RSS

Bawa SA. Kusumastuti

IV. Bawa: têmbang utawi sêkar agêng Kusumastuti. Têgêsipun têmbang laguning têmbang, sêkar: têmbang utawi kêmbang, agêng: gêdhe, kusuma: kêmbang, astuti: sêmbah, pikajêngipun têmbange para gêdhe kang kongas panêmbahe. Lampah: 13. /7. 6./ wangsul kaping 4 dhawah gêndhing: Sitamardawa, pelog pathêt barang, lampah 12. nglêgêna, 10 taling, 8. nglêgêna. Têgêsipun sita: cipta utawi kira, mardawa: lêmês utawi alus, pikajêngipun agadhah kintên alus, ing ngriku amratelakakên wulangipun priyantun ingkang badhe sumêrêp bab pangulahing nagari, tumrap ing wangsalan, uran-uranipun kados ing ngandhap punika:

7. Kusumastuti lamp. 13 ped 7, 6 x 2: 26 x 2: 52

1. Dhuh kulup putraningsun | sirèku wus wanci | pisah lan jênêng ingwang | ywa kulinèng ardi | bêcik sira nèng praja | suwitèng narpati | nanging ta wêkas ingwang | ywa pêgat têtèki ||

Lajêng katampèn ing gêndhing

8. Sitamardawa

1. Sang kêkatang pindha rayung (plumpung) hèh robaya | Patih Sri Suryabuwana (Jugulmudha) pantèn | mupung mudha puruhita ||

2. Sambêrlilèn sabèng ranu (bibis) hèh robaya | gêlar sata pôncakara (ulah) pantèn | ingkang bisa ulah praja ||

3. Rajaputra Nglesanpura (Sêtyaki) hèh robaya | toya kandhêg winisaya (mambêg) pantèn | ingkang sêtya ambêk arja ||

4. Parabe sang dwijawara (wiku) hèh robaya | têpi wastra rinumpaka (kêmadha) pantèn | iku padha dèn upaya ||

5. Gribig gêng kang munggwing ranu (bara) hèh robaya | tanaya Pandhita Druna (Aswatama) pantèn | pirabara yèn utama ||

6. Nungkara datanpa sastra (ura-ura) hèh robaya | parabe Sang Dananjaya (Pamade)[6] pantèn | ra-orane kang samadya ||

7. Empu adi Majalêngka (Supa) hèh robaya | surya lumêbèng ancala (surup) pantèn | kang supaya sumurupa ||

8. Pandaya pangulah kisma (waluku) hèh robaya | dene rêgêding pawaka (awu) pantèn | laku-lakuning ngawula ||

V. Bawa: têmbang: utawi sêkar agêng: Mintajiwa. Têgêsipun têmbang: laguning têmbung, sêkar: têmbang utawi kêmbang, agêng gêdhe, minta: anjaluk, saking purba: pinta: pangkat, jiwa: umur, pikajêngipun têmbanging para gêdhe kang mangkat marang kauripan, lampah: 16 /8. 8/ wangsul kaping 4 dhawah gêndhing: Puspawarna, salendro pathêt manyura, lampah 12. 6. 6. 6. 6. guru wicalan, têgêsipun puspa: kêmbang, warna: anggit, utawi rupa, pikajêngipun kêmbang môncawarna, ing ngriku amratelakakên pasêmon solahbawaning tiyang, uran-uranipun kados ing ngandhap punika:

9. Mintajiwa

1. Larasing ngrèh sang nahên kung | ing dyah tan kapadhaning sih | kasangsaya ing turida | rudatine angranuhi | ngrancaka têmah wigêna ginupita ing saari | rinipta pama puspita | pantês patrape kang warni ||

Lajêng katampèn ing gêndhing

10. Puspawarna

1. Kêmbang kêncur (sèdhêt) kacaryan anggung cinatur | sèdhêt kang sarira | gandhês ing wiraga | kèwês yèn ngandika | angênganyut jiwa ||

2. Kêmbang blimbing (maya) pinêthik  bali ing têmbing | maya-maya sira | wong pindha musthika | ratuning kusuma | pathining wanodya ||

3. Kêmbang durèn (dalongop) sinawang sinambi lèrèn | dalongop kang warna | sumèh sêmunira | luwês pamicara | angêngayuh driya ||

4. Kêmbang arèn (dangu) tumangkul[7] anèng pang durèn | sadangune kula | mulat ing paduka | anganggit puspita | têmahan wiyoga ||

5. Kêmbang gêdhang (tuntut) manglung maripit balumbang | patute wong ika | têdhaking ngawirya | sêmune jatmika | solahe pasaja ||

6. Kêmbang jati (jangglêng) sinêbar ngubêngi panti | panjangglêng kawula | ngêntosi paduka | sèwu datan nyana | lamun nimbangana ||

7. Kêmbang jambe (mayang) mêgar ngambar wayah sore | kêmayangan kula | tamuan paduka | pangajaping karsa | paringa nugraha ||

8. Kêmbang kapas (kapi) pinêpês anggung pinapas | kapidêrêng kula | kêdah ngèstupada |cumadhanging karsa | badhe tan lênggana ||

9. Kêmbang pandhan (pudhak) mawur sumêbar nèng jogan | tumêdhak paduka | ing panggenan kula | sampun wancakdriya | kawula srah jiwa ||

VI. Bawa: têmbang utawi sêkar têngahan: Palugon, têgêsipun têmbang: laguning têmbung, sêkar: kêmbang utawi têmbang, têngahan inggih têngahan, palugon paprangan, utawi lugu. Pikajêngipun têmbanging para priyayi kang prasaja, lampah 8 dhawah nglêgêna, 8 suku, 8 taling tarung, 8 suku, 8 taling tarung, 8 nglêgêna, 8 suku, wusana, 8 taling tarung, dhawah gêndhing Puspanjala, pelog pathêt nênêm, lampah 12, 8. 8. 8. 6. guru wicalan, têgêsipun puspa: kêmbang, jala: banyu, pikajêngipun unthuk, suraosipun rêgêd, utawi carobo, awit ing ngriku anêmbangakên pamêlèh ingkang tumrap ing paprênesan, uran-uranipun kados ing ngandhap punika:

11. Palugon

1. Palugon laguning lêkas | lukita linut ing kidung | kadung kadêrêng amomong | mêmangun manah rahayu | aywana kang tan agolong | gumulung manadukara | karananira mangapus | puspita wangsalan sêmon ||

Lajêng katampèn ing gêndhing

12. Puspanjala

1. Kêmbang nipah (dongong) sumêbar têngahing sawah | dongong bae ing pacake | kêdhèp têsmak pamandênge | pratôndha gêdhe melike | kakang Janaraga ||

2. Kêmbang salak (kêthêkêr) sinêbar anèng bêbulak | kathêkêran pangarahe | nora bisa pratikêle | wêkasan kaku atine | kakang Janaraga ||

3. Pupus[8] têbu (glêgês) dèn udud kukuse mambu | glêgas-glêgês pangrimuke | kadhêkêsan palungguhe | watak tan sabar karêpe | kakang Janaraga ||

4. Kêmbang suruh (drèngès) balasah saengga uwuh | drèngas-drèngès pangucape | nora tajêm polatane | tôndha kawêlèh akale | kakang Janaraga ||

5. Pupus puyang (lirih) rinajang dadi sadhulang | ngirih-irih panyêdhake | têka lêmês wicarane | wêkasan luntur êsihe | kakang Janaraga ||

6. Godhong mlinjo (so) kinêla lali mring bojo | ngoso-oso tênagane | jêlah-jêlèh pangucape | pratôndha mèri marune | kakang Janaraga ||

7. Ebung laos (gêdrug) ginudhang ginawe saos | gêdrag-gêdrug tênagane | bêning lêri polatane | pratôndha ngontor atine | kakang Janaraga ||

8. Kêmbang jêring (cuwis) pinêthik ambune manjing | angacuwis mring tanggane | ngandhakake ing wadine | labêt tan kanggo lakine | kakang Janaraga ||

9. Kêmbang pête (pêndul) sinambung rinante-rante | kongsi pêndul panangise | nora nana kang anggape | labêt kinèwèr bojone | kakang Janaraga ||

10. Kêmbang lumbu (pancal) lumembak katut ing banyu | cancalane kèh gawene | nora kobêr paturane | lugune saking kêsède | kakang Janaraga ||

11. Kêmbang krambil (manggar) pinènèk papane rumpil | têgar bae sêngadine | nora ngowêl ing jarane | batine ana êsire | kakang Janaraga ||

12. Ebung kunci (boros) cinacah anggung pinrinci | boros bae tênagane | nora urup panggolèke | wêkasan susah atine | kakang Janaraga ||

13. Trubus gêdhang (pokal) tinandur dadi saluwang | mokal-mokal ing kandhane | lumuh kasor ing padune | pratôndha cupêt kawruhe | kakang Janaraga ||

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: