwa. Buki = 1. Mlinjo tuwa. 2. Ketuwan, wis tuwa (ora apik).

Akal koja (pr) : Pinter ngapusi. Koja = sudagar bangsa Indhu utawa Mur (mbok menawa yen dodol asring ngapusi).

Akutha saksi (bb) : Duwe saksi kang kena dipercaya, utawa sumendhe marang saksine dhewe. Kutha = benteng, aling-aling, tameng.

Alane gelar dening yekti (pr) : Ora mung nggugu guneme bae, becik dinyatakake. Yekti = bukti, nyata, cihna.

Alesus gumeter (bb) : Tegese lugu : Laya angin lesus kang sumiyut. Maksude, ora pracaya marang pengadilan.

Alihan gung (bb) : Ngongasake kapinterane. Ana uga kang negesi : nyingkiri sipat gumedhe. Alihan = ngalih, pindhah, nyingkiri (entar), Gung = gedhe.

Aling-aling sada saeler (bb) : Nutupi/ nasabiwewadising sejatine wis konangan

Alingan katon (bb) : Karepe nutupi wewadine, nanging sadurunge wis konangan.

Alon-alon waton kelakon (pr) : 1. Nyambut gawe kanthi wewaton kang maton murih slamete (penulis) .2. Nyambut gawe ora prelu kesusu amrih slamete.

Ambabadi rerungkud (bb) : Ngilangi prekara sing ruwed. Rungkud = ketel sarta akeh thethukulane.

Ambagaspati (pr) : Ora ngreti suba sita, ora weruh tatakrama, gampang nepsu. Bagaspati = srengenge.

Ambagas tan ana (bb) : Atetameng marang sing wis mati (nalikane digugat). Ambagas = kuwat, santosa, nguwati. Tan ana = ora ana (wis mati).

Ambeguguk ngutha waton (bb) : Ora manut prentah, madal dhawuh. Ngutha waton = kaya watune benteng, ora gelem tumandang mung meneng bae.

Ambalang tai (bb) : Dibeciki piwalese ala.

Ambali muka amigantaka (sl) : Tegese lugu : wong kang mbuwang rai (mlengos) nyingkiri pepati. Maksude : mblenjani janjine dhewe (arep weweh ora sida).

Ambilithuk kukum (bb) : 1. Ngowahi pranatan murih padha kajlomprong. 2. Ngapusi utawa njlomprongake kang nyekel pranatan. Mbalithuk = ngapusi, ngakali, ngrenah.

Ambalung sungsum (bb) : Wis manjing dadi pakulinan.

Ambalung usus (bb) : Kekarepane kendho – kenceng. Pepindhane usus, yen nuju wareg ya kenceng methentheng, nanging sedhela bae dadi kendho nglokro.

Ambandhakalani (bb) : Ora manut prentah, mbalela. Bandha kala = tandhing, nglawan.  Kacundhukna karo Ambeguguk ngutha waton.

Ambangun tandha (bb): Ngowahi prajanjen kang wis katulis.

Ambangun wacana (bb) : Nusuli gugatan. Wacana = rembug, ujar, kandha.

Ambanyu mili (bb) : 1. Suguhane ndlidir metu gilir gumanti. 2. Nikahake anake genti genten saben taun.

Iklan
 

Komentar ditutup.

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

Ron Katiyuping Angin

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: