RSS

Mijil

Makna Tembang Mijil

Tembang mijil mempunyai rumusan dan makna tertentu. Kata mijil secara harfiah berarti keluar atau lahir. Secara filosofis tembang ini melambangkan proses kelahiran manusia di dunia. Contoh tembang mijil beserta guru lagu dan guru wilangannya:
Dedalane guna lawan sekti, (10 i)
kudu andhap asor, (6 o)
wani ngalah luhur wekasane, (10 e)
tumungkula yèn dipun dukani, (10 i)
bapang dèn simpangi, (6 i)
ana catur mungkur. (6 u)

Ketawang Mijil Wigaring Tyas

Dhuh biyung mban wayah apa iki
Rembulan wus ngayom
Ing gegana trang abyor lintange
Tis-tis sonya puspita kasilir Maruta ris kengis
Sumrik gandanya rum (Serat Rama)

Mijil (Serat Wulangreh)

  1. Poma kaki padha dipun-eling, ing pitutur ingong, sira uga satriya arane, kudu anteng jatmika ing budi, ruruh sarta wasis, samubarangipun.
  2. Sarya nedya prawira ing batin, nanging aja katon, sasabana yen durung mangsane, kekendelan aja wani mingkis, weweka ing ati, sinamar sinamun.
  3. Lan den-mantep sami marang becik, lan ta aja wekas- ingong, aja kurang iya panrimane, yen wis titahira ing Hyang Widdhi, ing badan puniki, wus pepancenipun.
  4. Ana wong narima wus titahing, Hyang kang dadi awon, lan wong ananarima titahe, ing wekasan iku dadi becik, dene wong ingkang becik, wong narima iku.
  5. Kaya umpamane wong angabdi, amagang Sang Katong, lawas-lawas teka sasedyane, dadi mantri utawa bupati, miwah saliyaning, ing tyase panuju.
  6. Nuli narima terusing batin, tan menging ing Katong, lan rumasa ing kanikmatane, sihing gusti tekeng anak rabi, wong narima becik, kang mengkono iku.
  7. Nanging arang iya masa mangkin, kang kaya mengkono, kang wis kaprah iya salawase, yen wis ana linggihe sathithik, apan nuli lali, ing wiwitanipun.
  8. Pangrasane duweke pribadi, sabarang kang kanggo, datan enget ing mula-mulane, kawiting sugih sangkaning mukti, panrimaning ati, kaya nggone nemu.
  9. Tan rumasa murahing Hyang Widdhi, jalarang Sang Katong, ing jaman mengko iki mulane, arang turun wong lumakyeng kardi, tyase tan salirih, kasusu ing angkuh.
  10. Arang kang sedya amales becik, ing sihe Sang Katong, lawan kabeh iku ing batine, tan anedya narima ing Widdhi, iku uwong tan wrin, ing nikmat ran-ipun.

Mijil
Wirasating Wanita adhedhasar dina klairane

1. Wite becik dadine ajuti, kang metu Senen pon, pan wus pasthi amindho lakine, datan trima sapisan yen laki, kudu ngaping kalih, tan cidra puniku.
2. Lamun pinet iriban sathithik, lanang tuwin wadon, suwe-suwe tan ana bedane, iya lanang iya ta pawestri, dangu-dangu sami, ya wirasatipun.
3. Senen wage begjane sathithik, imbuh lantap dhoso, nanging bisa momong wong tuwane, rada bekti laki sawatawis, nging sandhunganeki, rada dhemen padu.
4. Jembar budi tunggale kekalih, de kang Senen kliwon, doyan mangan dremba imul saen, rada kebluk sarta ambesiwit, kawirangan mintir, wedi marang kakung.
5. Dene ingkang metu Senen legi, lemes teka dhoso, kabrangasan ora sabudine, nora suka kumpul lan sesami, kudu angungkuli, barang kudu punjul.
6. Rama ibu yen luput tan wani, yen bener ambekos, lamun krama wedi ing lakine, pan jinurung begjane sathithik, nanging tunggak semi, padon kendho pungkur.
7. Dene ingkang weton Senen paing, padone angganthol, lemes luwes sugihan wateke, lan keringan carobo ing becik, nanging Senen paing, krep petengan kalbu.
8. Dina Senen wus telas tiniti, den eling suteng-ngong, Salasa pon kang winuwus maneh, yen wanodya rada bekti laki, sandhungane mintir, lilan cangkem karut.
9. Sinung awik tur pikire becik, miturut sapakon, tur angembang sepaka wateke, lamun kakung wedi marang estri, yen gung begjaneki, sandhungan tan tutug.
10. Slasa wage wirasatireki, antuk sihing nguwong, kadya wuni iku umpamane, yen andulu warnane kang wuni, itheng pan semu abrit, pinangan jengkerut.
11. Keh kapencut miyarsa derangling, wruh rasane mlengos, mring lakine sathithik wedine, sugih prentah bojone tan mintir, lan tan bengis maring, nora pinter padu.
12. Ati gedhe begjane sathithik, awit saka dhoso, dhemen ngiwa wong iku wateke, sandhungane karusak tan pikir, rada murka kedhik, padon kendho pungkur.
13. Terkadhangan sok alarang siwi, de Salasa kliwon, pan wus takdir Hyang Suksma karsane, kudu-kudu laki kaping kalih, kang tan ngaping kalih nuli pegat lampus.
14. Patrap sareh dhoso jroning ngati, sabare kang katon, adreng durung yen ana karsane, bekti laki miwah rama wibi, wasis acariwis, cekel karyanipun.
15. Dene ingkang metu Slasa legi, pikire lir botoh, apan jembar budine wong kuwe, kabrangasan kawirangan mintir, tur begjane kedhik, lumrah mring sadulur.
16. Dene ingkang metu Slasa paing, watek bengis dhoso, sok sugiha wong iku wateke, reka blaba tur temene cethil, kawirangan mintir, rada dhemen padu.
17. Dina Salasa titinya paing, gantya dina Rebo, Yen Rebo pon krep petengan aten, juweh meneng ora duwe uni, lamun arsamuni, lir gelap kasandhung.
18. Sandhungane sok alarang siwi, yen tumandang dhoso, yen ta rama ibu nora duwe, pan jinurung rijekine mintir, padon buntut arit, tan wruh ing sadulur.
19. Rebo wage wateke pan becik, nanging laki pindho, pan keringan sapadha-padhane, crobo nanging rada bekti laki, alila mring bukti, barang cangkem karut.
20. Mung padone sok ambuntut arit, dene Rebo kliwon, doyan mangan dremba imul saen, lantap bengis kawirangan mintir, lumuh barang kardi, sinome sinantun.    (Serat Centhini)

 

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: