RSS

Dewi Damayanti

MLIWIS LANTARANING TEPANGIPUN PRABU NALA KALIYAN DEWI DAMAYANTI

Kacarita Prabu Nala, putrane Prabu Wirasena Narendra bangsa Nisadha, wis
suwe , tembang rawat-rawat ujaring bakul sambewara lamun Dewi Damayanti putra-putrine Prabu Bhima Narendra ing Widarba, kang banget sulistya ing warna. Manawa cinandra suwarnane Sang Dewi, bebasan “kurang candra luwih warna”, mula layak kalamun Sang Dewi dadi “panjang –kidungane” para narendra ing manca praja, luwih-luwih para rajaputra kang durung nambut silaning akrama.
Sanajan Prabu Nala durung tau priksa wewujudane Dewi Damayanti, nanging jalaran karoban pawarta sulistyaning Sang Dewi, Sang Prabu kandhuhan brangta marang sekaring kadhaton praja Widarba.
Ing sawijining dina Prabu Nala ameng-ameng ana ing taman nglelipur kasmaraning galih marang Sang Dewi Damayanti. Nganti suwe Sang Prabu anggone mubeng-mubeng ana ing tamansari mriksani kekembangan maneka warna. Dumadakan Sang Prabu priksa mliwis-mliwis kang lagi sisik ana ing sapinggire botrawi. Kanthi alon-alon Sang Prabu nyedhaki botrawi, ngindhik-indhiki mliwis-mliwis kang lagi slisik mau, wasana banjur …………………. ceg, byur! Mliwis-mliwis mau disaut, kena siji, dene liyane padha mabur. Mliwis kang kena disaut Sang Prabu bisa tata jalma.
“Gusti, mugi wonten sih-wilasa paduka kersa paring gesang dhateng kawula. Manawi kawula paduka gesangi, kawula sendika ngestokaken dhawuh paduka. Sanajan paduka utus dhateng nagari manca ingkang tebihipun pinten-pinten yojana, kawula sendika” Mangkono ature mliwis marang Sang Prabu.
Prabu Nala : “E, mliwis! Apa temen ujarmu iku? Apa sawise ucul saka astaningsun, kowe ora nyidrani janji?”
Mliwis : “Gusti, sanajan wujud kawula kewan, kawula dereng nate ngucap dora. Kawula ajrih dhateng bebenduning Jawata”.
Mliwis tumuli diuculake, banjur ndhekem ana ing ngarsane Sang Prabu, ora gelem lunga.
“E, mliwis! Saiki kowe ingsun kutus menyang nagara Widarba, ketemua Dewi Damayanti. Ana ing ngarsane Sang Dewi, kowe critaa kaananingsung , di nganti Sang Dewi kandhuhan brangta marang ingsun . Wondene caramu nenangi kasmarane Sang Dewi marang ingsun, sarana tetembungan kepriye, pikiren dhewe”. Mangkono dhawuhe Prabu Nala.
Mliwis matur sendika, banjur mabur nggayuh gegana, ngener negara Widarba. Satekane ing nagara Widarba, mliwis njujug ing taman. Nalika iku Dewi Damayanti lagi lenggahan ana ing pantisari, diadhep para cethi. Mliwis mencok ana ing sacerake pantisari, njalari kagete Sang Dewi lan para cethi. Mliwis diceraki Sang Dewi , banjur dicekel manut wae.
“Gusti Mahadewi! Kawula ndherek kemawon paduka asta, nanging mugi sampun ngantos dipunsiya-siya”.
Mireng tetembungane mliwis mangkono mau, Dewi Damayanti sapendherekke padha gumun.
“Kowe kuwi mliwis saka ngendi, kok bisa tata jalma?”. Mangkono pandangune Sang Dewi.
Mliwis : “Kawuningana, Gusti Mahadewi! Kawula klangenanipun Prabu Nala, narendra binathara ingkang ngratoni bangsa Nisadha.”
Damayanti : “E, dadi kowe ingon-ingone Prabu Nala, ingon-ingon sing ucul, ta?”
Mliwis : “Boten makaten, Gusti Mahadewi! Kawula punika klangenan umbaran, liripun tanpa dipun-cancang, tanpa dipun-kurung, milanipun saged saba ngantos dumugi ing ngriki. Prabu Nala marengaken kemawon kawula saba dumugi ing pundi-pundi, boten nate ndukani. Pambekanipun Sang Prabu punika sakalangkung utami, tur bagus ing warni, Saking sulistyaning warninipun, Sang Prabu boten namung dados “panjang-kidunganipun” tetiyang sanagari, nanging ugi dados “sekar lathinipun” para putri ing manca nagari. Sandhung jekluk, tiba kabruk dalasan samidene priya, kathah ingkang kasmaran dhateng Sang Prabu, Narendra ingkang dereng nambut silaning akrami punika. Awit saking punika, kathah putri saking manca nagari ingkang sami ngunggah-unggahi dhateng Prabu Nala, nanging dereng wonten ingkang dados panujuning penggalihipun Sang Prabu”.
Midhanget ature mliwis mangkono mau, Dewi Damayanti kang dhasare lagi nedheng diwasa, sanalika mak nyut, kumenyut penggalihe, katetangi kasmarane marang Prabu Nala.
“Hlo, mliwis! Para putri sing padha ngunggah-unggahi Sang Prabu rak ya ayu-ayu, ta; lha kok ora ana sing ditampa. Apa Sang Prabu pancen ora kersa nambut silaning akrama?”. Mangkono pandangune Dewi nambut silaning akrama sampun adreng sanget, nanging dereng wonten putri ingkang ndadosaken panujuning panggalihipun. Para putri ingkang ngunggah-unggahi inggih sami sulistya ing warni, nanging, nuwun sewu Gusti Mahadewi! Manawi katandhingkaliyan paduka, para putri punika nama taksih kuciwa ing warni. Punapa malih ingkang sami kaliyan kasulistyaning paduka wontena, ingkang miribkemawon boten wonten”.
Damayanti : “Ah! Kowe kuwi aran njunjung ngentebake marang aku, mliwis”.
Mliwis : “Boten makaten, Gusti Mahadewi! Atur kawula punika namung sanyatanipun”.
Damayanti : “Manawa pangalembanamu marang aku mangkono iku lair-batin, ora mung kanggo abang-abang lambe wae, mara mratelakna kaya mangkono marang Prabu Nala.”
Mliwis : “Sendika, Gusti Mahadewi. Kaparenga kawula madal pasilan.”
Sawise matur mangkono, mliwis banjur mabur, bali ing padunungane Prabu Nala. Mliwis ngandharake wawan guneme marang Dewi Damayanti, saka wiwitan nganti pungkasan ora ana kang keliwatan

SAYEMBARA PILIH

Kajaba para narendra saindhenging bawana, Bathara Indra, Bathara Baruna, Bathara Yama lan Bathara Agni uga midhanget sulistyaning putri kadhaton negara Widarba Dewi Damayanti, saka Bathara Narada. Awit saka iku , nalika Prabu Bhima Ratu Widarba ngadani sayembara pilih kanggo mikramakake Dewi Damayanti, dewa 4 kasebut padha melu ngleboni sayembara pilih.
Bathara Indra, Baruna, Yama lan Agni nitih kreta kaswargan kang bisa ngambah gegana ngener praja widarba, nedya ngleboni sayembara pilih. Ana ing dalan dewa 4 iku papagan Prabu Nala nitih kreta kencana, uga bakal ngleboni sayembara pilih ing Widarba. Priksa suwarnane Prabu Nala, para dewa 4 padha meri.
“E, Prabu Nala! Para Dewa 4 iki mundhut gawenira, supaya bisa kaleksanan kang sinedya.” Mangkono ngendikane Bathara Indra.
Prabu Nala: “Pukulun wonten kersa paduka badhe badhe dhawuh punapa, kawula sendika ngestokaken”.
Bathara Indra: “Mangkene, Prabu Nala. Sira ketemua Dewi Damayanti, tekakna dhawuh ulun, supaya ana ing madyaning sayembara pilih dheweke milih dewa 4 iki salah siji, pinangka jatu kramane”.
Prabu Nala : “Pukulun, mugi keparenga ngluberaken samodra pangaksama, kawula kepeksa boten saged ngestoaken dhawuh paduka makaten punika, sebab kawula ugi badhe nglebeti sayembara pilih.”
Bathara Indra : “Wo, Prabu Nala! Dhek mau jenengkita wis saguh nedya ngestoake dhawuh ulun, saiki jebul ora saguh. Ingatase ratu, ora kena mencla-mencle mangkono iku. Manawa kita tetep lenggana, mesthi kena ing sapu-dhendhaning jawata.”
Jalaran wedi, Prabu Nala kersa ngleksanani dhawuhe Bathara Indra, ature mangkene : “Pukulun, kawuningana! Ing sakubengipun cepuri kadhaton Widarba dipunjagi prajurit sakalangkung santosa. Kadospundi kawula saged manjing kadhaton, terus dhateng kaputren manggihi Dewi Damayanti?”
Bathara Indra: “Amarga antuk sabda ulun, jeneng kita mesthi bisa manjing ing dhatulaya tanpa kawruhan dening prajurit sing jaga”.
Ngendikane Bathara Indra mangkono kepara yekti. Prabu Nala bisa manjing kaputren Widarba tanpa kasumurupan prajurit kang padha jaga. Nalika Prabu Nala lan Dewi Damayanti gathuk ing tingal catur netra, kekarone padha dene kumepyur penggalihe pindha panjang putra dhumawah ing sela, padha dene kayungyune.
“Jenganika punika sinten sinambating wangi, lan wonten wigatos punapa manjing ing kaputren?” Mangkono ngendikane Sang dewi.
Prabu Nala : “Yayi Dewi, wruhanira! Ingsun iki Prabu Nala, ngemban dhawuh timbalane Pukulun Bathara Indra, ndikakake nemoni sira. Ana ing sajroning sayembara pilih bakal ana dewa 4 kang melu ngleboni sayembara, yaiku : Bathara Indra, Baruna, Yama lan Agni. Dhawuhe Pukulun Bathara Indra, sira ndikakake miliha dewa 4 iku salah siji minangka garwanira.”
Sawise ngendika mangkono, Prabu Nala banjur oncat saka kaputren, terus miyos saka dhatulaya, banjur marak para dewa 4 , ngaturi priksa marang Bathara Indra kabul wusanane dinuta.
Ing sayembara pilih, nalika Dewi Damayanti bakal nemtokake pilihane, rumangsa ewuhaya kecipuhan, sabab ing antarane para narendra lan para rajaputra kang padha ngleboni sayembara pilih mau ana Prabu Nala cacahe 5 kang sarwa-sarwi jebles padha.
Mangkene panglocitaning galih Sang Dewi : “Aku arep milih Prabu Nala. Nanging lima iku endi Prabu Nala kang sejati. Gek kepriye bakal polahku mengko, manawa pamilihku nganti kliru. Prabu Nala lima iku, sing Prabu Nala sajati mesthi mung siji, dene sing papat liyane, mesthi para dewa kang padha mancala warna Prabu Nala. O, iya! Aku kelingan wewarahe para leluhurku dhek biyen, bab titikaning sesipat dewa mangkene: 1. Ora tau kedhep netrane. 2. Ora tau kringeten. 3. Jamange saka kembang kaswargan ora bisa alum. 4. Ora bisa ketemplekkan bledug. 5. Samparane ora tumapak ing lemah.”
Sawise nggagas mangkono, Dewi Damayanti banjur maspadakake Prabu Nala lima mau saka siji, nganti sawatara suwene. Bareng uwis titi pamriksane , Sang Dewi jengkar saka pelenggahane karo ngasta oncen-oncen kembang , nuli dikalungake ing janggane Prabu Nala kang sajati.

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
forumwayang

Ngrembug Wayang

andhalang

꧎ꦺꦃꦻꦁꦕꦄꦶꦼꦄꦆꦶꦍꦸꦊꦞꦶꦼꦀꦼꦓꦶꦁꦿ꧋

indonesiawayang.com

Media Berbagi Para Pecinta Wayang

Maskur's Blog

Menyusuri Jalan Rusak

rykiriko

This WordPress.com site is the bee's knees

SUJARNO DWIJO SUSASTRO

Sinau Basa Jawa Klungsu-Klungsu Yen Udhu

Seputarafitta's Blog

Just another WordPress.com weblog

%d blogger menyukai ini: