RSS

Maskumambang

Werdine tembang Maskumambang ana kang negesi (1)  menawa urip iku kudu kapungkasan kanthi kebak ing kabegjan  Mula saka iki manungsa kudu nduweni sikep kaya dene emas kang tansah diantu-antu, dipengini dening sapa bae. (2) bayi kang isih ana guwa garbane ibu, kang durung bisa dimangerteni lanang-wadone (jaman biyen durung ana USG), (3) Wong kang wis ngancik ing pati, nyawane wis kambang-kambang, ragane wis lelaranen. Tuladha tembang Maskumambang sarta guru lagu lan guru wilangane:

Jayeng sari yata angandika aris, (12 i)
Aduh ariningwang, (6 a)
Adat temen sira iki, (8 i)
Yen nangis banjur kantaka, (8 a)

 
Maskumambang Gathutkaca karuna (Serat Abimanyu Kerem)

Gereng-gereng Gathutkaca sru manangis,
Sambatira melas arsa,
Luhnya marawayan mili,
Gung tinameng astanira.
Maskumambang – Sembah Lima

1. Nadyan silih bapa biyung kaki nini,
Sadulur myang sanak,
kalamun wuruk tan becik,
nora pantes yen den-nuta.

2. Apan kaya mangkono watekan iki,
sanadyan wong tuwa,
yen duwe watek tan becik,
nora pantes yen den-nuta.

3. Aja sira niru tindak kang tan becik,
nadyan tan wong liya,
lamun pamuruke becik,
miwah tindake prayoga.

4. Iku pantes sira tiruwa tan kaki,
miwah bapa biyang,
wewuruk watekan becik,
iku kaki estokena.

5. Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi,
pan nemu duraka,
ing donya tuwin akhir,
tan wurung kasurang-surang.

6. Maratani mring anak pituning wuri,
den padha prayitna,
aja nana kumawani,
ing bapa tanapi biyung.

7. Ana uga etang-etangane kaki,
lelima sinembah,
dununge sawiji-wiji,
sembah lelima punika.

8. Ingkang dhingin rama ibu kaping kalih,
mara-tuwa lanang,
wadon kang kaping tri,
ya marang sadulur tuwa.

9. Kaping pate marang ing guru sayekti,
sembah kaping lima,
marang ing gustinireki,
parincine kawruhana.

10. Pramilane rama ibu den-bekteni,
kinarya jalaran,
ananging badan puniki,
wineruhken padhang hawa.
11. Uripe pinter samubarang kardi,
saking ibu rama,
ing batin saking Hyang Widdhi,
mulane wajib disembah.

12. Pan kinarsakaken ing Hyang Kang Linuwih,
kinarya jalaran,
aneng ing donya puniki,
weruh ing becik lan ala.

13. Saking rama ibu margane udani,
mila mara-tuwa,
lanang wadon den-bekteni,
aweh rasa ingkang nyata.

14. Sajatine rasa kang mencarken wiji,
sembah kaping tiga,
mring sadulur tuwa ugi,
milane sadulur tuwa.

15. Pan sinembah gegentining ramaneki,
pan sirnaning bapa,
sadulur tuwa gumanti,
ingkang pantes sira tuta.

16. Ing sawarah wuruke ingkang prayogi,
sembah kang kaping pat,
ya marang guru sayekti,
marmane guru sinembah.

17. Kang atuduh marang sampurnaning urip,
tumekeng antaka,
madhangken petenging ati,
ambenerken marga mulya.

18. Wong duraka ing guru abot pribadi,
pramila proyoga,
minta asih siyang latri,
ywa nganti suda sihira.

19. Kaping lima dununging sembah puniki,
mring Gusti kang murba,
ing pati kalwan urip,
miwah sandhang lawan pangan.

20. Wong ing donya wajib anuta ing Gusti,
lawan dipun awas,
sapratingkahe den-kesthi,
aja dumeh wus awirya.
(Serat Wulangreh: Sri Pakubuwana IV)

 

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: